NASKAH BABAD WALISANA



R. Tanojo

WALI SANA (BABADIPUN PARAWALI)

Wali 8 bermusyawarat

--- [0] ---

...

--- [0] ---

WALISANA

Cariyos pangajawinipun para Wali saking tanah 'Arab, ngantos dumugi adêgipun Karajan Islam ing tanah Jawi.

Miturut babonipun lami seratan tangan

Katiti dening R. Tanojo

Penerbit & Toko Buku "SADUBUDI" Solo 1955

--- [0] ---

...

--- 1 ---

WALISANA

1. Sinom

1. manuhara roning kamal | lir winidyan mamarsudi | wuryaning ruwiya tama | sanityasa analêsih | ngawêri wartèng nguni | karasikaning kêkidung | mrih krêtarta ring gita | sutrarja kang sumudyapti | Ki Patraprajaka ing kampung Gandèkan ||

2. rumêsêp ngingsêp carita | gancaring kang para wali | mêmarah manatagama | mangka pandoming dumadi | nguni ingkang ngadani | angrêngga yogyaning lagu | Jêng Sunan Giripura | kang jumênêng kaping kalih | pan kinarya lantaraning pralampita ||

3. lumantasing kasunyatan | tumatar marta martani | rumahabing pangastawa | saparasdya mamarsudi | ngalap mangulah ngèlmi | sakadaring dadya tuduh | lamun kabul kabuka | kinarilan ing Hyang Widi | sinung ilham kêni kinarya dêdamar ||

4. mangka lajêring carita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | pandhita tanah ing Arab | maksudi[1] agama suci | gêng ibadat ing Widi | prastawèng saliring kawruh | ambêk santa santosa | parimarma ing kaswasih | mula mula têtalêring Waliu'llah ||

5. kasêmbuh labêt kalabdan | kamin kamuman lêluri | saking Kangjêng Rasulu'llah | pati pastikaning bumi | panutaning dumadi | nartani titah sadarum | sinuhyun puji puja | sesining rat mangastuti | pan kinarya baku baboning bawana ||

6. ri mangkana kacarita | Sang Sèkh Molana Ibrahim | duk lagya andon-lêlana | sêmu amêmasuh budi | praptèng Cêmpa nagari | sarju arjaning praja gung | angasokkên sarira | dadya kondhanging pawarti | lamun wontên molana [mo...]

--- 2 ---

[...lana] trah Rasulu'llah ||

7. sidik jatmika sambada | cahya dumilah nêlahi | mratandhani trahing wirya | tan antara kapiyarsi | pramudyaning nagari | nênggih Maha Prabu Agung | jêjuluk Raja Kiyan | kanugrahan amarêngi | Sèkh Ibrahim tinimbalan ing ngarsendra ||

8. kinarênan ing wardaya | samana ingambil siwi | mring Raja Kiyan ing Cêmpa | datan sah ing sari ratri | saya tumanêm ing sih | wasana ingambil mantu | dhaup lan putrinira | warnane ayu linuwih | apanêngran Rêtna Dyah Siti Asmara ||

9. lêstari apalakrama | rakêt sih-sinihan kalih | tan ana sangsayanira | ing antara lami-lami | apatutan kêkalih | priya samya bagus-bagus | cahya nuksmèng sasangka | pan sampun sinung wêwangi | mring kang rama Dyan Santri Ali wastanya ||

10. kang anèm Rahadyan Rahmat | wau ta satriya kalih | pinundhut putra ing eyang | mangka asrining jro puri | kasêmbuh amarêngi | putranira Sang Aprabu | Cêmpa Narpa Taruna | garwanira anggarbini | praptèng masa mbabar putra mijil priya ||

11. nulya pinundhut ing eyang | sampun sinungan wêwangi | Dyan Alim Abu Hurerah | kinadangkên wayah kalih | katri dinarmi-darmi | ugunganira ingungung[2] | wusnya samya diwasa | sinrahkên ing Sèkh Ibrahim | katri kinèn mêmulang agama mulya ||

12. ri sampuning kasambadan | maksuding agama suci | katam sarahsaning kitab | wêgig widagdèng pambudi | alim mangulah ngèlmi | santa kaninditan putus | rinaja rajaputra | karêm andon ing asêpi | duk samana antuk warta bêbaratan ||

13. lamun pramèswarinira | sri narendra Majapait | punika kaprênah uwa | kadanging ibu sayêkti | dadya satriya kalih | kait rêmbag

--- 3 ---

sabayantu | lan ari naking sanak | Dyan Alim Abu Rerahi | atêtinjo mring uwa mangèstu pada ||

14. ri sampuning abipraya | budhalan saking nagari | entare tanpa wêwarta | mring rama ibu dènnya nis | praptèng têmbing jaladri | sira wong agung katêlu | mangu-mangu ing lampah | dening kalangan jaladri | sanalika ruwêt kaworan sungkawa ||

15. pra samya mangenggar-enggar | sêsambèn mangudi-udi | raryan ing têmbinging parang[3] | tandya waspadèng pangèksi | palwa layar lumaris | punika nangkoda agung | amot barang dagangan | gramèn saking liyan nagri | dhasar sêdya bêbara mring nagri Cêmpa ||

16. suka wong agung katiga | praptaning kang palwa grami | cipta sêdya kasêmbadan | dènnya ngajap angajawi | tan antara wus prapti | giyotaning nangkoda gung | mêrak radèn katiga | daut jangkar ngimbir-imbir | wus antara budhal dêdaganganira ||

17. têlas sajroning baita | wus anêdhêng masa ratri | sira rahadèn têtiga | samya manjing jroning kèci | kang tunggu langkung ajrih | ana ruweya kang rawuh | kengis labêting wirya | radyan katiga ndhawuhi | hèh ta juru palwa payo lakokêna ||

18. mring laladan tanah Jawa | ki juru umatur aris | dhuh anggèr radèn katiga | pun patik kalangkung ajrih | sarèhning tiyang alit | yogi sumêne rumuhun | dhatêngirèng juragan | kawula darmi nglampahi | jangji sampun lêganing rêmbag sumangga ||

19. ngandika Rahadèn Rahmat | apa suwe anèng ngriki | ênggone bêbara dagang | juru palwa matur aris | prasasat amung mampir | pêndhak dintên nuntên laju | wangsul lampah baita | njajah liyan praja malih | abêbathon mangèsthi ing bathi kathah ||

20. wau ta Rahadyan Rahmat | matur ing Dyan

--- 4 ---

Santri Ali | paran sakecaning rêmbag | punapa inggih ngêntosi | kang raka ngandika ris | bêcik asarèh rumuhun | aja anganiaya | dêksura akarya nisthip | kudu nganggo têbah têmbung krana lila ||

21. marang kang darbe baita | supaya padha lêstari | nambung ngling Alim Bu Rerah | lêrês ing karsa sayêkti | nadyana lampah sandi | sampun akarya ru-biru | êruning sama-sama | suwawi ngingsêda dhingin | Radèn Rahmat jumurung rêmbaging kadang ||

22. katiga minta aksama | dènira angrêribêdi | dumunung dalêming palwa | Ki Juru suka ing kapti | dupi wus pêndhak ari | Ki Juragan prapta gupuh | ngirid barang dagangan | Ki Jurupalwa wêwarti | jroning palwa kanggènan satriya tiga ||

23. sêdya maring tanah Jawa | dèrèng dangu dènnya warti | kasaru radèn katiga | lajêng mijil amanggihi | samya satata linggih | Ki Juragan dahat ndhêku | wrin pasang sêmunira | lamun têdhaking linuwih | wus kacipta yèn Satriya di ing Cêmpa ||

24. Dyan Santri Alim ngandika | kyai praptaningsun iki | manawa padha karênan | ingsun arsa angribêdi | dhapur anumpal kèli | nunut lakuning parau | têkakna bumi Jawa | Ki Juragan duk miyarsi | sanalika kingkin kalingkungên ing tyas ||

2. Asmaradana

1. Ki Juragan matur aris | dhuh radèn nuwun aksama | pun patik atur pawartos | kawula botên katênta | mopo sarèh andika | kauningana pukulun | mênggah lampahing baita ||

2. badhe lajêng dhatêng Mêsir | yèn kampiring tanah Jawa | punika dhapur anyêngklèng | prasasat wangsul ing lampah | Dyan Santri Ali êngah | ngrêrapu ing kadangipun | yayi karo narimaa ||

--- 5 ---

3. durung kaparênging Widi | katuju tanjaning sêdya | bêcik sarèh salintire | lantaran karana Allah | matur Rahadèn Rahmat | ngayubagyèng kadang sêpuh | myang Radèn Alim Bu Rèrah ||

4. ya ta Radyan Santri Ali | ngandika maring Juragan | Kaki yèn têmên kalèke | sayêkti ingsun narima | mung jumurung pujyarja | lêstarining lampah laut | nanging yèn nora sanyata ||

5. pêpajarira ing kami | yêkti Allah paring tandha | mêngko ana wahanane | ri sampunira mangkana | sira Kyai Juragan | dagangan kamoting prau | wusning samêktarsa mangkat ||

6. narik jangkar layar rakit | palwa tan sagêd lumampah | angin tan ana kêndhate | wau ta Kyai Juragan | langkung prihatinira | kèndêle ponang parau | wus acipta ing wardaya ||

7. yèn alate radèn katri | kinomandaka[4] ing warta | wasana sêdya ngalap sor | mituruti ing sakarsa | nadyan tuna ing lampah | sêdya akarya têtulung | supadya dadya kasidan ||

8. lampahe palwèng jaladri | ri sampunira mangkana | Ki Juragan mudhun alon | marêk rahadèn katiga | dhepe-dhepe ndhêdhepa | anor-raga nêmbah matur | dhuh dhuh sirahing-nastapa ||

9. sèwu nuwun pangaksami | lêpata ing ila-ila | tulah sarik kawulane | kamipurun doracara | ngetung petang pituna | mburu untung badhe buntung | baita tan sagêd kentar ||

10. baya badhe sothal-sathil | amèt badhe angalênthar | pan ababar panimbale | yèn jênêk anèng satanah | daganganing sudagar | upami gêthuk mathuthuk | kêmba ngabar tan kajambar ||

11. ing mangke anggèr pun patik | sumanggêm karsa-paduka | ulun sagah ndhatêngake | dènnyarsa tindak ngajawa | suwawi manjing palwa | radèn katiga jumurung | kanthi paring pangaksama ||

--- 6 ---

12. wus kêrid minggah ing kèci | munggwing pajangan talundhag | juragan dahat ajrihe | manggèn kapara ing ngandhap | matur sumanggèng karsa | dagangan-amba sadarum | bilih wontên kang kinarsan ||

13. ingkang pèni rajapèni | mas sêsotya nawarêtna | kawula dhatêng sumaos | ngandika radèn katiga | bangêt ing panarima | eklasing sih kadarmanmu | nanging dudu kang sun-sêdya ||

14. iya ingsun nora luwih | njurungi sakajatira | nggonira nggaota gêdhe | Allah sipat kamurahan | asih ing samak basar | yèn têmên-têmên tinêmu | kataman utamanira ||

15. tabêriya gawe bêcik | marang wong kang kasusahan | yêkti gêdhe ganjarane | pujine nênarik bêgja | nggampangakên pangarah | sumujuding rèh rahayu | alêstari istingarah ||

16. Ki Juragan duk miyarsi | sabdanira dyan katiga | têka tumunjêm driyane | sangsaya jrih sungkêmira | kênèng jêmparing sabda | rumasuk sarasanipun | rubêt rubeda kababad ||

17. dadya aturira aris | sira Kiyai Juragan | dhuh anggèr -anggèr rahadèn | mugi ulun awignyaa | ngangge wasitot ma |[5] katamana ing mangastu | astuti santa santosa ||

18. botên langkung ulun mangkin | dêksura tadhah dêduka | mugi sajarwaa jatos | sintên paduka punika | dene maksih taruna | mumpuni ambêk dibya nung | sinung mangunah karamat ||

19. nabda Radèn Santri Ali | hèh kaki kawruhanira | ingsun iki satuhune | wutah gêtih nagri Cêmpa | kawayah Raja Kiyan | iku talêr saking ibu | sudarmèngsun saking Arab ||

20. apan Molana Ibrahim | têdhake Jêng Rasulu'llah | Dyan Rahmat kadang-ngong anom | tunggal saibu sarama | dene Alim Bu Rerah |

--- 7 ---

iku iya ariningsun | prênah kadang nak-ing sanak ||

21. iya saking ibu-mami | padha wutah gêtih Cêmpa | wus manjing kadang saêros | karana pinundhut putra | Jêng Eyang Rajèng Cêmpa | tutur-ngong samono iku | aywa kabyawarèng kathah ||

22. awit lunganingsun iki | nilipakên wong sapraja | dadya laku anarojong | marmane sira dèn bisa | amot wadi sinuksma | lawan aywa dangu-dangu | palwa nuli angkatêna ||

23. Ki Juragan duk miyarsi | sabdane ri sang minulya | sidhakêp dangu anjomblong | marêk sarya ngèstu pada | alon ing aturira | lamun makatên pukulun | sang kalih Gusti-kawula ||

24. amba tiyang nagri Mêsir | wasta Juragan Du'ljalal | mangke kang ingimanake | tiyang ing Mêsir sadaya | agami Rasulu'llah | mangka tuwan têdhakipun | Gusti Panutaning Jagad ||

25. pantês lamun ngaji-aji | anêmbaha botên ical | labêt sawabe pêpundhèn | awas tumêkèng akherat | pinunjung puji puja | radèn kalih ngandika rum | wus aja kadawa-dawa ||

26. payo umangkat tumuli | Ki Juragan tur sandika | undang sakarèh-rèhane | tanggap para juru palwa | wusnya samêkta mangkat | palwa kêras lampahipun | antuk angin sawatara ||

27. ri mangkana palwa prapti | laladan tanah Kamboja | Ki Juragan sêdya rèrèn | angèbèrakên dagangan | wus wantuning sudagar | lali mèlike katungkul | tan ngelingi kabêcikan ||

28. Ki Juragan aturnya ris | dhuh Radèn Sirahing-tapa | alim-paduka kêmawon | kawula badhe tumimbal | kèndêl tanah Kamboja | wit nggèning juragan agung | pados barang sade barang ||

--- 8 ---

29. Radèn Santri anauri | jangji nora pati lawas | ingsun iya njurungake | apa ing sakarêpira | sayêkti tan suwala | kadaringsun wong anunut | anumpal-kèli kewala ||

30. Ki Juragan matur malih | dhuh anggèr dèrèng kantênan | pan sampun pandamêlane | juragan asaba paran | ngalaya tanah-tanah | pan dèrèng kenging katêmtu | enggal lamine ing lampah ||

31. yèn paduka drêng-ing galih | inggih paringa prabeya | ingkang dados imbalane | supados tan kapitunan | dènira dagang layar | yèn tan makatên saèstu | prêlu mêlêng kajêng-kula ||

32. pados kauntungan dhingin | sampun tuna bêbêrahan | sagêd cucuk kangèlane | wau ta duk amiyarsa | sira radyan katiga | laju jumurung sakayun | nanging ngêmu rêngating tyas ||

33. rumaos yèn dèn cidrani | pinakewuh puwa-puwa | karênanira pralente | ri sampunira mangkana | baita lajêng mangkat | kinêraskên lampahipun | sêdya mring tanah Kamboja ||

34. wau ta Rahadèn katri | tansah sungkawa ing driya | dènnya kacuwan sêdyane | kalawun-lawun nèng paran | anut rèh-ing juragan | wontên dhêndhaning Hyang Agung | dumunung mring Ki Nangkoda ||

35. palwa sinêrang ing angin | rêmuk kajêntus ing karang | kèrêm sadagangan kabèh | Ki Juragan sarowangnya | sirna kalêban toya | sira rahadyan katêlu | marmaning Allah raharja ||

36. rinaksa dèrènging pasthi | katiga wus munggèng dharat | nèng luhuring parang sigrong | tan pêgat maca istigfar | yayah kadi supêna | para juragan gung-agung | ing Kamboja sami prapta ||

37. sêdyarsa amitulungi | mring kang kasrang

--- 9 ---

kasangsaran | nanging tan ana mapolèh | dangu awas pandulunya | yèn saluhuring karang | wontên wong anom katêlu | cipta kang darbe punika ||

38. baita kèrêm ing warih | nulya samya pinaranan | marang wong Kamboja kabèh | sira rahadèn katiga | binakta maring wisma | panganggêpe atêtulung | mupu papa kawlasarsa ||

39. tinanya purwaning nguni | dènnya nandhang kasangsaran | palwa ngantos kabilahèn | saure radèn katiga | sinandi ing wacana | yêkti tibaning bêbêndu | pan saking karsaning Allah ||

40. sang parasdya tanya malih | pundi asale ing tanah | andika dagang anêmbe | wontên ing tanah Kamboja | dèrèng sêpta kulina | sang kaswasih lon sumaur | saking nagari ing Cêmpa ||

41. sêdya maring tanah Jawi | amartuwi prasanakan | inggih ngiras ngaro gawe | angêmbara dagang layar | dhatêng ing tanah-tanah | ngêrês kamiwlasên dulu | pra nangkoda ing Kamboja ||

42. tinanya namanirèki | katiga sajarwèng nama | ananging sandi trah ngisor | rêmbaging para nangkoda | badhe asung pawarta | maring pangagênganipun | karananing kasangsaran ||

43. sêdhêng arêrêp rumiyin | sang kawlasarsa katiga | mêmulya sapakolèhe | wusnya saarjuning rêmbag | sanggyaning daniswara | rêrêm rahadèn katêlu | tansah andandang wigêna ||

3. Dhandhanggula

1. enêngêna kang lagya kaswasih | sira wau wong agung katiga | pinupu juragan gêdhe | kinarênan ing kayun | jinurungan sakapti-kapti | warnanên nagri Cêmpa | ing samurcanipun |

--- 10 ---

nênggih rahadèn katiga | rama ibu myang eyang dahat rudatin | katongton kararantan ||

2. dupi sampun ing antara ari | amiyarsa warta bêbaratan | saking nangkoda liyane | yèn wontên palwa rêmuk | anarajang marang ing têmbing | tanah nagri Kamboja | kang nunggang sadarum | myang daganganira samya | kang arobah alus-alus bangsa pèni | sirna tanpa kukupan ||

3. radèn katiga anumpal-kèli | anut palwane nangkoda dagang | kang kênèng sangsara gêdhe | nanging maksih rahayu | anèng tanah Kamboja nagri | samya tinawan karang | dene sêdyanipun | samyarsa mring tanah Jawa | alêlana ngiras têtinjo martuwi | karaharjaning uwa ||

4. gupuh lajêng anduta sang aji | anglêlari ing wayah katiga | amawa palwa ge-age | yèn kapanggih rahayu | para raja satriya katri | gya kinèn anglayarna | lênging sêdyanipun | baita cundhaka mangkat | ing lautan lêpas palwa antuk angin | ènggalirèng carita ||

5. radèn katri pan sampun kapanggih | anèng tanah laladan Kamboja | samya sukèng sadayane | kasambadaning kayun | lajêng samya minggah ing kèci | sagung para juragan | sumujud pudya yu | sidane lampah samudra | sang parasdya katanêm kataman ing sih | sinaman panarima ||

6. wusing layar lêpas antuk angin | kang tinilar wong tanah Kamboja | mangu tyas gêgêtun kabèh | sêm kasêngsêm kadulu | ing suwarnanira sang katri | lir koncatan sêsotya | saking dèrèng tutug | karêm karênaning prana | kapugutan ing sih sah-e sang kaswasih | susah mangado ngêsah ||

7. kang alayar samana wus prapti | laladaning tanah ing Palembang | wong agung katiga rèrèn | angrêrêmakên laku | lan miyarsa katuring [katu...]

--- 11 ---

[...ring] warti | yèn pangagêng ing Plembang | maksih kadangipun | gèndhèng cènèng saking uwa | nênggih Prabu Brawijaya kang mancêri | anama Arya Damar ||

8. saking Ni Endhang Sasmitapuri | pangrêmbene Sang Sri Brawijaya | marma mampir amartinjo | ing karaharjanipun | palwa kèndêl rahadèn katri | têdhak saking baita | dharat lampahipun | warnanên Sang Arya Damar | duk samana garwanira amarêngi | ambabar mijil priya ||

9. warnanira sakalangkung pêkik | pan andhatêngakên gara-gara | pratandha gêng darajatê | gêtêr patêr gumuntur | orêg bumi agonjang-ganjing | warsa drês salah masa | aprahara ribut | lindu ping pitu sadina | brahalane wong Palembang bosah-basih | ajur sawalang-walang ||

10. tidhêm dhêdhêt tandhaning dumadi | kêkês tistis mar-mar ing wardaya | dupa [6] tan antara suwe | gara-gara gora gung | surut sirêp parêng barêsih | sumilak katon padhang | tan antara dangu | wontên cahya diwangkara | cumalorot gumilang-gilang nêlahi | saking ing antariksa ||

11. ngalad-alad gêngira sawukir | jabang bayi ingkang dinawuhan | maratani sarirane | sirnaning cahya luhung | wus rumambah ing jabang bayi | ramebu duk umulat | langkung suka ngungun | ya ta wau Arya Damar | tyas karênan kasok lumunturing kang sih | kadya putra priyangga ||

12. jabang bayi wus sinung wêwangi | dening kang rama Sang Arya Damar | Radèn Praba panêngrane | wong Palembang sadarum | agung alit miwah jalwèstri | prapta asung bêbingah | ing sakadaripun | myang pêpuja pangastawa | tan antara wontên wadya tur upèksi | kalamun katamiyan ||

13. janma katri warnanira pêkik | sêmunipun darahing [da...]

--- 12 ---

[...rahing] awarya[7] | alim-alim busanane | Sang Arya Damar gupuh | mêthuk lajêng angacarani | mring wong agung katiga | gya satata lungguh | wusnya rêrêm sawatara | Arya Damar sumungsung pambagya manis | dhuh sang tigas kawuryan ||

14. katri sintên sinambat ing wangi | lan ing pundi asal sangkanira | paran kang dadya sêdyane | kêsdu asih martamu | sang katiga sandi ing warti | ngakên santri ngumbara | bêbara sapurug | sêsambèn adagang layar | lênging sêdya samyarsa mring tanah Jawi | kawêntar karta arja ||

15. praptèng laladan Palembang ngriki | dumadakan kumêsdu parasdya | amartamu têpang sae | kasêmbuh amirungu | mangkya mêntas adarbe siwi | tur pasihaning Allah | têmbe dadya baku | pêpanutaning agama | Arya Damar suka dènira miyarsi | sabdaning tamunira ||

16. dene kawangwang kalamun sidik | sang katiga waskithèng wacana | sangsaya agêng kurmate | Sang Arya Damar gupuh | animbali garwanirèki | Sang Raja Putri Cina | tan adangu rawuh | sang arya alon ngandika | anuwuna sabdonga tamu kang prapti | sêmune auliya ||

17. Rêtna Subanci lajêng mangarsi | sung pambagya raharjaning lampah | tanggap ingkang sinaruwe | tangkis wacana arum | sapraptane samya basuki | kêsdu apawong mitra | sang rêtna anuwun | ya ta ri Sang Arya Damar | anrahakên putra ingkang mêntas lair | sinuyuna pudyarja ||

18. wong agung katiga anangapi[8] | gantya-gantya mangku Radèn Praba | sinêbul-sêbul êmbune | karênan tyas andulu | ing warnane rahadèn bayi | pan wong agung katiga | ngêmpèk ngambil sunu | ramebu kalangkung suka | lan pra tamu manjing pawong mitra jati | dahat pangupajiwa ||

--- 13 ---

19. Arya Damar pan pinrih anunggil | anêtêpi ing agami Islam | datan lênggana sapakèn | kalawan garwanipun | sampun anut tunggil agami | têkwan sawadyabala | sadaya samya nut | pangrèhe ri sang dhatêngan | pan inganggêp guru awal praptèng akhir | sumungku sungkêmira ||

20. ri sampuning Dyan Arya sarimbit | manjing Islam putra Radèn Praba | winêwahan parabane | mring Radèn Rahmat wau | nênggih Radèn Patah wêwangi | Dyan Santri Ali nulya | maringi jêjuluk | apêparab Radèn Kasan | Radèn Alim Abu Hurerah maringi | Rahadèn Yusuf nama ||

21. Arya Damar sagarwa nahidi | ngayubagya yogyaning katiga | dumadya pangastawane | wasiyat akarya yu | ri sampuning antara ari | pamit ri sang katiga | andugyakkên kayun | dênyarsa mring tanah Jawa | Arya Damar sagarwa dahat bondhèti | rèhning dèrèng alama ||

22. dèrèng dugi gènnya karênan sih | sang katiga tan kêna ingampah | dadya samya jumurunge | kaprasidaning laku | nulya budhal wong agung katri | Arya Damar sawadya | nguntapkên ing guru | umiring maring muhara | pan wong agung katri lajêng nitih kèci | minta mit para siswa ||

23. Arya Damar sawadya njurungi | ri sampuning samêkta umangkat | palwa ambabar layare | kang kari kapirangu | yayah kadi kapugutan sih | sahe lan gurunira | cipta dèrèng tutug | pangungsêding kawruh byakta | kawarnaa lampahe wong agung katri | palwantuk angin kêras ||

24. sampun praptèng laladan jaladri | paminggire tanah pulo Jawa | ingandhêgakên lakune | datan antara dangu | minggah dharat wong agung katri | palwa wangsul alayar | rèhning wusing prêlu | warnanên radèn

--- 14 ---

katiga | sapraptane nagari ing Majapait | njujug ing Kapatihan ||

25. amarêngi ing ari Rêspati | pinanggihan Patih Gajahmada | tinanya sangkan prênahe | myang aran sêdyanipun | nêmbe prapta ing Majapait | wau radèn katiga | prasaja ing atur | sêdya ran sangkaning prênah | Patih Gajahmada suka duk miyarsi | sowan maring ing pura ||

26. praptèng byantarèndra matur aris | dhuh pukulun amba tur uninga | wontên wong prapta anêmbe | katri taruna bagus | pangakêne ulun takèni | saking nagari Cêmpa | têturutanipun | kawayah ing Raja Kiyan | pulunannya Pramèswari Dwarawati | talêring asal silah ||

27. kang satunggal Sri Mudha mancêri | apanêngran Alim Abu Rerah | dene kang kalih putrane | Dyan Siti Asmarèku | kang asêpuh Dyan Santri 'Ali | kang anèm Radèn Rahmat | wau ta sang prabu | suka ing pamiyarsanya | myang kang garwa Pramèswari Dwarawati | praptaning pra taruna ||

4. Sinom

1. sakala nuduh parêkan | lajêng kinèn animbali | para pulunan katiga | duta tur sêmbah gya mijil | tan dangu sampun kerid | sira wong agung katêlu | mring dalêm datulaya | prapta byantarèng narpati | asadhepok dahat nganorakên raga ||

2. tandya mangsah ngaras pada | gantya-gantya angramuhi | Sang Aprabu Brawijaya | myang garwa sang pramèswari | tyas karênan mangaksi | warnaning pulunanipun | nimbali para putra | samya kinèn amanggihi | kadangira nak-ing sanak nêmbe prapta ||

3. para putra gurawalan | marêk ngarsaning rama ji | dupi sarèh sawatara | sri narendra sung pambagi | kaharjane sang katri | miwah karahayonipun | marsêpuh myang pra warga |

--- 15 ---

kang anèng Cêmpa nagari | turing putra katiga suka narima ||

4. kasêmbuh lunturing sabda | Pramèswari Dwarawati | rumakêt narik katrêsnan | myang kadang sêpuh jalwèstri | sêngsêm rumêsêp ing sih | buja-kramane lumuntur | lumintu paramarta | kanohan amikênani | suka rêna samya karênaning prana ||

5. sri narendra saha garwa | kasok kapasukan ing sih | maring pulunan katiga | tan kêna sah siyang ratri | nanging cuwaning galih | dene atmaja katêlu | sanès agaminira | ri mangkana antara ri | sri narendra karsa langên parameyan ||

6. anggêbyagakên badhaya | Sarimpi rinêpèn gêndhing | kidung pangudang para dyah | layu-layu nganyut ati | karya sêngsêm pangaksi | karsanira sang aprabu | minangka pasugatan | putra kang anêmbe prapti | dumadiya pangenggar-enggaring driya ||

7. nanging wong agung katiga | tan dadya rênaning galih | ing lêlangên kawibawan | miyat badhaya Sarimpi | tyas pêpêt manaputi | tan pêgat sami tangawut | Sang Prabu Brawijaya | wrin sêmune sambang liring | yèn kang putra katiga sêmu sungkawa ||

8. myat kang alêlangên taya | ri sampunira saari | bubaran para badaya[9] | kukud lèngsèr kang sarimpi | lajêng kasaput wêngi | kang samya sewaka murud | maring pakuwonira | warnanên sri narapati | lan kang garwa munggwing dalêm dhatulaya ||

9. tansah pulunan katiga | sang nata ngandika aris | maring atmaja katiga | he kulup ingsun- tingali | tyas mangêmu rudatin | ing mêngko paran karsamu | yèn ana kang pininta | sayêkti sun-pituruti | payo anggèr sira tutura prasaja ||

10. ature putra katiga | dhuh jêng uwa sri bupati | bilih kaparêng ing karsa | mangkya jêng

--- 16 ---

uwa sarimbit | anunggila agami | kalawan amba pukulun | mêmuri Islam mulya | nabêt tabèk para nabi | apan suci karênan karana Allah ||

11. jroning kitab pira-pira | pan sampun tundhuk ing tafsir | agunging darajatira | kamulyaning para nabi | labêt saking nglêluri | agêming agama luhung | marma paduka uwa | karsa anênimbang budi | botên langkung sampun kirang pangaksama ||

12. wau ta duk amiyarsa | narendra ing Majapait | aturing pulunanira | mêtêk kapêtêk ing galih | pêpêt mêpêt naputi | ewuh-aya rèh ing kayun | lamun lajêng anuta | lingsêm jênênging narpati | kurang mantêp kang wus têtêp tinêtêpan ||

13. dadya atangkis wacana | maring pra pulunan katri | kulup bênêr aturira | nanging rasaning tyas-mami | mêngko ingsun tan apti | ngingkêdi agamaningsun | ingkang wus kalampahan | linuri linuri-luri | pra lêluhur linuhur kaananira ||

14. dene kaya agamanta | ingsun pan ora mancèni | pêpancène sowang-sowang | sêsarênganing aluwih | êmbuh ingkang patitis | têgêse dènnya mrih putus | buntasing kanyatahan | tatapanitining pati | jêr mangkono kang kinênan kuna-kuna ||

15. tandha wahanane ana | padha kocap jroning tulis | sida sidining Kabudan | dènirandon ing kadadin | upama sun anampik | agamaning pra lêluhur | ing mula-mulanira | kang wus padha dèn ranggoni | dadi mokal bêbakal kaliru akal ||

16. jujul wuwul katariwal | asungsang buwana balik | anambuhi ingkang ana | ingkang tan ana dèn incih | eman wus dèn têmêni | laku kang kalakon iku | ilanga tan kawilang | sêsulang kang wus dèn liling | alimana ywa dadya cugêting nala ||

--- 17 ---

17. para pulunan katiga | lêgêg kala amiyarsi | panggah puguhing kang uwa | narendra ing Majapait | dadya ciptaning galih | pan wus karsaning Hyang Agung | beda kabudayanta | bêgja bêgjane kang lali | luwih bêja kang eling lawan waspada ||

18. kèndêl ature mring uwa | angandhar-andhara ajrih | kapidahwèn andêdawa | kadaut datanpa kardi | rubeda ngrêribêdi | sumendhe rèh ing Hyang Agung | nging paduka kang uwa | Pramèswari Dwarawati | sinung ilham anut agamaning putra ||

19. pan wus manjing Islam mulya | kawênangan imam suci | kang raka Sri Brawijaya | jumurung ingkang sudyapti | malik melik agami | ya ta wong agung katêlu | nahidi ingkang uwa | Pramèswari Dwarawati | dènnya kêsdu anut ing agama Islam ||

20. ri mangkana sarêng enjang | para pêpulunan katri | samya sinung pasanggrahan | acakêt lan dalêm puri | amung lêt sacapuri | rinaksa dening wadya gung | dahat sinuba-suba | wau ta wong agung katri | tan alami sami pamitan ing uwa ||

21. rumasa datan karasan | anèng nagri Majapait | karana tan sarawungan | kang samya nunggil agami | supêk raosing galih | marma kêdah arsa mantuk | maring nagari Cêmpa | kang uwa dahat mambêngi | taksih onêng kawulangun onêngira ||

22. myang katuju ing pawarta | lamun ing Cêmpa nagari | mangkya manggih karisakan | kasor prang lan Natèng Koci | dadya wong agung katri | kèndêl ardayaning kayun | têmah ngêmu sungkawa | kang uwa tansah ngrêrapih | ngaring-aring ingêngimur manuhara ||

23. salêjarirèng wardaya | ing siyang pantara ratri | sira wong agung katiga | tan pêgat mangun ngabêkti | dupi ing antara ri | karsanira sang aprabu | pra pulunan katiga |

--- 18 ---

samyarsa winangun krami | rèhning sampun sami katingal diwasa ||

24. sampading panggustinira | sri narendra animbali | Sang Arya Teja ing Tuban | atmajane katigèstri | lamun saarjèng kapti | katiga pindhah kapundhut | sêdyarsa pinipanggya | antuk pêpulunan katri | ingkang saking têtalêring nagri Cêmpa ||

25. sirarya Teja ing Tuban | sumanggèng karsa narpati | ri sampuning abipraya | kaiting rêmbag sang kalih | marêngi sajuga ri | sri narendra adhêdhawuh | mring Patih Gajahmada | sarèhning karsa winisik | sanalika lajêng kabyawarèng kathah ||

26. undang samêkta ing karya | sanggyaning para bupati | gumyah samya makajangan | saundha sabilik-bilik | rinarêngga sarwa sri | pradangga manguyu-uyu | rinaras kêkidungan | layu-layu nganyut ati | ri mangkana sawusnya ngidaki dina ||

27. pinanggihakên anulya | wau ta wong agung katri | kalawan putri katiga | kinancuh-kancuh sarimbit | Rahadèn Santri Ali | antuk Dyah Rêtna Maninjung | dene Rahadèn Rahmat | kêkancuhaning apanggih | nênggih lawan Rêtna Siti Dyan Manila ||

28. Rahadèn Alim Bu Rerah | panggih lan kadang wuragil | anama Rêtna Sadasar | langkung gêng bawahanèki | ingkang uwa sarimbit | myang para kadang sadarum | sumuyud suka rêna | panggihing pangantyan katri | myang marsêpuh suka hyun-hyunên amulat ||

29. mring radèn mantu katiga | pantêse jajar sarimbit | lawan para putrinira | saengga sêkar sarakit | prabanira nêlahi | sênêning samoha kusud | jalwèstri kang tumingal | cêngêng lam-lam ing pangaksi | pitung dina mangun langên karameyan ||

30. wus atut apalakrama | kapranan karênaning sih | sari ratri tan kêna sah | dupi ing

--- 19 ---

antara ari | ri sang pangantèn katri | karsanira sang aprabu | among sarèhing sêdya | mring putra pulunan sami | tinunggilkên kang samya tunggil agama ||

31. sira dyan putra katiga | kinèn maringkên tumuli | maring Arya Lêmbusura | anèng tanah Surawèsthi | matah duta kêkalih | mundhi pustaka sang prabu | lajêng atata-tata | cundhaka anandhang wêling | sawusira sampating rèh nulya budhal ||

32. datan winarna ing marga | lampahe caraka kalih | lawan wong agung katiga | sagarwa myang wadya sami | prapta ing Surawèsthi | njujug padalêmanipun | sirarya Lêmbusura | duta ngaturakên tulis | ingkang saking Sang Aprabu Brawijaya ||

33. gupuh Arya Lêmbusura | ananggapi kang kintèki | binuka sinuksmèng driya | sarahsaning dalêm tulis | Narendra Majapait | ngayumkên pulunanipun | rèhning sampun kawayah | tur samya tunggil agami | tan cinêgah singa kang asudi karsa ||

34. kèlu amalik agama | kèh kêdhik tan dèn wangêni | kang anut putra katiga | jinurungan pudyastuti | sang arya sukèng galih | sandika ing aturipun | maring utusan nata | dahat dènira ngurmati | lawan mantu buyut rahadyan katiga ||

35. kalangkung sinungga-sungga | wusira antara ari | duta mit mantuk mring praja | Ki Arya anayogyani | kanthi ngaturkên tulis | pan pinangka angsul-angsul | punang duta umêsat | praptane ing Majapait | angsul-angsul lajêng katur ing narendra ||

36. binuka kalangkung suka | têmbunge katuju kapti | sumanggêm dènnya tumampa | sinrahan ing radèn katri | nêngna datan winarni | nagari ing Majalangu | warnanên Surapringga | Arya Lêmbusura nguni | dahat sihe mring mantu buyut katiga ||

--- 20 ---

37. tan lami sinungan prênah | adhêdhepoka pribadi | samya jinênêngkên imam | nênggih Radèn Santri Ali | jumênêng ing Garêsik | nama raja pandhita gung | juluk Ali Murtala | dene ta wau kang rayi | Radèn Rahmat dadya imam Surapringga ||

38. sinung dalêm Ngampèldênta | anama Pangeran Katib | karan Sunan Ngampèldênta | murwani jumênêng Wali | dene Rahadèn Alim | Abu Hurerah dinunung | jumênêng dadya imam | anèng Majagung ngêbrêgi | kathah janma kang kapencut mucung Islam ||

5. Pocung[10]

1. ya ta wau Dyan 'Alim Abu Rerahu | inguyun ing kathah | janma marsudi agami | nama Sunan Alim kasuwuring kathah ||

2. dalêmipun nama Suhunan Majagung | Sang Raja Pandhita | Ali Murtala Garêsik | duk samana lajêng krama ing Madura ||

3. pan adhaup lawan Rara Siti Taltum | nênggih putrinira | sira Sang Arya Baribin | atut runtut tan ana sangsayanira ||

4. pan pinugut nihan gantya kang winuwus | Sang Molana Iskak | kaipe Sang Sèkh Ibrahim | têdhakira Jêng Sayid Jungèb ing Arab ||

5. bangsa luhur samya trahing Kangjêng Rasul | maksuding agama | pan sampun pêputra kalih | samya priya bagus awirotama kas ||

6. kang asêpuh Sayid Ès panêngranipun | dene kang taruna | Sang Sayid Yakub wêwangi | duk samana samya sêdyarsa ngajawa ||

7. marmanipun apaksa adrênging kalbu | wit miyarsa warta | kadang nak-ing sanak sami | angajawi katrima manggih kawiryan ||

8. Sayid Yakub lan Sayid Ès tyas kapencut | wusing abipraya | samêkta mangkat tumuli | lampahira samya anitih giyota ||

9. tan winuwus dènira layar ing laut | enggalling carita | praptanirèng tanah Jawi | sang

--- 21 ---

akalih pra samya arêbat karsa ||

10. kang asêpuh Sang Sayid Ès sêdyanipun | maring Majalêngka | dene ari kang taruni | pan anêdya maring nagri Balambangan ||

11. alêstantun asewang-sewangan kayun | Sayid Ès anulya | praptanira Majapait | gya suwita Sang Aprabu Brawijaya ||

12. pan kalangkung ing sihira Sang Aprabu | dahat kapracaya | wasana ingambil siwi | sinung aran Radèn Suta Maharaja ||

13. dangu-dangu anèng nagri Majalangu | tyas datan karasan | sêpên kang nunggil agami | awasana pamit maring Ngampèldênta ||

14. sêdyanipun pan arsa bela dhêdhukuh | lan ari nak-sanak | kang samya nunggil agami | dyan linilan maring Prabu Brawijaya ||

15. mentar gupuh tan alami nulya rawuh | anèng Ngampèldênta | tinanggapan rênèng galih | awit kadang nunggil bangsa myang agama ||

16. karsa nusul tyasira sangêt kapencut | ketang tyas kacintan | rumêsêp samya sudyapti | sakarongron yayah roroning atunggal ||

17. ya ta wau Sunan Ngampèl karsanipun | nênggih ingkang raka | Dyan Suta Mahraja mangkin | sinung prênah dadya imam anèng Dêmak ||

18. anèng ngriku kathah kang tumut dhêdhukuh | anunggil agama | mangkana ing lami-lami | lajêng karan Sang Sèkh Suta Maharaja ||

19. gantya wau warnanên Sang Sayid Yakub | praptèng Balambangan | dhêdhukuh muhara pinggir | winastanan padhêkahan Purwasaga ||

20. duk ing ngriku parêng wahyaning bagya gung | Natèng Balambangan | Prabu Sadmudha wêwangi | ri mangkana kataman sungkawa dahat ||

21. marma tyas duh margi saking putrinipun | nandhang gêrah barah | madal sanggyaning usadi | apanêngran Sang Rêtna Sabodi Rara ||

--- 22 ---

22. suwarna yu samana sang nata ngrungu | lamun ing muhara | wontên janma nêmbe prapti | adhêdhukuh mêncil ahlu'l tapa-brata ||

23. pan wus kabul mumpuni salwiring kawruh | dadya tinimbalan | prapta kinèn ngusadani | katarima waluya grahe sang rêtna ||

24. suka sukur ya ta wau Sang Aprabu | nênggih putranira | pinaringakên tumuli | lajêng panggih lan Sayid Yakub samana ||

25. atut runtut tan ana sangsayanipun | pinaringan nama | maring martuwanira ji | apanêngran Pangran Radèn Wali Lanang ||

26. ya ta wau sawusing antara taun | dènnya palakrama | sang rêtna wus anggarbini | langkung suka sira Pangran Wali Lanang ||

27. amikêsdu miluta marsêpuhipun | anunggila Islam | sampun amangeran kapir | têmah bunêk panganaming kasampurnan ||

28. tanpa dunung sangêt dènira mrih anut | êninging kaanan | nabêt tabèk para nabi | kang wus kabul mungguh mungging bale baka ||

29. sang aprabu tan dadya rênaning kayun | rinèh ing agama | cipta lamun dèn wancèni | sanalika nir sihe mring mantunira ||

30. gya tinundhung saking sabêt-saponipun | prajèng Balambangan | Sèkh Wali Lanang sah anis | tanpa rowang anggana kawêlasarsa ||

31. myang kang kantun sang rêtna kang wawrat sêpuh | kadya nganyut jiwa | dènnya tinilar ing laki | marma tansah ngungun wulangun kalintang ||

32. pan kapuwung jrih dukaning ramanipun | wau ta kang kesah | samarga-marga nrang wingit | Pangran Wali Lanang praptèng Ngampèldênta ||

33. sarêng pangguh lan ari suka ing kalbu | dahat tinanggapan | kadangira prapta malih | siyang dalu pan anggung sinuba-suba ||

34. anèng ngriku wusing antara dinunung | anèng Patukangan | angimamana agami | kalampahan dhukuhe karta raharja ||

35. tan winuwus wau ta mangsuli catur | kang kantun awawrat | anèng Balambangan nagri |

--- 23 ---

praptèng masa pan ambabar mijil priya ||

36. warna bagus karsaning Allah kang ibu | pan seda konduran | margane ngidaki jangji | sasedane Raja Putri Balambangan ||

37. gya pagêblug ruharaning rat dahuru | karoban lêlara | sakit sontên pêjah enjing | ingkang sakit sontên enjing praptèng pêjah ||

38. sang aprabu mêgêng sungkawaning kalbu | ciptaning panarka | yèn mawaning jabang bayi | tan antara kinèn nglabuh ing samudra ||

39. yèn rahayu jabang bayi têmah lêbur | prajèng Balambangan | tumpês pinarak gêgêring | para wadya jumurung mangayubagya ||

40. tan adangu jabang bayi gya sinambut | maring ingkang eyang | dinunung sajroning pêthi | kang tumingal ngêrês angrês angrêsula ||

41. wlas andulu ajrih kapêksa ing ratu | sanalika mangkat | linabuh maring jaladri | gilang- gilang lênglêng kapilêng kang mulat ||

42. warnanipun jabang bayi katon bagus | sumunar kang cahya | jalwèstri manguyu tangis | sruning wêlas yayah kèlu belantaka ||

43. duta mantuk wontên parmaning Hyang Agung | akarya lantaran | rinaksa dèrènging pasthi | amarêngi wontên juragan alayar ||

44. nuju langkung Ki Juragan Sambodyèku | Garêsik dunungnya | sêdya mardagang mring Bali | praptèng ngriku Juragan awas tumingal ||

45. yèn ing laut têngah wontên pêthi karut | mawa teja muncar | kacaryan gya dèn parpêki | dyan ingambil tutuping pêthi binuka ||

46. kagyat njumbul isi jabang bayi bagus | cahyane gumilang | narka darahing wirya di | dadya bantên labêt rèh pakaryan jina ||

--- 24 ---

47. nanging kêsdu Ki Juragan nêdya mupu | karya kabêcikan | sêsama samèng dumadi | bok jalari bêgya[11] anarik kamulyan ||

48. gya sinambut inginggahkên mring parau | dening Ki Juragan | suka rêna aningali | ri sampuning mangkana baita mangkat ||

49. tan winuwus dènira alampah laut | Juragan Samboja | ri mangkana sampun prapti | anèng Tandhês ginumatèn dadah dulang ||

50. semahipun asuka rêna ing kalbu | dhasar Ki Juragan | salami dèrèng ngalami | darbe suta marma kasok sih trêsnanya ||

51. ya ta wau Radèn Bayi sakalangkung | ing kabêgyanira[12] | pan wus karsaning Hyang Widhi | lamun têmbe linuhur darajatira ||

52. Radèn Bagus pan sampun umanjing sunu | yayah tan kêna sah | nulya sinungan wêwangi | mring Juragan anama Radèn Satmata ||

53. sakalangkung pinuja pinunjung-punjung | sasêdya dèn uja | sinarjon ingaji-aji | pinibudya maring Juragan Samboja ||

54. dèrèng dangu dènira angambil sunu | ya ta Ki Juragan | tinêkakakên ing jangji | nandhang roga têkaning wasana pêjah ||

55. dadya wau kang putra Rahadèn Bagus | kamong Ni Juragan | sangsaya tumancêp ing sih | panganggêpe lir suta dènira yoga ||

56. dumalundung enggal agêng wit ingugung | Rahadèn Satmata | anèng laladan Garêsik | pan akarya brangtaning wong sabên dina ||

6. Asmaradana

1. nihan gantya kang winarni | sarênganing lêlampahan | anênggih wontên kadange | Sang Sèkh Suta Maharaja | kang ngimami ing Dêmak | dadya prênah arinipun | lawan Pangran Wali Lanang ||

2. samya Sèkh Iskak mancêri | nama Sèkh Waliu'l-islam | yêkti samya têtalêre | dharahing Jêng Rasulu'llah | wutah gêtih ing

--- 25 ---

'Arab | ya ta samana winuwus | sira Sèkh Waliu'lislam ||

3. kasok karoban ing warti | dene para dagang layar | yèn kadange sakarongron | samya anèng tanah Jawa | nêtêp manatagama | kèh janma sayuk sumuyud | dadya Sèkh Waliulislam ||

4. kapencut arsa ngajawi | nunggil kadang- kadangira | sagêda oyod arondon | lajêng samêktèng baita | alayar ing samudra | lêpas lampahing parau | antuk angin karya gancang ||

5. wus prapta ing tanah Jawi | ri Sang Sèkh Waliu'l-islam | darat anggana lampahe | anjujug ing Ngampèldênta | pan kadang nak -ing sanak | talêr saking ibunipun | langkung dènnya kinurmatan ||

6. samya karênan ing galih | lir satu mungging rimbagan | ananggêni agamane | sira Sèkh Waliu'lislam | jrih nungkêmirèng kadang | rumarah ing rèh rahayu | ngayum mangayom kawiryan ||

7. duk samana tan alami | sira Sèkh Waliu'lislam | antuk sihe Sunan Ngampèl | pinarnahkên dadya imam | nèng tanah Pasuruhan | anulya ingambil mantu | mring Dipati Pasuruhan ||

8. pan antuk Rara Satiri | atut dènnya palakrama | datan ana sangsayane | tan lami ngalih panggènan | dalêm ing Pandhanarang | kapiyarsèng Maha Prabu | Brawijaya Majalêngka ||

9. yèn wargane putra katri | nguni ingkang saking Cêmpa | dadya linastarèkake | mêngkoni ing Pandhanarang | ing rèh sabawahira | nênggih minangka lêlungguh | sinung nama adipatya ||

10. pinardikakkên ngimami | kang samya kêsdu agama | pan asampun ngèstokake | nihan gantya kang winarna | Sang Sèkh Molana Iskak |

--- 26 ---

nguni kang sampun kasêbut | têdhake Sèkh Jungèb Arab ||

11. karsanira angajawi | sêdya anusul kang putra | kawarti eca manahe | angkatira saking Arab | mawa putra sajuga | Khalifah Kusèn ranipun | sapraptaning tanah Jawa ||

12. jujug anèng Ngampèlgadhing | Jêng Sunan kalangkung suka | rawuhe kang uwa nêmbe | lan ambêkta kulawangsa | dahat ingupaboga | samya karênan ing kayun | sang prapta sih anarima ||

13. wusnya rêrêm sawatawis | sira Sèkh Molana Iskak | lajêng anungsung pawartos | padununganing pra kadang | Jêng Sunan Ngampèldênta | matur ing uwa yèn sampun | sinung prênah sowang-sowang ||

14. angimami ing agami | ing Dêmak myang Patukangan | kang uwa sapamyarsane | ature pulunanira | Jêng Sunan Ngampèldênta | dahat sukanirèng kalbu | wau Sèkh Molana Iskak ||

15. pan lajêng aminta tuding | dununganing pêprênahan | kang putra Jêng Sunan Ngampèl | nulya angaturi têdah | kinèn angimamana | Madura saurutipun | maraha Agami Islam ||

16. sagêda nunggil agami | Sri Lêmbupêtêng Madura | pinuriha salintire | supados bakuh akêkah | kang uwa tan lênggana | myang Sayid Kusèn jumurung | ri wusing samêkta mangkat ||

17. sakalihan sampun prapti | anèng nagari Madura | abipraya sakarongron | samyarsa suwitèng Nata | Lêmbupêtêng Madura | kanggêp pangawulanipun | kapracaya kalih pisan ||

18. dahat rinêsêpan ing sih | gya ingambil paripeyan | dinaupkên sakarongron | antuk têtilaranira | putranirèng martuwa | Arya Baribin ing dangu | atut dènnya palakrama ||

19. ri wusing alami-lami | sira Sèkh Molana Iskak | kalawan Khalifah Kusèn | samya mamardi agama | anuta rèh ing Islam | Sri Lêmbupêtêng lingipun | panggah puguh datan

--- 27 ---

owah ||

20. natèng Madura ngèmuti | têdhaking Sri Brawijaya | anuta ing rèh pan asor | Gusti angayum kawula | mendah ucaping janma | sang kalih tansah umatur | ngaturakên pralampita ||

21. caritaning para nabi | kang atampi kanugrahan | ngugêmi agama kaot | Sri Lêmbupêtêng Madura | dèrèng kabuka ing tyas | mandar dadya dukanipun | kasor kasêsêr tan arsa ||

22. dadya tinundhung sang kalih | saking nagari Madura | kesah saparan-parane | kinuya-kuya ing katah[13] | dahat kawêlasarsa | sêsewangan lampahipun | entare saking Madura ||

23. mamèt sasukaning galih | sira Sèkh Molana Iskak | tan arsa wangsul mring Ngampèl | lingsêm dènira acabar | angrèh natèng Madura | rêrêm kèndêl adhêdhukuh | anèng tanah ing Malaka ||

24. nênuntumkên pangabêkti | tobat ing Allah ta'ala | dene ta Khalifah Kusèn | wangsul maring Ngampèldhênta | warta cabaring karsa | Sunan Ngampèl anglêlipur | pan dèrèng parênging masa ||

25. yèn sampun katuju kapti | saèstu ngasor piyambak | narima Khalifah Kusèn | pangimuring parimarma | Jêng Sunan Ngampèldênta | anarima tumut ngayum | sumuyud pangrèhing karsa ||

26. kunêng kawarnaa malih | Sri Lêmbupêtêng Madura | kesahe Molana karo | Khalifah Kusèn Sèkh Iskak | lajêng miyarsa warta | yèn tanah ing Surèngkewuh | wontên Sang prapta datêngan ||[14]

27. pan kalêbêt bangsa alim | têka saking tanah Arab | praptanya samyarsa ngêndèh[15] | agamanira kang rama | labêtaning Kabudyan | korawa kadibyanipun | Sèkh Arab kang angajawa ||

28. mêmarah malik agami | karan Sunan Ngampèldênta |

--- 28 ---

pan wong Surabaya kabèh | kathah milya agamanya | sumungku sungkêmira | wus akarya masjid agung | pinindha bangsal witana ||

29. tyas rêngat mawinga wêngis | sêdyarsa pinaracidra | paraning rèh kadibyane | Sri Lêmbupêtêng Madura | wusnya samêkta mangkat | tanpa wadya lampahipun | kengis labêting prawira ||

30. sapraptaning Ngampèlgadhing | Sri Lêmbupêtêng Madura | namar namur pangamore | para sa[...][16] kang rumêksa | marêngi wêktu 'isya | Natèng Madura anjujug | têpining hèr kang kinulah ||

31. dumunung parêking masjid | tan ana janma uninga | samana Jêng Sunan Ngampèl | têdhak sapinggiring kulah | api-api tan wikan | Prabu Lêmbupêtêng gupuh | mire anarik curiga ||

32. dupi arsa anglarihi | mring Jêng Sunan Ngampèldênta | kèngsêr kasor prabawane | alading Wali minulya | sumaput lajêng rêbah | kagêbyur sajroning banyu | Jêng Sunan ing Ngampèldênta ||

33. api kagyat ing panggalih | animbali pra sakabat | dupi prapta ing ngarsane | sakabat kinèn mariksa | janma kêlêm ing kolah | kang kinèn datan adangu | mentar aniti pariksa ||

34. têrang dènira ningali | Jêng Sunan Ngampèl dhêdhawuh | nulya kinèn ngêntasake | Sri Lêmbupêtêng Madura | nanging tan sagêd kêntas | ingidèn ing Jêng Sinuhun | sanalika sagêd kêntas ||

35. saking salêbêting warih | Sri Lêmbupêtêng Madura | ingandikan Sunan Ngampèl | kinèn ndugèkakên sêdya | rèhning sampun waluya | Natèng Madura tumungkul | analangsa nuwun tobat ||

36. jêng sunan nulya ndawuhi | yèn satuhu sampun tobat | paran kang dadya tandhane | Sri Lêmbupêtêng Madura | tumundhuk ngaras

--- 29 ---

pada | Jêng Sunan suka ing kalbu | alon dènira ngandika ||

37. kula sampun angalimi | mêpêt kalêpatanira | nanging dèrèng marêm batos | yèn tan anunggil agama | muklise kurang eklas | Natèng Madura jumurung | anut ing rèh karsa-tuwan ||

38. yêkti ulun ananggoni | angandika Jêng Suhunan | yèn makatên sokur bage | ri sampunira mangkana | anulya sinahidan | Natèng Madura mangkya wus | lajêng manjing Islam mulya ||

39. kasandhangan iman suci | sumanggêm nanggêmi gama | tan kumêdhèp pangidhêpe | tobat nabêt manjing sabat | dupi ing wanci enjang | Jêng Sunan Ngampèl adhawuh | maring Sri Natèng Madura ||

7. Sinom

1. Sri Lêmbupêtêng samana | kinèn konduran tumuli | maring nagari Madura | rèhning sampun mratandhani | sumanggêm ananggoni | agêming agama luhung | kang kinèn tan lênggana | nulya samêkta minta mit | tyas kalêgan sang guru mangayubagya ||

2. sri narendra lajêng mangkat | Khalifah Kisèn umiring | wus ahlul duk angawula | ing marga datan winarni | praptèng Madura nagri | asewang-sewangan laku | Sang nata ing Madura | kondur mring prajanirèki | Sang Khalifah Kusèn tan kandhêg ing lampah ||

3. maring Sumênêp dinuta | ing Jêng Sunan Ngampèlgadhing | lan kinèn maring Balega | ngradon angradin agami | kanthi amawa tulis | kait rêmbag sabayantu | lawan Natèng Madura | nênggih tumut mratandhani | Sang Khalifah Kusèn lampah lêlancaran ||

4. praptane Sumênêp praja | panggih Sri Jaranpanolih | wus samya atata lênggah | sang

--- 30 ---

duta ngaturkên tulis | Prabu Jaranpanolih | nanggapi nawala sampun | sinuksma ing wardaya | ginigit rahsaning tulis | tyas kabuka kabul kabelan agama ||

5. tan lênggana manjing Islam | Khalifah Kusèn nulya mit | laju têrus ing Balega | Natèng Sumênêp njurungi | nulya umentar malih | tan alami nulya rawuh | ing nagari Balega | pangagêngipun tininggil | tan suwala samya nut agama Islam ||

6. ri sampunira mangkana | Khalifah Kusèn nulya mit | wangsul marang ing Madura | jinurungan pudyastuti | samana sampun prapti | prajèng Madura apangguh | kalawan sri narendra | kinurmatan anglangkungi | tyas karênan kèndêl anèng ing Madura ||

7. kunêng gantya kang kawarna | wontên Molana kêkalih | samya wutah rah ing Arab | ingkang sêpuh awêwangi | Sang Molana Mahribi | alul[17] ing subrata nungku | dene ingkang taruna | nama Molana Garibi | kalih pisan samya putrane Sèkh Iskak ||

8. kaprênah kadang taruna | lawan Khalifah Kusèni | samana myarsa pawarta | yèn kadang sêpuh ngajawi | dadya Molana kalih | sayuk rêmbug sabiyantu | samya sêdya ngajawa | samêkta mangkat tumuli | lampahira numpal-kèli ing samudra ||

9. sapraptane tanah Jawa | wau ta Molana kalih | pan anjujug Ngampèldênta | langkung kinarênan ing sih | praptane wong kêkalih | buja kramane tan surud | Jêng Sunan Ngampèldênta | sangsaya santosèng galih | siyang dalu nêmên ngabêkti ing Suksma ||

10. tan lami wong sakalihnya | pinikramakakên sami | mèt suka rênaning driya | ri Sang Molana Mahribi | antuk Rêtna Marakis | nênggih kang adarbe sunu | Arya Teja ing Tuban | dene Molana Garibi | panggih lawan sutèng Gajahmaodara ||

--- 31 ---

11. anama Ni Kèn Sudara | atut sih-sinihan sami | tan ana sangsayanira | dupi ing antara lami | wau ta wong kêkalih | kaprênah sinungan dunung | mring Sunan Ngampèldênta | pinrih samya angimami | anèng Bantên ngradina agama Islam ||

12. kang paman datan lênggana | lajêng samya nglaksanani | praptèng Bantên kalih pisan | ngrakit padhepokanèki | sawusnya dèn dalêmi | kathah janma kang kayungyun | kèlu mèlu agama | ya ta Molana Mahribi | tan karasan kirang rêna ing wardaya ||

13. wit tan agêng ing agama | ya ta lajêng kesah anis | saking ing Bantên samana | dhatêng ing Cêmpa nagari | jênêk raosing galih | lajêng mangun adhêdhukuh | dene ta arinira | ri Sang Molana Garibi | taksih kasdu mandon ing Bantên kewala ||

14. wontên malih kang winarna | wontên Molana ngajawi | Sayid Jèn panêngranira | awit kalèban ing warti | yèn sudarmanirèki | Sayid Ès ingambil sunu | mring ratu tanah Jawa | dadya imaming agami | anèng Dêmak karan Sèkh Suta Mahraja ||

15. dèrèng trang cundhuking warta | marma nyidikkên nindaki | sapraptaning tanah Jawa | anjujug ing Ngampèlgadhing | tinanggapan ing galih | rêrêm kinarênan kayun | lajêng sinungan prênah | kinèn ngimami agami | ing Carêbon Barêbês lan Pajajaran ||

16. têkaning Karawang pisan | Sayid Jèn tan lêngganèng ling | nglaksanani ing pitêdah | adhêdhepok pasang rakit | anèng ing gunung Jati | kathah kang tumut dhêdhukuh | kasêngsêm ing agama | Sayid Jèn pinuji-puji | mangka guru gêr-ugêre sanagara ||

17. samana karaning kathah | nama Sunan Gunungjati | dhepoke karta raharja | ênêngna mangkya winarni | nênggih kang wus ngimami | Samarang saurutipun | ri Sang Waliu'lislam |

--- 32 ---

putranira jalu krami | wus diwasa sinung prênah sowang-sowang ||

18. kang sêpuh nèng Pakalongan | angimami ing agami | Sèkh Kalkum panêngranira | arinira kang sumêndhi | Sèkh Abdu'llah wêwangi | pêpandumaning dêdunung | dadya imam ing Kêndhal | arine pantara malih | apêparab sira Sang Sèkh Abdu'rrahman ||

19. ing nguni pan sampun dadya | pandhita ing atas-angin | ing mangkya kinarya imam | ulu-uluning agami | mardiyèng Islam suci | anèng tanah Kaliwungu | wus samya kalampahan | wontên kang winarna malih | bangsaning khas Molana saking ing Arab ||

20. kaprênah kadang nak-sanak | lawan Molana Mahribi | Sèkh Jamhur Alim panêngran | samana prapta ngajawi | njujug ing Ngampèlgadhing | tinanggapan praptanipun | karênaning wardaya | pan datan antara lami | Sang Sèkh Jamhur Alim anèng Ngampèldênta ||

21. pinikramakakên nulya | antuk putraning dipati | kang mangrèh ing Pajarakan | nama Rara Sampursari | atut sinihan kalih | sawusnya nulya tinuduh | ngimami Pajarakan | lêstari mardèng agami | kathah janma kajuman mangayum Islam ||

22. datan alami samana | sira Sang Sèkh Jamhur Alim | dènira apalakrama | anulya akrama malih | antuk ing Kêbon Candhi | tan ana sangsayanipun | nahan gantya winarna | Randha Samboja Garêsik | kang amupu kang putra Radèn Satmata ||

23. ing mangkya kataman roga | wasana prapta ing jangji | puput dènira nèng donya | sarèhning tan darbe siwi | raja- darbèkirèki | barang arta mas sotya gung | kasrah Radyan Satmata | salêbête dèrèng wanci | Radèn Putra sadaya kang rajabrana ||

24. pinitajêngakên ngrêksa | kawulawargane

--- 33 ---

sami | nênggih Juragan Samboja | kang tate tau aniti | suka karênan sami | pangêmonge Radèn Sunu | rêsêp rêksa rumêksa | kasokan rumangsuk ing sih | datan pae duk gêsange Ki Juragan ||

25. mangkana sawiji dina | Radèn Satmata marêngi | amêng-amêng ngenggar-enggar | munggwing têpining gêgisik | lêlingsèn tanpa dasih | sêngsêm mangaksi parau | nuju wontên baita | nangkoda alampah grami | mêntas midêr saking tanah liyan praja ||

26. sêdya mantuk maring Benang | kampir ing Tandhês rumiyin | praptèng pinggiring samudra | Tandhês laladan Garêsik | Ki Juragan udani | wontên rare tanpa batur | bagus suwarnanira | amêng-amêng nginggil gisik | tandya pinarêkan maring Ki Juragan ||

27. tinanya ingkang sêsuta | dene ledhang tanpa kanthi | kadi kataman dhuhkita | Radèn Satmata nauri | lamun atanya kami | ingsun tanpa bapa babu | Ki Juragan duk myarsa | ketang wêlase tan sipi | sanalika tinari ingambil suta ||

28. cipta karya kabêcikan | sêsama samèng dumadi | nulung kawulaning Allah | kaananing anak yatim | bok sagêd anjalari | kamulyaning badanipun | kang sinandhang riwayat | kadarmaning dhingin-dhingin | dadya ngamal wong akarya kabêcikan ||

29. wau ta Radèn Satmata | nalikanira miyarsi | pamilutaning nangkoda | kadadak datanpa budi | saure anglakoni | miturut sakarsanipun | ri sampuning mangkana | Radèn Satmata anuli | inginggahkên maring sadalêming palwa ||

30. binêkta mantuk mring Benang | praptanira nuju ratri | sira Rahadèn Satmata | pan lagya sakeca guling | anèng sajroning panti | ing dalu katingal murub | nangkoda duk uninga | ngungun pangangêning galih |

--- 34 ---

wus anarka yèn darahing kartiyasa ||

31. sangsaya sih trêsnanira | sangêt dipun kamulèni | ing siyang dalu winulang | ngaji tan lami wus bangkit | Ki Juragan winarni | sakit praptèng pêjahipun | têkyanirèng dêlahan | sinungan kamulyan jati | labêt saking asabar rila ing dunya ||

32. sagung raja-darbèkira | sarèhning tan darbe siwi | kasrah mring Radèn Satmata | wus diwasa sawatawis | tan ana dèn pasrahi | rumêksa rajabrana gung | dadya osiking driya | ular-ular nambut kardi | asinau ngawaki adagang layar ||

33. ri sampunira samêkta | dagangan winoding kèci | pênjalin kalawan kajang | lajêng umangkat tumuli | sêdya marang ing Bali | lêpas lampahing parau | samana sampun prapta | muharane nagri Bali | ngudhunakên pênjalin kalawan kajang ||

34. kathah kang samya atumbas | para nangkoda anggili | anêba kang dêdagangan | tigang baita wus ênting | kathah atampi picis | kêbak dadya saparau | suka Radèn Satmata | sumlêngêrên aningali | cipta tampi kamirahaning Pangeran ||

35. samana kataman coba | kathah janma pêkir miskin | kang samya aminta priman | jalwèstri prapta anggili | wantuning wutah ati | dhasar karêm atêtulung | mring sêsamining titah | asih mring dasih kaswasih | sing aprapta kang aminta pinaringan ||

36. maring Rahadèn Satmata | sarya ingandikan manis | he sanak dèn padha-padha | aja na ingkang sak-sêrik | nampani sihing Widhi | kamurahan kang dhumawuh | sayêkti ingsun darma | nglantari praptaning kang sih | sira sanak kang darbya bêgja sarkara ||

8. Dhandhanggula

1. kaananing ngaurip puniki | yêkti kabèh kagunganing Suksma | amung dèn abisa bae |

--- 35 ---

rumêksa badanipun | amburuwa talêring urip | tumitah 'alam dunya | yêkti kudu-kudu | angêgungakên istiyar | anggaota rupa sabarang pakolih | supaya karya arja ||

2. lamun wong nêmên anambut kardi | iku dadi laku kang utama | kataman ing panêmune | tan ana bedanipun | lawan wong kang ahli ngabêkti | jangji tan paracidra | pawitaning laku | Allah yêkti sipat murah | sipat asih gumêlar alam sakalir | rumêksaning kawula ||

3. ri sampuning ngêndika aparing | arta lantaraning pêpawitan | kang minta kawratan kabèh | pêkir kang anjêjaluk | gèdhèg-gèdhèg dènnya ningali | kadarmanira radyan | mamartèng tumuwuh | lêgawa rila ing dunya | pama kêmbang dèrèng wanci ganda wangi | wus arum ngambar-ambar ||

4. dadya janma sadayèsmu ajrih | tumungkul nampani kang pangrila | dahat agêng panuwune | sadaya mêmuja yu | warna-warna dènnya sung puji | sawênèh pujinira | dhuh Allah Kang Agung | mugi têmbe aparinga | kawiryawan karahayon amartani | wênèh pujining janma ||

5. wong abisa amadhangkên ati | yêkti têmbe manggih kawaskithan | dadya pandaming rat kabèh | sawênèh pujinipun | janma ingkang kapasuk ing sih | gampanga kang sinêdya | wong awèh rahayu | dumadiya pangayoman | sira Radèn Satmata nanggapi ing sih | sinaman sama-sama ||

6. kang aminta sangsaya anggili | lunga têka tinêkan sakarsa | datanpa sah pisungsunge | ardana saparau | têlas bebas tan ana kari | ya ta Radèn Satmata | pan anêdya kondur | juru palwa lon turira | dhuh rahadèn karsa tuwan kados pundi | dènira dagang layar ||

7. ngêntu-êntu bathi kang ingèsthi | angalênthar kinarya jêntara | pothar-pathir wêkasane | têlas ardananipun | baya kantun ngêmut dariji |

--- 36 ---

ajaja jaja boja | yêkti kang parau | uyang-uyung tanpa karya | ngaya-aya ngêlaya ngidêri bumi | kangèlan tanpa tuwas ||

8. Radèn Satmata alon nauri | hèh wong sanak dipun anarima | wahyaning kang coba gêdhe | Allah sipat mukitun | sipat murah lan sipat asih | lan sipat samak basar | juru palwa matur | lêrês ingkang pangandika | nanging lamun dèrèng sagêd mratandhani | kalêbêt sêsongaran ||

9. Radèn Satmata ngandika malih | juru palwa payo nyatakêna | ingkang dadi pratandhane | Pangeran Ingkang Agung | yèn sinêdya sayêkti dadi | mara angupayaa | apa kang kadulu | sapinggire ing samudra | sanalika padhas curi kang kalingling | dadi mas lan sêsotya ||

10. juru palwa ngungun duk ningali | sumlêngêrên tan bisa angucap | konjêm tumungkul mukane | anut sakarsanipun | rèhning sampun amratandhani | nabda Radèn Satmata | yèn sira wus manut | apa ing sakarsaningwang | mêngko ingsun arsa amèt aling-aling | supaya ora rungak ||

11. payo amèta padhas karikil | lan kalaras padha bêntèlana | isthanên ana isine | lêbokna ing parau | supayane katona isi | kang kinèn tan lênggana | juru palwa gupuh | amèt karikil kalaras | osikira paran dadine ing mangkin | pratingkah kaelokan ||

12. baya dadi gêguyon ing benjing | mangkat dagang panjalin lan kajang | mulih tan ana jêbule | bathine amung uwuh | kadadène padhas karikil | ri sampuning akathah | dadya saparahu | ngandika Radèn Satmata | aja tanggung ingkang rong palwa puniki | dèn isènana pisan ||

13. juru palwa alon matur wêngis | kathah-kathah kadamêl punapa | ngêsêlakên tanpa gawe | punapa kangge urug | Dyan Satmata ngandika aris | watêke wong kangèlan | kapenak tinêmu | juru palwa lajêng mangkat | kapangèston akangèlan wira-wiri | datan angrasa sayah ||

--- 37 ---

14. rowangira sadaya tan apti | rumasane kinarya sawiyah | mung sajuga ngèstokake | wasta pun Barussyamsu | karana kang wus angyaktèni | kadibyaning rahadyan | kang sinêdya rawuh | sinung mangunah karamat | rong parau kêbêk ingisènan wêdhi | suka Radèn Satmata ||

15. wusing samêkta mangkat tumuli | sêdya kondur marang dhukuh Benang | alayar kêras lampahe | datan antara rawuh | juru palwa mudhun rumiyin | kang kantun tan kêna sah | amung Barussyamsu | asayah sakeca nendra | Dyan Satmata maladi samadi êning | angênêngakên prana ||

16. byar katingal dagangan mawarni | wêdhi sabaita dadya bêras | las-lasan putih warnane | kang sabaita wau | wêdhi brasak pan dadya kopi | kalaras pira-pira | dadya sinjang alus | bajulngosèk bêraswutah | puspalembong cindhe limar lan palangi | dene kang sabaita ||

17. kang aisi padhas lan karikil | ingkang agêng dadya lantakan mas | karikil kang alit dhewe | dadya sêsotya luhung | akik mirah nila widuri | ri sampuning mangkana | sira Barussyamsu | tangi dènira anendra | lêngêr-lêngêr amulat ing kanan kering | kêbêk barang dagangan ||

18. kang apèni-pèni rajapèni | Barussyamsu tan bisa angucap | kadya ngimpi pandulune | dene ing nguni uwuh | mangke têka salin ing warni | barang kang mahal-mahal | sarwa adi luhung | ngandika Radèn Satmata | Barussyamsu iki sih marmaning Widhi | malês sih kabêcikan ||

19. apan sinung kamurahan mangkin | dadi barang ingkang asarwendah | payo titikana kabèh | ya ta pun Barussyamsu | gurawalan lajêng ngabêkti | maring Radèn Satmata | jrih sungkêm sumungku | cipta yèn ing têmbe dadya | wali mulya guru gêr-ugêring bumi |

--- 38 ---

kramate wus rumêma ||

20. juru palwa kang mudhun rumiyin | awêwarta kulawangsanira | yèn Radèn Satmata mangke | dènnya dagang wus rawuh | tanpa tuwas mulih barindhil | payuning dêdagangan | duk panggawanipun | panjalin kalawan kajang | pan dèn pak-i sudagar aliru dhuwit | wang dadi sabaita ||

21. banjur pinintanan pêkir miskin | Dyan Satmata tansah danardana | dhuwit saparau êntèk | ing mêngko ulihipun | mbuwang tilas lir wong kalindhih | praune kinêbakan | klaras wêdhi watu | tan patut tinut ing kathah | kang miyarsa samya maido wus kêrid | sampun praptèng muhara ||

22. lajêng anjujug sajroning kèci | juru palwa ingkang awêwarta | mlêngak kagyat pandulune | lan kang winartan wau | sapandurat tan sagêd angling | lir linglung kalanglangan | dene sajêgipun | dèrèng myat barang mangkana | dhewe-dhewe samya sêdya mangênjali | maring Radèn Satmata ||

23. praptèng ngarsa ngaras pada kalih | Radèn Satmata alon ngandika | padha kawruhana kabèh | ing mêngko karsaningsun | apan sêdya lêlana malih | pan aja wara-wara | panggawe puniku | iki barang dêdagangan | ingsun bage sira kabênêr nampani | apa sapandum ingwang ||

24. kang aendah pèni rajapèni | wastra alus sotya nawarêtna | kalawan kancana kabèh | darbèke Barussyamsu | karanèku kang anjalari | panêbasing kangelan | patuwase agung | dene kopi lawan bêras | dèn panduma sakancanira dèn wradin | dadiya ular-ular ||

25. kang sinihan wus samya nampèni | dahat dènnya sèwu anarima | ing kadarmaning rahadèn | ya ta sasampunipun | Dyan Satmata anuwun amit | mentar andon lêlana | anggèndhol sadarum | ngandika Radèn Satmata | aja samar yêkti besuk têmbe buri | sun bali

--- 39 ---

maring Benang ||

26. dadya samya jurung mangastuti | sakarsane Rahadèn Satmata | mentar lêstari lampahe | denepun Barussyamsu | kasugihanira ngluwihi | dadya lurah nangkoda | sadaya angayum | Barussyamsu babokira | langkung mukti kaharjanira salami | tan ana sangsayanya ||

27. kunêng ingkang kawarnaa malih | wontên parênganing lêlampahan | krabate Jêng Sunan Ngampèl | paman misananipun | ajêjuluk Sèkh Suba Bangip | pan samya pehak Arab | talêr têdhak rasul | samana prapta ngajawa | pan anjujug anèng dhukuh Ngampèlgadhing | kinarênan ing karsa ||

28. tan alami anulya tinuding | kinèn ngimami tanah têngahan | Pranaraga saurute | wus kalaksanan sampun | datan ana sangsayanèki | nihan malih winarna | kang dadya pangulu | ngimami tanah Samarang | linurugan saking nagari ing Pêngging | dadya yuda kanaka ||

9. Pangkur

1. marmanya pinukul ing prang | dene nyorok jajahan nagri Pêngging | kathah kang ingirup-irup | kelut malik agama | Prabu Dayaningrat samana anuduh | anggêmpura ing Samarang | senapatining ajurit ||

2. Radèn Jaka Sinumbaran | lawan Arya Dewata kang kinanthi | Arya Tala tiganipun | padha wong surèng yuda | mêngku wadya salêksa wong surèng kewuh | sangkêp sadandananing prang | sapraptanirèng Samawis ||

3. Molana Waliu'lislam | saputrane sawadya pasang rakit | amêthuk praptaning mungsuh | têtindhihing prawira | Sang Sèkh Suta Maharaja karya dhênggung | punika prênah kang raka | lawan Dipati Samawis ||

--- 40 ---

4. kanthi lawan para putra | Sang Sèkh Kalkum Sèkh Jatiswara tuwin | lan para kadang sadarum | tumut lajêng campuh prang | ing Samarang lan ing Pêngging sarêng kiwul | rukêt caruk liru papan | sami darahing winani ||[18]

5. wong Pêngging lir saradula | datan etang pati lir mbêbêntusi | wong Samarang panggah têguh | tan ana nêdya oncat | mawulinga wringutên lir angun-angun | datan wrin ing pringgabaya | karepotan wadyèng Pêngging ||

6. kathah kang amanggih pêjah | senapati katiga wus ngêmasi | wadyabala tanpa etung | kang sirna ing paprangan | sakarine kang pêjah bubaran larut | sasrangan angungsi gêsang | mantuk maring prajèng Pêngging ||

7. katur ing Sri Dayaningrat | lamun wadya kang mukul ing Samawis | tiwas tumpês sirna larut | tan ana mangga pulya | sri narendra duk miyarsa atur dunung | tiwase cundhakanira | kang andon prang ing Samawis ||

8. jaja bang mawinga-winga | dhasar bantêr bèr wani wutah ati | sanalika budhal gupuh | gugup pra wadyabala | abusêkan kuswa gêgaman prang pupuh | balabar samarga-marga | kadya rob-ing jalanidi ||

9. datan winarna ing marga | sri narendra wus prapta ing Samawis | lajêng mangsah sara amuk | lir banthèng tawan brana | wong Samarang gugup karoban ing mungsuh | singa mangsah kasulayah | satêmah apothar-pathir ||

10. pangagênge ing Samarang | samya mangsah katindhês ing ajurit | wong Pêngging tatag atangguh | Sang Sèkh Waliu'lislam | pan kasambut anèng madyaning prang pupuh | kasiwo seda ing rana | sadaya mangsah pêpulih ||

11. Sang Sèkh Suta Maharaja | duk uninga yèn kang rayi ngêmasi | sirna kaparwasèng mungsuh | ngamuk sura tan taha | wadyèng

--- 41 ---

Pêngging kang katrajang kawur-kawur | ananging karoban lawan | dangu-dangu angendrani ||

12. Sang Sèkh Suta Maharaja | sawadyane linud ing wadya Pêngging | tan kandhêg dènnya lumayu | prapta tanah ing Dêmak | kasayahan dadya seda anèng ngriku | ingastana ing muhara | dene wadya kang mêmuri ||

13. para putra ing Samarang | sasedane kang rama giris miris | samya bubar kapalayu | angungsi sowang-sowang | asasaran saparan amèt rahayu | Sèkh Kalkum maring Bênggala | Sèkh Jatiswara angungsi ||

14. kèndêl anèng pêpataran | nênggih patarane Marbabu wukir | anèng ngriku adhêdhukuh | dene Sèkh Abdu'rrahman | bingung dènnya angulari kadangipun | wangsul mring atas-maruta | padununganira lami ||

15. ing Samarang sampun bêdhah | sri narendra kondur mring nagri Pêngging | ing sawadyabalanipun | tyasira wus kalêgan | dene ingkang angagu-agu wus gêmpur | kagêmpur kapapas ing prang | rêribêd tan anglabêti ||

16. nihan mangkya kang winarna | putrinira Sèkh Waliu'lislami | nama Siti Umi Kamsum | kalih lan putrinira | Sang Sèkh Suta Maharaja kapalayu | kang anama Siti Jenap | langkung dènnya kawlasasih ||

17. kalih mangilèn parannya | murang marga andêdêr andêrpati | rèhing pati tan kaetung | samarga sangu waspa | angrêrendhon mudhun mundhèning pêpundhun | rumambah ing lêmbak-lêmbak | kèdêran dening wana dri ||

18. kasiliran samirana | akarênan gandaning sari-sari | sarira mari marlêsu | lêsah tan kapirasa | rumasane sinungsungan ing pisungsung | ing sihe Sang Amisesa | sanityasèng tyas malat sih ||

19. kudhasih munya angêsah | ngangsah-angsah angrês kadi nangisi | wêlas mulat apilalu | kungkang ngungkung mangrêntang | lir mêmudya kasidaning Sang Dyah Ayu | laku kalakon [ka...]

--- 42 ---

[...lakon] katêkan | bengkas pangikising kingkin ||

20. ron rura ruru ing dharat | mawa sari sumirat angêngirid | brêmara mangrèh rum-arum | rumaras manuhara | ngarêm-arêm lêrêming sang karon laku | kalara-lara nèng paran | marêmèng pangaring-aring ||

21. praptèng Carêbon sang rara | lajêng minggah marang ing Gunung Jati | kang raka kagyat andulu | praptaning antên-ita | layu-layu lêlayangan wayang-wuyung | kadi asawang wangkawa | lumantar atêr prihatin ||

22. mangsah ngêsah ngaras pada | masmu waspa was- wasing tyas kaswasih | sumêdhot dhêdhêt mangadhuh | kumêdhap pangidhêpnya | Jêng Suhunan rumasa kasompok sêpuh | lir tan tahan nahênana | wigêna kang angênani ||

23. wusing sarèh sawatara | sang dyah rara karongron matur aris | mring raka karananipun | mirong rèh karorogan | ing Samarang rinurah suraning mungsuh | sadaya sah kasusahan | têmah kang rama ngêmasi ||

24. kadang-kadang kaduhkitan | asasaran saparan ngungsi urip | tan wrin kaananing dunung | wau duk amiyarsa | Sunan Gunung Jati sarèntèsing tutur | ing ari sakaronira | nduduk kadadak rudatin ||

25. karanta karantan-rantan | ingkang paman kataman angêmasi | lipuring driya kapupus | pasthi pangèsthinira | anarima sumawur angimur-imur | pêpêr lipure sungkawa | kinèn sumendhe ing takdir ||

26. dèn santa santosa ing tyas | aywa lingkap rèh ing lêlakon iki | cubên cobaning Hyang Agung | gungna ing panarima | bok manawa dadi lawananing wahyu | ngrêrêpa mèt pangapura | kanthi mêsu masuh budi ||

10. Kinanthi

1. tan pêgat dènnya mardya yu | Jêng Sunan ing Gunung Jati | mring ari Dyah sakalihan |

--- 43 ---

lèlèh lilih ing panggalih | mundhi sabdanirèng raka | mupus papasthèning takdir ||

2. rêm rêm sumurêm anungku | mungkul tawêkal mabikis | mahas ing wukir kewala | ngrakêt ing raka mangungkih | sumêngka maniddhikara | minta aksamaning Widhi ||

3. kunêng gantya kang winuwus | Karajan Palembang nagri | mangkya sira Arya Damar | putra kuwalonirèki | ingkang saking Putri Cina | talêr saking Majapait ||

4. Radyan Patah namanipun | mangkya wus diwasèng wanci | karsanira Arya Damar | lèngsèr kaprabonirèki | mring kang putra Radèn Patah | mêngkoni sagunging dasih ||

5. ya ta ri mangkana nuju | Sang Arya Damar tinangkil | dèning wadyabalanira | putra kalih munggwing ngarsi | satunggal Rahadèn Patah | Radèn Kusèn kang wuragil ||

6. pan akadang tunggil ibu | Radèn Kusèn kang mancêri | nênggih saking Arya Damar | sami saking Dyah Subanci | nênggih Rajaputri Cina | wus kadya kadang sajati ||

7. mangkana sasampunipun | pêpak andhèr kang sumiwi | ngandika Sang Arya Damar | Rahadèn Patah tinari | dhuh babo anggèr bêndara | wus diwasa sira mangkin ||

8. gumantiya jênêngingsun | anèng Palembang nagari | sagung para wadyabala | arinta Kusèn puniki | iya dadiya papatya | bakuh dènnya mong ing dasih ||

9. manira iki wus sêpuh | ambagawan mung mêmuji | kaharjaning prajanira | lamun manggih sangga-runggi | ingsun kang rêksa rumêksa | mayu ayuning nagari ||

10. Radyan Patah duk angrungu | pangandikaning sudarmi | tyasira ngêmu sungkawa | dangu datan amangsuli | rêrantamira ing driya | dèrèng widagdèng pambudi ||

11. etang maksih mudha punggung | lamun jumênêng narpati | dadya guyoning akathah | tan

--- 44 ---

wande dèn cêcawadi | wasana matur prasaja | dèrèng sagêd anglampahi ||

12. karana tangèh anggayuh | êmpan-papaning lêlungid | miwah ing cipta-sasmita | kêdhap-kilap sambang-liring | ungguling yudanagara | myang sidi sidaning adil ||

13. gumantiya akaryewuh | susah tansah nglêlingsêmi | Arya Damar angandika | gampang yèn wus anglakoni | wantu wêwantoning nata | trape ingsun kang aniti ||

14. tataning wong dadi ratu | kartane marta martani | utama karatonira | tumindak kalawan adil | dêdalane danardana | dasih tan kêna kaswasih ||

15. idêrana rèh rahayu | karahayoning sêsami | samoha sinamadana | dimèn dumadya usadi | ardaning pra wadyabala | tumindak dènnya angabdi ||

16. wadakanên tandukipun | sambang-liring nayèng wadi | kang widagda andêlêna | dadi pandaming praja di | kang sudama sinadpada | dèn bisa ambeda budi ||

17. rubeda widaning ratu | yèn suda adating adil | para wadyane tan nêdya | ngaras padèng sang wirya di | suda wêdining parasdya | mung ngudi badan pribadi ||

18. sokur bisa tumalawung | mawang palawangan gaib | wrin sakêdhèp kridhaningrat | tumonton katoning batin | bontos buntas tanpa kewran | wiwiran warana gaib ||

19. Radèn Patah lon umatur | tumuntur amindho kardi | dadya nata mêngku wadya | pinitaya sari ratri | baya sèwu ewuh-aya | dêstun cedaning dumadi ||

20. mirang merang karya saru | sarupa tan akarya sri | sarana rèwining warah | pinarah pangarih-arih | yayah sarah sumaruna | karana karoban lari ||

21. melar nalare amulur | ratu wuta tan pangrêti | pakrêtine prêtèng wadya | kasor

--- 45 ---

kasêsêr ing dasih | kadyangganing tugu tunggak | ambagêgêg dèn cinthungi ||

22. lir ratuning kutu-kutu | tan pantês ingaji-aji | jinja pêpajuning praja | marma lênggana gumanti | pilênggah paduka rama | mung sèwu anuwun adil ||

23. Arya Damar tyas anjêtung | wêgah dènira anggalih | puguh panggah ingkang putra | kang myarsa samya mbolèhi | anuta pangrèhing rama | yêkti sayogya pinanggih ||

24. pra wadya sadayanipun | nêdya abiprayèng kapti | mêmayu tan anulaya | sumuyun mangayum sami | mamandaya kawiryawan | mêmudya ardyanira ji ||

25. Radèn Patah tyas mawuntu | kèndêl lênglêng tan kêna ngling | tan ketang rèh pamiluta | Sang Parasdya mamarsudi | aturing pra wadya-wadya | tan dadya pandudut budi ||

26. adrênging driya kadaut | dhêdhêp dènnya mbêbolèhi | wêgah dènira tumanggah | wau ta duk amiyarsi | kang ibu Putri ing Cina | yèn kang putra dèn sèlèhi ||

27. lungguhing raka sru gupuh | têdhak Sang Rêtna Subanci | mring pasewakaning raka | prapta nggèning putra kalih | njujug putra Radèn Patah | tumrêcêp amituturi ||

28. dhuh anggèr dipun tumurut | karsane ramanta mangkin | lamun lêngguk lêngganaa | sapa kang ingsun-tingali | ingsun rumasa wus tuwa | pantês anggilir gumanti ||

29. ingsun lan ramanta kulup | mung mêmunjung puji-puji | ing karaharjaning praja | lulusa jêmênêng [19] aji | mêngku tanah ing Palembang | Dyan Putra tan kêna gigrig ||

30. tutur pangrèhe kang ibu | tan kalêbu jroning batin | Arya Damar angandika | lah yayi nêngêna dhingin | putranira bokmanawa | durung kapanggih ing galih ||

31. Radèn Patah lajêng mundur | bubaran kang samya nangkil | Arya Damar saha garwa | kondur [kon...]

--- 46 ---

[...dur] pakuwon jro puri | kasaput dalu samana | warnanên Rahadèn Siwi ||

32. anèng padalêmanipun | karanta-ranta ing galih | yèn maksiha anèng pura | tan wun pinaksa gumanti | angganti karatonira | rinasa saya ngranuhi ||

33. dadya nêdya nis ing dalu | anungkulakên kang rayi | Radèn Kusèn kaparêngan[20] | marêk ramebu mring puri | wau ta Rahadyan Patah | lajêng kesah angendrani ||

34. nurut urung-urung banyu | tan ana janma udani | anggana datanpa wadya | praptèng sajawining puri | mugut sih ing kadang warga | ngantêpi sêdyaning kapti ||

35. adrênging driya andarung | amêmirang murang margi | amiroga raganira | kawibawan tan tinolih | mangalèr têlênging nala | anduduk dènnya lumaris ||

11. Mêgatruh[21]

1. kawarnaa wau ta ari kang kantun | Radèn Kusèn saking puri | mêntas umarêk ramèbu | tan eca raosing galih | lajêng manjing dalêm gêdhong ||

2. punakawan prasami kapati turu | karana wus lingsir wêngi | Radèn Kusèn duk andulu | unggyaning kang raka sêpi | wus kacipta lamun lolos ||

3. karêrantan katongton sih trêsna tuhu | yèn kariya nguciwani | bok laju kinarya ratu | maksih mudha damèng budi | tur tan yogya winiraos ||

4. kadang sêpuh sanès rama tunggil ibu | kang raka merang lunga nis | wit tinari madêg ratu | mangka puruna nglampahi | dêstun têmên melik melok ||

5. gêlêm gumalênggêm gumantiya ratu | kirang kasujanan budi | dadi rubeda karya ru | antuk rêngu rêngat batin | dadya rêrantaming wartos ||

--- 47 ---

6. angêdhangkrang kang anom umadêg ratu | kadang tuwa kèsi-kèsi | saparan-paran andarung | katon apa ingsun iki | etunga ambêbeda roh ||

7. baya bêcik saparane ingsun anut | nora karonèhan pikir | pan wus sama bêgjanipun | tibaning lêlakon iki | bok cobanirèng Hyang Manon ||

8. sawusira kapanggih raosing kalbu | wau ta radèn taruni | lon napak tilasing laku | tan ana janma udani | murcane rahadèn karo ||

9. kaparêngan saparanira rinantun | praptaning jawi nagari | ngambah têba dalan lêbuh | nuju pajar wijang sasi | myat janma lampah sawiyos ||

10. wus anarka yèn kang raka kang lêlaku | sinêru dènnya lumaris | dupi parêk nguwuh-uwuh | Radèn Patah kagyat nolih | yèn kang rayi kang angruroh ||

11. dadya kèndêl anèng sangandhaping taru | tan dangu sampun kapanggih | lajêng asatata lungguh | kang raka ngandika aris | paran praptanira mêngko ||

12. kadhêmpalan anusul apa tinuduh | dene jêng rama ngulari | lêlayangan layu-layu | anggana datanpa kanthi | apa karsanta kemawon ||

13. ingkang rayi Dyan Kusèn lon aturipun | saking sêdyamba pribadi | rumaos tan sagêd kantun | pêjah gêsang anglampahi | saparan paduka andon ||

14. Radèn Patah duk myarsa katon sih lulut | rakêt rumakêt ing ari | tan antara gya rinangkul | angandika masmu tangis | dhuh-dhuh yayi kadangingong ||

15. ingsun dahat kapotangan ing sih lulut | apa sun-karya sêmbulih | wus yayi wangsula gupuh | mbawanana mukti sari | ngêbrêgana ing kaprabon ||

16. gumantiya jêng rama mêngku wadya gung | anèng Palembang nagari | sun yayi sèwu jumurung | aja mikir sangga-runggi | ngarung ngaru was ing batos ||

--- 48 ---

17. sayêktine sirèku wus bênêripun | aywa tolih maring mami | kang rayi angaras suku | pan sarya umatur aris | marawayan wêtuning loh ||

18. dhuh pukulun karsa-paduka saèstu | kang rumambah amba-pundhi | nanging raosing tyas-ulun | botên pisan anglampahi | rèh ing karsa kang dhumawoh ||

19. kang saèstu entar-paduka tumuntur | saparan palari-lari | pêjah gêsang sampun kantun | kang raka ngandika aris | sukur yayi yèn mêngkono ||

20. ingsun mêngko pan sêdya lunga anglangut | nuruti osiking galih | kang rayi têka jumurung | nadyan ngidêrana bumi | sampun pisah sakarongron ||

21. Radèn Patah lajêng anutugakên laku |[22] ari Dyan Kusèn Lêstari | ênêngna kang murang laku | dupi ndungkap bangun enjing | otêr wadya sakadhaton ||

22. lamun rajaputra kalih murcèng dalu | jalwèstri samya anangis | ramèbu ingaturan wruh | lajêng gugup angulati | nalasah jroning kadhaton ||

23. tan kapangguh tiniti paraning laku | tan ana banon kang rêmpit | ramèbu tyas kapirangu | mangungun tan kêna angling | mijil saking ing kadhaton ||

24. wadyabala dhinawuhan anglêluru | parane kang putra kalih | wadya sandika turipun | gugup asamêktèng kardi | tan adangu nulya bodhol ||

25. dènnya ngluru pinrênca sajuru-juru | sagunging wadya gung alit | ana ngalor ana ngidul | ngetan ngulon niti warti | mêksa tan antuk pawartos ||

26. duta wangsul ramèbu kataman tyas dhuh | tansah kantu kontrang-kantring | wadyabala

--- 49 ---

wayang-wuyung | wusnya pinupus ing galih | asumendhe ing Hyang Manon ||

27. kawarnaa malih ri sang rajasunu | lampahe anamur sandi | pasisir lèr kang jinujug | mangu-mangu aningali | antarane samudra rob ||

28. tan adangu miyat janma alêlaku | saking kilèn amarani | kawangwang warnane bagus | taruna lampah pribadi | dadya kandhêg radèn karo ||

29. sarêng tundhuk pan lajêng satata lungguh | rumêsêp salaman taklim | bagya-binagya rahayu | wusing rêrêm sawatawis | Radèn Patah amamartos ||

30. dhuh wong sanak kang lagya têmbe apundhuh | nuwila-ganda ing warti | sampun kirang paring maklum | anênungka nungkak krami | ing pundi pinangkaning don ||

31. miwah kang sinêdya tuwin namanipun | sang prapta umatur aris | saking Malaka don-ulun | pêparab nama Sèkh Sabil | ingkang ayêyoga ingong ||

32. pan Khalifah Kusèn panêngêranipun | kalêbêt bangsa ulami | Sèkh Iskak kang darbe sunu | kang wus samya angajawi | dene talêr saking wadon ||

33. pan pun ibu saking Madura ing dangu | putrine Arya Baribin | nggèn-amba krêdyat lêlaku | badhe maring tanah Jawi | asuwita sang akatong ||

34. Sang Aprabu Brawijaya Majalangu | supados wrin tatakrami | ngiras martuwi sadulur | kang sampun sami ngajawi | sakeca dènira manggon ||

35. balik ari ing pundi pinangkanipun | myang nama sêdyaning kapti | sakaro pating karuncung | Radèn Patah amamarti | nama paran sangkaning don ||

36. Sang Sèkh Sabil duk myarsa suka ing kalbu | rumasa yèn antuk kardi | dyan kalih sinawang sawung | wangunane mawa wingit | bok

--- 50 ---

kalayu sakarongron ||

37. dadya lajêng rumêsêp ngakên sadulur | kapranan karênan galih | Radèn Kusèn lajêng matur | mring raka yèn amarêngi | nurut ing laku kemawon ||

38. maring tanah Jawi asuwitèng ratu | kang raka saharjèng galih | katri rêmbag sabayantu | anulya lumampah malih | langkas sêdyane sang anom ||

12. Sinom

1. wau wong agung katiga | praptèng têpining jaladri | samya ngupaya nangkoda | kang layar mring tanah Jawi | sêdya anumpal-kèli | ngaleyang kalayu-layu | raryan ujunging karang | rêrêm mèt pêngaring-aring | ing sagara ruhara mangayubagya ||

2. praptane ri sang katiga | êrob rumarap kang warih | sumirat lir sumamburat | surat kasorotan rawi | karênan warni-warni | rêna kaananing ranu | pêtha manthuk pêpanthan | êsthane tumut angèsthi | lêstarine dènirarsa angajawa ||

3. lumut lumêr lamat-lamat | kasurung panranging warih | obah-obah mawa ombak | yayah sung pangarih-arih | dèn asarèh ing kapti | sampun nêrang -nêrang laku | sêsarah anggêlasah | taru ruru mawa sari | ngambar-ambar rumambah nanduki grana ||

4. karya sumyahing sarira | lêsah sah kasrang ing angin | ngungun ing pangangênira | manganti-anti tan prapti | baita kang lumaris | dadya wong agung katêlu | eca langên muhara | wontên coba andhatêngi | anênungkul nungka pangikaling beka ||

5. tan antara dangu prapta | janma duryasa kêkalih | wasta Supali Supala | mbêbegal karyanirèki | sura berawa sêkti | tau tate tandhing ji-tus | purwane botoh kalah | dunya wisma suta rabi | samya têlas tinohakên

--- 51 ---

ing kasukan ||

6. dadya surak anggêrangsang | kapanjingan manah juti | roro sanak ambêbegal | ngèdhèng nggodha ngadhang margi | nggêgiro briga-brigi | ngalambrang saantukipun | Radèn Patah ngandika | yèn ana wong mbegal kalih | Radèn Kusèn kinèn mire sumingkira ||

7. rèhning rare dèrèng masa | lawana lumawan tandhing | mimbuhi karya rubeda | Dyan Kusèn lawan Sèkh Sabil | lajêng samya sumingkir | wong begal narajang purun | Radèn Patah cinandhak | wong bêbegal kasaliring | kalih pisan kajongor tiba kalumah ||

8. satangine narik kadga | Rahadèn Patah tinitir | wanti-wanti linarihan | ananging tan angênani | pangrasanira kadi | anuduk wayanganipun | dangu-dangu wong begal | gigal curigane giris | kalih pisan kaprabawan ing kiparat ||

9. ambruk rubuh kalabakan | sêsambate nuwun alim | sanalika Radèn Patah | kèndêl angêningkên galih | karamate martani | lajêng prapta angin ribut | prahara aruhara | wong begal katub ing angin | samya tiba ing wismane sowang- sowang ||

10. raharja tanpa sangsaya | kamuman ing pangaksami | samading kusuma-tama | kataman têmah amari | maarda durtèng kapti | atabêri mamardya yu | tataning anggaota | tita anglêgutèng tani | rantaning tyas juti antuk paramarta ||

11. wau ta Rahadèn Patah | lajêng ngawe ingkang rayi | Radèn Kusèn gurawalan | marêk kalawan Sèkh Sabil | samya masêmu tangis | tan nyana manggih rahayu | Radèn Patah ngandika | pan saking marmaning Widhi | maksih padha rinaksa katiga pisan ||

12. dèn samya gung anarima | sang kalih samya ngastuti | wahyaning kang pangandika | wusnya ngaso sawatawis | lajêng lumampah malih | katiga rendhon ing laku | nèng têpining [têpi...]

--- 52 ---

[...ning] samudra | samya sumêngka ing wukir | kèndêl saluhuring ardi Rasamuka ||

13. samya amêmati raga | mêsu amêmasuh budi | mamrih kasidaning sêdya | muntu tyas ing sari ratri | kacarita tri sasi | nèng Rasamuka manungku | antuk sih parmaning Hyang | wontên nangkoda lumaris | saking Bangkahulu nêdyanjrah ing tanah ||

14. praptèng pasisir Palembang | palwa tan sagêd lumaris | dadya susah sanalika | cipta kataman bilahi | nangkoda mêrês budi | paran rèh karananipun | kandhêging ponang palwa | tandya waspadèng pangèksi | yèn sukuning sêngkan ardi Rasamuka ||

15. kanggènan rare jêjaka | katri samya pêkik-pêkik | Juragan ngartika ing tyas | kèndêling palwa bayèki | kang mawa rarya katri | bok darahing pandhita gung | myang trahing witaradya | dadya adarbe punagi | yèn baita bangkit mentar ngèstu pada ||

16. sanalika punang palwa | saksana nulya lumaris | kandhêg paminggiring arga | Nangkoda anglaksanani | tumurun saking kèci | lajêng sumêngka ing suku | ing wukir Rasamuka | marêk radèn putra katri | dhewe-dhewe sumungkêm nganorkên raga ||

17. sarya umatur ngrêrêpa | dhuh anggèr-anggèr wong sigit | kang andon sudira brata | suwawi yèn amarêngi | karênaning panggalih | kula aturi mêmundhut | barang sèsining palwa | kang apèni rajapèni | kinarsakna kawula datan suwala ||

18. sira wong agung katiga | pangandikanira aris | sêmulêt mêmalad prana | he wong sanak kang sêdyapti | sih kadarmanirèki | bangêt panarimaningsun | nanging aywa rudita | dèn ruktènana pribadi | dananira kang sarwèdi sun tan nêdya ||

19. amung yèn panujuning tyas | ingsun nunut numpal-kèli | jogna jajahaning Jawa |

--- 53 ---

Nangkoda suka miyarsi | matur langkung prayogi | mangkana sasampunipun | wau radèn katiga | têdhak kerid manjing kèci | tan antara baita mangkat alayar ||

20. antuk angin karya gancang | baita tan dangu prapti | laladaning lêlautan | pasisiring Surèngwèsthi | labuh jangkar wus minggir | ya ta wong agung katêlu | tumêdhak ing dharatan | Nangkoda tur pangastuti | sinamaning sabda prasidaning lampah ||

21. nangkoda lajêng umangkat | ngalaya alayar malih | parêng lan radèn katiga | sah saking têmbinging tasik | praptane Ngampèlgadhing | kacaryan dènira ndulu | asrine bale panjang | santri rêgêng bawa dhikir | atilawat sêsingiran salawatan ||

22. sêngsêm rumasuk ing driya | natmata tataning sastri | dadya sande sêdyanira | dènnyarsa suwitèng aji | mring prajèng Majapait | nênggih Radèn Patah wau | karsa apuruhita | maring ing Jêng Sunan Katib | kang ngimami kaharjaning Ngampèldênta ||

23. nanging kang rayi tan rêna | lan pawong mitra Sèkh Sabil | kêdah kumudu suwita | maring Natèng Majapait | Dyan Patah angastuti | mring mitra lan arinipun | lajêng asêsewangan | sahe Dyan Kusèn Sèkh Sabil | Radèn Patah umanjing ing bale panjang ||

24. pinanggihan santri lurah | kang rumêksa amajibi | anama pun Alim Du'llah | sasampuning salam taklim | tandya bagi-binagi | sayogyaning rèh rahayu | Radèn Patah tinanya | aran don sêdyanirèki | Radèn Patah pêpajar sajarwèng warta ||

25. anama Rahadèn Patah | saking Palembang nagari | sutaning Sang Arya Damar | praptane sêdya ngabdi |[1] maring Suhunan Katib | Alim Du'llah mentar gupuh | marêk ing Jêng Suhunan | dinangu umatur aris | lamun wontên rare praptarsa suwita ||

--- 54 ---

26. ature duk atêtannya | wus rinèntèsakên nuli | ing bêbuka têkèng pungkas | Jêng Sunan suka miyarsi | lan ing nguni ngemuti | duk anèng Palembang rawuh | amaringi pêparab | sutèng Arya Damar nguni | kadi ingkang angaturkên Alim Du'llah ||

27. Jêng Sunan lajêng dhêdhawah | sang prapta kinèn nimbali | Alim Du'llah tur sandika | mêsat tan antara bali | Radèn Patah wus kerid | praptèng ngarsa ngaras suku | nulya lênggah satata | kinurmatan dupa wangi | ngambar-ambar lir ambagya para yogya ||

28. Jêng Sunan ing Ngampèldênta | langkung rêsêp aningali | warnane Rahadèn Patah | dyatmika sarwa rêspati | Rahadèn Patah ugi | jrih asih sumungkêm suku | mring Sunan Ngampèldênta | rumasuk nrus lair batin | dupi sampun rêrêm sarèh sawatara ||

29. tinuju ing pamudyarja | sudarmanya kang mandhiri | dènira bawani praja | anèng Palembang baladi | Dyan Patah matur aris | saking pangèstu pukulun | ing saentar-kawula | pangèstu-tuwan basuki | anartani lumantar wèh paramarta ||

30. Jêng Sunan malih ngandika | praptanira Ngampèlgadhing | apa tuduhing ramanta | têka lamban tanpa kanthi | kang liningan turnya ris | amba priyangga saèstu | ri sampuning mangkana | marta lêlakoning nguni | duk entare saking nagari Palembang ||

31. wosing wit praptèng wasana | Jêng Sunan ngungun miyarsi | alon pangandikanira | apa pantês sira kaki | nunggal lan santri miskin | pangwikane dhingkal-dhingkul | adoh ing parisuka | langka nungkêmi makiki | bungah-bungah yèn nuju ari Jumungah ||

32. pan antuk jakat sidhêkah | pae suwitèng wirya di | wruh titaning tatakrama | suka parisuka ngênting | Dyan Patah matur malih |

--- 55 ---

makatên saèstunipun | sampun kawula-têmah | botên lèmèr sukêr sakit | tyas kumêsdu kêdah mangudi ngibadah ||

33. rumambah rêruba sêmbah | tabêt tabèk para nabi | tambah rubuh-rubuh gêdhang | ngêtrêpi patraping santri | Jêng Sunan ngandika ris | yèn mangkono sèwu sukur | ginau[2] lara lapa | bok têmbe wibawa mukti | ngajap-ajap mêmuji tanjaning bêgja ||

34. tan kaliru ing pangarah | sêdyanta sun angidèni | dadiya dêdalan mulya | palal rinilan ing Widhi | winidyèng para wali | sun milu njangka anjungkung | Dyan Patah tyas kasrêpan | rumasa kapasukan sih | sangsaya jrih konjêm siti ngaras pada ||

35. ature ngasor nalangsa | dhuh pukulun maha yogi | wahyaning kang sabda-tama | kawula darmi mêmuji | sapakantuk ngêngudi | idining daulat agung | Jêng Sunan angandika | pusthinên èsthining wèsthi | aywa kabêsturon ing pangarahira ||

36. tan lirwa rèh ing wasana | Radèn Patah angantêpi | agêming agama mulya | Jêng Sunan karênan ing sih | ing siyang lawan ratri | tan kêna sah saking suku | kadya putra priyangga | sarèhning raos anunggil | kadyangganing satu mungging ing rimbagan ||

37. nênggih gantya kang winarna | kang samya sêdya angabdi | maring nagri Majalêngka | Dyan Kusèn lawan Sèkh Sabil | sapraptaning nagari | pakèwêd raosing kalbu | sarèhning nêmbe prapta | èwêd dènnya minangkani | dèrèng antuk mitra kang sapta kulina ||

38. dadya sayuk tekad praya | mring alun-alun sang kadwi | lênggah ngandhap wringin kêmbar | duk samana amarêngi | Sri Narendra tinangkil | dene pra wadyabala gung | anèng ing pagêlaran | Nata waspadèng pangèksi | lamun soring waringin ana katingal ||

--- 56 ---

39. rare kalih maksih jaka | samya pepe kawlasasih | dadya Patih Gajahmada | kinèn niti anakoni | sandika mêsat aglis | prapta sor waringin kurung | panggih radèn kalihnya | dinangu sajarwa jati | têtalêre alunanirèng sarkara ||

13. Dhandhanggula

1. Radèn Kusèn umatur rumiyin | asadhepok nganorakên raga | dhuh sang duta-tama mangke | kauningana ulun | rare dama anumpal kèli | asal saking Palembang | ingkang asêsunu | anama pun Arya Damar | dene sêdya kawula badhe angabdi | padaning Sri Narendra ||

2. sawusira dumunung kya patih | lajêng ndangu rare kang satunggal | Sèkh Sabil alon ature | dhuh sang duta pukulun | inggih amba nama Sèkh Sabil | Khalifah Kusèn suta | dene ta pun ibu | têtalêr saking Madura | kacarita putrine Arya Baribin | asal saking Malaka ||

3. dene sêdya kawula anunggil | nêdya kêsdu suwitèng narendra | kêkipu manawi kangge | ya ta sang mantri ngayun | wusnya têrang dènnya aniti | aturing sakalihan | wangsul marêk ngayun | ngaturkên sarèntèsira | alurannya miwah sêdyaning sang kalih | ing wiwitan wêkasan ||

4. sri narendra langkung sukèng galih | sakalihan nulya tinimbalan | datan adangu praptane | marêk byantarèng prabu | amabukuh konjêming siti | Sang Prabu Brawijaya | karênan andulu | ing citraning sakalihan | miwah samya widagda ing kramaniti | pantês sasolah-bawa ||

5. katanggapan dènira angabdi | radèn kalih winor pamagangan | kalangkung suka manahe | datan antara wau | abibaran kang samya nangkil | nata andhatulaya | kasaput ing dalu | kacarita lama-lama | Radèn Kusèn Sèkh

--- 57 ---

Sabil dènnya angabdi | kanggêp pangawulannya ||

6. pinarcaya ing sabarang kardi | tan kêna sah saking ing ngarsèndra | yayah putra sakalihe | parêng wahyaning wahyu | Radèn Kusèn katarimèng sih | ginanjar mêngku praja | ing nagari Têrung | ran Dipati Pêcattandha | pan Sèkh Sabil tinuduh mring Ngampèlgadhing | pan amintaa prênah ||

7. pan supados nunggila agami | sakalihan sampun kalampahan | Pêcattandha budhal age | maring nagari Têrung | sinung wadya ing sawatawis | Sèkh Sabil lajêng mangkat | maring Surèngkewuh | sapraptaning Ngampèldênta | mring Jêng Sunan Katib katanggapan ing sih | praptaning pupulunan ||

8. lawan saking tuduhing narpati | kang putra kinèn maringi prênah | anulya dinunungake | mêngku tanah ing Ngudung | angimami nata agami | Sèkh Sabil tan lênggana | mangkat maring Ngudung | dhêkahe wus karta arja | kathah janma kang samya manut agami | Sèkh Sabil lajêng karan ||

9. nênggih Jêng Sunan Ngudung wêwangi | datan ana ing sangsayanira | têkyan sawêwêngkon kabèh | rêrêming rèh rahayu | ênêngêna winarna malih | Jêng Sunan Ngampèldênta | dènnya ngambil sunu | maring sira Radèn Patah | kasangsaya kasok katrêsnanirèng sih | rinakêtakên pisan ||

10. dhinaupkên lan putranirèki | Ratu Panggung panêngêranira | atut runtut sakarone | lan wontên putranipun | apêparab Makdum Ibrahim | tinanêm anèng Benang | minangka pangulu | panêtêp panatagama | kalaksanan ing Benang wus dèn dunungi | dhêkahe karta arja ||

11. duk samana Sang Makdum Ibrahim | lajêng karan nama Sunan Benang | datan ana sangsayane | nihan gantya winuwus | nênggih Radèn [Ra...]

--- 58 ---

[...dèn] Satmata nguni | anèng laladan Benang | saharja anglangut | sêdya maring prajèng Arab | tanpa wadya kapencut amunggah kaji | sapraptaning Malaka ||

12. myarsa lamun wontên sarjana di | apêparab Sèkh Molana Iskak | padhukuhan desa Pase | alim mangulah ngèlmu | pan kasêbut winali mukmin | wau Radèn Satmata | kapencut ing suwur | nêdya kèndêl puruhita | tan uninga lamun kang eyang pribadi | pan sudarmaning rama ||

13. sapraptane Pase wus kapanggih | lan Sang Pandhita Molana Iskak | dahat gung pakurmatane | tan wrin yèn wayahipun | dene lagya têmbe udani | lajêng lênggah satata | bagya- binagya yu | wusnya rêrêm sawatara | sang pandhita nandukkên wacana manis | dhuh satriya utama ||

14. rèhning pun bapa nêmbe upèksi | kalilana anuwila ganda | sintên ta paduka anggèr | nama myang dunungipun | lan punapa sêdyaning kapti | kasasar pagubugan | ompok-ompok samun | padhêkahane pun bapa | Dyan Satmata sadhepok umatur aris | dhuh Sang Maha Minulya ||

15. prapta kawula ngarsa Sang Yogi | kêdah kêsdu anglêlêbur tapak | anyantrik manawi kangge | dene tuwan andangu | ing salsilah pinangka mami | saking dhukuh ing Benang | kang sotah anêbut | ulun aran pun Satmata | kang mancêri ing jasad kawula nguni | nama Sèkh Wali Lanang ||

16. bangsa alim saking atas-angin | kilap asal-usule pun bapa | kacupêtan jalèntrèhe | dene nguni pun ibu | putri saking Blambangan nagri | lênging sêdya-kawula | duk ing purwanipun | nêdya dhatêng tanah Arab | nyatakakên kapencut amunggah kaji | ngupadi sadu dibya ||

17. Molana Iskak duk amiyarsi | sarèntèse Rahadèn [Ra...]

--- 59 ---

[...hadèn] Satmata | gya rinangkul lungayane | sarya ngandika arum | tarèmbèle si kenthol iki | iya kalinganeya | iki jêbulipun | cukulane Wali Lanang | praptèng kene tan anyana tan angimpi | yèn sira wayahingwang ||

18. dene wus diwasa sira kaki | lagi iki têmu sarawungan | ajaa rinèntèsake | tulus nora sumurup | sasat liyan kabrayan yêkti | labêt kapatèn damar | wit dêdaman samun | samoha mahas molana | yèn mangkono pan wus karsaning Hyang Widhi | praptanirèng Malaka ||

19. Radèn Satmata duk amangêrti | yèn Sèkh Iskak punika kang eyang | sudarmanirèng ramane | gupuh mangaras suku | sarya matur anor malat sih | dhuh sêmbahan kawula | sukur bage sèwu | baya sagêd kasêmbadan | nggèn kawula luru-luru lari-lari | wontên daulatira ||

20. Sang Sèkh Iskak langkung sukèng galih | apirêna maring ingkang wayah | nrus rumasuk kasok sihe | dupi ing wanci dalu | amarêngi ri Sukra Manis | sira Molana Iskak | alênggah pitêkur | ingadhêp maring kang wayah | Dyan Satmata tumrêcêp umatur aris | dhuh sêmbahan-kawula ||

21. rèhning amba maksih mudha pingging | dèrèng wikan jatining Pangeran | mugi jêng eyang ing mangke | paringa sawab maklum | anyamadi kawula yêkti | dadosa padamaran | pêpêtênging kalbu | kang eyang alon ngandika | bocah iki antuk nugrahaning Widhi | wajib sun wêdharana ||

22. kaki lamun sira kudu ngudi | jatining Pangeran ingkang nyata | payo mring gon ing asêpèn | supaya bisa kusus | ingkang wayah sumanggèng kapti | kang eyang lajêng kesah | kang wayah tumuntur | prapta têbaning atêba | Sang Sèkh Iskak lênggah ing pêpunthuk mêncir | satata lan kang wayah ||

--- 60 ---

23. ingkang eyang angandika aris | ingsun tuduh ing patakyanira | Pangeran iku nyatane | wus ana ing sirèku | aja mamang dènnya ngèncêbi | nanging samono uga | nganggo kudu-kudu | nasabi tanangsubira | pan kawula iku kudu angalingi | pananing sêsimpênan ||

24. ingkang wayah lon aturirèki | kadospundi sabdaning jêng eyang | têka amêmindho gawe | ngêngkoki nyatanipun | palajênge botên ngakêni | dene mawi warana | kang eyang nabda rum | wus mangkono patrapira | kudu nganggo êmpan papan angarani | gaib bangsa punika ||

25. ingkang wayah nulya matur malih | lawan pundi jatining Mukhammad | lan Allah paran tunggale | ucap-ucapanipun | ya Allahu Rasulu'llahi | ulun kadunungêna | babar pisanipun | kang eyang alon ngandika | prakarèku kocap kitab Johar Mukin | gambuh gaib babarnya ||

14. Gambuh

1. rungunên wayahingsun | bok kabuka bêbukaning kawruh | kawruhana hikayating Nukat Gaib | gaibing Pangeran iku | lan rasul yêkti yèn elok ||

2. kumpul lan pisahipun | anèng karsa wisesa puniku | Nukat Gaib dadi kanyatahan yêkti | anèng ing sira sirèku | padha katêkan ing kono ||

3. Allah Mukhammad iku | dene têgêse ingkang karuhun | Allah iku jatining aran sayêkti | wujud mokal têgêsipun | jatining Pangeran kono ||

4. dene ta têgêsipun | kang akyan karijiyah puniku | sajatining wêwayangan ana dening | Allah Mukhammad liripun | sajatining Allah kono ||

5. ya sajatining rasul | anapon kang aran Allah iku | pan sarira de kang aran sarirèki |

--- 61 ---

nênggih rahsa ya rahsèku | Datu'llah ingkang kinaot ||

6. ing Datu'llah puniku | ya dat rasul ya têgêse Ingsun | Ingkang Murba Jati Langgêng Wisesèki | ya iku sajatinipun | Nukat Gaib pan mêngkono ||

7. dene dununganipun | iya ana ing asma pêpitu | kawruhana pan puniku sajatining | ing rupa Mukhammad Rasul | nênggih lamlam kang sawiyos ||

8. mata ping kalihipun | ping tri wayah niyat ping patipun | kaping lima iman kaping nême tokid | sarengat kang kaping pitu | têgêsipun winiraos ||

9. lamlam tunggal jêjuluk | têgêse mata tunggal pandulu | ingkang wajah tunggal kaanan lirnèki | têgêse niyat puniku | jênênging kaanan awor ||

10. têgêse iman iku | tunggal rahsa tokid tunggal wujud | têgêse sarengat samêktanirèki | kaanan tunggal jatiku | ya jatine salat kono ||

11. salat kang limang waktu | ngadêg jênênging kaanan iku | dene rukuk tunggale kaanan tuwin | asujud pan mulyanipun | nênggih ing kaanan kono ||

12. kaanan jatinipun | jati karsa purba wisesèku | dene lungguh sampurna kaanan jati | nênggih tunggal rahsanipun | tunggaling kaananingong ||

13. rahsa jati karsèku | karsa wisesa priyangganipun | têgêsipun nyata yèn ing jasad iki | ênggone khak sabhanahu | wa ta 'ala kang kinaot ||

14. dene khalifahipun | ing êkhak nênggih Allah puniku | khalifahing Allah pan Mukhammad tuwin | Mukhammad khalifahipun | pan Adam Adam gumantos ||

15. mukmin khalifahipun | khalifahing mukmin khak satuhu | khalifahing êkhak ya ing khak

--- 62 ---

sajati | aja mamang dèn tuwajuh | antêp kang wus winiraos ||

16. dene kaki sirèku | têka kadhêmpalan[3] layu-layu | kudu adrêng nyatakakên munggah kaji | lah apa kang sira-buru | tan liyan yêkti mangkono ||

17. Mêkah Madinah iku | ka'batu'llah wus anèng sirèku | yèn wus urus êrose ing sêmbah puji | apa manèh pinaèlu | kana kene ya ing kono ||

18. luhur lamun panuju | muliha maring tanah Jawèku | têmbe sira dadi pandaming rat Jawi | kang wayah nêmbah andhêku | rahsaning raos rumaos ||

19. lan antuk sabda luhung | kang lumahan tinahênan kalbu | lir cumlêguk pangugêring guru kaki | kang amikanakên ing kun | kaananing elok-elok ||

20. ri sampuning dumunung | sidi sidaning kadadènipun | pan kasaru ing wanci wus gagat enjing | Sèkh Iskak lan wayah kondur | sampun praptèng dhepok karo ||

21. sarêng praptaning esuk | Radèn Satmata apamit mantuk | amituhu wangsul marang tanah Jawi | kang eyang suka jumurung | radèn wayah nulya bodhol ||

22. tan winarna ing ênu | dènira layar anèng ing laut | sampun prapta dhukuhira ingkang lami | lajêng angalih mangidul | maring Jipang dènnya manggon ||

23. tan lami linggar gupuh | sêdya maring ing Tandhês Sang Bagus | pan kapalang tan darbe baita nguni | gya wontên tukang parau | manggihi maring sang anom ||

24. Ki Panangsang ranipun | praptanira angaturkên prau | mung sajuga payon ing nginggil tan mawi | Radèn Satmata tan ayun | karana tan mawa payon ||

25. karya sangsayèng laku | lawan linantipan pasang sêmu | bok punika dadya sasmitaning [sasmita...]

--- 63 ---

[...ning] ragi | marma giyota parunggu | dahat lênggana anganggo ||

26. Ki Panangsang agupuh | lajêng pinayonan kang parau | wusing brukut dyan ingaturakên malih | radyan karênan ing kalbu | tumêdhak sarta mirantos ||

27. nulya amancal laut | praptèng Tandhês kèndêl kang parau | Dyan Satmata tumurun saking ing kèci | adarat ing lampahipun | ing sêdyanira sang anom ||

28. jujug pangagêngipun | ing Tandhês kang minangka luulu[4] | ajêjuluk nênggih Pangeran Pinatih | sapraptanira ing ngriku | karênan satata lunggoh ||

29. gya bagya-binagya yu | tannya sangkan paran sêdyanipun | Dyan Satmata rumèntès sajarwa jati | Pangran Patih sukèng kalbu | luntur sihe mring sang anom ||

30. dadya ingambil mantu | tan alami jinênêng pangulu | anèng Tandhês angimami ing agami | sarta sinungan jêjuluk | Pangeran Khalifah kaot ||

31. datan lami winuwus | kadhatêngan prênah mantunipun | pangran patih nama Ki Agêng Balawi | mêntas saking ambêburu | mring wana ambêrêg sato ||

32. praptane atur dunung | maring Pangeran Khalifah wau | lamun sakiduling Tandhês wontên ardi | sae pasang rakitipun | ran Giri Gajah kadhaton ||

33. puniku langkung patut | mangka panggènane amêmêsu | tapa-brata maladi samadi êning | lamun panudya ing kayun | binadranana dhêdhepok ||

34. kula tumut jumurung | Pangran Khalifah suka ing kalbu | sang parasdya dahat katariman ing sih | Pangeran Khalifah gupuh | marêk ing rama wêwartos ||

35. ing sarèntèsing atur | lamun pinarêng panudyèng kayun | minta amit apan sêdya dèn

--- 64 ---

dhukuhi | supados karta rahayu | ing Giri Gajah kadhaton ||

36. Pangran Khalifah wau | mêsu anèng saluhuring gunung | kacarita pitung dina pitung ratri | dènira muja manêkung | tilawat Kur'an tan pêdhot ||

37. sawusing pitung dalu | tinimbalan maring ramanipun | salêbêting padhepokan dèrèng rakit | maksih ingaturan kondur | ing dalêm Tandhês kemawon ||

38. Pangran Khalifah wau | anuruti ing sudarmanipun | maring Tandhês sadintên sadalu pamit | pan awangsul anênungku | mring Giri Gajah kadhaton ||

39. karsanira linaju | kawandasa ri têkyan botipun | ingkang rama Pangran Patih anjurungi | dènnya abadra mardya yu | mamrih marta karahayon ||

40. ya ta sawangsulipun | Pangran Khalifah siyang myang dalu | datan pêgat tilawat ngêningkên galih | praptèng kawandasa dalu | dènnya nênêdhèng Hyang Manon ||

41. tinimbalan agupuh | mring kang rama datan arsa kondur | apan nêdya nutugkên ing satus ari | karasa dènnya manungku | nèng Wukir Gajah kadhaton ||

42. pra sakabat sadarum | tinimbalan ambabada dhukuh | kalaksanan punang wana wus barêsih | sowang-sowang karya dhukuh | kang awisma wus angrodon ||

43. karta arja kang dhukuh | Pangran Khalifah suka ing kalbu | dupi sampun andungkap ing satus ari | Pangeran Khalifah wau | samana miyarsa wartos ||

44. lamun ing Surèngkewuh | wontên pandhita kasuwur kasub | dhukuhira winastan ing Ngampèlgadhing | wus dadya wali pinunjul | ngimami agama kaot ||

45. Pangran Khalifah gupuh | marêk ing rama atur dêdunung | lamun nêdya sowan maring

--- 65 ---

Ngampèlgadhing | mangalap sor anggêguru | Pangran Pinatih rumojong ||

46. lajêng budhalan gupuh | sawatara siswa kang tumuntur | lampahira datan winarna ing margi | ing Ngampèldênta wus rawuh | umarêk kasmaran ing don ||

15. Asmaradana

1. tinampanan basa manis | mring Jêng Sunan Ngampèldênta | Pangran Khalifah lumongsor | lajêng ajawaban asta | myang bagya-binagyarja | Jêng Sunan Ngampèl andangu | aran myang sangkaning sêdya ||

2. Pangran Khalifah mamarti | jinalèntrèhkên sadaya | duk myarsa Jêng Sunan Ngampèl | langkung sukaning wardaya | alon dènnya ngandika | yèn mêngkono putraningsun | gya rinangkul kang lungayan ||

3. aja tambuh sira kaki | dudu wong liyan kêbrayan | mung lagi kapatèn obor | ingsun ramanta priyangga | kadangingsun ramanta | nanging tuwa bapakamu | lagya tumindak nak-sanak ||

4. Pangeran Khalifah aglis | gurawalan ngaras pada | amêlasasih ature | dhuh pukulun kangjêng paman | dèn agung pangaksama | pan kawula botên langkung | badhe sêdya puruhita ||

5. rèhning mudha damèng budi | wontêna ing sih-paduka | supados wontên kaote | Jêng Sunan Ngampèl ngandika | mêngkono iku darma | ingsun aparing pituduh | atas saking pamintanta ||

6. jangji mantêp sira kaki | umatur Pangran Khalifah | saèstu amba rumojong | punapa sakarsa-tuwan | kêkipu nglêbur tapak | Jêng Sunan luntur sihipun | rumasa kawogan tuwa ||

7. dupi ing antara ratri | Jêng Sunan ing Ngampèldênta | têdhak ing gèn ing asêpèn | Pangran Khalifah datan sah | lajêng satata

--- 66 ---

lênggah | Sunan Ngampèl ngandika rum | maring Pangeran Khalifah ||

8. apa wus lèmèk sirèki | umatur sampun dhêdhasar | inggih sakawontênane | Jêng Sunan malih ngandika | apa patakonira | Pangran Khalifah umatur | pundi dununging Pangeran ||

9. lan kawulane kang pundi | dene Gusti lan kawula | tan kêna pinisahake | wulanging guru kawula | Pangran anèng kawula | dene kawula puniku | pan ana ing Gustinira ||

10. amba pan dèrèng mangrêti | yèn kawula ngakênana | Pangeran paran dadine | dene tan langgêng nèng dunya | lawan duk anèng dunya | ewah gingsir darbèkipun | pundi tandhane kanggènan ||

11. Jêng Sunan ngandika aris | iku minangka trêsandha | yèn sira kawula tulèn | kasandhangan apês dunya | iya dadi antara | kalawan Gusti Maha Gung | matur Pangeran Khalifah ||

12. kang makatên kados pundi | upami bale kancana | kanggènan ratu kinaot | têka mawi angrêrusak | botên rêksa-rumêksa | saèstu wêngku-winêngku | têka mawi beda-beda ||

13. Jêng Sunan ngandika aris | bênêr kaya wuwusira | nanging kurang panggilute | Pangeran Ratu upama | kawula solahira | owah-gingsire puniku | rumasaa yèn kawula ||

14. nanging rumasaa Gusti | trape anèng papan-êmpan | ing lair batine kono | apan kaanane ana | tunggal kajatènira | awit kaananirèku | solah-tingkah saking Allah ||

15. Pangeran kang angidèni | lamun kurang panarima | kasandhangan coba gêdhe | kapurba karsa wisesa | yèn luput sinung dosa | yèn ana panalangsamu | yêkti sinung kanugrahan ||

16. marma dèn têpsila[5] kaki | aja sira kumalamar | ugêran sajroning batos | Matur Pangeran Khalifah | ulun sampun tumanja |

--- 67 - --

mênggah pisah-kumpulipun | Gusti kalawan kawula ||

17. sasampuning wrin sajati | êrosing kang dêdunungan | kados pundi pratikêle | dene babing kasampurnan | rêricikane kathah | lan kathah pralambangipun | têgêse lajim punika ||

18. lawan subut kaping kalih | pundi asmaning Pangeran | ananing Widhi kapriye | lawan pribadining Allah | pundi sêdyaning Allah | dhèwèking Hyang kang saèstu | lawan lire sul punapa ||

19. lan jatining Hyang kang pundi | kaanane Widhi nyata | Datu'llah paran dununge | lawan sêdyaning Datu'llah | lawan ingkang akarsa | pundi wimbuhing Allahu | lan tunggale Widhi uga ||

20. lan jangka tigang prakawis | lan tan ana ing sarira | lan kang anèng sarirane | tan adoh lawan sarira | lan masalah katiga | dene ta ingkang rumuhun | nênggih imbar wêwayangan ||

21. lawan kitab makuthèki | latar putih tanpa sastra | pukulun artosna mangke | Jêng Sunan alon ngandika | lajim ênêng têgêsnya | subut pan gandhènganipun | lire kadi urip-kita ||

22. kang ngwikani ing pribadi | ingkang kawasa priyangga | lawan kang miyarsakake | tan liyan pribadinira | kang akarsa piyambak | miwah kang andulu iku | sayêkti yèn dhèwèkira ||

23. ingkang anabda pribadi | kang langgêng kêkêl priyangga | kang maha mulya dhèwèke | ingkang elok ya piyambak | maha suci priyangga | kang asih pribadinipun | ingkang ngasihi piyambak ||

24. puniku sêmuning lajim | têgêse rumambah ing rat | Pangeran kang sanyatane | sinêbut saking kawula | yèn kawula tan ana | sayêkti kang jagad lêbur | Pangerane ora ana ||

--- 68 ---

25. yèn ing asmaning Hyang Widhi | yèku kang uwus dèn ucap | kaananira Hyang Manon | apan tan sêdya priyangga | pan pribadining Allah | ya sêdya baka puniku | aywa mundur abêbakal ||

16. Durma

1. pan sêdyaning Allah pan langgêng priyangga | ingkang anguwasani | murba amisesa | ana ing urip-kita | têgêse karsaning ati | sajatinira | panunggaling pribadi ||

2. ingkang nabda ingkang ningali tan liyan | kaananing Hyang pasthi | pundi dhèwèking Hyang | anuli saurana | ingsun dhèwèke Hyang Widhi | ingsun punika | têgêsipun punapi ||

3. saurana iya mantêp têgêsira | kang sêdya ingsun yêkti | têgêse pan iya | ora ana kaanan | roro myang tingal kêkalih | pan ora ana | ya pangucap kêkalih ||

4. ing têgêse ingsun iki kang anêdya | ya ingsun ingkang urip | ingsun kang kuwasa | ingsun kang amiyarsa | ingsun ingkang aningali | ingsun kang wikan | ingsun kang maha suci ||

5. ingsun ingkang maha agung maha mulya | ingsun kang anjati ning | ingsun kang nugraha | ingsun ingkang anabda | ingsun kang suksma linuwih | ingsun kang tunggal | ingsun kang bêstu jisim ||

6. iya ingsun kang urip datanpa nyawa | langgêng tan owah gingsir | ingsun kang sampurna | kang agung kang wisesa | kang elok ingsun sayêkti | pan ingsun ingkang | kang muji kang pinuji ||

7. ingsun ingkang tanpa ênggon tanpa arah | ingsun kang tanpa warni | ingsun tanpa rupa | ingsun kang tanpa masa | kang tanpa jiyat sun iki | tanpa musapah | tanpa tuduhan mami ||

8. ingsun ingkang mantêp ananingsun dhawak |

--- 69 ---

malih yèn dèn takoni | êndi jatining Hyang | dèn enggal jawabira | jatining Allah kang pasthi | kaananing Hyang | sêdya ana pribadi ||

9. têgêsipun purba karuhun kang tanpa | wiwitan lan tanpa wit | pan inggih punika | kang yêkti jatining Hyang | êndi kaananing Widhi | ingkang sanyata | saurana dèn aglis ||

10. angèstokkên ing dhiriningsun piyambak | lire wus tan ngulati | sakathahe mapan | wus kawêngku dening Hyang | jêr ingsun ratu linuwih | ratu kang tunggal | tunggal datan kêkalih ||

11. yêkti ingsun kang mantêp ing dhèwèkingwang | madêg ratu pribadi | ing karatoningwang | tan ana mêmadhaa | agunging karaton-mami | langgêng tan owah | urip tan kênèng pati ||

12. lan malih yèn tinakonan êdatu'llah | saurana dèn aglis | iya tansah molah | lawan tanpa wêkasan | ingkang aran Allah pasthi | jawabên enggal | kaananira yêkti ||

13. kang akarsa lan pundi wimbuhing Allah | saurana dèn aglis | iya karsanira | kang tan ana towangnya | kang tan ana kirangnèki | lawan kang nora | kêna ing owah gingsir ||

14. lamun ana sujanma ingkang têtannya | pundi tunggaling Widhi | enggal saurana | aran kang ingaranan | tunggal tan wujud kêkalih | wus nora mamang | lan ora mindho kardi ||

15. dene lamun tinakènan malih sira | jangka tigang prakawis | ingkang dhingin uga | tan adoh lan sarira | pan anèng sarira ping dwi | ping tri kasrira | saurana dèn aglis ||

16. kang tan adoh saking sarira sahadat | tan anèng srira takbir | kasrira sakarat | kadya paran lirira | saurana dipun aglis | liring sahadat | among winong pribadi ||

17. têgêsipun takbir pan sira Pangeran | anêmbah lan amuji | ing pribadinira | têgêse kang sakarat | dene tan êsak ing pati | lan ora mamang | lan malih bokmanawi ||

--- 70 ---

18. tinakonan masalah tigang prakara | dene ingkang rumiyin | imbar wêwayangan | lan kitab amakutha | latar putih tanpa tulis | lire dèn etang | kang imam mulya suci ||

17. Pangkur

1. sasmitaning kawimbuhan | kawruhana ya pangucapirèki | miwah ing pangrungunipun | tuwin paningalira | nora nana pangucap roro têtêlu | dadi solah tingkahira | boya êsak boya sêrik ||

2. boya tasbèh mung Datu'llah | kewala dèn karasa yèn abukti | dèn karasa yèn anginum | sêmbahyang dèn karasa | dèn karasa iya Datu'llah puniku | ingkang wus awuru Allah | yèku aran salat daim ||

3. lawan malih ingaranan | martabate ing kasdu takrul takyin | kasdu nênggih artinipun | mapan karêping niyat | dadi cipta dene têgêsipun takrul | iku pamêksaning niyat | panggraita dadinèki ||

4. lire ingkang takyin nyata | wasesane ing niyat kang sayêkti | sang cipta ing dadosipun | kasdu punika iman | takrul tokid takyin makrifat liripun | ingkang iman yèn anaa | gumlèthèk yêkti tan sêrik ||

5. tan sak tingale ing Allah | ingkang tokid ênênge lawan mosik | glèthèking paningalipun | pangucap pamiyarsa | nyata ingkang angênêngakên puniku | kang angglèthèkakên Allah | myarsakkên ngucapkên pasthi ||

6. Allah Ta'ala mapan kang | amimbuhi dadi sampun sak sêrik | tingalira mring Hyang Luhur | inggih ingkang makrifat | ing ênênge osike paningalipun | pangrungu pangucapira | dadi lan dhèwèkirèki ||

7. têgêse puniku nyata | bila tasbèh bila tasbèh lirnèki | tan loro kaananipun | mapan Allah kewala | kang angucap mênêng mosik tuwin mambu | pan nyata mring ananira |

--- 71 ---

poma wus aja sak sêrik ||

8. sasmitaning rahsanira | kang angucap kang dèn ucap Hyang Widhi | poma dèn awas dèn emut | nora na liyan-liyan | ana dene yèn tinakonan sirèku | punapa pangawruhira | ing Allah jawabên aglis ||

9. pangawruhingsun ing Allah | kawimbuhan kaananing Hyang Widhi | wontên malih sualipun | apa ujar sakêcap | lawan laku satindak mênêng gonipun | nuli enggal saurana | ujar sakêcap puniki ||

10. iya kang ngucap Hyang Suksma | dene laku satindak sarta Widhi | kang aran mênêng goniku | iku wus nora susah | angulati ing Allah ing dhirinipun | pira martabating Allah | saurana tri prakawis ||

11. nênggih tasnip kang kapisan | ingkang kaping kalihe insan kamil | kandil kaping tiganipun | tasnip liyêp têgêsnya | insan kamil kang sampurna artinipun | kandil roh ilapi lirnya | utawi sêmuning tasnip ||

12. tingal kang suluh sampurna | iya wahyu iku têgêse malih | dadi paningal kang kusus | têgêse wahyu nyata | mila wajib sami dèn ênêngna iku | prabedanirèng paningal | ing nabi wali myang mukmin ||

13. nabi têtêp tingalira | para mundur tingale wali mukmin | pira martabating laku | jawabên rong prakara | kadi gêni kang dhingin ping kalihipun | kadi angin têgêsira | sêmune kang dadi gêni ||

14. pinèt panase kewala | pan têgêse puniku amrih gêlis | panarimanira sampun | kasuwèn dene ta kang | kadi angin pinèt tan kêna linuru | têgêse wus nora pisan | susah angulati malih ||

15. pintên martabat sarira | saurana iya tigang prakawis | ana dene kang rumuhun | kadya tanggal sapisan | kaping kalih lir tanggal ping sanganipun | tiga lir tanggal patbêlas |

--- 72 ---

dene ta ingkang rumiyin ||

16. kang kadya tanggal sapisan | iya dene atulis lair batin | kang kadya ping sanganipun | têgêse luluh sirna | kahanane ing kaananing Hyang Agung | kang kadi tanggal patbêlas | dene panêdyane sami ||

17. kadya kang andadèkêna | ing têgêse ping patbêlas kang sasi | wus prapta ing wangênipun | tibaning ing kawula | nora ta yèn dadiya Gusti puniku | nanging iya dadi uga | pintêr martabat pamanggih ||

18. jawabên limang prakara | kang rumiyin gêlèthèknya kang ati | yèkang kaping kalihipun | katêpêking lumampah | panjêriting anangis kang kaping têlu | kêtuging nutu kaping pat | ping lima corèking ngantih ||

19. lire sipat jamalu'llah | dene kêtuging anutu lirnèki | wêdaling pangucapipun | nyata yèn nora mamang | nora susah angulati ing Hyang Agung | ya kang ngucap iku Allah | poma aja pindho kardi ||

20. martabating bumi pira | saurana kèhe tigang prakawis | dating roh ilapi iku | nênggih ingkang kapisan | kapindhone roh jasadi sadayèku | kaping tiga tanpa prênah | tanpa tuduhan sayêkti ||

21. martabating kanugrahan | lamun besuk sira dèn têtakoni | pintên kanugrahanipun | sahadat saurana | tri prakara nênggih ta ingkang rumuhun | ngêncêngakên imanira | nêguhkên ing tyas ping kalih ||

22. ping tri ngosikkên gaota | lamun sira iya tinakèn malih | nugrahaning salat iku | pira kang rêricikan | saurana pan têlung prakara iku | dhingin mêgatakên karsa | tinggal cipta kaping kalih ||

23. madhêp kaping tiganira | lawan pira kanugrahaning takbir | saurana dèn agupuh | iya tigang prakara | dhingin kawruh wêruh kaping kalihipun | jatining kawruh ping tiga |

--- 73 ---

pintên nugrahaning budi ||

24. jawabên tigang prakara | sayêktine cipta ingkang rumiyin | graita ping kalihipun | kang cipta ping tiganya | nugrahaning roh pira jawabên gupuh | pan iya têlung prakara | dene ta ingkang rumiyin ||

25. urip tan kalawan nyawa | kaping kalih ananira kang pasthi | tan dèn anakkên lyanipun | ping tri Allah kewala | nora nana kang momorana puniku | sayêkti saking priyangga | wong anom kang dèn mangrêti ||

18. Sinom

1. lamun sira tinakonan | ya ta ing datu'lwujudi | pira kèhing kanugrahan | nuli saurana aglis | sakarat lire yêkti | dene kanugrahanipun | iya têlung prakara | wus anèng ananirèki | dhingin adhêp idhêp kaping kalihira ||

2. mantêp ingkang kaping tiga | lan pira kanugrahaning | iman enggal saurana | pan iya tigang prakawis | sukur ingkang rumiyin | tawêkal ping kalihipun | kaping tigane sabar | pintên nugrahaning tokid | saurana pan amung kalih prakara ||

3. nênggih têtêp kang kapisan | wêdi ingkang kaping kalih | wontên malih sualira | pintên ing kanugrahaning | makrifat mangka nuli | saurana dèn agupuh | iya namung satunggal | ana ing angganirèki | apan nênggih karsa wisesa priyangga ||

4. pintên martabat karêman | saurana tri prakawis | para mukmin karêm ap'al | karêm sipat para wali | dene kang para nabi | êdat pakarêmanipun | liring karêm Datu'llah | sok wontêna asya nênggih | karêm sipat sok wontêna gumlethaka ||

5. lire karêm ap'alu'llah | sok wontêna obah osik | yèn sakit paningalira | nênggih kabuka sayêkti | ing sipat jalal tuwin | jamal [ja...]

--- 74 ---

[...mal] kamal kaharipun | dadine imanira | makbul gumlèthèking ati | dadi antuk sampurna yakining gêsang ||

6. pintên martabating nyawa | saurana dipun aglis | kathahing nyawa satunggal | pan iya mung roh ilapi | marmane mung sawiji | têgêsing urip puniku | pan iya mung satunggal | tan ana urip kêkalih | ing pasthine amung kaanan satunggal ||

7. lamun sira tinakonan | pundi Allah padha mangkin | dèn aenggal saurana | sapa ingkang ngucap iki | aja ta sira-dalih | yèn dudu sira Hyang Agung | sayêkti kang dèn ucap | kang ngucap tan lyan Hyang Widhi | nanging kudu wêruha ing panarima ||

8. anapon ing panarima | dèn kadi toya lan siti | lawan dipun kadi udan | miwah dipun kadi wêsi | lan dèn kadi jaladri | kang kadi lêmah lan banyu | dèn rumêsêp têgêsnya | nora pêgat kang rohani | ana dene têgêse kang kaya udan ||

9. dene tan pêgat tingalnya | anapon kang kadi wêsi | sakarsanira marentah | dèn gaweya pangot lading | pêthèl wadung upami | nora owah sipatipun | maksih wêsi kewala | dene kang dadi jaladri | ya ing ngriku duduwa ing ngriku uga ||

10. punika pasthi kang asal | ing ujar sakêcap tuwin | laku satindak kalawan | kang mênêng ing ênggon nênggih | yèn wus dadi jaladri | nora owah katingalipun | [6] dulu dinulu dhawak | tan ana tingal kêkalih | nora nana pangucap roro punika ||

11. dadi salate sampurna | wêruh paraning ngabêkti | wêruh paraning sêmbahyang | pênêring nyata tan[7] sisip | wêruh paraning osik | wruh [..]ning[8] ênêngipun | wêruh paraning ngucap | wruh paraning pamiyarsi | wruh paraning ngadêg wruh paraning lênggah ||

12. wêruh paraning anendra | wêruh paraning atangi |

--- 75 ---

wêruh paraning amangan | wruh paraning nginum warih | wêruh paraning ngising | wêruh paraning anguyuh | wêruh paraning suka | wêruh paraning prihatin | wruh paraning ngidul ngulon ngalor ngetan ||

13. wêruh paraning mangandhap | wêruh paraning manginggil | wêruh paraning ing têngah | wêruh parane ing pinggir | wêruh paraning urip | wruh paraning patinipun | kabèh ingkang gumêlar | kang gumrêmêt kang kumêlip | nora samar wêruh parane sadaya ||

14. tamat masalah kaanan | poma èstokêna kaki | aja nganggo kumalamar | rasukên rasane iki | yèn wus wêruh dèn wêrit | dèn asasab aywa umung | aja sawiyah-wiyah | nganggowa parah yèn angling | dèn kêkêra karanane sangkan paran ||

15. yèn maido têmah kopar | kapiran angapirani | dadi ora ngayawara | sulange salah pamilih | tan mingsra kalbèng musrik | sak sêsêk kaliru surup | êmbuh mbuh pinangèran | kèngsêr sire anêlisir | tanpa kusur kabalusuk tibèng sasar ||

16. kèndêl pangandikanira | Jêng Sunan ing Ngampèlgadhing | mêmêjang wijanganira | tanjaning ngèlmu sajati | wau ta kang winisik | Pangran Khalifah ngrêrasuk | rasaning rèh rinasa | pêpajar winiji-wiji | wus kagulung gumêlêng golonganira ||

17. anèng ing sarira Suksma | kang gumêlar anèng bumi | kang sinimpên kang dèn samar | wus munggwing sarira sami | lire wus angawruhi | ing gêlar kukudanipun | pan saking ing manusa | ananing aral sakalir | dadi talêr lêlêre wus kalampahan ||

18. ya ta Pangeran Khalifah | ngaras pada sang ayogi | sarêng praptaning nugraha | cahya gumilang nêlahi | munggwing antarèng alis | ing Pangran Khalifah wau | pratandha katarima | sih-ing guru sang sêdyapti | kang

- -- 76 ---

rumambah ing siswa tanpa wangênan ||

19. ri sampunira mangkana | Jêng Sunan ing Ngampèlgadhing | kondur lan Pangran Khalifah | praptèng padalêmanèki | mêmangun angabêkti | datan sah ing siyang dalu | Jêng Sunan Ngampèldênta | sangsaya tumanêm ing sih | mring kang putra siswa Pangeran Khalifah ||

20. samana ing lama-lama | Pangran Khalifah ingambil | mantu antuk putranira | putri ingkang saking wingking | wus atut palakrami | tan ana sangsayanipun | gya Pangeran Khalifah | kinèn umantuka malih | lamun raja pandhita ing Tandhês seda ||

21. têmbe gumantiya paman | mintasih Pangran Panatih | ingsun ingkang abêbana | sandika kang sinung angling | tan antara wus amit | Jêng Sunan Ngampèl jumurung | mangkat Pangran Khalifah | datan winarna ing margi | sampun praptèng Tandhês padalêmanira ||

22. lajêng marêk saha garwa | mring rama Pangran Pinatih | langkung suka ing wardaya | praptane akanthi rabi | rêsêp Pangran Pinatih | mring putra sakaronipun | anulya dhinawuhan | yèn raja pandhita lalis | langkung ngungun sabdaning guru kanyatan ||

23. ya ta Pangeran Khalifah | karsaning Pangran Pinatih | ginantyakkên lênggahira | raja pandhita kang lalis | wus samya dèn sahidi | jumênêng dadya sêsêpuh | ulu-uluning imam | laladan Tandhês Garêsik | parentahan anèng Pangeran Khalifah ||

24. langkung suka sukurira | tan alami anulya mit | kondur maring Giri Gajah | jinurungan pudyastuti | gya budhalan sarimit [9] | datan winarna ing ênu | wus praptèng Giri Gajah | têtêp ngimami agami | para siswa brangta praptaning sogata ||

--- 77 ---

19. Asmaradana

1. sangsaya dènira alim | ya ta Pangeran Khalifah | mawardi ing agamane | kongsi dadya puruhitan | janma liyan kang prapta | karta raharja kang dhusun | ing Giri Gajah kadhatyan ||

2. samana ing lami-lami | nênggih Jêng Pangran Khalifah | karane padhêkahane | nama Sunan Giripura | gantya ingkang winarna | parêngan ing lakonipun | nênggih nagari Jêpara ||

3. kang dadya sirah mêngkoni | pan Tumênggung Wilatikta | adarbe putra sawiyos | Radèn Sahit namanira | ingkang sampun kasusra | andugalira kalangkung | karêm madat ngabotohan ||

4. kêplèk kècèk dhadhu-posing | karêm nyêbrot ngabotohan | tinundhung ing sudarmane | dadya kesah maring wana | manongan ngulandara | tan suda pamursalipun | mandar sangsaya andadra ||

5. dadya wana Jatisari | tintrim tan ana wong ngambah | pan samya jrih sadayane | sakiranira rahadyan | amatèni dêdalan | ya ta ri mangkana nuju | nênggih Jêng Suhunan Benang ||

6. lampah midêr ing wanadri | anggana datanpa rowang | dupi prapta laladane | talatahing Jatisêkar | Radèn Sahit uninga | lamun wontên wong lêlaku | loyang-loyangan priyangga ||

7. ciptanira Radèn Sahit | mangkya antuk bêburakan | nulya pinanggihan ijèn | angagar-agar kalewang | wau Jêng Sunan Benang | atangginas[10] wacana rum | hèh wong begal dèn saranta ||

8. katanggungan anangani | nganiaya wong sajuga | tur tan ana paedahe | ingsun nora nggawa dunya | amung karana Allah | manira angsung pituduh | jangji nora sinikara ||

9. Radèn Sahit anauri | lah apa pituduhira |

--- 78 ---

Sunan Benang ngandika lon | sira mêngko angantiya | ing dalêm tigang dina | lamun ana wong lêlaku | saking wetan tanpa rowang ||

10. panganggone sarwa langking | lan sumping wora-wari bang | sarta awangi gandane | iku nuli dèn begala | sabab iku sudagar | anamar nênamur laku | nggawa rajabrana kathah ||

11. amituhu Radèn Sahit | warahe sang alêlampah | wasana sande sêdyane | dènirarsa ambêbegal | ya ta Jêng Sunan Bênang | alêstari lampahipun | wus prapta ing Ngampèldênta ||

12. dupi antara tri ari | nênggih Jêng Suhunan Benang | anêtêpi ubanggine | dènira asandi warta | maring wong ambêbegal | angagêm busana wulung | sêsumping worawari bang ||

13. lampah ngilèn mung pribadi | karsane Jêng Sunan Benang | atêrus maring Carêbon | sapraptane Jatisêkar | Radèn Sahit uninga | wong mangangge sarwa wulung | lan sumping worawari bang ||

14. ya ta kang wêwarta nguni | tan taha dyan tinarajang | pan ingadhangan lampahe | wau ta Jêng Sunan Benang | masang cipta sasmita | nulya anon ing lor kidul | wetan kilèn myang ing têngah ||

15. sanalika Radèn Sahit | winalik paningalira | lor kidul wetan myang kulon | ana kang arsa binegal | jatining Sunan Benang | tan owah saking gènipun | pinuja saking mujijat ||

16. Radèn Sahit tan bisa ngling | wimbuh kataman prabawa | tan bangkit kesah saking gèn | ngandika Suhunan Benang | lah mara têkakêna | gonirarsa begal iku | ingsun tan nêdya gingsira ||

17. Radèn Sahit langkung ajrih | ature anuwun tobat | Jêng Sunan ngandika alon | bêcik wong nêdya raharja | yêkti ingsun apura | nanging elinga sirèku | gonirambêk goragodha ||

--- 79 ---

18. emanên badan pribadi | kang anêdakakên sira | kabèh rahayu ambêke | tumêkane jênêngira | pan nora mantra-mantra | dadi nyêbal tan aturut | kalêbu ninggal lanjaran ||

19. apa nora angawruhi | lêpiyaning kuna-kuna | kang padha dadi cariyos | ala kalakuwanira | lawan tindak raharja | ana tandhaning panêmu | têka anrang nêrak sarak ||

20. duk miyarsa Radèn Sahit | tyasira sinung pambuka | rumasa kaluputane | dènnya dadya durjasèng[11] rat | ciptanirèng wardaya | mangke sêdyarsa gêguru | ngalap ambêk kasudarman ||

21. muhung sêdya angastuti | sawusnya angaras pada | Jêng Sunan Benang nulya ge | amêcat muji-jatira | mulya[12] katon sajuga | Radèn Sahit nêmbah matur | dhuh sang kasdu marah arja ||

22. kawula sêdya marèni | awoning lampah kawula | pangèstu tuwan kemawon | kasagêdna kasêmbadan | nglêluri ayuning rat | Jêng Sunan ngandika arum | darma naksèni kewala ||

23. bêcikira sun idèni | jangji mantêp sêdyanira | manawa ana bêgjane | parêng ing sih rahmatu'llah | apa wus nora was-was | kudu anut sarèhingsun | ature sumanggèng karsa ||

24. Jêng Sunan Benang anuli | nancêbakên êcisira | pan sarya ngandika alon | hèh Sahit iki cisingwang | tunggunên cêkêlana | lamun ingsun durung rawuh | aywa sira lunga-lunga ||

25. mêngko karia basuki | ingsun nutugakên lampah | Dyan Sahit angèstokake | wau Jêng Suhunan Benang | lêstari lampahira | kunêng gantya kang winuwus | kang anèng ing Ngampèldênta ||

26. duk samana amarêngi | anênggih Rahadèn Patah | marêk ing Jêng Sunan Ngampèl | minta prênah patanahan | kang apantês kanggenan |

--- 80 ---

Jêng Sunan Katib anuduh | ing prênah panggènanira ||

27. kinèn ngilèna lumaris | maring wana ing Bintara | pan ing Dêmak talatahe | nuli kinèn ngulatana | ingkang dadya pratandha | yèn manggih glagah ganda rum | sanggène dèn dhêkahana ||

28. sayêkti ing têmbe buri | Bintara dadya nagara | prênahing glagah gandane | Radèn Patah tan lênggana | pituduhing martuwa | tur wus dadya gurunipun | sanalika lajêng mangkat ||

29. sagarwa putra tan kari | bêkta kanthi sawatara | ing marga tan winiraos | praptaning wana Bintara | angulati galagah | ingkang amawa ganda rum | samana sampun kapanggya ||

30. ênggèning galagah wangi | wau ta Rahadèn Patah | kèndêl lêrêm sawadyane | pan samya ambabat wana | bêbadra karya wisma | tan antara dadya dhukuh | kèh janma kèlu sarkara ||

20. Dhandhanggula

1. pan wus kathah kang ngayum pêpanti | ing Bintara pan wus karta arja | kadi praja karajane | ya ta malih winuwus | Jêng Suhunan ing Ngampèlgadhing | wontên ta putranira | ran Masakèh Mahmut | kadange Jêng Sunan Benang | sanès ibu saentarira ing nguni | kang putra Radèn Patah ||

2. sinung prênah kinèn angimami | talatahing wukir Muryapada | kang putra tan lêngganèng rèh | Sang Sèkh Masakèh Mahmut | duk samana anglaksanani | mangkat sakulawarga | ing sarawuhipun | anèng wukir Muryapada | adhêdhukuh sangkêp dènnya pasang rakit | karajan karta arja ||

3. têtêp dènnya ngimami agami | lajêng nama Jêng Sunan Darajat | sinuyuman ulama kèh | dadya paguron agung | Muryapada kadya nagari |

--- 81 ---

awisma bêbanjaran | sanggèn-nggèn adhukuh | nihan mangkya kawarnaa | Jêng Suhunan Giri Gajah amarêngi | anglampahi angluwat ||

4. antuk pitung dina pitung bêngi | nèng kaluwat tan dhahar tan nendra | amatèkakên ragane | lan duk sadurungipun | angaluwat duk anglampahi | tapa ing tigang wulan | ing sawêdalipun | dènira tapa ngaluwat | awêkasan lir badan suksma sajati | waspadèng dat sanyata ||

5. yayah dumunung ing insan kamil | pan wus sirna pawujuding dunya | kondur mring padalêmane | ri sang kana winuwus | amarêngi dina sawiji | wontên ta putranira | jalu maksih timur | pan mêntas sapihan enggal | manggung beka ruhara dènnya anangis | sinambut ingkang rama ||

6. binêkta mêng-amêng maring jawi | kang supados aring dènnya mular | pêksa tan suda tangise | duk samana anuju | sandhing sela sapinggir kali | nglangkungi agêngira | kawêkèn ing kalbu | dènnya ngênêng-nêng ing putra | sela agêng kang wontên sapinggir kali | ingawatkan[13] dipangga ||

7. tan antara ponang sela nuli | lajêng gambira dadya dipangga | ing ngriku kang putra sarèh | kèndêl dènira muwun | ajrih maring solahing èsthi | Jêng Sunan Giri Gajah | rumaos kaduwung | dene têka kabrabeyan | dadya tobat minta aksamaning Widhi | angênêngakên cipta ||

8. ponang èsthi sinung sabda malih | gajah watu wangsul dadya sela | mulih maring ing asale | Jêng Sunan Giri kondur | amangsuli carita malih | nênggih Jêng Sunan Benang | saking alêlaku | karsa maring Jatisêkar | anuwèni kang putra Rahadèn Sahit | apa mantêp ing sêdya ||

9. sapraptaning wana Jatisari | Radèn Sahit datan nêdya kesah | ngugêri guru wêlinge |

--- 82 ---

dyan pinariksa gupuh | Radèn Sahit sasat ngêmasi | kantun kêtêk kewala | Sunan Benang wau | locitanirèng wardaya | bocah iki baya kêna sun dandani | dadine sadu dibya ||

10. tan antara anulya winisik | jatining ngèlmu rasa sasmita | sakala bisa nggarègèh | règèng-règèng alungguh | anampani sarahsèng ngèlmi | kabuka ing wardaya | nugraha kang rawuh | sawusnya angaras pada | Radèn Sahit wus rinilan kesah saking | ing wana Jatisêkar ||

11. sarêng dènira linggar sang kalih | Jêng Suhunan kondur maring Benang | radèn kesah saparane | anutugakên laku | amartapa ngidêri bumi | lajêng tapa angluwat | cêgah mangan turu | dènira mèt kanyatahan | gaibing Hyang kang anèng manusa yêkti | mêmêsu masuh raga ||

12. ênêngêna gantya kang winarni | nênggih nagari ing Majalêngka | Prabu Brawijaya mangke | myarsa pawarta umum | lamun tanah ing Bintarèki | ana janma dhêdhêkah | akasub kasumbung | nênggih kawêntaring kathah | ingaranan kusuma sudibya sakti | aparamartèng wadya ||

13. kyèhning janma samya lulut asih | èsthinirarsa rêrakit kitha | sang nata langkung dukane | cipta yèn dadya mungsuh | bok andadra ambilahèni | lamun nora pinapas | têmbe akaryèwuh | matur Arya Pêcattandha | dhuh pukulun kauningana dewa ji | kang dados têmbung warta ||

14. apan kadang amba sêpuh Gusti | tunggil biyung saking putri Cina | sumangga dadya karsane | jangji sampun umatur | masa borong dènnya anggalih | Sang Prabu Brawijaya | duk miyarsa atur | ana karasa ing driya | angèngêti duk Arya Damar ing nguni | katriman putri Cina ||

--- 83 ---

15. wus amawa wawratan tri sasi | nanging dèrèng nganggêp babar pisan | rèhning dèrèng wruh yêktine | wasana ngandika rum | lamun nyata aturirèki | sun-têmpuhakên sira | timbalana gupuh | iya kadangira tuwa | sun kanthèni wadyaningsun wong prajurit | nggawa gêlar sapapan ||

16. dhawuhêna ing timbalan mami | lamun mopo rampungana pisan | yèn gêlêm seba ing têmbe | sun junjung lungguhipun | Pêcattandha gya lèngsèr aglis | lajêng atata-tata | samêktaning laku | prajurit ing Majalêngka | kang pinatah umiring duta pangarsi | sangkêp sagêgamannya ||

17. pêpilihan têdaking winani | winatara ana wong salêksa | tan antara budhal age | sang dipati ing Têrung | ing samarga-marga prihatin | asih trêsna kang ketang | bok kaliru surup | mopo dènnya tinimbalan | ewuh-aya paran dènira mbolèhi | sarirane katêmpah ||

18. pan kapêksa dinuta ing Gusti | saupama matura acabar | tan sagêd anyebakake | maring kadange sapuh | baya antuk pangira batin | sakutu tunggal karsa | yèn manuta dhawuh | lamun lênggana tan seba | ingkang raka lajêng kinèn animbali | tan wurung bantên nyawa ||

19. dangu-dangu pamanggihing galih | amung pasrah sumendhe ing titah | yèn makatên panêmune | sukur antuk pitulung | ingkang raka anut pinurih | ing atur pamiluta | lêpas lampahipun | praptèng laladan Bintara | bêbanjaran èsthane kadya nagari | kanggènan ing sri nata ||

21. Sinom

1. para wadya Majalêngka | sadandananing ajurit | anut pangrèhing pangarsa | Pêcattandha andhawuhi | kinèn apasang rakit | pasanggrahan kang apatut | sajuru-jurunira |

--- 84 ---

kang liningan nglaksanani | wadyabala wus atata pasanggrahan ||

2. warnanên wadyèng Bintara | kang samya kanggènan baris | samya angungsi sasaran | cipta lamun dèn lurugi | saking ing Majapait | rumasa keroban mungsuh | katur ing Radèn Patah | undhang ing sawadya sami | saanane kinèn samêkta bêbaya ||

3. nahan saajanging ajang | nêdya purun nanggulangi | wadya sayuk abipraya | labuh parêng angêmasi | tan antara miyarsi | lamun panganjuring laku | Dipati Pêcattandha | kadange nèm tunggil bibi | Radèn Patah karasa-rasa ing driya ||

4. ketang sih kadang taruna | kesahe mring tanah Jawi | anglabuhi saba paran | mangkya dinuta ing Gusti | kinarya senapati | anglurugi jênêngipun | nggawa gêlar sapapan | paran dadining ajurit | mungsuh kadang tur atunggal dadah dulang ||

5. ananging sun rasa-rasa | nora prabeda ing batin | mêngkono pangangênira | saking kapêksa ing Gusti | bundêr raosing galih | kalamun wus bêgjanipun | lah iya kinapakna | lamun anungkula isin | awasana anglindhung karsaning Suksma ||

6. tibaning lêlakonira | maksih kênèng sanggarunggi | dhêdhêp wadya sa-Bintara | wrin Gustine ngêmu sêdhih | nanging tan ana ngrêti | kang dadya wêwadosipun | pangiraning pra wadya | mung ketang ajrih ing jurit | wong bêbadra rinoban wong sanagara ||

7. warnanên kang masanggrahan | wadyabala Majapait | anênêrang rèh ing karsa | kang dinuta mandhegani | Pêcattandha anuding | wadya katiga lumaku | sarta mawa pustaka | kadi kadi nantang jurit | angêngantêp tita pangastining sêdya ||

8. karya gêlar rekadaya | yèn prapta priyangga sirik | bok rinasan para wadya | kirang

--- 85 ---

kasujanan budi | marma tinrap ing tulis | tulusa dènnya tumanduk | tan dadya ewuh-aya | pamilutaning pangarih | tan antara duta lampahe wus prapta ||

9. ngarsane Rahadèn Patah | angaturakên kintaki | wus pinundhut tinupiksa | bêbuka ungêling tulis | tur sêmbah pangabêkti | pun ari Dipati Têrung | amba atur uninga | lampah kawula puniki | pan kapêksa dinuta ing sri narendra ||

10. ngantêp ing sêdya paduka | mangkya tuwan dèn timbali | ing rama paduka Nata | lamun karsaa sumiwi | sêdya pinaring linggih | upami lêngganèng dhawuh | mopo purun amampang | kawula kinèn ngrampungi | nanging ulun sèstu botên pisan-pisan ||

11. amêngsah ing kadang tuwa | kang sampun kapulêt ing sih | tan sah ing salaminira | mung ajrih kapurbèng Gusti | upami tan nglampahi | pakèwêd raosing kalbu | bok kêni ing pangira | murina kadang sayêkti | karya suda pangandêlaning suwita ||

12. nêmpuh byat purun lumampah | kalakona dadya jurit | amba mung ngaturkên pêjah | tan nêdya lumawan tandhing | saèstu sampun wajib | anguntapna pêjah-ulun | nanging yogya kawarta | mila manawi marêngi | sih ing kadang nggaliha rêksa rumêksa ||

13. paduka asumiwiya | ing ramanta sri bupati | bok manggih darajat mulya | tur sae dipun tingali | ajrih maring sudarmi | sudarmane sih ing sunu | lan têmbung kaelokan | bapa kolu maring siwi | jangji anut nêting sih dumunung manah ||

14. lan wêwatoning wong tuwa | lèsèhe yèn dèn slondhohi | mampange yèn tinandhingan | marma paduka dèn eling | wêlas daging adaging | lulus sapanginggilipun | botên dados pocapan | wasana paduka galih | pakèwêde têmbe wingking ulatana ||

--- 86 ---

15. mung dèn agêng pangaksama | botên pisan amamardi | mamarah ing kadang tuwa | mung saking trêsna sayêkti | titi ungêling tulis | Radèn Patah suka ngungun | wasana tyas kalêgan | nêdya nut pangrèhing ari | pêngemane pan saking rêksa rumêksa ||

16. lajêng akarya wangsulan | tan adangu sampun dadi | sinungkên duta pangarsa | kanthi ginanjar pisalin | busana mrêta sami | katanggapan atur nuwun | duta wus pamit mentar | linilan lumèngsèr ngarsi | lêlancaran datan winarna ing marga ||

17. wus prapta ing ngarsanira | Sang Pêcattandha Dipati | ngaturkên sul-angsul sêrat | binuka têmbunging tulis | nihan kang pudyastuti | lumintu mawantu- wantu | saking ing kadang tuwa | Radèn Patah kang sêdya sih | maring yayi Sang Dipati Pêcattandha ||

18. sawusing kadya punika | yayi ambalang kintèki | sarahsane wus kadhadha | sayêkti ingsun turuti | aywa awancak galih | nanging budhala rumuhun | sun bangêt anarima | prasêtyanira ing mami | anglabêti sih trêsna tanpa wangênan ||

19. ngeman awèh palimarma | bêcik lamun dèn turuti | sapadha-padha raharja | yayi para lawan mami | lêstari ing salami | nora kapêdhotan tuwuh | ênggone akêkadang | padhaa tarik-tinarik | sukur bage aywa sah salaminira ||

20. tamat wiraosing surat | Sang Pêcattandha Dipati | kalangkung sukaning driya | dene kang raka wus kandhih | lajêng undang tumuli | mbudhalakên wadyanipun | mantuk mring Majalêngka | dene mungsuhe wus nglêndhih | nêdya ngasor asung pratandha ing surat ||

21. sadaya atur sumangga | sarèhning dènnya tinuding | apan sampun angsal garan | gampil yèn cidra ing jangji | Pêcattandha lingnya ris | sayêkti wus anèng aku | yèn dadining rubeda | têmahan samya ngastuti | Pêcattandha [Pê...]

--- 87 ---

[...cattandha] lajêng bidhal saha wadya ||

22. gumuruh samarga-marga | lir mêntas ajayèng jurit | sagung wadyèng Majalêngka | datan winarna ing margi | wus praptèng Majapait | Sang Adipati ing Têrung | lajêng umanjing pura | marêk ing ngarsa Narpati | aturira gambuh gambirèng wardaya ||

22. Gambuh

1. sri narendra andangu | paran karya praptanira kulup | ênggonira sun-duta mungkasi kardi | Pêcattandha nêmbah matur | dhuh pukulun sang akatong ||

2. amba sampun ingutus | animbali kadang amba sêpuh | Radèn Patah sadhatêng amba ing nguni | pakèwêd raosing kalbu | manawi ulun têtêmon ||

3. bok lajêng botên anut | kang saèstu campuh pêjah sampyuh | wit kawula rumaos dinutèng Gusti | tan etang-etung sadulur | mung ngêmban purbaning Katong ||

4. nanging pangraos ulun | ular-ular pambekaling kewuh | pakantuka rumêksa sakalih-kalih | rèhning anêbu sauyun | pinayu rèh karahayon ||

5. sasagêd-sagêd ulun | rekadaya mamèt pasang patut | ing panantun kawula tumrapkên tulis | pamiluta têmbung alus | supados nglêndhih kemawon ||

6. pan saraosing dhawuh | padukendra kapajar sadarum | sampun dunung kawula mulêt malat sih | mèt prana karênanipun | trêsnaning kadang karongron ||

7. pun raka enggalipun | darbe kogêl maringi sul-angsul | sarêng mangke katura paduka aji | pustaka nulya pinundhut | binuka lajêng winaos ||

8. saraosnya [14] wus dunung | sri narendra langkung sukèng kalbu | dene Radèn Patah sampun mratandhani | yèn têmbe arsa anungkul |

--- 88 ---

wasana ngandika alon ||

9. maring Dipati Têrung | bênêr kulup gêlarira iku | dadi padha angeman daging adaging | aja kongsi kongsêp kungsul | lulusa ngroyom-rinoyom ||

10. nanging samono mau | lamun ana palèsèding catur | tan nêtêpi sun têmpuhakên sirèki | Pêcattandha alon matur | ulun sumangga Sang Katong ||

11. lajêng kalilan mundur | amakuwon Dipati ing Têrung | lawan wadya prawira kang mêntas ngiring | lèngsèr saking ngarsa prabu | sadaya wus amakuwon ||

12. binoga pra sadarum | myang pisalin kang asarwa luhung | wadyabala nanggapi kamartaning sih | kadarmaning ratunipun | kang rumambah tan atowong ||

13. ri mangkana ta wau | tan alami Radèn Patah rawuh | amung kering wadya santri sawatawis | kawangwang wangunanipun | mêlasasih mangalap sor ||

14. praptaning praja gupuh | kerid dening risang Mantri Ngayun | manjing pura kandhêg anèng Srimanganti | patih tur uningèng prabu | sri narendra lajêng miyos ||

15. têdhak ing kori Mangu | lênggah ginarêbêg ing para rum | Radèn Patah sarawuhira sang aji | konjêm kang muka ndhêkukul | mangkana wau Sang Katong ||

16. nalikanya andulu | Radèn Patah wêwangunanipun | èsmu wêlas karaos sajroning galih | dinuga prayogèng tanduk | pasang-liringing pasêmon ||

17. myang solah bawanipun | dêdêg pangadêg wijanganipun | ing sarira sami kalawan sang aji | ri mangkana sang aprabu | ing tyas sangsaya sumêdhot ||

18. rumaos talêripun | saking Rêtna Subanci ing dangu | duk ambobot katrimakakên mêngkoni | Sang Arya Damar rumuhun | bok iki

--- 89 ---

dadine mêngko ||

19. nanging tyas maksih mangu | dene dèrèng trang pandangunipun | marma kêdah anandha kang dadya saksi | sang nata lajêng amundhut | paèsan sampun sumaos ||

20. nulya ngilo sang prabu | mawas wayangan ingkang kadulu | sariranya lan Radèn Patah kang warni | tan ana prabedanipun | mung kaot sêpuh lan anom ||

21. kênyaring prabanipun | miwah rompyohing sariranipun | Radèn Patah saèstu sampun ngêblêgi[15] | lan citranira sang prabu | kadi jambe nom pinaro ||

22. sang nata suka ndulu | kapirênan lumuntur sihipun | awasana linunturan sabda manis | rinangkul lungayanipun | babo Patah putraningong ||

23. samêngko sira kulup | pantês lamun dadi abdiningsun | Radèn Patah ngaras padèng narapati | ature sumanggèng kayun | sotah ngabdèkkên wong bodho ||

24. tan wrin ing unggah-ungguh | tatakrama ngawula ing ratu | sampun kirang sagantêning pangaksami | mung ngaliha[16] lowung-lowung | dadya tênggan juru kêbon ||

25. Rahadyan Patah wau | lajêng ginanjar busana luhung | neka warna karênan amrêta sami | samoha tinampèn sampun | tur nuhun dahat kacadhong ||

26. lajêng kasaput dalu | sri narendra kondur angadhatun | Radèn Patah sinung pakuwon ing puri | tinunggilkên putra prabu | sinungga-sungga tan towong ||

27. pan sarêng enjingipun | sri narendra amiyos supênuh | pêpak wadyabala kang samya anangkil | kya patih kaparêng ngayun | angandika sang akatong ||

28. hèh patih kawruhanmu | dhawuhêna mêngko karsaningsun | pan si Patah iya sun ganjar palinggih | ngong sêngkakakên ngaluhur | manjing [man...]

--- 90 ---

[...jing] dadya wadyaningong ||

29. angrèha Bintarèku | jajar lawan si Dipati Têrung | iya uga sun jênêngkên adipati | ingsun wèhi sadasèwu | supaya gêlis angrodon ||

30. dene ta wajibipun | pratandhane kawêngku dening sun | asebaa kalamasa Sênèn Kêmis | anèng pagêlaran ingsun | patih sandika wotsinom ||

31. sarèhning karsa prabu | lajêng dhinawuhakên sadarum | maring Radèn Patah kang linunturan sih | ature sèwu anuwun | kanugrahan kang dhumawoh ||

32. parêng wadya jumurung | anastuti samya saur manuk | Radèn Patah gurawalan mangabêkti | ing suku sang maha prabu | winisik sabda sajatos ||

33. hi babo putraningsun | besuk esuk abudhala gupuh | arjakêna padhukuhan Bintarèki | karana ing têmbe iku | bisa yèn dadya karaton ||

34. lan pangalihing pulung | anèng nagara Bintara besuk | dene sebanira marang Majapait | mung sabên masa Katêlu | dadi sawarsa [...]umaos ||[17]

35. Dipati Bintarèku | aturira sakalangkung nuwun | amêmundhi wahyaning kang wahyu jati | lumantar karya marta yu | kawiryawan kang rumoyom ||

36. ya ta sasampunipun | abibaran kang samya supênuh | sri narendra kondur maring dalêm puri | kya patih sakancanipun | sowang-sowangan makuwon ||

37. lajêng kasaput dalu | datan winarna rêroncènipun | sarêng enjing Dipati ing Bintarèki | wus amit sang maha prabu | linilan sawadya bodhol ||

38. lan sadandananipun | ubarampe sapakartinipun | wus kabêkta gumuruh samargi-margi | wong kang samya usung-usung | saparantining [saparanti...]

--- 91 ---

[...ning] bot repot ||

39. datan winarnèng ênu | sampun prapta dhukuh Bintarèku | sowang-sowang sasênênge pasang rakit | ing papan pomahanipun | wus karta raharja ngrodon ||

40. janma kang adhêdhukuh | jêjêl angrèp tan kêna ingetung | ing Bintara wus arja kadya nagari | sabdaning pandhita ratu | samya nartani kalakon ||

41. Sunan Ngampèl rumuhun | ping kalihe Brawijaya Prabu | anawabi ring sabda amratandhani | mung kari tibaning pulung | pinucung rèh paraning don ||

23. Pocung [18]

1. gantya wau Radèn Sahit kang winuwus | dènira angluwat | antarantuk tigang sasi | saluware kadi suksma ngejawantah ||

2. raosipun sesining rat wus kagulung | gêgolonganira | gumilang tanpa ling-aling | nanging dèrèng antuk tandha kanyataan ||

3. kabulipun lèlèring gêlar anggulung | ing ari ijabah | rumambah ing lair batin | anartani kakênan ing kene kana ||

4. lamun durung katonton nyata kang tamtu | mangunah karamat | tan pêgat dènira ngudi | nora ketang bantêr-bantêr tapa brata ||

5. ciptanipun asagêda undha-usuk | lawan gurunira | pirabara angungkuli | musêng mêsu tinalêsih sah ing cipta ||

6. sawusipun Radèn Sahit alêlaku | matêngakên tapa | angèli ilining kali | sarwi nyangking gêni murub kantar-kantar ||

7. lamun sampun praptèng sawanganing laut | wau kang dahana | cinêlupakên ing warih | maksih pêjah pan wangsul-wangsul kewala ||

8. maring luhur angèli kali tinurut | ndungkap kaping sapta | praptèng sawangan jaladri | gêni murub cinêlupakên ing toya ||

9. nora surud maksih ajêg urubipun | Dyan

--- 92 ---

Sahit gya mêntas | ragi marêm ing panggalih | ngudi nyata mangkya antuk kanyataan ||

10. sah lêlaku mangilèn ing purugipun | Cirêbon sinêdya | sapraptaning Gunung Jati | lajêng njujug sajroning masjid araryan ||

11. anênamur kadi wong bumi puniku | tanggap angkat karya | anut marbot lawan kêtib | sabên dalu ngisèni ponang pabongan ||

12. têgêsipun basa pabongan puniku | artine padasan | tan ana kang angyaktèni | ing lamining dina ana kang uninga ||

13. lajêng katur jêng sunan ing Jati Gunung | tingkah kang mangkana | jêng sunan wêlas ningali | dene sabên toyaning pabongan asat ||

14. kang angangsu angisèni isinipun | mung marbot satunggal | Jêng Sunan ing Gunung Jati | tan anyana yèn ana wong nêmbe prapta ||

15. kang angangsu ginalih marbot satuhu | dadya kang pabongan | pan sinatakên kang warih | wusing asat nulya ingisenan êmas ||

16. karsanipun ingalapa juru ngangsu | ingkang winêlasan | kawarnaa Radèn Sahit | sarêng enjing sêdya ngisèni padasan ||

17. kagyat ndulu pabongan sat toyanipun | ing jro ngisenan mas | ngartika sajroning galih | yèn cinoba dening kang para oliya ||

18. tan adangu pabongan saumpakipun | pinudya dadya mas | nulya kadya kancana di | katarima rèhning mujijat karamat ||

19. sarêng esuk Jêng Sunan ing Jati Gunung | têdhak arsa salat | sarawuhira ing masjid | tan alami pabongan saumpakira ||

20. malih wujud pan dadya êmas sadarum | ngungun sanalika | muwus sadalêming batin | yèn marbote ika yêkti Waliu'llah ||

21. tan adangu tinimbalan jêng sinuhun | wus prapta ing ngarsa | anênggih Rahadèn Sahit | tinakenan nama kawijilanira ||

--- 93 ---

22. alon matur Dyan Sahit mring jêng sinuhun | dhuh Sang Maha Yogya | tuwan parasdya ngêngudi | aluraning salsilah badan kawula ||

23. kang satuhu saking Jêpara pukulun | pun Sahit wastamba | ingkang ngwontênakên kami | apanêngran Tumênggung Mlayakusuma ||

24. urutipun saking kaki duk rumuhun | trahing wong ulama | tanah sabrang atas-angin | pan tinanêm dadya Bupati ing Tuban ||

25. marmanipun bapa kawula ing dangu | katêngêran nama | dening Sri Brawijaya ji | apêparab Ki Tumênggung Wilatikta ||

26. lênggahipun ing Jêpara kang winêngku | wau duk miyarsa | Jêng Sunan ing Gunung Jati | alurannya langkung suka ing wardaya ||

27. rêna sarju rêsêp rumêsêp rumasuk | kadi tan kêna sah | cipta lamun antuk kanthi | Jêng Sinuhun lan Radèn Sahit asalat ||

28. sawusipun jêng sunan anulya kondur | padalêmanira | Dyan Sahit tan kêna kari | lami-lami saya kasok sih katrêsnan ||

29. pinikasdu pinèt ipe gya dhinaup | lan kadang wanudya | warnane ayu linuwih | apêparab nama Rêtna Siti Jenab ||

30. sarta sinung nama dening jêng sinuhun | nênggih Sèkh Malaya | atut dènnya palakrama | tan alami kinèn adhukuh ing wana ||

31. sinung dunung panggenan ingkang pakantuk | kinarya dhêdhêkah | Sèkh Malaya anastuti | lajêng mangkat bêbadra ababad wana ||

32. siyang dalu Sèkh Malaya alêlaku | pan ajaga-jaga | nèng papan kang dèn dunungi | amêminta kaharjaning padhukuhan ||

33. enggalipun wus raharja ponang dhukuh | kathah kang awisma | pradesane wus sarwa sri | sinung nama padhukuhan Kalijaga ||

34. karsanipun anênggih minta sêsêpuh | kawruhing ngèlmu khak | mring Jêng Sunan Gunungjati | dimèn tamsil sarahsaning babarpisan ||

--- 94 ---

35. marêk gupuh ature amêlasayun | dhuh sêmbahan amba | kalunturana pun patik | kêdah kêsdu ngèstokakên ngèstu pada ||

36. jêng sinuhun karênan ing galihipun | maring Sèkh Malaya | dupi wanci sampun ratri | gya kinanthi maring ing nggèn pasênêtan ||

24. Kinanthi

1. Sèkh Malaya nêmbah matur | mring Jêng Sunan Gunungjati | dhuh pukulun sang pinudya | amba minta tuduh jati | singir kang sampun kinocap | paran artosipun mangkin ||

2. wontêna ing sih pikulun | rèhning mudha damèng budi | sasat sato upaminya | Jêng Sunan ing Gunung Jati | alon dènira ngandika | rungunên mêngko sun wisik ||

3. têgêse singir pan kidung | kinarya pangeling-eling | para sèkh ing tanah Arab | yèn pana winor ing gêndhing | sadhapur singir punika | saking Sèkh Ibrahim Arki ||

4. iya tatkalane panggut | ing kaca ingkang barêsih | yèku lawan dewangkara | mangka antarane kadi | dahana akantar-kantar | wus nyata tanpa ling-aling ||

5. sabawang sumilir iku | iya kang sêdya ngulati | kalawan kang ingulatan | iya kang nêdya pinanggih | yayi rasakna dèn krasa | puniku ujaring singir ||

6. wontên malih singiripun | asale saking Sèkh Sabti | satuhu makrifatira | têtêp dadi aling-aling | antarane kang tumingal | nênggih mring kang dèn tingali ||

7. sirnakna ing tingalipun | ing liyan kang dèn tingali | wontên malih singiringwang | nênggih saking Sèkh Mukidin | Kangjêng Sèkh Mukidin mapan | kang putra Sèkh ing Arabi ||

8. yèn mikir tanjèh sirèku | dadia kang bangêt nuli | yèn amikir tasbèh sira | ing

--- 95 ---

wêwilange dèn dadi | yèn katam karone sira | dadi surasa sayêkti ||

9. aningalana sirèku | ing Gusti kalawan Gusti | kalawan kumpule ika | aja pisahe dèn pikir | yèn uwis mangkono sira | Maha Suci Maha Gusti ||

10. kalèkên nyataning makhluk | kalamun sira nduwèni | mata kalawan paningal | kang makhluk puniku dadi | kanyataaning kalèkan | yèn sira iku nduwèni ||

11. angên-angên lawan kalbu | yèn nora nduwèni uwis | aja kudu amicara | tanpa gawe wong ngaurip | kalamun sira wus nyata | duwe mata karo ati ||

12. sayêktine kang kadulu | liyan kang tingal sawiji | sawiji ing dalêm rupa | puniku singir pan maksih | kang saking Kangjêng Sèkh nama | Mujidina[19] Ibnu Arbi ||

13. padha nyirnakna puniku | têtulisan kang tinulis | lan sakèhe kitabira | kang muni pangucap ngèlmi | lamun nora mangkonoa | tan kagêpok kang sayêkti ||

14. lawan ing tyas tan atêguh | katungkul pijêr ngulati | karana satêmên uga | [...] |[20] [...] |[21] ing sawuwus ingsun iki ||

15. minangka kutha pikukuh | ing kutha angênguthani | pan kutha kuthaning kutha | kèdêran kang angubêngi | ing lêlarèn pancadriya | tan kêna binêdhah dening ||

16. sasmita dangdananipun | apan nora angêntasi | amung binêdhah ing baka | yèku ingkang angubêngi | agême Sèkh Aribi'llah | kang darbe kidung puniki ||

17. lah punika kidungipun | Sèkh Abu Yajib Bastami | tan ana paningalira | amung ingkang angalingi | pan nora na ingkang ilang | pan anging pandêngirèki ||

18. sapa yun wruh ing sirèku | iya tingalana saking | saking sira sarta sira | têmuning sira [si...]

--- 96 ---

[...ra] sirèki | pan dumêling ananira | sasama samèng sasami ||

19. nora beda lawan ingsun | yèn dedea iku sisip | yèn tunggala iku sasar | sasar sisip wujud siji | agawok ingsun tumingal | ing wong angulati Gusti ||

20. sun srahkên birahiningsun | marang angên ingsun iki | mangka gêsêng ciptaningwang | gêni badan kang nggêsêngi | sayêktine nuli kêna | ingkang para mbirahèni ||

21. sayêkti badan kumêlun | rêmuk ing rèh manaputi | lan singir malih punika | kidungane Sèkh Rudadi | mangkana pandhita mulya | Sujadi wa Kuwatihi ||

22. pangandikane Hyang Agung | kalamun ingsun kapanggih | kalawan kêkasihingwang | dadi kawula pan mami | kalamun ingsun kapisah | kalawan kêkasih mami ||

23. sun dadi ratuning ratu | ratu ratuning sabumi | ratu angratoni jagad | ratu ratu angratoni | ing ratu ratu sadaya | mangkana Jêng Sèkh Rudadi ||

24. lah punika singiripun | Sèkh Samangu Asarani | ing ngêndi ananing ana | ananing beda ing ngêndi | ananing beda lan ana | apa pisah apa tunggil ||

25. lawan êndi wohing banyu | kang mêtu saking wiyati | têgêse woh banyu ika | saking wite ingkang mijil | yêkti wênang saking tunggal | paworing woh lawan uwit ||

26. uwus yayi mung puniku | mungguh babaraning singir | tarbukaning sangkanparan | kêni kinarya nyaringi | panglimbanging budinira | Sèkh Malaya anampèni ||

27. kanugrahan kang linuhung | sarahsaning wos wus tamsil | Sèkh Malaya ngaras pada | mring Jêng Sunan Gunungjati | alon wau aturira | wong dadya guru sajati ||

28. yèn kirang waspadèng sêmu | kasamaran têmah mamring | rahsane datan kacêkap | kathah guru-guru [gu...]

--- 97 ---

[...ru-guru] sisip | kèngsêr sire kabalasar | tulus amangeran tulis ||

29. Jêng Sunan ngandika arum | angèl pratingkahing urip | sanadyan ahlia kitab | ahli suluk ahli pikir | lamun nora puruita | tatane kurang prêmati ||

30. dene pra oliya sagung | tulis mung mangka pangeling | nanging rahsane datan sah | sahe saking tinalêsih | maksude musawaratan | mrih mulyane mêgat pati ||

25. Mêgatruh

1. Nabi Musa ngaku luhur tanpa guru | ngamungkên ujaring tulis | ngandêlakên Torètipun | dèn nyana wus anguwisi | tan wruh lamun maksih adoh ||

2. mèh kalantur ing pratingkah èsmu puguh | gya binêndon ing Hyang Widhi | nulya kinèn anggêguru | nggêguru mring Nabi Kilir | kang kari anut mangkono ||

3. sajatine ingkang aran guru iku | dudu guru muruk ngaji | dudu guru muruk ngidung | dudu guru muruk tulis | dudu guru muruk ngêdot ||

4. dudu guru muruk kasêktèn puniku | dudu guru muruk dhikir | paguron anane iku | dene guru kang sayêkti | kang amêjang ngèlmu jatos ||

5. aja sira nggêguru pandhita bêsus | pandhita sipat namèki | lan falafat malihipun | tabêrèn sêsanjan nênggih | yèku pandhita angomong ||

6. tuwin aja nggêguru pandhita lêngus | yèku pandhita sak sêrik | lawan aja anggêguru | pandhita kakèhan sikir | karya was-uwasing batos ||

7. lawan aja nggêguru pandhita gundhul | pan iku pandhita lamis | apan kangjêng nabi rasul | remane amung sumunggi | kapirit lawan bêbaon ||

--- 98 ---

8. pan sakabat sakawan bela jêng rasul | kapat pisan pan sumunggi | kangjêng rasul parasipun | sajêge mung sapisan thil | pan ora kongsi amindho ||

9. kang utama pandhita ngaku baliku | sasolahe ambodhoni | zayinnapsaka puniku | anênggih bilmaksiyati | solah tingkah kang mangkono ||

10. dene zayinnapsaka pandhita iku | têgêse bilmaksiyati | pandhita kang ngingu rambut | paèsing awak sayêkti | dudu paèsing panganggo ||

11. dêbog bosok mrak kacancang gênthong umus | iku pandhita kasirik | lawan tawan brana iku | buja kirana marsandi | karo utama ginuron ||

12. katigane pandhita wiladi iku | kang utama dèn guroni | lire dêbog bosok iku | lara gêng kang pandhitèki | mrak kacancang anyêngungong ||

13. têgêsipun têkabure kèh kawêtu | lumaku yèn dèn guroni | têgêse kang gênthong umus | gêbrèh tan bisa ngrawati | wêtune saênggon-ênggon ||

14. dene tawan brana pandhita puniku | kang ana labêting kanin | lan sapêpadhane iku | kang acacad kang aciri | sirikên aja ginuron ||

15. pandhita kang buja kirana puniku | tan pêgat amangun tapi | nyêgah napsu hawanipun | pakarêman dèn buwangi | saciptane wus sayêktos ||

16. pan waluya sadaya pangèstunipun | tan ana kawula gusti | wus karêm ing ora iku | dene pandhita marsandi | kang ngibadah lair batos ||

17. nora pêgat mulyakkên sariranipun | pujine ngèbêki bumi | saosike ênêngipun | nora samar dadi puji | sêmbah pujine tan pêgot ||

18. dene ingkang pandhita wiladi iku | asarèh

--- 99 ---

wuwuse aris | tan wuruk sudi karyèku | lakune pandhita supi | dèn antêpi lair batos ||

19. wontên ruke[22] pandhita salah ing ngèlmu | wa[23] llahu a'lam yèn mati | mêngkono ing tekadipun | besuk yèn ingsun ngêmasi | mulih maring purwaningong ||

20. maring nukat gaib ing pinangkanipun | rêrêmukan wujud dhingin | mati bali maring wujud | iku pandhita kasirik | tan kêna tinut wong bodho ||

21. muridipun puniku dadi wong mêrdud | pandhita satêngah malih | ora na Pangeran iku | sapêncaring nukat gaib | jêbule pasthi nyatèngong ||

22. besuk ingsun samêngkone iya ingsun | awal akir masesani | jagad kabèh ingsun tênun | nora nana batal bitil | karam kèrèm mêkrah mêkroh ||

23. lanang wadon nora nana walêripun | Allah nora marentahi | gawe batal karam iku | pan amung karsaning nabi | Rasulu'llah amakewoh ||

24. pandhitèku dadi guyêng muridipun | lan ana pandhita malih | tekade cahya tinunggu | besuk yèn ingsun ngêmasi | anungku cahya ing kono ||

25. muridipun puniku dadi wong êdul | lan wontên pandhita malih | besuk yèn ing patiningsun | kawin lan Pangeran mami | salêkêring wismaningong ||

26. ingsun gawa kabèh aja na kang kantun | mêngkono kang pandhitèki | sarupane muridipun | iku dadi wong barjaki | tunggal lanang wadon kang wong ||

27. wontên malih anggilingan ngèlmunipun | patine anjêbul malih | muride dadi wong kêbur | lawan wong ubêk puniki | kabèh anggêpe mangkono ||

28. wontên malih kang pandhita ngèlmunipun | besuk yèn ingsun ngêmasi | nampani sawarga

--- 100 ---

agung | widadari pitung kêthi | muride dadi wong egot ||

29. pan puniku warnane wong salah ngèlmu | kang tan pantês tinut wuri | mungguh ing kapatènipun | miwah ing uripe sangkin[24] | karya sak kang tan waspaos ||

30. nêniwasi ing wasana tanpa wuwus | pangwasa tan misesani | panuksmaning kang pangèstu | ya ta ana salah malih | ing têkad kawruh samêngko ||

31. satêngahing pinandhita ngèlmunipun | pêpokotan tan udani | ing tarki lawan tanajul | muridipun dèn arani | wong bèr wangkal lan bèr pugoh ||

32. wontên malih kang pandhita ngèlmunipun | napase dèn galih Gusti | wus mangkono anggêpipun | sarupane muridnèki | samya dadi tukang abot ||

33. wontên malih kang pandhita ngèlmunipun | sok mulyaa ing dunyèki | pasthi mulyèng akiripun | sarupane muridnèki | kabèh dadi wong piyangkoh ||

34. wontên ingkang pandhita durung satuhu | kasêlak pangakunèki | tog ing êndon wulangipun | nyamut-nyamut maksih têbih | durung mantra-mantra nggêpok ||

35. maksih sarak kewala pralambangipun | tuna bêt kang samya amrih | pandhita mangkono iku | upamane muridnèki | wong ngimêl mamah klasa moh ||

36. wontên malih kang pandhita ngèlmunipun | nora nana nabi wali | kuna-kuna rasul rusul | pan iku muride dadi | wong sumêca durung enjoh ||

37. poma yayi estokna yèn anggêguru | saliyane saking mami | dèn awas wasananipun | angèle wong ulah ngèlmi | yèn kablèndèr amalendho ||

38. Sèkh Malaya alon dènira umatur | mring Jêng Sunan Gunungjati | sèwu ing pamundhinipun |

--- 101 ---

wrin rêrancangan rêricik | parabote amrih kawroh ||

39. nanging ulun mangke kalilana matur | lampahaning para nabi | kang sampun kawarta wau | Nabi Musa Nabi Kilir | dene têka sèwu elok ||

40. Nabi Musa amêngku sarengat agung | tur ngiras dadya narpati | Nabi Kilir nabi rusul | sarengat tan amêngkoni | mung mungkul sarèhing lakon ||

41. têka mawi Nabi Kilir kang linuhur | amung kang buwana balik | asor asare aluhur | kang luhur asor malatsih | jêng sunan ngandika alon ||

42. ngèlmu iku tan pasthi nèng janma luhur | tan pasthi nèng janma singgih | tan pasthi nèng janma sêpuh | ana nugraha pribadi | tarkadhang ana wong anom ||

26. Sinom

1. kadhang anèng sudra papa | nora kêna dèn gagapi | tan kêna kinaya ngapa | pêpancènira pribadi | yèn rinilan ing Widhi | nadyan durung masanipun | angulah kalêpasan | rêrantame wus pratitis | angungkuli pangawikaning kukuma ||

2. kaya mau Nabi Musa | kalawan Jêng Nabi Kilir | kawruhe ing kasunyatan | linuhurkèn Nabi Kilir | marga wus anglakoni | akarêm mring ora iku | acêgah napsu hawa | ing nala dumilah wêning | konang-onang kaananing kene kana ||

3. mandar antuk kanugrahan | panjênêngan Nabi Kilir | kinarya hèb Nabiu'llah | nartani nora ngêmasi | wus angênggoni gaib | lair batine kawêngku | iku ujaring kitab | êmbuh nyatane samangkin | dene pan wus karoban ing pirang jaman ||

4. umatur Sang Sèkh Malaya | dhuh pukulun sang ayogi | bilih makatên kang sabda | ulun

--- 102 ---

kapencut ing kapti | kados Jêng Nabi Kilir | kêdah kêsdu anggêguru | amba nyuwun pitêdah | mangkya dumunung ing pundi | nadyan têbih jangji kenging ingulatan ||

5. saèstu kawula angkah | lari-lari angulati | numpal kèli ngulandara | ngrêranggèh nugraha jati | jêng sunan ngandika ris | ujaring pawarta iku | iya ing Baru'lakbah | dumununging Nabi Kilir | tanah Lulmat agaib panggonanira ||

6. kaya nora kalampahan | sira adrêng anglêlari | sasat ngupaya kumandhang | Sèkh Malaya matur aris | kêncêng tyas ulun mangkin | amung pangèstu pukulun | sagêda kasambadan | pinanggih Jêng Nabi Kilir | kalilana mangkat samangkin kewala ||

7. ngungun sakala miyarsa | Jêng Sunan ing Gunung Jati | mring antêpe Sèkh Malaya | winawas ing sambang liring | dadya damar sajati | wasana sèwu jumurung | lajêng ungkur-ungkuran | Jêng Suhunan Gunungjati | mangu mulat angkate Sang Sèkh Malaya ||

8. kondur padalêmanira | Sang Sèkh Malaya winarni | lampahe alêlancaran | tan ana baya kaèsthi | amung nugraha jati | angugêr grana jêjantung | mangalor paranira | praptèng pasisir Samawis | mangu mulat lirap-liraping samudra ||

9. tan ana palwa katingal | anuju kalaning ratri | pakèwêd raosing driya | dènirarsa numpal kèli | kalangan ing jaladri | nanging merang lamun wangsul | nadyan datan kantênan | têlêng ingkang dèn ulati | mangsah mudya angêningakên wardaya ||

10. mêpêg gêlaraning hawa | amung anyipta sawiji | tanjane ingkang sinêdya | wontên parmaning Hyang Widhi | sakala Nabi Kilir | prapta anèng ngarsanipun | apindha rare bajang | ganda ngambar marbuk wangi | duk mangeja apindha gêbyaring kilat ||

--- 103 ---

11. Sèkh Malaya tan kumêcap | dènnya umangsah samadi | Jêng Nabi Kilir ngandika | luwarên pardining budi | aja tan buh sun iki | jatine kang sira luru | Nabi Kilir ya ingwang | ana paran amarsudi | kudu têmu lan jênêng ingsun samangkya ||

12. Sèkh Malaya mudhar asta | gurawalan mangênjali | alon wau aturira | sumangga karsa Sang Yogi | saèstu tuwaning sih | tan kilap sasêdya ulun | Nabi Kilir ngandika | bênêr aturira iki | sadurunge sajarwa yêkti sun wikan ||

13. sira kêsdu puruhita | anênabêt kaya mami | dumadia gaibu'llah | apa bisa anglakoni | sumingkiring asinggih | Sèkh Malaya nêmbah matur | rèhning sampun sinêdya | abot ènthèng dèn lampahi | jangji antuk wêwêngan sih kawêlasan ||

14. dhumatêng jasad kawula | pindha sato saupami | angsala dêdalan mulya | jêng nabi ngandika aris | ingsun darma njalari | atas anèng kabêgjanmu | lah mêrêma kewala | sun tuduhkên nggon kang êning | supayane wêruha ing panarima ||

15. Sèkh Malaya tan lênggana | wau ta Jêng Nabi Kilir | sumêbut saking panggenan | pan kadya anampèl wêntis | Sèkh Malaya tan kari | tan adangu prapta sampun | ing nggèn langkung ajêmbar | lir ara- ara aradin | kinubêng ing samudra tanpa watêsan ||

16. wus kinèn mbuka paningal | Sèkh Malaya aningali | panggènan kalangkung jêmbar | myang samudra tanpa têpi | lênglêng rèh ing pangèksi | datan wrin êlor myang kidul | kulon kalawan wetan | surya candra tan kaèksi | panyanane dumunung jagad walikan ||

17. Sèkh Malaya matur nêmbah | pukulun Sang Maha Yogi | kawula nyuwun têtanya | punika alam ing pundi | dene ta sarwa mamring | lamat-lamat nyamut-nyamut | nglangut tanpa

--- 104 ---

wêkasan | ngandika Jêng Nabi Kilir | wruhanamu ya iki panggonaningwang ||

18. nora nana paran-paran | mung asunya lawan ruri | têka sira kapibrangta | kaya raganingsun iki | apa kang dèn ulati | ing kene sêpên asamun | umatur Sèkh Malaya | makatêna botên lirip | rèhning sampun dados kêkêncêngan kula ||

19. sanadyan prapta ing pêjah | botên rumêngkang pun patik | Jêng Nabi Kilir ngandika | sukur yèn mantêp ing kapti | payo padha lumaris | Sang Sèkh Malaya jumurung | lajêng midêr lumampah | tan adangu aningali | cahya padhang tri rupa andiwangkara ||

20. warna abang irêng jênar | Sèkh Malaya matur aris | punika cahya punapa | ngandika Jêng Nabi Kilir | pramana aranèki | upama anèng sirèku | êndi kang dèn piliha | Sèkh Malaya matur aris | langkung ajrih yèn botên wontên pitêdah ||

21. datan dangu katingalan | cahya pêthak anêlahi | parêk lan cahya katiga | Sèkh Malaya matur malih | cahya punapa kari | parêk lan cahya katêlu | jêng nabi lon ngandika | bok ana kang sira pilih | Sèkh Malaya ature dahat tan arsa ||

22. yèn tan kalawan pitêdah | ngandika Jêng Nabi Kilir | kabèh cahya iku tunggal | kacatur anèng sirèki | ya padha anênarik | mêmarah akarya dudu | kang rupa cahya abang | atuduh napsu tan bêcik | nganakakên penginan panas baranan ||

23. ambuntoni kaelingan | ing kawaspadaning budi | dene cahya kang akrêsna | karsane ngubêngi runtik | andêdawa andadi | padhanging panggawe ayu | dene kang cahya jênar | nanggulang cipta kang bêcik | sayêktine ngêgungkên panggawe rusak ||

24. ingkang putih iku nyata | mung suci tan ika iki | prawira ing karaharjan | iku kang

--- 105 ---

bisa nampani | sasmita kang kalingling | sajatining rupa iku | anampani nugraha | lêstari pamoring kapti | nanging iku kinrubut napsu têtiga ||

25. yèn kurang sabar santosa | kêna ginoling ing bêlis | kerut maring panasaran | yèn kuwat tan mindho kardi | kasor dening kang putih | kang têlu samya angratu | luamah lan amarah | supiyah ginêdhong batin | mutmainah jumênêng ratu utama ||

26. kalêgan raosing driya | Sèkh Malaya anganggêpi | tuduhing Sang Maha Yoga | marbudyèngrat Nabi Kilir | nulya ngandika malih | hèh Sèkh Malaya sirèku | paran pambudinira | êndi kang sira antêpi | wahanane kang cahya patang prakara ||

27. umatur Sang Sèkh Malaya | punapa sampun ngidaki | punika têlênging paran | têka kinèn amêmilih | ngandika Nabi Kilir | sayêkti puniku durung | lagi anèng trêsandha | Sèkh Malaya matur malih | sèwu sisip yèn anampik amiliha ||

28. mindhak anggêgadhang lêpat | pan kawula sèwu ajrih | yèn botên saking pitêdah | lajêng alêlampah malih | Sèkh Malaya ningali | urub siji angênguwung | wêwolu konyarira | ana lir pêputran gadhing | wênèh kadya ana pêputran mutyara ||

29. dumêling abra markata | Sèkh Malaya matur malih | punika urub punapa | maya-maya angêbati | urube mung sawiji | andarbèni cahya wolu | Nabi Kilir ngandika | pangarêp urubing budi | iya iku kang sajati wênang tunggal ||

30. têgêse saliring warna | iya anèng sira kaki | tuwin isining pratala | ginambar anèng ing dhiri | jagad agung myang cilik | tan ana prabedanipun | purwaning catur yogya | kang cahya kapat pan sami | iya dadi tandha uriping bawana ||

--- 106 ---

31. tinimbangkên anèng sira | jagad agung jagad alit | isèn-isène tan beda | kinarya wahana yêkti | salwir rupa wus anis | ngumpul mring rupa satuhu | kadya tawon gumana | sawang putran mutyara di | cahyanira kumilat tanpa wayangan ||

32. Sèkh Malaya matur nêmbah | dhuh sang maha yoga suci | punapa inggih punika | kang pinrih dipun ulati | rupa ingkang sajati | Nabi Kilir ngandika rum | dudu kang sira sêdya | kang mumpuni ambêk jati | nora kêna kalamun winaspadaa ||

33. tanpa rupa tanpa warna | nanging bisa amarnani | tan gatra datan satmata | tan dumunung nggon sawiji | dumununge kalingling | kang awas waskithèng sêmu | mêpêki isining rat | narambahi ing dumadi | kaanane yèn dinumuk datan kêna ||

34. umatur Sang Sèkh Malaya | dhuh pukulun Sang Maha Ning | ulun nyuwun tuduh nyata | dene dèrèng anggêpoki | nugraha kang sayêkti | Nabi Kilir ngandika rum | hèh kaki Sèkh Malaya | ingsun pêpajar samangkin | dèn arêncang pamucunge ing pangancam ||

27. Pocung[1]

1. Kangjêng Nabi Kilir angandika arum | dèn wori pralambang | upamane rasa iki | anèng lotèng kang adi-adi punika ||

2. pantêsipun kang lotèng upaminipun | kaya bumbu iwak | winor lan iwakirèki | rasa iku ati suci ingkang nyata ||

3. iya iku nurbuwah sajatinipun | ya iku duk ana | sipat jamal aranèki | yèn wus mêtu ingaranan johar awal ||

4. diwasèku johar akir aranipun | ingkang johar awal | ingaku rasa sajati | ingkang akir sawujud ati uripnya ||

5. johar iku duk sawujud rasa tuhu | urip tunggal rasa | tunggal johar awal singgih |

--- 107 ---

johar akir sawujud ing uripira ||

6. johar akir narima ing solahipun | batin kang sinêmbah | miwah ta ingkang pinuji | iya iku jatine Pangeranira ||

7. iya iku pan nora roro têtêlu | iya iku Nukat | lan Gaib ing nguni-uni | Nukat Gaib tan ana ing gantinira ||

8. têmênipun Nukat pan jênêngirèku | sawuse tumiba | iku ingaranan napti | ngèlmu iku sajatine panguripan ||

9. nêptu iku tinarik lan alipipun | alip ingaranan | jisim latip pan sayêkti | jênênge pan ingaranan ananira ||

10. nêptu iku johar awal aranipun | ing sajênêngira | urip ingaran sajati | sajatine ingaran gêtih kang gêsang ||

11. gêtih urip ingaran rasulu'llahu | alaihi'ssalam | patêmon rasa sajati | gêtih iku kang ingaranan sahadat ||

12. rasa jati rasaning dat sami wujud | Jabrail Mukhammad | lan Allah tunggal sajati | têlu iku kapatira lan angkara ||

13. iya iku gêtih urip aranipun | dene wong palastra | tan ana gêtihirèki | gêtih iku awor ilang lawan suksma ||

14. suksma iku ilang anane kang wujud | iya padha ana | alip aran roh ilapi | roh ilapi jisim latip jatinira ||

15. aranipun jisim iku duk ing dangu | alip ingaranan | tanpa ngucap tan ningali | tan miyarsa tanpa tingal tanpa karsa ||

16. iya iku kang alip tibaning nêptu | arane dadya na | jinabaran roh ilapi | roh ilapi datu'llah tuwin kawawas ||

17. roh ilapi gêgêntining dat satuhu | alip iku uga | anèng johar jabar jère | pujinipun ram kalam birahi nama ||

18. birahine ingaranan Allah iku | tan roro wujudnya | sapa wêruha yèn dadi | yèn wêruha tan ngarani namanira ||

--- 108 ---

19. sipatipun jamal kang ngarani iku | sipat jalal ingkang | akon ngarani puniki | dene ingkang akon Allah angandika ||

20. marang rasul yèn tan ana sira iku | ingsun nora nana | kang nêbut Allah sayêkti | iya sira ingkang ngarani maringwang ||

21. sira iku iya tunggal lawan ingsun | ingsun iya sira | sira iku iya mami | iya iku tarbukaning rasaningwang ||

22. sira iku ing dunya akirat uwus | amêngku sadaya | hèh Sèkh Malaya sirèki | dipun eling jabar jère alip ika ||

23. aja luput ing logat tanangsubipun | babaring kaanan | anèng ing wujud ilapi | ilapate dèn anggambuh ing wardaya ||

28. Gambuh

1. mungguh ta yêktinipun | sêmuning alip iku amêngku | budi jati nir wikara jroning budi | nglairkên birahinipun | amicara tunggal karo ||

2. karo tunggal sawujud | lawan karone puniku dudu | iya iku budi johar aranèki | iya budi iman iku | alip puniku sayêktos ||

3. tumiba maring naptu | sajatine ingkang alip iku | sarwa nora norane ingakên kadi | iya budi iman iku | alip puniku mangkono ||

4. kaanane satuhu | kang johar awal sayêktinipun | ingkang johar awal pan kaanan jati | istinja junup puniku | jabaning johar kinaot ||

5. sung ganda lan warnèku | kang johar awal ing nguninipun | iya iku tibaning naptu sajati | urip tunggal jatinipun | jroning johar awal kono ||

6. urip kalawan lampus | ya sajroning johar awal iku | lah pagene sêmbahyang anèng dunyèki | lire ing dunya puniku | mangka purbaning dumados ||

7. dèn kawangwang satuhu | yèn naptu gaib

--- 109 ---

anèng sirèku | lah pagene sira ngadêg nèng dunyèki | sidhakêp kalawan mangu | marmane sidhakêp kang wong ||

8. tunggal kaananipun | tunggal solah paribawanipun | wicarane tunggal pangucapirèki | wêdhar tangan nuli rukuk | kasaru duk tibèng kono ||

9. tumètèse kang banyu | banyu kang suci wêning umancur | êningipun madi uriping sakalir | yèn rukuk karasa iku | iman saderah kinaot ||

10. sasamine puniku | kaananing rasa mêngko iku | lah pagene asujud anèng ing bumi | marmane sujud puniku | panuksmane cahya kaot ||

11. ingkang cahya puniku | ana paran ing sasmitanipun | iya iku patêmoning rupa jati | rupa iku dat satuhu | dating Hyang Suksma kang elok ||

12. dene ingkang rumuhun | sadurunge bumi langitipun | ingkang ana dhingin pan ananirèki | ing dunya kerat sirèku | mêngkono lire sayêktos ||

13. nanging lamun wus wêruh | dèn awêri warananirèku | ati êning têlênge ingkang prêmati | yèn gêbrèh kuwur balawur | atiwas waskithaning don ||

14. awit basa puniku | nora kêna linair yèn durung | papan êmpan apan nèng pasêpan sêpi | supaya wênganing kayun | angganthêng manthêng gumathok ||

15. wus kaki mung puniku | tanggapana wahyuning Hyang Agung | Sèkh Malaya tyasira padhang nampani | kanugrahan kang dhumawuh | sanalika jlêg salin nggon ||

16. bale kancana luhung | amawa cahya adi ngênguwung | sèn-isène jagad wus tan ana kèksi | pêpadhange tumalawung | Sèkh Malaya matur alon ||

17. dhuh dhuh Sang Maha Wiku | bale punapa kang katon mancur | dene wau sêpa-sêpi suwung mamring | tan wontên bale kadulu | têka mangke

--- 110 ---

angêrobong ||

18. raosing badan ulun | nikmat manpangat ingkang tinêmu | botên arip lan lêsu botên angêlih | Nabi Kilir ngandika rum | ênggone batin ing kono ||

19. sajatine ya iku | karaton kang nugraha linuhung | lamun katarima rinilan ing Widhi | nora sarana linuru | iku sajatining kawroh ||

20. yèn janma kang wus putus | têtêp patitis têrus rumasuk | bisa ngrasuk angrasa kang dèn ranggoni | sangkanparan wus kawêngku | ngalih nggon mboyong kadhaton ||

21. kang binoyong puniku | yêkti kadhaton kang wus dumunung | anèng sira karana jatining pati | kang amati iku napsu | suksmane murba maring don ||

22. ing mula-mulanipun | beda lawan janma kang durung wruh | migêg-migêg bêgêgêg tan bisa budi | mêlulu kacambah watu | nging dadi hawa kemawon ||

23. amaning urip iku | yèn kalarab bok kaliru surup | surupane ginèrèt maring ibêlis | êmbuh-êmbuh kang binuru | kadi kapatèning sato ||

24. Sèkh Malaya umatur | yèn makatên ing sabda pukulun | ulun sampun tan nêdya awangsul malih | pedah punapa dunyèku | amung susah lan rêkaos ||

25. kathah rubedanipun | beda-beda têmah karya dudu | balik ngriki rêribêd tan anglabêti | nikmat manpangat tinêmu | karaos raos rumaos ||

26. jêng nabi ngandika rum | nora kêna mangkono karsamu | pan kasiku maring Hyang Kang Murbèng Pasthi | durung masa kalanipun | datan kêna anggege nggon ||

27. iku anyupêt tuwuh | awit kênane sarana lampus | marma sira kêna dumunung ing ngriki | pratandha nampani wahyu | besuk bisa kaya ingong ||

--- 111 ---

28. nanging tan kêna mbanjur | sarèhning iki sira wus wêruh | sarahsaning gaibing Hyang Maha Suci | wus amung samono iku | padha andum karahayon ||

29. ya ta sasampunipun | bale kancana datan kadulu | parêng musna kalawan Jêng Nabi Kilir | Sèkh Malaya apan sampun | wangsul alame kang manggon ||

30. katon babaranipun | keblat papat ing ngandhap myang luhur | lawan Sang Hyang Diwangkara amrabani | jagad sagara myang gunung | antaranira tan keron ||

31. anèng têpining laut | Sèkh Malaya angên-angên ngungun | dene ing pandulu lir sarahsèng ngimpi | kêplase pan wus kacakup | sangkêp sangkanparaning don ||

32. upama sêkar kuncup | mangkya sampun masane cumucup | ngambar-ambar gandanya kasturi jati | ing wasana lajêng kondur | tan wangsul maring Carêbon ||

33. mring padalêmanipun | Kalijaga pan lajêng misuwur | Sèkh Malaya anrus kadibyaning ngèlmi | lajêng dadya imam agung | pra alim marsudi kawroh ||

34. Sèkh Malaya kasêbut | apan saking padalêmanipun | nênggih Sunan ing Kalijaga wêwangi | ênêngna ganti winuwus | pêparênganing lêlakon ||

35. wontên ta kadangipun | Jêng Sunan Ngampèl ing Surèngkewuh | sanès ibu nama Sayid Ali Mukid | angajawi pan anjujug | ing Ngampèl mêsu paguron ||

36. ing pangajawinipun | duk Jêng Sunan Kali anggêguru | Sunan Benang mulane kinarya kari | wêdharing caritanipun | supados tan amêmêdhot ||

37. kata ingkang linuhung | Sayid Ali Mukidi tinuduh | dadya imam mring Jêng Sunan Ngampèlgadhing | kaprênah anèng Majagung | kèh janma kasmaran ing don ||

--- 112 ---

29. Asmaradana

1. ya ta Sayid Ali Mukid | dhukuhe karta raharja | kang samya awisma ngrodon | kathah samya manjing siswa | wasana lajêng karan | nama Pangeran Majagung | nanging tan tumut wilangan ||

2. wali wolu tanah Jawi | pan ugêr- ugêring imam | aliya punika akèh | pan datan milya golongan | wali wolu punika | wali nukba aranipun | têgêse wali tututan ||

3. waliu'llah tanah Jawi | mung wolu wilanganira | dene kang ambawa dhewe | angislamakên kabudan | ngradinakên agama | samya kasêbut sinuhun | têgêse pêpundhèn êkhak ||

4. Sunan Ngampèl kang rumiyin | Sunan Gunungjati nulya | Sunan Ngudung katigane | Sunan Giri Giri Gajah | Sunan Makdum ing Benang | Sunan Alim ing Majagung | Sunan Mahmud ing Darajat ||

5. anulya Jêng Sunan Kali | kasêbut wali pamungkas | sinung luhur darajate | lan wali-wali sadaya | antuk hidayat mulya | pama nabi kangjêng rasul | wolu karan Walisana ||

6. têgêse dununging wali | kang manggon wolu punika | liya punika pan akèh | tan kasêbut Walisana | ingaran wali nukba | nukba tututan liripun | liring tututan sambungan ||

7. sambunganing para wali | puniku wali anakan | anane pan wus amanggon | manggon dununganing bapa | bok kalêbu golongan | nênggih wali kutup sèwu | ewoning walining jagad ||

8. wali salumahing bumi | kang kasêbut ing wirayat | anênggih sèwu cacahe | yêkti samya kadunungan | aliya tanah-tanah | sambunganing wali wolu | sayêkti akèh kewala ||

9. aliya kang wus rininci | ricikaning Walisana | mangkya kapratelakake | sagunging wali anakan | supadya janah gênah | wijange dununganipun | para wali sowang-sowang ||

--- 113 ---

10. kang nututi ambêk wali | anênggih Sunan Têmbayat | lan Sunan Giri Parapèn | Jêng Sunan Kudus kalawan | Sultan Syah Alim Akbar | Pangran Wijil Kadilangu | kalawan Pangran Kêwangga ||

11. Ki Gêdhe Kênanga Pêngging | malihe Pangeran Konang | lawan Pangeran Cirêbon | lan Pangeran Karanggayam | myang Ki Agêng Sêsela | tuwin Sang Pangeran Panggung | Pangeran ing Surapringga ||

12. lan Kyai Juru Martani | ing Giring myang Pamanahan | Buyut Ngerang Sabrang Kulon | lan Ki Gêdhe Wanasaba | Panêmbahan Palembang | Ki Buyut ing Banyubiru | lawan Ki Agêng Majasta ||

13. malihe Ki Agêng Gribig | Ki Agêng ing Karotangan | Ki Agêng ing Toyajêne | lan Ki Agêng Toyareka[2] | pamungkas wali raja | nênggih Kangjêng Sultan Agung | kasêbut wali nurbuwat ||

14. tamat rêrincèning wali | yèn mungguh ing tanah Jawa | samya mulya darajate | mangkya mangsuli carita | turuting Walisana | mulya gêng karamatipun | Jêng Sunan ing Giri Gajah ||

15. agêng paguronirèki | sinuyudan pra ulama | pan wontên sabat sawiyos | saking tanah Sitijênar | nama San Ali Ansar | katêlah dununganipun | winastanan Sèkh Lêmahbang ||

16. ya Lêmahbang Lêmahkuning | tan ana prabedanira | Sèkh Lêmahbang salamine | anênuwun dêdunungan | rahsane ngèlmu rasa | ugêr-ugêring tumuwuh | Jêng Suhunan Giri Gajah ||[3]

17. dèrèng lêga ing panggalih | wrin sêmune Sèkh Lêmahbang | watêk wus akèh sikire | marmane datan sinungan | bok sak sok mbuwang sasak | ngilangkên ling-aling agung | tan anganggo masa kala ||

18. tyasira dahat rudatin | sira wau Sèkh Lêmahbang | anuwun-nuwun tanpolèh | rumasa tuna

--- 114 ---

ing gêsang | dadya nêdya nêmpuh byat | namur amèt momor sambu | atindak karti sampeka ||

19. duk samana Sunan Giri | nuju ing ari Jumungah | pan arsa mêjang muride | Sèkh Lêmahbang angrêrêpa | dhuh pukulun jêng sunan | bilih kaparêng saarju | ulun bela puruhita ||

20. ngandika Jêng Sunan Giri | Allah durung pasang yogya | amêjanga dina kiye | marang ing pamintanira | wau ta Sèkh Lêmahbang | angrasa yèn pinakewuh | butêng êru kabatinan ||

21. lajêng kesah maring jawi | locitanira ing driya | yèn mangkono tanpa gawe | ngawat-awati wus lawas | tiwas datanpa tuwas | mèt wasana pijêr kawus | rewa-rewa ingewanan ||

22. mêjang miji para kaji | sabên ing ari Jumungah | tan kêna manjing saraos | rumasa yèn tan kinarsan | bêcik sun cidranana | tan ana druhakanipun | mêmikan ing pangawikan ||

23. Sèkh Lêmahbang wus udani | panggonan pamêjangira | amatêk aji sikire | sanalika malih warna | arupa dhandang seta | manggon ing panggènanipun | pamêjangan jêng suhunan ||

24. ciptane wus tan udani | dènira tingkah mangkana | Jêng Sunan Giri Kadhaton | yêkti datan kêkilapan | solahe Sèkh Lêmahbang | angandika jêng sinuhun | mring sagung para sakabat ||

25. hèh ta kawruhana sami | ingsun tan sida amêjang | nora enak atiningong | besuk ing Jumungah ngarsa | sida pamêjangingwang | dadya bubar para kaum | praptaning ari Jumungah ||

26. kadhatêngan para wali | sêdya pagunêman rasa | angumpulalkên[4] kawruhe | sampun amanggih sulaya | dadining rêmbagira | Sunan Giri

--- 115 ---

aturipun | inggih sumangga ing karsa ||

27. nanging ulun nuwun alim | sêdya amêjang sakabat | sarèhning sampun masane | kang para wali sadaya | jumurung ngayubagya | Sunan Giri têdhak gupuh | maring pamêjanganira ||

28. angumpulakên ulami | wau ta Sang Sèkh Lêmahbang | datan kandhêg sasêdyane | dènnyarsa mêthêt sarahsa | nulya mancala warna | pan arupa cacing kalung | sênêdan soring pratala ||

29. tan ana janma udani | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang wrin sasolah tingkahe | nanging tan imunasika | rèhning wus jangjinira | maringkên nugraha agung | maring sakabat taruna ||

30. Sinom

1. hèh ta padha kawruhana | dununge kang nukat gaib | pan aputih warnanira | dene gêdhene rininci | mungguh ing jagad iki | tinandhinga pirang èwu | yuta alam tan timbang | têgêse kang nukat gaib | apan saking gaibing kang kanyataan ||

2. istingarah tan kajaba | istingarah tan umanjing | istingarah tan kawêdal | tan kajro istingarahing | sayêkti luwih gaib | tan owah gingsir puniku | langgêng tanpa karana | kang jumênêng ki rohani | apa rupanira duk nalikèng dunya ||

3. nora owah sêbutira | cahya mancorong nêlahi | lir êmas binabar anyar | dene ta ingkang rohani | pan Mukhammad sajati | aja êsak aja masgul | anane kawruhana | sah ing tekad kang prêmati | pan lêlima prakara rubedanira ||

4. ingkang dhingin katon pisah | katon tunggal kaping kalih | kaping tri katon tan pisah | ping pat mêtu katon yêkti | kaping limanirèki | katon mêtokake iku | lah padha dèn

--- 116 ---

budia | sakabèhe para murid | aja pêgat nggonira musawaratan ||

5. yèn darbe panêmu sira | sumantakêna mring mami | lan ta manèh kawruhana | asma pêpitu puniki | Allah ingkang rumiyin | ping ro wujud mokal iku | wujud ilapi trinya | kaping pate roh ilapi | kaping lima pan iya akyan sabitah ||

6. kaping nêm akyan karijah | kaping pitune winarni | pan Allah lawan Mukhammad | iku dèn budia sami | matur kang para murid | pukulun saèstunipun | kajarwanana pisan | kantênanipun nampèni | botên beda dadining pambudinira ||

7. Jêng Sunan Giri ngandika | mungguh atine[5] kang yêkti | Allah pan jatining aran | lire wujud mokal nênggih | Pangeran kang sajati | liring wujud ilapiku | jatining warna rupa | dene aran roh ilapi | apan iku sajatining urip kita ||

8. dene ta akyan sabitah | sajatining ana yêkti | mungguh kang akyan karijah | lire wayangan kang pasthi | Allah Mukhammad liring | ya Allah rasulu'llahu | ing bedane panunggal | Allah sarira sayêkti | ing têgêse sarira puniku rahsa ||

9. iya sajroning kang rahsa | iku mapan datu'llahi | datu'llah dat rasulu'llah | karo pan dadi sawiji | artine kang sajati | kang amurba langgêng ingsun | murba jati wisesa | sajatining nukat gaib | dèn pracaya tan liyan yêkti punika ||

10. pra sakabat duk miyarsa | sabdaning Jêng Sunan Giri | tanggap atampi nugraha | mathêm dènira mêmundhi | wasana matur malih | dhuh pukulun jêng sinuhun | balik ingkang punika | pan sampun tuwan logati | kang rumiyin rubeda gangsal prakara ||

11. kawijangna babar pisan | supados lajêng gumlinding | botên rêgêd angalêndhang | sagêd

--- 117 -- -

bunar suci wêning | ngandika Sunan Giri | iku tan kêna winuwus | kudu kanthi nugraha | têmune sira pribadi | mêngko lagi durung kêna kabukaa ||

12. padha anggitên priyangga | kasaru sampun byar enjing | Jêng Sunan ing Giripura | kondur ing dalêmirèki | bubaran para murid | sowang-sowangan umantuk | warnanên Sèkh Lêmahbang | nênggih kang alaku sandi | lajêng mêdal saking sajroning pratala ||

13. wus awarna Sèkh Lêmahbang | tamsil sal-silahing ngèlmi | yèn Pangeran Ingkang Nyata | dènira boya antuk sih | gya kesah saking Giri | mantuk mring dununganipun | tanah ing Sitijênar | lajêng ngubalakên ngèlmi | kathah janma kacaryan apuruhita ||

14. maring sira Sèkh Lêmahbang | wêjange tanpa rêricik | lan wus atinggal sêmbahyang | rose kewala liniling | mêlêng tanpa ling-aling | wus dadya paguron agung | misuwur kadibyannya | dènira talabu'l'ilmi | wus tan beda lan sagung para oliya ||

15. sangsara[6] kasusrèng janma | akèh kang amanjing murid | ing praja-praja myang desa | malah sakèhing ulami | kayungyun ngayum sami | kasoran kang wali wolu | gunging paguronira | pan anyuwungakên masjid | karya suda kang amrih agama mulya ||

16. santri kathah kèh kabawah | mring Lêmahbang manjing murid | ya ta Sang Sèkh Sitijênar | sangsaya gung kang andasih | dadya imam pribadi | mêngku sarèh bawahipun | paguroning ngèlmu khak | kawêntar praptèng nagari | lajêng karan Sang Pangeran Sitijênar ||

17. satêdaking Majalêngka | kalawan darahing Pêngging | kèh prapta apuruhita | mangalap kawruh sajati | nênggih Ki Agêng Tingkir | kalawan Pangeran Panggung | Buyut Ngerang ing Bêtah | lawan Ki Agêng ing Pêngging |

--- 118 ---

samya tunggil paguron mring Sitijênar ||

18. ing lami-lami kawarta | maring Jêng Suhunan Giri | gya utusan tinimbalan | duta wus anandhang wêling | mangkat ulama kalih | datan kawarna ing ngênu | wus prapta ing Lêmahbang | duta umarêk mangarsi | wus apanggih lan Pangeran Sitijênar ||

19. nandukkên ing praptanira | dinutèng Jêng Sunan Giri | lamun mangkya tinimbalan | sarênga salampah mami | wit Jêng Sunan miyarsi | yèn paduka dados guru | ambawa imam mulya | marma tuwan dèn timbali | têrang sagung ing para wali sadaya ||

20. prêlu amusawaratan | cundhuking masalah ngèlmi | sagêda nunggil sêrêpan | sampun wontên kang sak sêrik | nadyan mawi rêricik | apralambang pasang sêmu | sagêda salingsingan | Pangran Sitijênar angling | ingsun tinimbalan Sunan Giri Gajah ||

21. apa têmbunge maringwang | ature duta kêkalih | inggih maksih Sèkh Lêmahbang | Pangran Sitijênar angling | matura Sunan Giri | Sèkh Lêmahbang yêktinipun | ing kene nora nana | amung Pangeran Sajati | langkung ngungun duta kalih duk miyarsa ||

22. andikane Sèkh Lêmahbang | wasana umatur aris | kados pundi karsa ndika | têka makatên kang galih | wangsulan kang sayêkti | pangeran ngandika arum | sira iku mung darma | aja nganggo mêmadoni | ingsun iki Jatining Pangeran Mulya ||

23. duta kalih lajêng mêsat | lungane datanpa pamit | sapraptaning Giri Gajah | marêk ing Jêng Sunan Giri | duta matur wotsari | dhuh pukulun Jêng Sinuhun | amba sampun dinuta | animbali Sèkh Sitibrit | aturipun sêngak datan kanthi nalar ||

--- 119 ---

31. Kinanthi

1. makatên wiraosipun | hèh sira duta kêkalih | ingsun mêngko tinimbalan | ing ngarsa Jêng Sunan Giri | matura yèn nora nana | kang ana Pangeran Jati ||

2. sakala kawula rêngu | paran kang dados pamanggih | dene angakên Pangeran | ulun nuntên dèn wangsuli | sira iku mung sadarma | ngaturake ala bêcik ||

3. wau sapamyarsanipun | lêgêg Jêng Suhunan Giri | jaja bang mawinga-winga | kadya age dèn têdhaki | rinapu pra auliya | dhuh sang ambêk wali mukmin ||

4. dèn sabar panggalihipun | inggih katandha rumiyin | kêkêncêngane ing tekad | gampil pinanggih ing wingking | yèn sampun kantênan dosa | kados botên makalahi ||

5. lèlèh ing panggalihipun | myarsa sabdaning pra wali | Jêng Sunan ing Giri Gajah | duta kinèn wangsul malih | animbali Sèkh Lêmahbang | ujare kinèn nuruti ||

6. jangji seba ngarsaningsun | ujanên ywa mindho kardi | duta lajêng nêmbah mêsat | sampun prapta ing Sitibrit | panggih lawan Sèkh Lêmahbang | nandukkên dènnya tinuding ||

7. mring Sunan Giri Kadhatun | Pangeran dipun timbali | sarênga salampah kula | Pangran Sitijênar angling | mêngko Pangeran tan ana | ingkang ana Sèkh Sitibrit ||

8. duta tan sawalèng wuwus | sarèhning sampun winêling | inggih mangkya Sèkh Lêmahbang | kang wontên dipun timbali | ngandika Sèkh Sitijênar | Pangeran tan amarêngi ||

9. awit Sèkh Lêmahbang iku | wayahing Pangeran Jati | nadyan sira ngaturana | ing Pangeran Kang Sajati | lamun Sèkh Lêmahbang ora | masa kalakona yêkti ||

10. duta ngungun lajêng matur | inggih kang dipun aturi | Pangeran lan Sêkh Lêmahbang | rawuha [ra...]

--- 120 ---

[...wuha] dhatêng ing Giri | sagêda musawaratan | lan sagunging para wali ||

11. Pangran Sitijênar nurut | lajêng kering duta kalih | praptane ing Giri Gajah | pêpêkan kang para wali | Pangeran ing Sitijênar | anjujug Jêng Sunan Giri ||

12. lajêng ingandikan arum | bageya Pangran kang prapti | rawuhe ing ngarsaningwang | Pangran Sitijênar angling | dhuh pukulun sama-sama | tumêka suka basuki ||

13. Jêng Sunan ngandika arum | marma sanak sun aturi | kasok karoban ing warta | yèn andika tèki-tèki | makiki nêngkar ngèlmu khak | dadi paguron sabumi ||

14. ngasorakên wali wolu | mandar bawa imam suci | datan asuci Jumungah | saèstu ngong anjurungi | pira-pira sira bisa | alim ngêlêm para wali ||

15. Pangran Sitijênar matur | nggèn amba purun mbawani | mêdhar gaibing Pangeran | awit Allah sipat asih | asih samining tumitah | sabên titah angranggoni ||

16. nganggowa ugêring ngèlmu | kang abuntas dèn atitis | sampun ngantos sêlang sêbat | mindhak ambêbingung pikir | amèt ansar dadi sasar | karana kirang barêsih ||

17. pedah punapa mbêbingung | ngangèlakên ulah ngèlmi | Jêng Sunan Giri ngandika | bênêr kang kaya sirèki | nanging luwih kaluputan | wong wadhèh ambuka wadi ||

18. têlênge bae pinulung | pulunge tanpa ling-aling | kurang waskitha ing cipta | lunturing ngèlmu sajati | sayêkti kanthi nugraha | tan sabên wong anampani ||

19. Pangran Sitijênar matur | paduka amindho kardi | ndadak amêrangi tatal | têtelane ing dumadi | dadine saking nugraha | punapa botên ngalami ||

20. Sunan Giri ngandika rum | yèn kaya wuwusirèki | tan kêna dèn nggo rêrasan | yèn gèbrèh [gè...]

--- 121 ---

[...brèh] amêdhar wadi | Pangeran nora kuwasa | anane tanpa ling-aling ||

21. êndi kang ingaran luhur | êndi kang ingaran gaib | êndi kang ingaran purba | êndi kang ingaran batin | êndi kang ingaran baka | êndi kang ingaran latip ||

22. êndi kang ingaran bêsus | êndi ingaran birai | yèn baka mbabar balaka | bakal bubur tanpa bibit | mangka Pangeran Kang Nyata | nora kêna dèn rasani ||

23. pan nora kêna dinumuk | anane wahana gaib | matur Pangran Sitijênar | sêdya purun amabêni | bantahan masalah rasa | sinapih kang para wali ||

24. dhuh sanak sakalihipun | ywa tansah abên prang sabil | prayogi kanyatakêna | wontên ing nggèn kang asêpi | sampun sêpên sêpi hawa | sarahsa sagêd anunggil ||

25. wontên kawêkasanipun | yèn mukit yêkti karadin | Jêng Sunan ing Giri Gajah | wrin kêdhaping sambang liring | sabdaning para oliya | lajêng angandika aris ||

26. he Sèkh Lêmahbang sirèku | aja pijêr amadoni | besuk ing ari Jumungah | padha musawarat batin | yêkti katandha kanyata | lèlère asmarèng ngèlmi ||

32. Asmaradana

1. Sèkh Lêmahbang nayogyani | prapta ing ari Jumungah | nuju Ramadlan wulane | marêngi tanggal ping lima | kumpulan pra oliya | anêdhêng kalaning dalu | ngrakit papan kang prayoga ||

2. sakathahing para wali | samya pagunêman rahsa | ing Giri Gajah ênggone | akarsa musawaratan | ing bab masalah tekad | dèn waspada ing Hyang Agung | wajib sami nyatakêna ||

3. kang samya angulah ngèlmi | lamun bijaksanèng driya | dadi wijang sayêktine | tan beda lan puruhita | mungguh rahsaning rasa |

--- 122 ---

pralambanging pasang sêmu | tan liya saking punika ||

4. nadyan akèh kang wêwisik | wosing wasana wus ana | mung kari mèt pratikêle | ing sawusira pêpêkan | Kangjêng Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | lan Sinuhun Kalijaga ||

5. Sunan Carbon lan kang rayi | padha nêrang Sèkh Lêmahbang | lan Suhunan Majagunge | Suhunan ing Bantên lawan | Suhunan Giri Gajah | samya agunêm ing ngèlmu | jênênge masalah tekad ||

6. Jêng Sinuhun Ratu Giri | amiwiti angandika | he sanak manira kabèh | pratingkahing wong makrifat | aja dadi parbutan | dipun sami ngèlmunipun | padha peling-pinelingan ||

7. wong wêwolu dadi siji | aja na wong kumalamar | dipun rujuk ing karêpe | dèn waspada ing Pangeran | nênggih Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | amêdhar ing pangawikan ||

8. ing karsa manira iki | iman tokid lan makrifat | wêruh ing kasampurnane | lamun maksiha makrifat | mapan durung sampurna | dadi batal kawruhipun | pan maksih rasa rumasa ||

9. Sinuhun Benang ngukuhi | sampurnane wong makrifat | suwung ilang paningale | tan ana kang katingalan | iya jênênging tingal | mantêp Pangeran Kang Agung | kang anêmbah kang sinêmbah ||

10. pan karsa manira iki | sampurnane ing Pangeran | kalimputan salawase | tan ana ing solahira | pan nora darbe sêdya | wuta tuli bisu suwung | solah tingkah saking Allah ||

11. Sinuhun Benang anuli | ngandikani wali samya | hèh sanak manira kabèh | puniku kêkasih alam | yèn mungguh ing manira | jênênge roh sêmunipun | ingkang roh Nabi Mukhammad ||

--- 123 ---

12. nora beda ing roh iki | yèn sêdya mutabangatan | tan beda ing panunggale | kadya paran karsandika | matur wali sadaya | botên sanès kang winuwus | sampun atut sabda tuwan ||

13. pundi kang ingaran nabi | jênênging roh ing sêmunya | mapan iku kêkasihe | sadurunge dadi jagad | mapan jinatèn tunggal | dèn dadèkakên karuhun | kang minangka kanyataan ||

14. Sinuhun Majagung nênggih | amêdhar ing pangawikan | ing karsa manira dene | iman tokid lan makrifat | tan kocap ing akhirat | mung padha samêngko wujud | ing akhirat nora nana ||

15. nyataning kawula Gusti | iya kang muji kang nêmbah | apan mangkono lakone | ing akhirat nora nana | yèn tan anaa iman | tan wêruh jatining ngèlmu | nora cukup dadi janma ||

16. Jêng Sunan ing Gunung Jati | amêdhar ing pangawikan | jênênging makrifat mêngko | awase marang Pangeran | tan ana ingkang liyan | tan ana roro têtêlu | Allah pan amung kang tunggal ||

17. Jêng Sunan Kalijaga ngling | amêdhar ing pangawikan | dèn waspada ing mangkono | sampun ngangge kumalamar | dèn awas ing Pangeran | kadya paran awasipun | Pangeran pan nora rupa ||

18. nora arah nora warni | tan ana ing wujudira | tanpa masa tanpa ênggon | sajatine nora nana | lamun nora anaa | dadi jagadipun suwung | nora nana wujudira ||

19. Sèkh Bêntong samya melingi | amêdhar ing tekadira | kang aran Allah jatine | tan ana liyan kawula | kang dadi kanyataan | nyata ing kawulanipun | kang minangka katunggalan ||

20. Kangjêng Molana Mahribi | amêdhar ing pangawikan |

--- 124 ---

kang aran Allah jatine | wajibu'lwujud kang ana | Sèkh Lêmahbang ngandika | aja na kakehan sêmu | iya Ingsun iki Allah ||

21. nyata ingsun kang sajati | jêjuluk Prabu Satmata | tan ana liyan jatine | ingkang aran bangsa Allah | Molana Mahrib mojar | iku jisim aranipun | Sèkh Lêmahbang angandika ||

22. kawula amêdhar ngèlmi | angraosi katunggalan | dene jisim sadangune | mapan jisim nora nana | dene kang kawicara | mapan sajatine ngèlmu | sami amiyak warana ||

23. lan malih sadaya ngèlmi | sampun wontên kumalamar | yêkti tan ana bedane | salingsingan punapaa | dèning sêdya kawula | ngukuhi jênênging ngèlmu | sakabèhe iku padha ||

24. Kangjêng Sèkh Molana Mahrib | sarwi mèsêm angandika | inggih lêrês ing sêmune | puniku dede wicara | lamun ta kapirsaa | dèning wong akathah saru | punika dede rarasan ||

25. tuwan ucapna pribadi | aja na wong amiyarsa | anuksma ing ati dhewe | puniku ujar kêkêran | yèn tan kênaa tuwan | amalangi jênêngipun | bok sampun kadi mangkana ||

26. nênggih Jêng Suhunan Giri | amêdhar ing pangandika | pasthine Allah Jatine | jêjuluk Prabu Satmata | sampun wancak wicara | tan ana pêpadhanipun | anging Allah Ingkang Tunggal ||

27. ya ta sakathahing wali | angèstokakên sadaya | mapan sami ing kawruhe | amung sira Sèkh Lêmahbang | tan kêna pinalangan | cinêgah wali sadarum | tan owah ing tekadira ||

28. angandika Sèkh Sitibrit | pan sampun ujar manira | dènnya nututi kapriye | dhasare ingkang amêdhar | pamêjange maringwang | puniku wuruking guru | datan kenging ingowahan ||

29. amêksa tan kêna gingsir | sinuwalan ing akathah |

--- 125 ---

tan kêna owah tekade | sampun ujar linakonan | pan wus jangjining Suksma | Sunan Carbon ngandika rum | sampun ta tuwan mangkana ||

30. punika ujaring jangji | yêkti binunuh ing kathah | nênggih sampun ing kukume | wong ingkang angaku Allah | ngandika Sèkh Lêmahbang | lah mara tuwan dèn gupuh | sampun ngangge kaloreyan ||

31. dhasar kawula labuhi | ngulati pati punapa | pan pati iku parênge | sarênge sih kawimbuhan | pan tansah kawisesa | kang têka jatining suwung | ana kadim ana anyar ||

32. ngulati punapa malih | nora nana liyan-liyan | apan apês salawase | anging Allah Ingkang Tunggal | ya jisim iya Allah | tokid têgêse puniku | apan tunggal kajatènnya ||

33. sakathahing para wali | pra samya mèsêm sadaya | miyarsa ing pamuwuse | kukuh tan kêna ingampah | saya banjur micara | amiyak warananipun | nora nganggo sita-sita ||

34. angaku jênêng pribadi | andadra dadi rubeda | ngrêribêdi wêkasane | nêrang anênêrak sarak | rêmbuge andaliga | mawali pra wali wolu | winalon kurang walaka ||

35. lajêng abubaran sami | kang para wali sadaya | kondur mring padalêmane | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang kawogan anglunas | kang murang sarak ing ngèlmi | mupung dèrèng ngantos lama ||

36. Jêng Sunan Giri nyagahi | ing sirnane Sèkh Lêmahbang | yèn sampun praptèng masane | adêge nata ing Dêmak | bêdhahing Majalêngka | sadaya samya jumurung | lajêng samya pakumpulan ||

37. sagunging kang para wali | mrih bêdhahing Majalêngka | dene kang jinago-jago | sira wau Radèn Patah | Lêmbupêtêng Madura | lan sakulawarganipun | kang wus samya tumut Islam ||

--- 126 ---

38. Jêng Sunan Ngampèl mambêngi | mring para wali sadaya | lawan putra sadayane | rèhning Prabu Brawijaya | among sasêdyanira | mring para wali sadarum | pinardikakkên kewala ||

39. Radèn Patah matur aris | inggih nadyan makatêna | jêr tan nunggil agamine | pangangkah kula ing mangkya | inggih sanusa Jawa | sampun ngantos wowor sambu | sagêda nunggil agama ||

Perangan II (Taksih lajêngipun sêkar Asmaradana)

40. nihan kang ngarêmbag sami | ngêpung prajèng Majalêngka | warnanên Jêng Sunan Ngampèl | ing mangkya anandhang gêrah | para wali kumpulan | saos ngarsaning sang prabu | Jêng Suhunan Ngampèldênta ||

41. gêrahe saya ngranuhi | ciptanira Jêng Suhunan | pan sampun praptèng jangjine | rinoyom ing putra wayah | mêdharakên pitungkas | praptaning kamulyanipun | panguburirèng astana ||

42. aywa binaturan inggil | pan sawatara kewala | aywa sinungan pêpayon | ingkang para putra wayah | ngèstokakên pitungkas | myang para wali sadarum | anaidi kaprasidan ||

43. ri sampunnya amêmêling | Jêng Suhunan Ngampèldhênta | mapan-mapankên têlatèn | nglêgèyèh tan dangu seda | tangis umyung gumêrah | putra wayah uyang-uyung | ngiyêng wuyung kawuyungan ||

44. samana samya sinapih | dening pra wali sadaya | kinèn mupus ing papasthèn | angèsthia paripurna | layoning wong atuwa | kang liningan parêng lipur | lêmpêr pêpêr ing sungkawa ||

45. enggaling carita nguni | layon nuli binarsihan |

--- 127 ---

anulya sinaosake | salèr masjid Ngampèldênta | ri sampuning mangkana | kumpulan pra wali agung | matah mêminta agama ||

46. Jêng Suhunan Ratu Giri | lawan Jêng Suhunan Benang | sedaning Jêng Sunan Ngampèl | têtêp dadya imam mulya | para wali sadaya | pêpancène tan kaliru | sabawahe sowang -sowang ||

47. pan sampun winêngku sami | tan ana sangsayanira | Jêng Sunan Giri Kadhaton | pan arsa jumênêng nata | têtungguling agama | jêjuluk suhunan ratu | têtunggul khalifatu'llah ||

48. wus kasambadaning kapti | dènira jumênêng nata | sinuyunan [7] ing wadya kèh | adêging tunggul agama | samana kaparêngan | putraning Dipati Têrung | kang anèng Tandhês kinarya ||

49. papatihing Ratu Giri | nama Pangeran Palembang | ulama kêtib modine | kathah kinarya punggawa | Jêng Sunan Giri Gajah | jinurung sakarsanipun | madêg Nata Waliu'llah ||

50. jamanira Ngadiyati | nênggih panjanging pawarta | kapyarsa saking ing Ngampèl | wau ta Jêng Sunan Benang | kabaranang ing driya | nuli abidhalan gupuh | akanthi sabat sakawan ||

51. marang Tandhês sêdya panggih | lan pangran patih kang paman | nênggih enggaling cariyos | wau Jêng Suhunan Benang | wus panggih lan kang paman | pangran patih gupuh-gupuh | ngurmati praptaning putra ||

52. pan lajêng satata linggih | anèng sanggar pamêlêngan | sang prapta sinung pambage | sarju kaharjaning sêdya | agati gita-gita | baya ana karya prêlu | Sunan Benang rum aturnya ||

53. dhuh pangran paman pinatih | marmamba agêpah prapta | wontên ingkang dados raos | inggih miyarsa pawarta | lamun ing Giri Gajah | ki raka rekane ngaku | ambawa dadya sri nata ||

--- 128 ---

33. Sinom

1. lamun saèstu mangkana | kula pan sèwu ngamini | jangji mantêp rèhing karsa | nanging kang ulun calangi | wontên darêdah wingking | pocapane langkung saru | wus aran Waliu'llah | ulama bangsaning alim | têmah lali kalingan ing solah salah ||

2. melik mbalela ing nata | dêstun têmên dèn arani | wiku wikuning antigan | putih jaba ing jro kuning | yèn sisip-sisip têmbir | damêl pamurunging laku | lêlakon kacugêtan | marang kang adarbe bumi | dadya-dadya ngèmbèti daging awaras ||

3. paduka kaparèng têtah | têka botên mêmelingi | tingkah kang botên prayoga | karsa tuwan kados pundi | ya ta pangran pinatih | duk miyarsa turing sunu | lêgêg ing sanalika | dangu nganam-anam budi | duk kabuka arum pangandikanira ||

4. he putraningsun ing Benang | aja sira andêdalih | ngira ingkang ora-ora | maring raganingsun iki | ingsun kaliwat saking | garunêkan kudu-kudu | pêpeling sarta sulang | nanging ingsun sambang liring | kakangira karyane angêmu rasa ||

5. marma sun rarah kewala | ping pindhone wêktu iki | lagya dinuluran ing Hyang | kakangira Ratu Giri | mangunahe andadi | sinuyudan wadya kaum | kêtib modin ulama | andina-dina ndalidir | praptanira ya dahan kapasang yogya ||

6. bêcik katêmu priyangga | mring kakangira ing Giri | apa sarasaning driya | aja nganggo sanggarunggi | dadi padha patitis | tan nganggo lidhah sinambung | mèsêm Jêng Sunan Benang | pan sarya umatur aris | yèn makatên kawula anyuwun lilah ||

7. mangkat ing mangke punika | pangran pinatih njurungi | Jêng Sunan Benang gya budhal | santri kacatur tan kari | sapraptanirèng

- -- 129 ---

Giri | sumêngka sêngkaning gunung | sarawuhing talaga | angin agêng andhatêngi | tanpantara prahara karya ruhara ||

8. angrangsang-rangsang kasêrang | pancawora saya tarik | ya ta Jêng Suhunan Benang | agêm kuluk mèh kagingsir | santri ingkang angiring | muriring tansah kasurung | panêranging maruta | rêrangkangan sru murinding | Jêng Suhunan Benang akèndêl sakala ||

9. pan angêningakên cipta | mamrih pambèngkasing angin | tan kèndêl sangsaya ndadra | ardaning bajra mawrêdi | dadya osiking galih | maring kang raka jumurung | nyata lamun narendra | sirêp ponang angin-angin | têmah ngungun mangangên-angên kalintang ||

10. mring kasudibyaning raka | wasana laju lumaris | sapraptaning Giripura | kadhaton njujug ing masjid | rêrêm ing sawatawis | kang raka nulya inguwuh | saking masjid kewala | lawan ing sasmita lair | Jêng Suhunan ing Giri sampun uninga ||

11. yèn kang rayi Ngampèldênta | kang anguwuh saking masjid | nanging datan arsa mêdal | rumaos tan dèn kramèni | têka tan praptèng panti | sarêng ndungkap wanci luhur | Jêng Sunan Giri Gajah | arsa salat maring masjid | nanging nilib mêdal margi kang wadonan ||

12. salat luhur Jêng Suhunan | ing Giri Gajah sawusing | sabakdanira asalat | Jêng Sunan Benang turnya ris | mring raka Sunan Giri | paran ing kalamunipun | inggih masjid punika | punapa botên ginalih | dene dhoyong keblating kang pangimanan ||

13. Jêng Sunan Giri ngandika | ing wau katub ing angin | akarya obahing keblat | Sunan Benang matur malih | prayoginipun mangkin | jinêjêgkên keblatipun | mèsêm Jêng Sunan Arga | kalamun mangkono yayi | sira ndêdongaa ing Allah Ta'ala ||

--- 130 ---

14. supayane kasêmbadan | anuwun jêjêging masjid | ingkang rayi Sunan Benang | tanggap datan lêngganèng ngling | amêsu cipta êning | pan amatêk donga luhung | Jêng Sunan Giripura | pan jumurung angamini | katarima sarèh mangunah karamat ||

15. pan amin kaping sapisan | obah sêsakaning masjid | pating jarêthot swaranya | sarêng amin kaping kalih | amingêr ponang masjid | mangkana kalih Sang Wiku | anggung diya-diniya | mung lawan ampeyan kalih | sarêng bawa donga amin kaping tiga ||

16. masjid têtêp ingkang keblat | wus lêrês datan pradondi | sakalihan langkung suka | wau ta Jêng Sunan Giri | kalawan ingkang rayi | Jêng Sunan Benang agupuh | mudhar pandonganira | samya lênggah ing surambi | ri sampuning antuk rêrêm sawatara ||

17. nênggih Jêng Suhunan Benang | matur mring Jêng Sunan Giri | dhuh ki raka paran marma | paduka ngakên narpati | kang raka anauri | nggoningsun angaku ratu | yêkti pakoning Allah | Sunan Benang matur malih | yèn makatên nyuwun tandha kanyataan ||

18. sêksine madêg narendra | kawula arsa udani | nauri Jêng Sunan Arga | iya yayi luwih bêcik | payo mangkat tumuli | marang ing Mêkah mring dunung | nêrangkên saksinira | mring Allah Kang Maha Suci | ngêningakên ênêng anèng ing Bètu'llah ||

19. kang rayi datan lênggana | sawusing samêkta sami | sakalihan nulya mangkat | tan ana amawa dasih | lajêng anitih kèci | palwa kêras lampahipun | praptèng sabrang Malaka | palwa kandhêging lumaris | karsanira Jêng Suhunan Giripura ||

20. akampir wismaning eyang | tur gurunira sajati | ri Sang Sèkh Molana Iskak | dyan tumurun saking kèci | njujug wismaning kaki | Pase padhêkahanipun | pan sampun pinanggihan |

--- 131 ---

kalih suka rêna sami | nulya sinung panêmbrama karaharjan ||

21. rahayuning sakalihan | tinannya paraning kapti | apa baya ana karya | kadhêmpalan praptèng ngriki | kang wayah matur aris | sajarwa ing karsanipun | sêdya maring Bètu'llah | ngupados saksi prêmati | pinaido dènira jumênêng nata ||

22. marang kang rayi ing Benang | mangkyarsa ngatas ing Widhi | paran sidaning sahidan | Molana Iskak duk myarsi | sarèntèsing pawarti | dadya suka gujêngipun | arum dènnya ngandika | têka kaya bocah cilik | padha kadang dadi udur dêg-adêgan ||

23. tiwas andon tanpa pedah | kadêrêng kangsèn marsudi | prayogane kalihira | wangsula mring tanah Jawi | tan susah amèt sêksi | mring Betu'llah angêlangut | iya ingsun kaduga | dadi sêksining Hyang Widhi | dèn pracaya yèn sira tambuh sanyata ||

34. Gambuh

1. aywa kaliru surup | mêngko ingsun jatèni satuhu | ing lêlakonira iku angèmpêri | kadi anggane rumuhun | Jêng Nabi Yusup sang katong ||

2. duk gumantyèng kaprabun | iya dudu dadi warisipun | anyêlani karaton ratu ing Mêsir | myang lir Nabi Musa dangu | duk gumantyèng Raja Fir'on ||

3. yêkti mung amrih ayu | iya bakal kang nampani besuk | aja katon anggantyani ratu kapir | marma karo dèn aemut | aja pisan angalap dho ||

4. kang dudu wajibipun | pangêcame cupêt tan kacakut | cinakêpa ing pangancam kang abêcik | pirabara têmbe besuk | bisa mbaboni kaprabon ||

5. lêstari sapandhuwur | yêkti tan ana sangsayanipun | Sunan Giri Sunan Benang duk miyarsi |

--- 132 ---

ing sabdaning eyangipun | andhêku dahat ngalap sor ||

6. langkung dènnya mituhu | Jêng Suhunan Benang lon umatur | yèn makatên dhawuh paduka sang yogi | kawula inggih nênuhun | idi timbanging karaton ||

7. ingkang wayah pukulun | kakang Suhunan Giri Kadhatun | Sèkh Molana Iskak jumurung ngidèni | pangandikanira arum | kulup sun milu rumojong ||

8. mungguh peranganipun | kakangira ing Giri puniku | angratoni sakabèhe para mukmin | dene panjênênganipun | ngratoni agama kaot ||

9. iya utawa ngèlmu | Sunan Benang sakalangkung nuhun | wahyaning kang pangèstu dahat kapundhi | mangkana sasampunipun | lêganing tyas sakarongron ||

10. anulya amit wangsul | mring kang eyang jinurungan kayun | sigra lèngsèr anumpal palwa lumaris | gancang lampahing parau | praptaning Tandhês sakaron ||

11. sewang-sewangan laku | dènira wus samyantuk sabda yu | Sunan Giri lajêng mantuk maring Giri | Sunan Benang laju kondur | mring Ngampèldênta kang dhukoh ||

12. praptane Surèngkewuh | Jêng Suhunan lajêng nama ratu | ajêjuluk Prabu Nyakrakusuma di | Ratu Wahdad parabipun | Panatagama kinaot ||

13. para ulama sagung | mangkya kataman sêngkêling kalbu | awit saking ing praja desa pacêklik | larang kang sarwa tinuku | têmahan karya rêrusoh ||

14. colong cêlêr calimut | saking kalirên tan kêlar tuku | samubarang larang dènnya anglêlari | jalwèstri pating bilulung | katêndagan kang binadhog ||

15. kang sabar kamilurus | lara kasangsaya têmahipun | tan antara narendra ing Maospait |

--- 133 ---

animbali Patihipun | Gajahmada wus sumaos ||

16. anèng ing ngarsa Prabu | Brawijaya angandika arum | hèh ta paran patih ing rêmbugirèki | mungguh ing pailan agung | akarya sangsayaning wong ||

17. mandar dadya dahuru | akèh ingkang dursila ing laku | yèn awèta mangkene ngrusakkên nagri | kya patih nêmbah umatur | dhuh pukulun sang akatong ||

18. inggih prayoginipun | mêmundhuta tumbal kang pakantuk | amrih tata têntrêming praja narpati | dhatêng ing Giri Kadhatun | kang sarwa waspadèng wados ||

19. kabul pandonganipun | bokmanawi ambengkas dahuru | sri narendra duk myarsa suka kang galih | saksana lajêng anuduh | mantri madharan sang katong ||

20. Ki Bubak wastanipun | wusnya winêling alèngsèr gupuh | wêdalira sarêng lan rêkyana patih | duta lêpas lampahipun | ing marga tan winiraos ||

21. praptaning Surèngkewuh | njujug Pêcattandha wismanipun | apanêngran Kiyai Jenal Ngabidin | wus panggih satata lungguh | anèng bale sakarongron ||

22. sinungsung ing bagya yu | Kyai Bubak amangsuli nuwun | dhuh wong mitra sayêkti sami basuki | Kyai Jenal malih muwus | he sanak kang nêmbe rawoh ||

23. kados amawa prêlu | tingalipun lampah situ-situ | Kyai Bubak alon dènira mangsuli | inggih sakalangkung prêlu | dinuta ing sang akatong ||

24. pan kinèn amêmundhut | têtumbal kêmandên mrih rahayu | awit mangke praja di ing Maospahit | sangêt apailan agung | lamun sambada ing mangko ||

25. atêrêna tumundhuk | maring Giri sowan sang awiku | Kyai Jenal agupuh dandan tumuli | lajêng budhalan lêlaku | praptane Gajah

--- 134 ---

Kadhaton ||

26. umarêk jêng sinuhun | lagya pinarêk para nakêdum | kêtib modin ulama suhada mupti | tarap andhèr anèng ngayun | praptane duta dumrojog ||

27. ing ngarsa jêng sinuhun | Kyai Bubak Ki Jenal umatur | lampahira dinuta ing sri bupati | dihin paring salamipun | ping kalih dinutèng Katong ||

28. mundhut têtumbalipun | saranane kapailan agung | ing sabawah nagari ing Majapait | amrih sirêping dahuru | sagêd karta karahayon ||

29. kèndêl ing aturipun | jêng suhunan duk miyarsa atur | dutèng nata dahat kabaranang runtik | sugal pangandikanipun | hèh duta lamun mangkono ||

30. ingsun ya gêlêm angsung | anumbali kang pailan agung | lamun ratunira aprapta pribadi | sarta pasrah prajanira |[8] awit karsaning Hyang Manon ||

31. nagara Majalangu | sinèrèkke mring Giri Kadhatun | ping pindhone Bubak lan Jenal Ngabidin | nora sun lilani ngaku | lungguh ing paringing Katong ||

32. anggêpên paringingsun | krana bumi kabèh darbèkingsun | pan wus atas saka karsane Hyang Widhi | lah kapriye panganggêpmu | apa manut apa mogok ||

33. Ki Jenal amituhu | anut punapa sadhawuhipun | amung Kyai Bubak kang lêngganèng kapti | duk samana lajêng mundur | tan tolih wuri ambêrsot ||

35. Pangkur

1. datan kawarna ing marga | Kyai Bubak praptane Majapait | lajêng marêk sang aprabu | matur rèh ing dinuta | maring Giri mundhut sarana mrih ayu | têtumbaling pêpailan | wasana tan antuk kardi ||

--- 135 ---

2. wangsulaning Sunan Arga | wus ingaturakên sadaya sami | ya ta wau sang aprabu | myarsa aturing duta | sanalika sakalangkung dukanipun | asru dènira ngandika | hèh hèh si pidir wong santri ||

3. nora dhèngêr kabêcikan | satêkane nèng pulo Jawa iki | yêkti lumaku angaub | anèng wêwêngkoningwang | sakarêpe pan nora sun arubiru | mêngko têkarsa mbalela | datan amalang sêpati ||

4. wani ambadal parentah | ing têgêse sêdya wani ngakoni[9] | lawan panjênêngan ingsun | iya lamun mangkana | Gajahmada iya timbalana gupuh | Kyai Bubak nêmbah mêsat | tan antara sampun prapti ||

5. angiring rêkyana patih | praptanira ing byantara narpati | pinajaran sa-rèhipun | purwa madya wasana | langkung ngungun patih ngatas karsa prabu | wontên tiyang murang krama | angandika sri bupati ||

6. iya enggal lurugana | amijiya kang pantês mukul jurit | kyana patih nêmbah matur | yèn panudyèng karsendra | Arya Leka kang mangka têtindhihipun | wus widagdèng gêlaring prang | kados tan mindho gawèni ||

7. sri narendra langkung suka | iya bêcik kinèn mangkat samangkin | kanthènana wadyaningsun | wong prawira salêksa | tur sandika patih lèngsèr saking ngayun | sawijile saking pura | undhang ing wadya prajurit ||

8. Arya Leka kang pinatah | lajêng tata samêktaning ajurit | kêndhang gong samya gumuruh | gubar bèri wurahan | abusêkan asikêp gêgaman agung | pêdhang towok duduk larap | wus samya kuswa miranti ||

9. budhal gêgamaning yuda | tri gumuruh gora rèh nggêgêtêri | lampahira situ-situ | tan winarna ing marga | praptèng Giri suhada lêbe myang kaum | wus samya samêkteng[10] yuda | abaris sêngkaning wukir ||

--- 136 ---

10. sarêng asurak gumêrah | wong ing Giri lan wong ing Majapait | lajêng acampuh prang pupuh | caruk aliru papan | dêr-idêran anèng sêsikuning gunung | prajurit ing Majalêngka | ambêk paksa bandha wani ||

11. sumbare kadi gêrantang | wong ing Giri aja anêdya gingsir | jajalên jêjênggulipun | gul-agule ing praja | wong ngumbara pêksa angêmbari ratu | rêraton tan nganggo tata | wantune wêwatêk santri ||

12. tan dhèngêr ing kabêcikan | nganggo anggêp amirunggul wong bumi | tan lana dènnya kêkuwu | nèng wawêngkoning arga | pangakune pangawikan kaya wiku | wikana kaananira | mung nênungkul mikênani ||

13. sêmbahyange sabên dina | jungkar-jungkir tan jêjêr anjêjêrih | anjarah pangarahipun | mitênah angarenah | yèn prajurit kang nyata tan anênungkul | maju dhadha mundur dhadha | pêpukule ing ajurit ||

14. wong Giri duk amiyarsa | sêsumbare prawirèng Majapait | tumaranggal garap gangsul | aja kakèhan ucap | tandhingana wantêre wong santri gundhul | bêbundhêl agama mulya | kang wruh kamulyaning pati ||

15. tangèh yèn anêdya ginggang | adu unggul gêgalaning nagari | pantês wong gunung mbêkunung | nanging kaananira | yèn wong Islam angrusak wong kapir kupur | tan antuk papa pataka | mandar manggih swarga suci ||

16. iki rupane wong sura | nora irib dèn robana ing tandhing | tumplakên wong Majalangu | ingsun masa mirisa | wong ing praja duk myarsa rêngat tyasipun | saya mangsah mawulinga | tan etang bêbaya pati ||

17. tinadhahan wong ing Arga | langkung rame dènira aprang kalih | gêlar dumuk angun-angun | pêpati tan petungan | dangu-dangu wong Giri karoban mungsuh | atêmahan karepotan | dhadhal lan kandhah kalindhih ||

--- 137 ---

18. kêkiwul tan antuk lawan | wadyèng praja ngrampit sumêngkèng wukir | wong gunung pating bilulung | jalwèstri lêng-ulêngan | asasaran ana ngungsi gunung samun | rêrangkangan tibèng jurang | saking dènnya giris miris ||

19. êlêbing mêngsah nagara | tan antara nêdya ngrabasèng puri | para garwa nangis umyung | pawongan mawuyungan | kathah-kathah sêsambate mêlasayun[11] | karya ngrêsing kang miyarsa | mangkana Suhunan Giri ||

20. eca dènira alênggah | duk samana nênggih lagya marêngi | anyêrat Kur'an anjungkung | nglêrêsi surat Ikhlas | ponang kalam anulya binuwang mamprung | cinipta dadya curiga | kalam lajêng dadya kêris ||

21. Ki Kalam-munyêng wastanya | dyan sinabdan kinèn anganut nuli | ponang dhuwung ngamuk liwung | mangsah mêngsah kaangsah | kang katrajang pasah pêjah raganipun | pêpati tanpa petungan | kamuk dening kalam kêris ||

22. sakarine kang apêjah | dhadhal larut tan ana mangga pulih | Arya Leka kapalayu | ngintar tan tolih rowang | ya ta sapraptaning praja Majalangu | katur ing Sri Brawijaya | langkung ngungun tan kêna ngling ||

23. sinigêg datan winarna | kawuwusa wau Suhunan Giri | uninga mungsuh wus mundur | dhadhal larut sasaran | dhuwung Kalam-munyêng wangsul ngarsanipun | kopah-kopah akuthah rah | duk mirsa Suhunan Giri ||

24. kang dhuwung nulya sinabda | kinèn wangsul asale kalam malih | sanalika nulya wangsul | dadya kalam panurat | jêng suhunan langkung tobat ing Hyang Agung | sari ratri asêmbahhyang | lan sagung para ulami ||

25. dahat kasusra ing jagad | nênggih karamate Jêng Sunan Giri | sagung ingkang para kaum | kêtib modin suhada | agamane ingugêr graning jêjantung | madhêp kèdhêp tan kumêdhap |

--- 138 ---

andhadhapakên ing dhiri ||

26. anggêpe mring Gustinipun | sungku sungkêmira trus lair batin | rèh ing sapakon tan mingkuh | ngukuhi pangawikan | pinangkane karakêt lan sang awiku | ingurus êrosing rasa | rumasuk rasikaning sih ||

27. marma kasêngsêm datan sah | labuh labêt ing sapati saurip | tan was-was wosing pakewuh | pan wus acipta tunggal | ênêngêna nihan ta malih winuwus | sarênganing lêlampahan | rubeda kang narawungi ||

28. Prabu Anom ing Palembang | sutanira Pêcattandha Dipati | kang wus kinarya rumuhun | Pêpatih Sunan Arga | praptèng Jawi ing Tandhês ingkang jinujug | kanthi wadya sawatara | Sunan Giri wus miyarsi ||

29. yèn kang putra ing Palembang | praptèng Tandhês utusan animbali | ingkang dinuta kapangguh | Ki Garigis sakabat | ndhawuhakên laju umarêka gupuh | ngarsèng rama jêng suhunan | dahat dènnya nganti-anti ||

30. Prabu Anom ing Palembang | duk miyarsa ture Kyai Garigis | pangandikanira arum | ya bangêt bungah ingwang | nanging mêngko matura rama sinuhun | ingsun gêlêm tinimbalan | anuwun satata linggih ||

31. Ki Garigis nulya mentar | prapta ngarsanira Suhunan Giri | saaturira wus katur | Prabu Anom ing Palembang | Sunan Giri duk myarsa kalangkung bêndu | jaja bang mawinga-winga | pangraosira ing galih ||

32. dene karsane priyangga | Ki Garigis kinèn awangsul malih | jêng sunan ngandikanipun | tutura wus kalêgan | pamintane anjaluk satata lungguh | Ki Garigis nêmbah mêsat | tan adangu sampun prapti ||

33. ngarsaning Prabu Taruna | dyan umatur yèn panuwunirèki | kêdah asatata lungguh | èstu sampun kalilan | Prabu Anom Palembang budhalan gupuh | lawan wadya sawatara | kering

--- 139 - --

mring Kyai Garigis ||

34. lajêng sumêngka ing arga | Ki Garigis kinèn angrumiyini | samana nulya kapêthuk | dutanira suhunan | maringakên pisalin busana luhung | dhumatêng putra kang prapta | Palembang Prabu Taruni ||

36. Sinom

1. Ki Garigis wangsul nulya | ngirid kang mbêkta pisalin | tundhuk lan Prabu Taruna | angaturakên pisalin | saking rama Sang Yogi | labêt sih trêsna ing sunu | pan sampun tinanggapan | munggèng talam salaka di | linuruban ing usap-tangan sinulam ||

2. saksana nulya binuka | gandanira amrik wangi | warnanira kang busana | kampuh paring ujung wilis | myang kuluk tunggul putih | rasukan ajobah landhung | calana akêkêncan | lugas tanpa mawa têpi | Prabu Anom ing Palembang langkung suka ||

3. sadaya rinasuk samya | asarwa sangkêp rêspati | alaju ing tindakira | sapraptanira ing Giri | anjujug ing surambi | duk samana jêng sinuhun | sampun kapanggih lênggah | ingayap para ulami | praptanira kang putra dyan ingacaran ||

4. laju alênggah satata | kang putra sampun nuruti | sami mungging kursi dhênta | jêng suhunan aningali | tyas kabaranan runtik | netyandik jaja malatu | kang asta suraweyan | pangandikanira wêngis | anakingsun wong bêning ladak kumêthak ||

5. wani nyanggrang anyêngkirang | ngêdhangkrang satata kursi | kèngsêr kasêsêr tan arsa | yèn mangkono analisir | mêjanani mring mami | nggoningsun anama ratu | marma nguni sun karya | pêpatih nulya ngoncati | dadi maksih ana garunêking manah ||

6. payo aja katanggungan | lamun sirarsa ngayoni | padha tandhing kaprawiran | mbabar kadibyan [ka...]

--- 140 ---

[...dibyan] kasêktin | aja asanggarunggi | ngarah apa tiru tanduk | anak kalawan bapa | padha angèsthi ing Widhi | labêt saking sabab kalêbdan ing loba ||

7. dukane sangsaya kathah | nênggih Jêng Suhunan Giri | wantune wali minulya | prabawane mrêtandhani | orêg kang bumi gonjing | prapta kang prahara lesus | gêtêr patêr putêran | kang umiyat giris miris | maras-maras kang myarsa êru ruhara ||

8. ya ta Sang Prabu Taruna | kèndêl tan bisa mangsuli | gumêtêr sariranira | ketang saking dahat ajrih | mawinga-winga wêngis | dukane rama sinuhun | ponang riwe dlèwèran | kongsi kêbês anêlêsi | maratani kampuh rasukan clana ||[12]

9. kêkês tan adarbe karkat | cahya biyas kadya mayit | tumungkul arawat waspa | ture nuwun pangaksami | sakarsaning sudarmi | amung amundhi mituhu | lêjar ing sanalika | dukane Sinuhun Giri | parêng sirêp orêge arga prahara ||

10. arum dènira ngandika | kulup yèn wus pasangyogi | apa kang dadya pratandha | saksana Prabu Taruni | lèngsèr saking ing kursi | sadhepok lênggah tumungkul | kadi pasrah jiwangga | jêng sunan lumuntur ing sih | dyan rinangkul ingaras ingkang lungayan ||

11. dhuh babo ta putraningwang | pun rama ing mêngko gênti | njaluk sèwu pangaksama | wêngkunên ing lair batin | ndadak dadya raryyalit | kawêngku ngubungi nêpsu | matur Prabu Taruna | sampun lêrêsipun wajib | rare beka kapêkak saking dêduka ||

12. wontên ingkang kinèringan | tur dadya sarana yêkti | têdah dêdalan widada | widagda sandining wèsthi | duk myarsa Sunan Giri | turing putra sakalangkung | rêsêp rumasuk ing tyas | ngandika sarwi têtaring | yèn mangkono pra ulama sahidana ||

--- 141 ---

13. si kulup Prabu Taruna | samêngko sun ambil siwi | ing donya rawuh akhirat | pan dadya putra pangarsi | aywa sah ing salami | lan kadang wargane besuk | tulusa saduluran | pan iya ingsun parabi | Prabu Anom Acipta Suradiraja ||

14. kêtib modin pra ulama | samya jumurung ngamini | wahyane karya mangkana | wau ta Prabu Taruni | umangsah manganjali | padaning rama sinuhun | tan pêgat ingarasan | wusing antara nulya mit | palarasan angrêrêmakên sarira ||

15. linilan mring jêng suhunan | pakuwon dèn sêsênêngi | aywa rungak arêringa | pangaring- aringing galih | yêkti ing Giri iki | tan beda lawan ing Têrung | prajane sudarmanta | Prabu Anom lèngsèr aglis | wus makuwon lèngsèr masjid saha bala ||

16. lamining dina samana | sangsaya rumakêt ing sih | nênggih Sang Prabu Taruna | matur ing Jêng Sunan Giri | dhuh pukulun Sang Yogi | yèn wontên karsa pukulun | praja kang maksih kopar | jajahan nagari Jawi | ulun suka kinarya pêpukul yuda ||

17. Jêng Sunan Giri tan arsa | dèrèng usume samangkin | lan dede bubuhanira | amisesèng ratu kapir | yêkti ing Dêmak benjing | wênang karya abang biru | murisèng tanah Jawa | awit wajib darbe waris | ingsun iki mèlu mbakali kewala ||

18. nanging tan wênang bêbuka | ambaku bukaning kardi | kadar wong makum nênêka | bangkite mung angakoni | tan bangkit angêngkoki | makikine mêngku kukum | ngrangkul dudu khakira | antuk dêduka ing akhir | mung rumêngkuh mèt barukuting sarengat ||

19. kadi lêlakon ing kuna | kang kinonang rada mukti | panjênêngan Nabi Musa | lan Nabi Yusuf ing Mêsir | nggantyani ratu kapir | kapracaya amrih ayu | karahayoning jagad |

--- 142 ---

dening Hyang Kang Maha Suci | mrih sumungkêm agême agama mulya ||

20. ing wuri tan ana bakal | tumular gilir gumanti | sumulam sumuyun Islam | tan kasêlan ing salami | saline alam salim | kalulun dulur-dumulur | kapir kupur kapapas | iku pedahing pawarti | tan rubeda widada salaminira ||

21. Prabu Anom ing Palembang | miyarsa sunduking [13] kapti | sabdaning Suhunan Arga | dahat kagêlan ing galih | dadya aminta amit | mantuk maring prajanipun | nênggih tanah Palembang | Sunan Giri anglilani | sanalika lèngsèr budhal saha bala ||

22. kinanthenan pêcattandha | têtuwane Surèngwèsthi | ing marga datan winarna | praptèng Palembang nagari | ri Sang Prabu Taruni | makuwon sawadyanipun | dene ta Pêcattandha | pan datan linilan mulih | nèng Palembang nênggih ginanjar nagara ||

23. anèng tanah Dhahonpura | lan ing Balitung nagari | dahat dènnya suka rêna | katrêm kapiluta ing sih | kang rama wus miyarsi | Sang Adipati ing Têrung | kondure ingkang putra | kalangkung suka ing galih | wus sambawa wadyabala ing Palembang ||

24. ênêngna mangkya winarni | karajan ing Giri malih | samana Kyai Panangsang | dinuta Jêng Sunan Giri | ambêdhah prajèng Pathi | dene kawarti misuwur | nênggih malih agama | ngugêmi kabudan malih | laju kinèn atata tatane pisan ||

25. Kyai Panangsang gya budhal | anggawa prajurit mukmin | myang ulama kèhe sa-mas | ing marga datan winarni | prapta jajahan Pathi | wus pinêthuk baris agung | nggênggêng sayagèng laga | wong Giri anêrak wani | tinadhahan rame prang samya prawira ||

26. tandange lir saradula | adu sura ambêk pati | mangsah suk ungsir-ungsiran | tan ketang ambêbêntusi |

--- 143 ---

wong Giri wong ing Pathi | parêng ambyuk ambarubuh | pêpati tan petungan | mêngsah rowang kèh kalindhih | têmah dadya bêngawan rah sarah bathang ||

27. sarêng surak mawurahan | katawur sambating kanin | suka katrapan sungkawa | karapu rarasing gêndhing | têngaraning ajurit | kêndhang gong bèri ambarung | sangsaya sru kang aprang | ngantêp pêpukuling jurit | dangu-dangu wadyèng Giri karepotan ||

28. labête karoban lawan | mèt tindhih malah kalindhih | dadi kèngsêr asasaran | ngungsi marang senapati | Ki Panangsang ningali | kasêsêring wadyanipun | ambêk sura marata | ngêngimpu wadya kang kering | nêdya mangsah soroh pati ngungsir mêngsah ||

29. warnanên Jêng Sunan Arga | tan kasamaran ing kapti | yèn dutanya Ki Panangsang | karepotan ing ajurit | wadyabala kalindhih | labêt karoban ing mungsuh | nanging Kyai Panangsang | pêpulih amundur isin | jêng suhunan prapta anèng palurugan ||

30. pan datan akanthi wadya | sarawuhira ing Pathi | pinêthuk Kyai Panangsang | prapatane pakuwonèki | [14] jêng sunan andhawuhi | Ki Panangsang kinèn mundur | dèrèng usume mangkya | yèn linabuhana pati | bêbasane sulung kalêbu tumangan ||

31. kêkiwul tan antuk lawan | bubuhanira ing benjing | Sang Adipati Bintara | kang wênang misesèng jurit | karana iku wajib | Ki Panangsang nêmbah matur | apan sêdya anglawan | pêjah gêsang dèn andhêmi | suka lila dadosa bêbantêning prang ||

32. kêdah mêksa ngangsah mêngsah | jêng suhunan duk miyarsi | angandika èsmu duka | hèh Panangsang sun punagi | yèn bisa mbêdhah Pathi | ingong paras jenggot ingsun | Ki Panangsang gya mangsah | sisane wadya umiring | praptèng rana campuh lawan wong Santênan ||

--- 144 ---

33. gumuruh tangkêping yuda | wadya Pathi ambyuk wani | wau ta Kyai Panangsang | pangamuke ambêk pati | lir banthèng tawan kanin | kang tinêrak mawut-mawut | pêpati tan petungan | kang prapta saya ngêrobi | datan petung anumbuk bêntus ing aprang ||

34. anangkêpi mungsuhira | matambah-tambah mimbuhi | caruk corok arukêtan | wong Giri barise miris | Ki Panangsang dèn byuki | katêmahan kapêlayu | kapêthuk Jêng Suhunan | ing Giri konjêm ing siti | matur tobat tan kuwasa nguwatana ||

35. jêng sunan mesêm[15] ngandika | lah payo lolos rumiyin | nêntrêmkên anata bala | sêdhêng amarêngi jangji | soring wong Pathi iki | Kyai Panangsang jumurung | lajêng ngimpuni wadya | jêng sunan kondur mring ardi | praptèng Giri maniti anata wadya ||

36. kang samya pêjah ing aprang | warise kinèn gumanti | anapak tilasing bapa | wus raharja kadya nguni | sarêng ing lami-lami | Kyai Panangsang ingutus | anglurugi ing Tuban | dene kawêntar ing warti | Dipatine Tuban mangkya pawong mitra ||

37. lawan dipati ing Daha | Ki Panangsang budhal aglis | kêbut wong sa-Giripura | sapraptanira ing Tuban | lajêng ngêpung nagari | nênggih wong Tuban sadarum | kêkês tan ana lawan | rumasa karoban tandhing | Dipatine ing Tuban angguladrawa ||

37. Dhandhanggula

1. nulya utusan marang ing Giri | pan anungkul ngaturakên tobat | amasrahakên prajane | sarta sawadyanipun | myang darbèke baita sami | Jêng Sunan Giripura | asuka kalangkung | tinarimèng parimarma | dyan utusan wadya kinèn animbali | Ki Panangsang sawadya ||

2. winartan yèn Dipati ing Tuban | wus bêbana

--- 145 ---

ngaturakên tobat | Ki Panangsang undhang age | sawadya kang winêngku | budhal mantuk marang ing Giri | nênggih sapraptanira | njujug jêng sinuhun | katanggapan boja-krama | suka rêna rumasuk ing lair batin | sumungku sungkêmira ||

3. Ki Panangsang pan jinunjung nami | sinungan nama Arya Panangsang | datan lami antarane | Jêng Sunan Giri wau | gêrah sangêt prapta ing jangji | para wali anglayat | layone sinuhun | samana wus binarsihan | nênggih lajêng ingastana anèng Giri | karsane Sunan Benang ||

4. lawan Jêng Sunan ing Gunungjati | mangkya kang pinatah dadya imam | ing Giri satêlatahe | putranira kang sêpuh | pangran dalêm ingkang gumanti | anunggak sêmi nama | ing Giri Sinuhun | pasêbutanirèng kathah | Jêng Suhunan Giri ingkang kaping kalih | sawusing sinahidan ||

5. jumênêngira Jêng Sunan Giri | alastari ngiyumi ulama | kêtib modin sabangsane | para wiku sadarum | kondur maring dalême sami | tan ana sangsayanya | ing mangkya winuwus | nagari ing Majalêngka | Prabu Brawijaya sampun angsal warti | yèn Sunan Giri seda ||

6. sutanira pan sampun gumanti | tan lilane Prabu Brawijaya | têtêp mampang kêramane | dene tan saos atur | pamêngkune ing tanah Giri | karsa pinukul ing prang | samana anuduh | putra kang mangka manggala | anindhihi wadya kang nggêmpur ing Giri | Arya Gajahpramada ||

7. lajêng bidhal saking Majapait | kinanthènan prajurit rong lêksa | samêkta sagêgamane | gumuruh lampahipun | mabarungan kêndhang gong bèri | surak samarga-marga | mangkana winuwus | mèh prapta ing Giripura | wong ing Giri miyarsa siyagèng jurit | amêthukakên mêngsah ||

8. caruk rukêt samya silih ungkih | ukêl okol

--- 146 ---

akakah-kakahan | kang ayuda langkung rame | bêrêg buru-binuru | dangu-dangu wadya ing Giri | kasêsêr karepotan | miris kapalayu | karoban ing mungsuhira | samya ngungsi ngarsane Suhunan Giri | rinampit wadyèng praja ||

9. langkung duka Jêng Suhunan Giri | lajêng nggirèkakên wadyabala | mêthukkên mêngsah unggahe | saajang-ajangipun | pra ulama datan kadugi | linawana ing yuda | tiwas tanpa unggul | margi karoban ing lawan | wong ing Majapait upama jaladri | wong Giri pama wangan ||

10. Sunan Giri madêg surèng galih | mangsah lawan Ki Arya Panangsang | akanthi wadya salawe | sabate ramanipun | pêpilihan trahing winani | campuh lan wong ing praja | ambêk sura nêmpuh | dadya rame kang ayuda | kang katrajang wadyabala Majapait | bubar mawut sasaran ||[16]

11. samya ngungsi marang senapati | wau Ki Arya Gajahpramada | miwah prawira kanthine | miyat kang baris agung | samya bibar agiris miris | amiyarsa pawarta | yèn kang mangsah kiwul | Suhunan ing Giripura | kanthi Arya Panangsang prajurit sêkti | myang wadya pêpilihan ||

12. ngamuk rampak ngrampak golong pipit | têmah akarya rusaking wadya | undhang sakalèrèhane | kinèn tumandhing pupuh | sarêng mangsah lan wadyèng Giri | campuh prang liru papan | rok rukêt acaruk | tumundhung ngêrobi lawan | wong ing Giri mêksa kasor gundhili |[17] Suhunan Giripura ||

13. kèngsêr tan anêdya mangga pulih | lolos ngungsi gisiking samodra | lawan sakulawargane | wontên sabat kaplayu | Kyai Wanapala kêkasih | mangilèn pangungsinya | lajêng adhêdhukuh | nèng wana Krêndhawahana | kawarnaa prawira ing Majapait | wus atas ing pawarta ||

--- 147 ---

14. yèn ing Giri têtêp sampun sêpi | lajêng ngrusak sakathahing wisma | samya ingobongan kabèh | myat ing astananipun | Sunan Giri wong Majapait | langkung panasing manah | sumêdya linêbur | dyan samya minggah ngastana | arsa ndhudhuk jarate Jêng Sunan Giri | sadhatênge ngastana ||

15. wong ing Majapait aningali | wong kêkalih samya calaina | sawiji pincang sikile | dingkol satunggilipun | samya têngga astana Giri | ing mulabukanira | anênggani kubur | duk bêdhahing Giripura | tan abisa ngungsi awor rewangnèki | labêt anandhang cacad ||

16. dadya sami nêmpuh byat angungsi | anèng jroning astana kewala | jêjarah marang gustine | ya ta wong Majalangu | takèn marang janma kêkalih | kang nandhang cacat hina | prênah kuburipun | Suhunan ing Giripura | wong kêkalih nêdyan[18] tan sajarwa ajrih | kalamun pinêjahan ||

17. satêmahan tinuduhkên nuli | astanane Sunan Giripura | suka sapamiyarsane | sanalika ing ngriku | gêdêr mangsah wong Majapait | dupi arsa tumandang | ndhudhuk jaratipun | ngangkat pacul linggis samya | kênèng alat sumaput pêt kang pangaksi | aniba gulasahan ||

18. sarta sami angutahkên gêtih | lajêng ginanti ing rowangira | tan pae kalawan kabèh | kang akèh jrih andulu | katur marang Sang Senapati | Arya Gajahpramada | langkung dukanipun | sanalika lajêng têdhak | lajêng ngatag wong calahina kêkalih | yèn mopo pinêjahan ||

19. wong kêkalih sakalangkung ajrih | dyan tumandang andhudhuk astana | tan antuk walat kalihe | ya ta pandhudhukipun | sasampuning têlas kang siti | nggêpok tutup balabag | kinèn mbuka gupuh | mêngane ponang balabag | swara umyung bumi gêtêr gonjang-ganjing | wong mundur minggah ||[19]

--- 148 ---

38. Durma

1. tan antara mijil tawon wêndran yutan | ndalêdêg wanti-wanti | saking ing astana | lajêng angamuk mêngsah | ngêntupi wong Majapait | gègèr puyêngan | kang miyat giris miris ||

2. ponang tawon mijile sangsaya kathah | ngungsir wong Majapait | pabarisan bubar | mawut samya sarsaran | tan kêna dèn pirantèni | kagila-gila | pangamuke mbêk wani ||

3. kang cinandhak aniba saênggonira | rinobon dèn êntupi | anjrit asêsambat | anggêrêng lir raksasa | awak abuh netra bintil | amanang-manang | abang dhapur mêmêdi ||

4. anêmahi pêjah saking kasakitan | tan bisa lawan tandhing | kang tan manggih pêjah | lumayu bêrangkangan | tan etang bêbaya wèsthi | nênunjang palang | dènira ngungsi urip ||

5. lajêng samya umanjing sajroning praja | wadya ing Majapait | tawon nglud saparan | katingal saya ngrêda | liwêran ngêbêki langit | swara wurahan | yayah anggêmpur bumi ||

6. pêtêng ndhêdhêt lir mêndhung ngêndanu andhap | gêtêr patêr nggêtêri | otêr aputêran | jalwèstri apuyêngan | saparan akontrang-kantring | wayang wuyungan | tambuh-tambuh dèn ungsi ||

7. asasaran lumayu saparan-paran | gêdêr sajroning puri | tangising wanudya | karya ngrês kang miyarsa | sagung para rajasiwi | aparêng tandang | sinêngguh mêngsah prapti ||

8. praptèng jawi miyat tawon wêndran yutan | wangsul lumayu nggêndring | tan atolih rowang | Sang Prabu Brawijaya | sagarwa putra miranti | gugup busêkan | dyan jêngkar saking puri ||

9. lolos ngetan anjog tanah Wirasaba | têmah ing Majapait | suwung prajanira | tawon ingkang ambêdhah | sarêng praja sampun gusis | tan ana janma | kang tawon sirna sami ||

10. kawarnaa wau wong kang nandhang cacad | calahina [ca...]

--- 149 ---

[...lahina] kêkalih | kang têngga astana | kubure Sunan Arga | undure wong Majapait | calahinanya | waluya kadi nguni ||

11. psarean dyan tinata ingurugan |[20] pinaripurna pulih | kacarita nulya | rêmbag nusul gustinya | nênggih Jêng Suhunan Giri | ngalèr parannya | praptèng têpining tasik ||

12. wus apanggih lawan Sunan Giripura | matur yèn sampun gusis | baris Majalêngka | kenging alating rama | kang sampun sumare Giri | bêbukanira | praptèng wasana titi ||

13. wus rinèntès katur sapawartanira | Sunan Giri duk myarsi | suka anarima | sanalika gya budhal | nêdya kondur maring Giri | sagarwa putra | myang para wadya sami ||

14. praptèng Giri jêng sunan langkung sungkawa | myat padalêmanèki | risak ingobongan | katuju myarsa warta | yèn nagari Majapait | mangkya suwungan | karsa rumusak[21] gênti ||

15. gya utusan wadya maring Majalêngka | samya kinèn ngusungi | sagunging paseban | myang wisma kang prayoga | tuwin bangsal alit-alit | wus kalaksanan | ingusungan mring Giri ||

16. pan rinakit padalêmanira samya | miwah ing gèning dasih | wus pinaripurna | wismane sowang-sowang | raharja kadya ing nguni | para ulama | têtêp ngulah agami ||

17. kawarnaa Sang Aprabu Brawijaya | sampun miyarsa warti | yèn tawon wus sirna | kondur sagarwa putra | lajêng lumêbèng jro puri | kang wadyabala | samya prapta anggili ||

18. angulihi banjar pakaranganira | wismane sirna sami | lajêng tata-tata | ênggène sowang-sowang | dene bangsal alit-alit | miwah paseban | pan wus winangun malih ||

19. tata têntrêm nagari ing Majalêngka | nihan warnanên mangkin | pra wali kumpulan | sagung

--- 150 ---

para dipatya | bupati satriya mantri | kang wus samyeslam | Prabu Jaranpanolih ||

20. kang wus manut anunggil agama Islam | Prabu Jaranpanolih | ing Sumênêp praja | lawan Natèng Madura | Sri Lêmbupêtêng wêwangi | myang kadangira | Dewa Kêtut ing Bali ||

21. tuwin Sri Bathara Katong Pranaraga | pan apêpakan sami | nèng prajèng Bintara | êngênthêlakên rêmbag | angrabasèng Majapait | pinukul ing prang | sampun usume mangkin ||

22. apêpucuk purun karya karusakan | maring astanèng Giri | sêdhêng pinaranggal | wus matêng rêmbagira | pinatah-patah ing kardi | Jêng Sunan Benang | senapatining jurit ||

23. Adipati Bintara mangka narendra | angadoni ing jurit | ngrurah prajèng kopar | ana dadya sandeya | nênggih ing Têrung Dipati | sawêg karoban | suka katrêsnaning sih ||

24. maring panjênêngan Prabu Brawijaya | sandeyanirèng galih | bok mêngsah kawratan | kalêban kawibawan | arêmbag amrih prayogi | Jêng Sunan Benang | dhawuh Sang Adipati ||

25. ing Bintara kinèn akintun pustaka | maring Sang Adipati | ing Têrung samangkya | têmbung suka uninga | lamun arsa angayati | ngrabasèng kitha | karajan Majapait ||

26. ngèstokakên Sang Adipati Bintara | sampun akarya tulis | mantri kalih mangkat | ênêngna kang lumampah | nênggih ing Bintara mangkin | samya rêmbagan | sagunging para wali ||

27. karya masjid abahan sadaya mêpak | ingkang badhe kinardi | abubuh-bubuhan | para wali sadaya | pan wus samya amiranti | saka balungnya | amung Jêng Sunan Kali ||

28. bubuhane saka ingkang durung ana | tansah dènnya ngadhêpi | wong amadung wrêksa | dinangu Sunan Benang | kaya paran jêbèng êndi | bubuhanira | saka guru sawiji ||

29. dene mêngko datan ana katingalan | kabèh wus amiranti | mung ngêntèni sira | jêbèng aja

--- 151 ---

sêmbrana | dèn adêgkên benjing enjing | alon turira | wau Jêng Sunan Kali ||

30. panêmbahan gampil kiranganing saka | mangke amba ngupadi | nabda Sunan Benang | sukur lamun wus ana | lajêng kesahan lumaris | ya ta kawarna | Jêng Sinuhun ing Kali ||

31. ngumpulakên tatale wong madung wrêksa | angadhêpi undhagi | pêthèlan pasahan | tatale kang tinata | tinumpuk-tumpuk wus inggil | nuli sinabdan | mulih asale siji ||

32. sanalika tatal dadya witing wrêksa | wutuh galondhong siji | gya malih sinabdan | hèh kayu bangsanira | pan dadya sasaka masjid | bêcike mangkya | dadia saka nuli ||

33. tan antara kang galondhong dadya saka | warnanira rêspati | sarêng enjingira | andhèr samya pêpêkan | sagunging kang para wali | Sinuhun Benang | pangandikanya aris ||

34. lah ta payo lêkasana nambut karya | sagung para undhagi | gumrah awurahan | sabdaning wali mulya | tan ana rêkasa sami | akuwat langkas | kang samya ngupakarti ||

35. saka tatal pinarnah anèng lèr wetan | pangimamaning masjid | lan liyane saka | saking pra auliya | sadaya sampun rinakit | sadandannannya | tan ana kang kawuri ||

39. Pangkur

1. sampun dadya masjid Dêmak | tundha tiga langkung dènnya rêspati | têngah pangimaman agung | kanan kering ginatra | datan ana kuciwa ing pasang wangun | ri sampunira mangkana | sagunging kang para wali ||

2. pradondi lêrêsing keblat | mastakane masjid ka'batu'llahi | satêngah kirang mangidul | anggung diya-diniya | kang sawênèh kirang ngalèr lêrêsipun | oyog-ingoyog tan pêgat | pan sami asta sawiji ||

3. obahing masjid upama | lir dèn ingêr wong pitung atus nênggih | mingêr ngalèr mingêr

--- 152 ---

ngidul | sami jinawil asta | pan Sinuhun Benang kewran keblatipun | ngandika kinèn ngèndêlna | luhung iya mangke bêngi ||

4. samya nênêdhèng Pangeran | ing bênêre keblat lan ka'bah iki | ya ta kawarna ing dalu | wali wolu prasamya | anênêdha sarwi mawas keblatipun | ka'bah lan Mêkah katingal | saking ing Dêmak nagari ||

5. kang para wali anyawang | ing lêrêse keblat Mêkah pradondi | Sunan Kali nêmbah matur | maring Jêng Sunan Benang | yèn makatên tanpa wêkasan puniku | madêg Sunan Kalijaga | ing guru sarya tur bêkti ||

6. marêp mangidul margagah | asta kiwa nyandhak sirahing masjid | asta ingkang têngênipun | anyandhak sirah ka'bah | tan antara masjid lan ka'bah wus gathuk | Sèkh Malaya aris mojar | lah sadaya kadipundi ||

7. punika masa ewaha | saking ingêr kanan miwah ing kering | pan pitulunging Hyang Agung | sigra samya amawas | wus mupakat ka'batu'llah nulya wangsul | wanci pajar sidik samya | asalat kang para wali ||

8. Sunan Benang dadya imam | Sunan Kali kang adan angamati | sawusira bakda subuh | kumênyar kang raditya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | samya ningali sadaya | sagunging kang para wali ||

9. Suhunan Benang ngandika | iku apa gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | ing jro ana isinya | kinèn nguthik bêbuntêlan sampun runtuh | ing ngarsane Sunan Benang | cinandhak dipun ungkabi ||

10. ing jêro isi rasukan | dhapur takwa ana isine tulis | lorodan agêm jêng rasul | dene kang ginadhuhan | Sèkh Malaya Suhunan Kalijagèku | Sinuhun Benang ngandika | lah nêdha ki jêbèng Kali ||

11. sira ingkang dhinawuhan | Sunan Kali sujud sarwi ngadhêpi | sigra andonga tafakur | ngungun [ngu...]

--- 153 ---

[...ngun] wali sadaya | Sunan Benang alon pangandikanipun | punika Antakusuma | lêlangsarane jêng nabi ||

12. ulêse iku pan iya | walulange wêdhus kongsi barindhil | puniku salaminipun | kinarya pasalatan | kangjêng nabi lah iya karyanên iku | kulambi kang dhapur takwa | dene kang anganggo benjing ||

13. kang mbêkêli tanah Jawa | sapa ingkang dadi ratu ndarbèni | Ki Gondhil arane iku | Sunan Kali tur sêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Suhunan Ngudung tinêdah | nglurug marang Majapait ||

14. minangka pêpucuk yuda | dene wuri wus sinadhiyan baris | bêbantu ngadoni pupuh | sêdhêng kaiting rêmbag | ingkang samya Islam kabubuhan brubuh | kumpule nèng Surabaya | lawan wontên kang wêwêling ||

15. nênggih Jêng Suhunan Benang | maring Sunan Ngudung lamun ajurit | lawan si Dipati Têrung | rowangên sawatara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | mring Sinuhun Kalijaga | Kyai Antakusumèki ||

16. wus bidhal saking Bintara | saha wadya gumrah samargi-margi | warnanên ing Majalangu | nênggih sampun miyarsa | yèn ginitik prang lawan Suhunan Ngudung | Sang Aprabu Brawijaya | saksana undang ing dasih ||

17. kinèn mapagkên ing yuda | Gajahmada undang-undang tumuli | wus prapta wadya gumuruh | samya amukul kêndhang | andalêdêg golongan sajuru-juru | sagung kang para punggawa | dene kang para dipati ||

18. pan samya katiban layang | kawarnaa duta ing Dêmak nguni | pan sampun prapta ing Têrung | surat katur dipatya | gya binuka kadhadha saungêlipun | kalangkung jibêging manah | dene karya suduk gunting ||

19. ing Dêmak sayêkti kadang | Majapait pêpundhèn dhasar gusti | nanging sarêng dangu-dangu |

--- 154 ---

kapanggih galihira | nadyan gusti yèn kupur agamanipun | wênang lamun cinidranan | sanalika karya tulis ||

20. sul-angsul marang ing Dêmak | duta mêsat praptèng Dêmak nagari | ponang sêrat sampun katur | ing Dipati Bintara | dyan winaos sarahsaning angsul-angsul | sang dipati langkung suka | ya ta wau ponang tulis ||

21. dyan katur Suhunan Benang | têmbungira mangayubagyèng puji | dènira arsa anggêmpur | karaton Majalêngka | nanging amba ing têmbe amapag pupuh | pan sampun katon mbalela | dènira rumêksèng Gusti ||

22. benjang praptanirèng masa | campuh yuda sagah mêngani kori | tamat ing pamaosipun | Jêng Sinuhun ing Benang | sakalangkung suka sukur ing Hyang Agung | dene wus tanpa sumêlang | kang dadya raosing galih ||

23. sanalika aparentah | samya kinèn siyaga ing ajurit | têngaraning prang tinabuh | sagunging wadyabala | wus sanega sadandananing prang pupuh | budhal saking ing Bintara | gumuruh samargi-margi ||

24. kadya têdhuh ing akasa | laju anjog tanah ing Surèngwèsthi | samya ngrêrêmakên laku | angaso masanggrahan | ênêngêna warnanên malih ing Têrung | pan sampun tampi parentah | saking rajèng Majapait ||

25. lajêng bidhal saha wadya | praptèng praja pinatah mandhegani | dadya senapati sêpuh | timbang lawan sutendra | Prabu Anom Atmawijaya jêjuluk | mangke manggalaning yuda | têtunggul angirid baris ||

26. mênggah Dêmak sarêng prapta | Sunan Ngudung pramukanirèng dasih | kêndhang gong bèri abarung | gubar bêndhe wurahan | Adipati Têrung lawan sutèng prabu | Sang Arya Atmawijaya | amapag mêngsah kang prapti ||

27. cinarita têmpuhing prang | wadyèng Dêmak lan bala Majapait | Senapati Sunan Ngudung |

--- 155 ---

ngawaki ing ngayuda | têmpuh lawan Sang Adipati ing Têrung | rèhning kalih sênapatya | mangka wêwêngkoning jurit ||

28. katêmpah amisesèng prang | gêlarira samya amamèt tindhih | samya dumuk angun-angun | wuru riwut lan rowang | corak-caruk ambêrêg buru-binuru | samya suka ing ngalaga | wong Dêmak karoban tandhing ||

29. lan prawirèng Majalêngka | kuthèthèran samya ngungsi ing wuri | wau Jêng Suhunan Ngudung | tan nêdya ngundurana | ngangsah nêngah ngiwa nêngên ngangsêg mungsuh | tandange lir singa lodra | tan etang awuru gêtih ||

30. prawira ing Majalêngka | kang katrajang mawur sasaran ngungsi | maring senapatinipun | ing Têrung Pêcattandha | sarêng miyat wadya gung wêwêngkonipun | kasêsêr kasoran ing prang | sang dipati angawaki ||

31. saha nggêrêgakên wadya | sarêng mêngsah kinèn ngêrobi tandhing | wong Dêmak kang wus kêplayu | myat senapatinira | ngungsir mêngsah dadya wangsul akêkiwul | têmpuh prang udrêg-udrêgan | bangun kawanèning jurit ||

32. abubrah tataning gêlar | mêngsah rowang kèh samya angêmasi | Jêng Sunan Ngudung kasambut | tatu lamunge[1] kiwa | kang marjaya sira Sang Dipati Têrung | labêt kasêsiwo ing prang | wor sru campuh liru tandhing ||

33. wadya Dêmak srêng miyat | [2] Sunan Ngudung kaparwasa ing jurit | lolos sasaran lumayu | tan ana tolih rowang | Kyai Antakusuma mantuk rumuhun | prapta nagari ing Dêmak | apan sarwi kuthah gêtih ||

34. Jêng Suhunan Kalijaga | duk tumingal lajêng asung pawarti | mring garwanya Sunan Ngudung | bokayu katiwasan | pan si kakang kasambut ing aprang pupuh | garwa Sunan Ngudung mojar | adhi sintên kang pawarti ||

35. ngandika Sang Sèkh Malaya | Kyai Antakusuma

--- 156 ---

mangke mulih | apan sarwi kuthah marus | kakang anyurtanaha | pan kulambi kula ingkang dipun sambut | jabaning pasthi rinaksa | dene salêbêting pasthi ||

36. sintên kawasa nyêgaha | garwa Sunan Ngudung wau duk myarsi | asru dènira amuwun | wus mantuk Sèkh Malaya | tan antara layone Suhunan Ngudung | wus rawuh nagari Dêmak | sinarèkkên kilèn masjid ||

37. samana wus kapiyarsa | dening para senapatining jurit | kang baris ing surèngkewuh | yèn wadya ing Bintara | kasor ing prang Jêng Sunan Ngudung kasambut | sagung kang para oliya | mung sumarah rèhing kapti ||

38. Sang Adipati Bintara | lawan para kadang sayuk ing kardi | sêdhênge mangke ginêmpur | praja ing Majalêngka | sarêng undhang ing wadyabala gumuruh | wusing samaptèng ngayuda | budhal saking Surawèsthi ||

39. gora rèh swaraning bala | ambalabar lir robing jalaniddhi | lawan Jêng Suhunan Kudus | kinèn ambanjêlana | ingkang rama nênggih Jêng Suhunan Ngudung | dadya manggalaning bala | senapatining ajurit ||

40. Sunan Kudus tan lênggana | sanalika tanggap kuswa miranti | lan sawadyabalanipun | sadandananing yuda | Sunan Gunungjati nganthèni pangulu | kalawan sarbane pisan | kinèn ngêrapkên ing jurit ||

41. lan êcisnya Sunan Benang | Sunan Giri paring sarana kêris | Kalam- munyêng namanipun | kadadyan saking puja | ing Palembang Arya Damar akêkintun | pêthi kamandèn sajuga | saking uwa dwijaning wil ||

42. Sunan Kudus nulya budhal | saha wadya sapraptanirèng Giri | samana pra sampun kumpul | lan para senapatya | andum karya ing Majapait kinêpung | Sang Adipati Bintara | anèng salèring nagari ||

43. lan sagung para dipatya | pra prawita[3] miwah

--- 157 ---

satriya mantri | kadi mêndhung angêndhanu | dene Jêng Sunan Benang | anèng kulon lan para oliya kumpul | kêtib modin myang suhada | sabangsane pra ulami ||

44. narendra ing Pranaraga | Sri Bathara Katong sawadya sami | kanthi Prabu dewa Kêtut | ing Bali saha bala | anèng kidul amangku gêgaman agung | Sri Lêmbupêtêng Madura | lan Prabu jaranpanolih ||

45. ing Sumênêp anèng wetan | saha wadya sadandananing jurit | samana wong Majalangu | pan samya kagegeran | dene wontên mêngsah prapta pindha têdhuh | sumahap angêpung kitha | kadi durmane ing jurit ||

40. Durma

1. nulya katur Sang Aprabu Brawijaya | yèn wadya Dêmak prapti | datanpa wilangan | nêdya ngrabasèng kitha | sri narendra duk miyarsi | langkung sungkawa | èwêd raosing galih ||

2. dene mêngsahira sagung para putra | lamun nungkula isin | panjênêngan nata | nistha kalokèng jana | dèrèng cacak ing ngajurit | angadu bala | pêpukuling ngajurit ||

3. sanalika sri narendra undang- undang | maring kang para siwi | lan para dipatya | myang Patih Gajahmada | kinèn mêthukkên ing jurit | mêngsah kang prapta | ing Bintara myang Giri ||

4. Patih Gajahmada angrigakên bala | miwah para dipati | tuwin para putra | kinèn samêktèng yuda | gumuruh kêndhang gong bèri | barung gong raya | golong sabilik-bilik ||

5. Senapati Rahadèn Atmawijaya | lan ing Têrung Dipati | miwah Arya Leka | Arya Jaka Tambula | lawan Radèn Sewagiri | Dyan Yudasara | myang Radèn Sawunggaling ||

6. Dyan Panurta lawan Radèn Dewantara | miwah Arya Saruni | Arya Saradhênta | Arya Gagakpranala |

--- 158 ---

tuwin Arya Balaruci | Dyan Jalalana | kerig sawadya sami ||

7. senapati putraning Sri Brawijaya | kang maksih anêtêpi | agamaning rama | pan samya ambêk pêjah | dènnya rumaksèng nagari | wusing siyaga | budhal sawadya kerig ||

8. kadya tasik mbalabar maring dharatan | pinatah-patah sami | kang tunggul daludag | sajuru-jurunira | rinarêngga sarwa asri | pradangga umyung | tabah-tabahan ngrangin ||

9. lampahira praptèng kikis kilèn praja | prawira Majapait | akupêng kalangan | jêjêl tanpa petungan | swara lir manêngkêr langit | prawirèng Dêmak | miyat wong Majapait ||

10. mêthukakên yuda ngangsêgakên bala | kêndhang gonge tinitir | tanggap nyandhak tangan | angatag senapatya | sagunging kang para wali | myang pra dipatya | rêmbag tanduking jurit ||

11. Adipati Bintara lon aturira | maring Suhunan Giri | paran kang prayoga | tanduking ngadilaga | ngandika Suhunan Giri | para mujijat | bèbèrêna ing mangkin ||

12. supaya wruh kêmandene sowang-sowang | lamun panudyèng kapti | iya agêm sarban | saking Carbon kinirap | anèng antaraning ratri | kang saking ingwang | mêngko kapanggih benjing ||

13. kanthi lawan pêthi kang saking Palembang | wus cundhuk ing panggusti | sapraptaning masa | sarban sampun kinirap | pabarisan Majapait | mijil awêndran | tikus makêthi-kêthi ||

14. andalêdêg marang jroning pabarisan | kumêrap angêrobi | mring pakuwon mêngsah | mêmangsa samubarang | sangune sadaya ênting | miwah dandanan | rantas arontang-ranting ||

15. kagegeran pabarisan Majalêngka | tan kêna dèn sayuti | lamun pinarwasa | kang prapta saya ngrêda | sêdhih wong ing Majapait | swara gumêrah | akarya giris miris ||

16. sapraptaning enjing wadya Majalêngka | samya kirap ing jurit | anêmbang têngara |

--- 159 ---

sêdyarsa ngungsir mêngsah | dhuwung kang saking ing Giri | kaunus nulya | anèng papaning jurit ||

17. sanalika mêdal tawon wêndran yutan | mring mêngsah angêntupi | samya gundam- gundam | pêthi saking Palembang | binuka jumêgur muni | lir blêdhèg sasra | pêtêng ndhêdhêt ing langit ||

18. mêsês ingkang lesus angin bayu bajra | bumi kadya ginonjing | gêtêr maputêran | kèh wrêksa kaparapal | kasêmbuh wêdaling êcis | Jêng Sunan Benang | anèng papaning jurit ||

19. nulya mêdal gêgaman wêndran ayutan | samya ngamuk pribadi | anumpêsi mêngsah | pêthi saking Palembang | mêdal lêlêmbut anggili | umyang ing tawang | nêluh wong Majapait ||

20. anggalasah pêpati tanpa petungan | sasesanirèng pati | bingung mawuyungan | lir gabah ingintêran | pati-pati mbêbêntusi | wong Majalêngka | tan ana kang ngundhili ||

21. amung ri Sang Prabwanom Atmawijaya | ngungsi sajroning puri | Têrung Pêcattandha | wus amêngani lawang | wadya ing Dêmak udani | yèn mêngsahira | larut tan ana kèri ||

22. Adipati Bintara undang ing wadya | angrampit jroning puri | ngangsêg barisira | Sang Prabu Brawijaya | miyat para senapati | sawadyabala | tumpês tapis ing jurit ||

23. sakarine kèngsêr lumayu sasaran | agiras giris miris | sagunging gêgaman | angamuk sowang-sowang | lawan tawon angêntupi | Sri Brawijaya | tyasira kontrang-kantring ||

24. kamicicèn sabêdhahing Majalêngka | saking tawon ing nguni | akarya sangsara | mangkya wuwuh gêgaman | samya angamuk pribadi | tanpa petungan | saya miris ing galih ||

25. karsa lolos maring nagri Pranaraga | sagarwa putra sami | jêngkar saking pura | ya ta wadya ing Dêmak | pan sampun miyarsa warti | yèn sri narendra | sampun lolos ing ratri ||

26. nulya katur Sang Adipati Bintara | tan antara [anta...]

--- 160 ---

[...ra] ngaturi | kang raka sang nata | Bathara Katong prapta | paran ing rêmbagirèki | dene kang rama | ngungsi mring Pranaragi ||

27. Sang Bathara Katong prayogining rêmbag | ingantêpa samangkin | tinonjok ing sêrat | bok darbe kaemutan | angeman ingkang nagari | lan karajannya | anut agama suci ||

28. lêstarine dadi pêpundhèning jagad | ing dunya praptèng akhir | sarèhning wong tuwa | wajib lamun rinaksa | dene lamun nora kêni | nadyan wong tuwa | wênang dèn wisesani ||

29. yêkti abot marang lakuning agama | ana têpaning nguni | kocap jroning Kur'an | èmpêring lêlampahan | jamaning Nabi Ibrahim | pan ingkang rama | pinrih agama suci ||

30. Patih Hanyar dahat dènira lênggana | ngantêpi pati kapir | wêkasan dèn lunas | winasesa ing pêdhang | ananging samono yayi | masa manggaa | kadi Nabi Ibrahim ||

31. pan sêdhênge iya binurak kewala | saking ing Pranaragi | kèndêl andikanya | Bathara Katong ika | Dipati Bintara nguni | dyan karya surat | kadi kang pamrayogi ||

32. ingkang raka narendra ing Pranaraga | datan adangu dadi | sinungakên duta | kinèn ngaturkên rama | ponang duta mêsat aglis | pan sampun prapta | nagari Pranaragi ||

33. kawarnaa Sang Aprabu Brawijaya | pinarêk para siwi | lawan para garwa | lan wadya sawatara | ingkang kaparêk ing ngarsi | Ki Gajahmada | rêmbag sarèh ing jurit ||

34. kinèn ngimpu wadya kang lumayu ing prang | myang ngirup kanan kering | dèn samya siyaga | rumaksèng Gustinira | dèrèng dangu gunêm kawis | praptaning duta | saking Dêmak nagari ||

35. dumarojog ing ngarsa mundhi nawala | katur ing sri bupati | sampun tinanggapan | mring Prabu Brawijaya | binuka sinuksmèng galih | têmbunging surat | miluta mêmalat sih ||

--- 161 ---

36. kaatura ing sêmbah sungkêm kawula | pun Patah nyuwun alim | sampun kêkirangan | sagantên pangaksama | praja paduka ing mangkin | sampun abêdhah | emuta jêng dewa ji ||

37. lamun sanggêm angagêm agama mulya | kondura mring nagari | lulusa wibawa | ambawani bawana | dados pêpundhèning siwi | sawadyabala | wontên ing nusa Jawi ||

38. bilih maksa ngêkahi agami kopar | Budha ingkang binudi | kêdah tan widada | weda ing dadinira | sumangga kangjêng rama ji | ulun anjarah | titi ungêling tulis ||

39. ya ta wau Sang Aprabu Brawijaya | duk wrin ungêling tulis | kang saking kang putra | Sang Dipati Bintara | tan pisan akarya lilih | ing galihira | mandar sru katêtangi ||

40. dukanira jaja bang mawinga-winga | pangandikanya wêngis | têtêp wong druhaka | kudu ngêndhih wong tuwa | anut agamaning santri | anistha papa | nguthakil sugih pokil ||

41. masa ndadak kagêbang ingkang mangkana | ya jênêng ingsun iki | sanadyan rusaka | lêbur lan prajaningwang | sayêkti ingsun andhêmi | duta dèn enggal | tutura anak mami ||

42. sun tan arsa anuta agama Islam | nyulami rèhing ngèlmi | lir para ulama | êmoh maring kukama | eman kang wus sun têmêni | tumanêm ing tyas | ingimankên salami ||

43. mamèt mangat wêkasan nora kaduman | dadi makmum angêmim | agamèng atmaja | ngêmohi kang wus tamat | têmama têmah utami | balik ing Dêmak | wong ngame dèn romèsi ||

44. sungsang sarik kasêsêr marang ing sarak | asarana sak sêrik | morèg ngarah apa | ngarah ngrurah ing rama | arêp ngarêpi nagari | nêgor nugraha | anggêre amandhiri ||

45. tanpa surup pangirupe wong ing Arab | ngêraman dèn ramuhi | karam karahmatan | ngamuk mumuk amamak | yèku karime wong mukmin | tan nganggo imam | katêmah tadhah amin ||

--- 162 ---

46. saya kathah dukane Sri Brawijaya | ingkang myarsa samya jrih | ya ta duta Dêmak | tinundhung nulya mêsat | warnanên sri pramèswari | putri ing Cêmpa | dahat ambêbolèhi ||

47. maring raka Sang Aprabu Brawijaya | nanging datan ginalih | wau dutèng Dêmak | praptaning pabarisan | matur solahe tinuding | purwa wasana | dènnya ngaturkên tulis ||

48. Adipati Bintara lan para kadang | ing Bali Pranaragi | kalangkung bramantya | lajêng undang ing wadya | kinèn mbudhalakên baris | anglud amburak | Narendra Majapait ||

49. ingkang ngungsi anèng kitha Pranaraga | tanggap sagunging dasih | lajêng mukul kêndhang | gong bèri mawurahan | gumuruh sagung prajurit | ambèr mbalabar | lir êrobing jaladri ||

50. praptèng Pranaraga wus pinêthuk ing prang | mring mêngsah Majapait | rame lêng-ulêngan | caruk rok liru papan | nanging wong ing Majapait | kasoran ing prang | labêt karoban tandhing ||

51. atêmahan pêpati tanpa petungan | mung kantun para siwi | lawan para nata | miwah kang para garwa | wong Dêmak saya angrampit | Sri Brawijaya | lingsêm dadya ngoncati ||

52. lolos ngilèn lawan sagung para garwa | dene kang para siwi | pisah ting salêbar | angungsi sowang-sowang | wadya ing Dêmak nututi | mring sri narendra | pisah lan para rabi ||

53. kuthetheran ana ngungsi jurang parang | ing siluk-siluk sungil | Dipati Bintara | nglantun tindaking rama | kapapag lan ibu sori | putri ing Cêmpa | Rêtna Andarawati ||

54. sru karuna sêsambat amêlasarsa | dhuh anggèr minta urip | ing nguni manira | pan wus nunggal agama | kang putra umatur aris | sampun sumêlang | ulun kang magêrsari ||

55. sanalika lajêng amundhut jêmpana | tan dangu [da...]

--- 163 ---

[...ngu] praptèng ngarsi | Raja Putri Cêmpa | wus winot ing jêmpana | kinèn ngangkatkên rumiyin | marang ing Benang | pra wadya saur paksi ||

56. nulya mangkat warnanên Sri Brawijaya | sungkawa angranuhi | miwah garwa putra | ping kalih kasor ing prang | wadyanira tumpês tapis | maksih binurak | manggung ngêgungkên brangti ||

41. Asmaradana

1. langkung dènnya kawlas-asih | Sang Aprabu Brawijaya | samarga-marga wirangrong | mêtêk kapêtêk ing driya | rêncêm karantam-rantam | agunge kaprabonipun | ambawani nusa Jawa ||

2. binuya-buya ing mangkin | anrang baya tan kaetang | ketang ambêk ratu gêdhe | sumimpang papa myang nistha | angurêbi nagara | mung anêdya nganyut tuwuh | nêtêpi budi utama ||

3. sayah kèndêl analisip | anèng tanah ardi Sawar | pan talatah laladane | ing ardi Sèwu punika | Sang Prabu Brawijaya | kukud ngracut jagadipun | têmah anêmahi seda ||

4. tan ana ingkang udani | kang layon agilang-gilang | wantuning Narendra Gêdhe | pan akarya gara-gara | tidhêm-tidhêm ing wiyat | rêmêng-rêmêng angêmu truh | surêm sunaring raditya ||

5. kadi ambelani lalis | sesining rat pramuditya[4] | rêrêp sirêp kumarane | tan adangu mawa teja | ing saluhuring arga | warnanên kang anglêlantun | Sang Adipati Bintara ||

6. saparanirèng rama ji | sapraptane wukir Sawar | miyat teja wêning katon | prênah saluhuring arga | anulya pinarpêkan | praptèng sêsiluking gunung | kapanggih layoning rama ||

7. sang dipati anungkêmi | pan sarywa maca udrasa | dhuh rama pêpundhèn ingong | dene têka kawlas-arsa | anilar kawibawan | ngantêpi ing kapir kupur | kapiran papa pataka ||

--- 164 ---

8. nguni karsa anuruti | angagêm agama mulya | kaluhuran salamine | sadangunira ngrêrantam | prapta Jêng Sunan Benang | anèng wuri angêngimur | adhuh babo kadang ingwang ||

9. aywa ngêkèhkên prihatin | mungguh sedane ramendra | mupusa rèhning papasthèn | ya iku ratu utama | angantêpi ing têkad | lumuh kasora anungkul | balik ing mêngko dèn enggal ||

10. paripurnanên kang jisim | kaastanaa ing Dêmak | tulusa dadya pêpundhèn | katona ing batin Islam | Adipati Bintara | sanalika nulya lipur | mituhu dhawuhing raka ||

11. layon nulya dèn sucèni | sawusnya pinaripurna | animbali wadya kinèn | sadiya papante sawa | datan adangu prapta | layon pan sampun dinunung | sajroning karda rinêngga ||

12. ingangkat mring Dêmak aglis | pinikul Jêng Sunan Benang | Dipati Dêmak sisihe | praptaning nagri Bintara | layon Sri Brawijaya | samana sampun kinubur | kadi satataning Islam ||

13. sawusnya sang adipati | kondur maring dalêmira | para wali pêpak kabèh | lan para narendra kadang | kang wus nunggal agama | Sunan Benang karsanipun | mangkya Dipati Bintara ||

14. ingadêgakên narpati | anèng nagari ing Dêmak | sadaya samya rumojong | amung Sunan Giripura | kêdah anyêlanana | jumênêng ratu rumuhun | dalêm kawan dasa dina ||

15. awit ingkang rama swargi | inggih dèrèng kalampahan | têtêpe jumênêng katong | nyêlani karaton Budha | pan kinarya sarana | wuri luluse lêstantun | nggantyani karaton Islam ||

16. tan gumantyèng ratu kapir | jumurung Jêng Sunan Benang | pan sampun jumênêng katong | Jêng Suhunan Giripurwa | sinuhun pra oliya | Dêmak dèn lih namanipun | nagari Ngawantipura ||

17. jangkêping kawan dasa ri | Sang Adipati Bintara | kang gumantyèng karatone | jêjulukirèng [jêju...]

--- 165 ---

[...lukirèng] karajan | Sultan Syah Alam Akbar | Brawijaya Siru'llahu | khalifatu rasulu'llah ||

18. waha Amiri'lmukminin | Bajudi 'Abdu'lhamid khak | dene mangka êmbanane | sutèng Kya Gêng Wanapala | aran Patih Mangkurat | wau ta pulunanipun | kang jumênêng Sunan Benang ||

19. sagunge kang para wali | samya jumênêng pujangga | ngiras kinarya pêpundhèn | jaksa kang mêngku pradata | Ki Agêng Wanapala | para ulama sadarum | kathah kinarya punggawa ||

20. saundha sabilik-bilik | kaliwon mantri mangandhap | mangkana ing sasampune | rêmbag kang para oliya | dene tan ana prapta | Sang Adipati ing Têrung | paran kang dadya karana ||

21. mangkya maleca ing jangji | pan dèn anti sawatara | yêkti katara karêpe | ya ta mangsuli carita | raja putri ing Cêmpa | sasedaning garwanipun | Sang Aprabu Brawijaya ||

22. gêrahira angranuhi | labêting tyas kararantam | onêng mangunêngan tinon | tinahan nala tan kêna | ngênês konus tan rêna | mawas wahananing tuwuh | jumrunuh nêmahi seda ||

23. rinoyom ing para siwi | layon wus pinaripurna | pra wali kang nyalatake | sinarèkakên anulya | desa Karang Kajênar | ênêngna datan winuwus | ingkang wus mulyèng akhirat ||

24. warnanên ing Majapait | putraning Sri Brawijaya | kang jêjuluk Prabu Anom | Dyan Arya Atmawijaya | maksih nêdya angrêbat | karatoning ramanipun | tansah ngirup-irup wadya ||

25. karsa angadhaton malih | wusing sawatawis kathah | para wadya gêgamane | Adipati Pêcattandha | ing Têrung tumut merang | sandeya ing galihipun | bok tinarka anêmaha ||

26. nalikanya anyedani | Sunan Ngudung nèng payudan | dadya tumut arêraton | ing pra wadyabalanira |

--- 166 ---

kinèn samaktèng yuda | pan wus agêng barisipun | kapiyarsa saking Dêmak ||

27. samana gya dèn lurugi | Sunan Kudus kang dinuta | mbêkta wadyabala kaot | pinêthuk wong Majalêngka | udrêg rame prangira | samya akantaran bau | rok rukêt silih curiga ||

28. prawira ing Majapait | kasoran karoban lawan | têmah atumpêsan kabèh | kang kari giris sasaran | ngungsi saparan-paran | sira Sang Dipati Têrung | nglèrèg saha wadyabala ||

29. anèng Têrung pacak baris | sandeya bok malês pêjah | Sunan Kudus dènirandon | angadoni jayèng yuda | sedanira kang rama | nênggih Jêng Suhunan Ngudung | marma sampun tanggung ngaras ||

30. dene Sang Prabu Taruni | Dyan Arya Atmawijaya | lolos angungsi mangilèn | lajêng kèndêl adhêdhêkah | ardi Lawu samana | jêjuluk Ki Agêng Gugur | ngiras mêsu tapa brata ||

31. sarêng ing alami -lami | garwa putra sami prapta | bela ngêdêm adhêdhepok | pasang rakiting panggènan | lir tuhuning pandhita | atêtêp sinuhun-suhun | wong kanan keringing arga ||

32. nihan ta wau winarni | Sunan Kudus Senapatya | sarêng myat mêngsah wus kasor | gya parentah anjêjarah | saisining jro pura | ya ta kalaksanan sampun | wijile antuk boyongan ||

42. Mijil

1. Sunan Kudus saksana anuding | bupati kang kinon | anggitika ing Têrung kuthane | Adipati Madura nindhihi | sampun budhal aglis | sapraptaning Têrung ||

2. wus pinêthukakên ing ajurit | rame aprang popog[5] | wadyèng Dêmak akasor yudane | samya ngungsi marang senapati | ya ta duk ningali | Jêng Suhunan Kudus ||

--- 167 ---

3. wadyanira kasor ing jurit |[6] samya katêlangso | Sunan Kudus kalangkung dukane | gya tumêdhak tan amawi dasih | mung kapitu santri | sapraptaning pupuh ||

4. wong ing Têrung anèng jro kuthèki | ngungak pagêr banon | mungsuhira katon ewon kêthèn | dadya wadyèng Têrung wêdi giris | para mantri nangis | Sang Dipati Têrung ||

5. ingaturan nungkul anuruti | dyan nduta ponang wong | mêsat sarya ambêkta surate | katur marang Sunan Kudus nuli | atur pati urip | Sang Dipati Têrung ||

6. pangran ing Kudus suka ing galih | angandika alon | salamêta saniyate mangke | nora kongsi wong cilik kèh mati | marma tan sumiwi | sumêlang maring sun ||

7. dumèh kangjêng rama duk ing nguni | seda ing palugon | iya paman marwasèng yudane | yêkti apa wong urip puniki | nora wruh ing pasthi | karsane Hyang Luhur ||

8. mêdal saking sajabaning biting | asêlur ponang wong | sampun prapta cundhuk nèng ngarsane | Jêng Suhunan Kudus ngacarani | sapraptaning ngarsi | Sang Dipati Têrung ||

9. sêdyanira arsa awotsari | sinungan sabda lon | paman dawêg sêsalaman bae | sampun paman mawi awotsari | angarah punapi | paman lawan ingsun ||

10. kadi dene sami tunggil jinis | paman lawan ingong | sang dipati kalangkung dêkunge | sasampune sêsalaman sami | atur pati urip | lan rajabrana gung ||

11. Sunan Kudus suka aningali | angandika alon | paman nuntên kula turi age | marang Dêmak panggiha pribadi | lan rakanta tuwin | ing Mulki Sang Wiku ||

12. Sri Narendra Bintara sayêkti | sukèng tyas tumonton | abipraya budhal sawadyane | lampahing marga datan winarni | praptaning nagari | Dêmak marêk gupuh ||

--- 168 ---

13. Sultan Syah Alam Akbar marêngi | pinarêk kadhaton | saha wadyabala pêpak andhèr | Sunan Kudus wus prapta ing ngarsi | kalawan angirid | Sang Dipati Têrung ||

14. sami ngaras padèng narapati | rinangkul karongron | langkung samya karaos manahe | dyan binakta umarêk Sang Yogi | marang dalêm masjid | sakaloronipun ||

15. samya nêmbah ing pada Sang Yogi | ingandikan alon | iya muga linastarèkake | nggone ngagêm agamaning nabi | rèhning samya urip | pan tuntun-tinuntun ||

16. yèn nampika agamaning nabi | wong iku pakewoh | Sultan Bintara paran karsane | anaria marang Ki Dipati | ing Têrung puniki | jêng sultan umatur ||

17. inggih têksih têtêp adipati | ing Têrung pilunggoh | angradina ing bang wetan kabèh | anrapêna agamaning nabi | sarengat dèn radin | Sang Wiku jumurung ||

18. Adipati Têrung anastuti | dhawuhing Sang Katong | sawusira gya linilan lèngsèr | saha wadya sinungan rêrakit | pakuwon sarya sri | ing sajuru-juru ||

19. lami anèng ing Dêmak nagari | ya ta winiraos | putrinira sang dipati mangke | suwarnanira ayu linuwih | karsane sang aji | anêdya pinundhut ||

20. ginanjarakên kinarya rabi | yèn tyasnya rumojong | antuk Suhunan Kudus badhene | Adipati ing Têrung njurungi | sumanggèng karsa ji | rèhning wajibipun ||

21. ratu agung angayomi dasih | karya karahayon | Sultan Dêmak kalangkung sukane | enggaling carita sang suputri | pinanggihkên nuli | lan Sinuhun Kudus ||

22. binawahan panggihing akrami | atut sakarongron | datan ana ing kasangsayane | Dêmak kalangkung arjaning nagri | nihan ta winarni | sri nataning sunu ||

--- 169 ---

43. Sinom

1. wontên parênganing kandha | nênggih trahing Majapait | nama Ki Agêng ing Sela | ing nguni ingkang sêsiwi | nênggih Sèkh Abdu'llahi | karan padalêmanipun | Kya Gêng Gêtaspandhawa | Gêtaspandhawa ing nguni | kang pêputra Lêmbupêtêng Tarub ika ||

2. Lêmbupêtêng putranira | narendra ing Majapait | Sang Aprabu Brawijaya | patutan ing Wandhankuning | kathah kadangirèki | sêpuh anèm samya ngaub | kathahira winarna | kadang kalihwêlas iji | kang asêpuh nama Ki Agêng Abdu'llah ||

3. Tarub agung dhukuhira | dene panênggaking ari | sira Ki Agêng Sesela | ari malih kang sumêndhi | Nyai Agêng ing Pakis | ingkang lajêng krama antuk | Kyai Agêng ing Karang | ari malih kang sumêndhi | Nyai Agêng Amad Anom wismèng Purna ||

4. kapat tunggil ibu rama | dene kadangira malih | sumêndhi kang sanès rena | saking tanah Sokawati | priya dèrèng anami | alena kalane timur | malih sumêndhinira | pawèstri kang awêwangi | pan ing Kare Nyi Agêng Jayapanatas ||

5. sumêndhi malih wanodya | wasta Nyi Agêng Wiradi | ing Wanglu padalêmannya | ari malih kang sumêndhi | Nyai Agêng Syamsuddin | ing Bongkang dhêdhukuhipun | ari malih wanodya | akrama angsal ing Bali | apanêngran Nyai Agêng Wangsaprana ||

6. sumundhul ri malih kênya | kang krama angsal ing Pragi | padhukuhan dhusun Bongkang | Wirawangsa kang wêwangi | ari malih pawèstri | dèrèng nama seda timur | ari wuragil pisan | panêngran Nyi Agêng Mukmin | ingkang wisma padhêkahan Ngadibaya ||

7. sasedanira kang rama | Ki Gêtaspandhawa nguni | nênggih Ki Agêng Sesela | para kadangira sami | sadaya dèn ayumi | labête ambêk marta yu | mangka liruning bapa | majibi kadang taruni |

--- 170 ---

nadyan kadang tuwa takluk angawula ||

8. mangkana Ki Agêng Sela | pakartine asêsabin | kang mangka panggaotannya | kadang-kadangira sami | tan liyan among tani | kang dumadi asilipun | duk samana pan lagya | amêmacul marang sabin | wancinira awan ngajêngakên asar ||

9. anuju mêndhung limêngan | udanira riwis-riwis | nênggih Ki Agêng ing Sela | tanpa rowang anèng sabin | mêmacul anampingi | ya ta nuli ana rawuh | arupa janma tuwa | anulya wau mrêpêki | gya cinandhak maring Ki Agêng ing Sela ||

10. muni jumêgur swaranya | nanging maksih dèn cêkêli | saksana wau binanda | sawusnya binakta mulih | ingaturakên nuli | marang Dêmak sang aprabu | wusnya katur sang nata | nulya kinunjara wêsi | nanging maksih rupa kaki -kaki tuwa ||

11. antara wus pitung dina | ana nini-nini prapti | pan sarya ambêkta toya | marani kunjara wêsi | sawusnya marêpêki | kunjara siniram sampun | mring nini-nini tuwa | nyuwara jumêgur muni | kang kunjara bubrah kaki tuwa musna ||

12. samya gêtun ngungun mulat | wadya ing manca prasami | mring solah bawa mangkana | bujating kunjara wêsi | mangkana kang winarni | kasusranira pinunjul | Kyai Agêng ing Sela | kabyawarèng kanan kering | aprakoswa pratandha anyêkêl gêlap ||

13. marma dadya ila -ila | praptaning jaman samangkin | yèn ana gêbyaring kilat | tinawaran ing sêsanti | mrih tan kongsi ngênani | pan mangkana mantranipun | ya jungkas kali adam | Mukhammad Rasulu'llahi | lan angakên têdhake Ki Agêng Sela ||

14. insya'Lah kalis ing gêlap | Ki Agêng Sela winarni | pan datan antara lama | nulya na dhadhalang prapti | saking Dêmak nagari | mbêbarang [mbê...]

--- 171 ---

[...barang] marang ing Tarub | amayang bèbèr purwa | sadaya kang aningali | samya brangta marang bojone ki dhalang ||

15. kang anama Kyai Bicak | warnanira ayu luwih | wijang ing pada wadana | sasolah bawa mantêsi | ki dhalang yèn angringgit | rabine nggêndèr ing pungkur | dadya ojating kathah | saênggèn-ênggèn anggêndhing | kapiyarsa marang Ki Agêng ing Sela ||

16. bojone Ki Dhalang Purwa | èstu yèn ayu linuwih | ya ta Ki Agêng Sesela | wus kagiwang jroning galih | mangkana dèn rakêti | Dhalang Purwa wus binujuk | anulya pinêjahan | Dhalang Ki Bicak wus mati | sadarbèke wus katur Ki Agêng Sela ||

17. bojone lan kêmpulira | wus katur sadaya sami | sakalangkung sukanira | sarêng wau aningali | pawèstri lawan ringgit | atanapi kêmpulipun | Kyai Agêng Sesela | sarêng wau aningali | marang kêmpul kalangkung kasêngsêmira ||

18. kantun dènnya darbe karsa | mring dhadhalang ingkang èstri | karêmên ing kêmpulira | kinarya bindhe[7] prayogi | pan sampun dèn wastani | Kyai Bicak namanipun | samana lama-lama | kang bêndhe dipun èstrèni | marang Kangjêng Suhunan ing Kalijaga ||

19. bêndhe dadya tandhaning prang | kalamun kinarya jurit | lamun munya anèng tawang | pasthi yèn mênang kang jurit | lan sapa kang ndarbèni | ing benjing saturunipun | pinasthi dadi nata | anêng nagri nusa Jawi | wus mangkana Ki Agêng Sela pêputra ||

20. kawanwêlas kathahira | apan sawêlas kang èstri | têtiga kang sami priya | pambayunira winarni | anama Rara Dungik | talêr saking garwa sêpuh | asal ing Wanasaba | diwasanya palakrami | apanêngran Nyai Agêng Lurungtêngah ||

21. sumêndhi malih wanodya | Rara Jantên kang wêwangi | krama antuk Wanasaba | Ki Agêng Sungèb [Su...]

--- 172 ---

[...ngèb] kêkasih | sarêng alami-lami | ngalih padalêmanipun | maring dhukuh Pakèringan |[8] lajêng kasêbut ing nami | apanêngran Nyai Agêng Pakeringan ||

22. sumêndhi malih wanodya | Rara Jumantên kang nami | diwasanya palakrama | antuk Ki Agêng ing Bangsri | Mandalika wêwangi | kasêbute wong anguwuh | saking ing dhukuhira | karan Nyai Agêng Bangsri | arinira kang sumundhul malih kênya ||

23. awasta Rara Jamirah | akrama angsal ing Jati | nama Nyai Nur Mukhmmad | karan Nyai Agêng Jati | kadang malih pawèstri | Dyah Maherah namanipun | diwasa palakrama | Buyut Patanèn ing nguni | apanêngran sira Nyi Agêng Suleman ||

24. duk samana lajêng karan | Nyi Agêng Patanèn nguni | sumêndhi malih kadangnya | kang saking ibu taruni | priya kalangkung pêkik | dèrèng nama seda timur | ari malih wanodya | Rara Mahemunah nami | apanêngran Nyai Agêng Jakariya ||

25. Pakisdhadhu dhêkahira | sumêndhine ari malih | kênya aran Dyah Mangunah | diwasanira wêwangi | Nyi Amaddahar nguni | dhêdhêkah ing Pakiskidul | sumundhul malih kênya | Rara Makmunah wêwangi | Pakisaji nama Nyi Agêng Mukibat ||

26. kang sumêndhi malih priya | apanêngran Bagus Anis | krama samya ing Sesela | sumêndhi malih pawèstri | dèrèng sinungan nami | anêmahi seda timur | pan ngantos kaping tiga | patutan garwa taruni | saking Warung dèrèng nama lajêng seda ||

27. ingkang wuragil apriya | apanêngran Bagus Bayi | anênggih namung sajuga | têtalêrira ing siwi | ingkang laju[9] lêstari | garwa nèm kang saking Warung | sarêng diwasanira | wau ta Ki Bagus Bayi | Kyai Agêng Pasuson panêngranira ||

--- 173 ---

28. nihan ganti kang winarna | wontên panjênêngan wali | ahlul ing ngèlmi makrifat | sarana sarak dèn sirik | kasubirèng wêwangi | anênggih Pangeran Panggung | kadangira panênggak | lan Sunan Ngudung ing nguni | atmajane Khalifah Kusèn ing kuna ||

29. dadya paguroning kathah | winuruk ngèlmu sajati | têbih ing sêmbahhyangira | mung winulang salat daim | sêmbahhyang jroning batin | kèh samya masuk nggêguru | darbe amêng-amêngan | para kirik cilik-cilik | pan kinarya sasmita antêping têkad ||

30. satunggal nama pun Iman | satunggal nama pun Tokid | kêkalih sagêd anjilma | tan kênèng sah sari ratri | sarêng ing lami-lami | saya kasusra misuwur | kapyarsa saking Dêmak | tinimbalan mring nagari | Pangran Panggung wus umarêk sri narendra ||

31. njujug kamar pamidikan | kaparèng ngarsa sang aji | jêng sultan alon ngandika | he kisanak paran kapti | dene kula miyarsi | yèn andika dados guru | ngrêrisak rukun Islam | adamêl suwunging masjid | lah jawabên paran ta antêping tekad ||

32. kula dipun sulangêna | Pangran Panggung duk miyarsi | sabdaning nata mangkana | sumungkêm umatur aris | ulun tadhah rêruntik | makatên saèstunipun | inggih kauningana | mila mbucal sarak nabi | wit ki murid mèt jatining sêsurupan ||

33. patrape ing sangkanparan | tanjèhe tanajul tarki | kang kocap dalêm hidayat | amung sajatining ngèlmi | mrih santosaning ati | nggayuh geyonganing kayun | yèn mbicaraa sarak | saengga paksi salindhit | tiwas polah salah pakolèhing nalar ||

34. karananing solah salah | pan sarak puniku inggih | dumunung sorah pêpalang | jatining ngèlmu kang pundi | marma yèn pinarsudi | cinundhukakên ing ngèlmu | amanggung salawana |

--- 174 ---

praptèng jangji mbalenjani | tan tuwajuh tyasira uwas sumêlang ||

35. watêkipun sumêlangan | ancasing kasidan jati | dadi ratuning rancana | rubeda angrêribêdi | êmbuh êmbuh dèn rukti | wêdi lamun nêmu dudu | dêdalaning dêlahan | tarlèn anêtêpi jangji | sadayanya pinuji mrih ndon asmara ||

44. Asmaradana

1. jagad sakurêbing langit | salumahirèng bantala | saisèn-isène kabèh | pan amung cinipta tunggal | tan nganggo karonèhan | lair batine kawêngku | mantêp anêtêpi tekad ||

2. gumilang tanpa ling-aling | pinêlêng têlênging nala | mêlêng tan kêna kalalèn | ngandika Sultan Bintara | kalamun makatêna | antêping têkad kang sèstu | kula nyuwun cêculikan ||

3. nênggih sarahsaning ngèlmi | caritane kitab Kur'an | kang ngèmpêr lapal murade | punika dèn pajarêna | têkèng rahsane pisan | punapa jumbuh ing kawruh | pêngrasa krasa ing karsa ||

4. Pangran Panggung matur aris | dhuh Sultan ing bab punika | pan gampil minangka angèl | gampil yèn sampun nugraha | angèl yèn tan kabuka | ing pralambine ing ngèlmu | kang kangge ing kene kana ||

5. mung rasa maknaning ngèlmi | miwiti wruh ing sarira | sapisan wruh ing ajale | wêkasan marang kamulyan | kapindho wruh sangkanya | ananira kang satuhu | anane pan saking ora ||

6. ora pan apasthi dadi | dadine kinarya tladha | wujud mokal pratandhane | minangka paesan wrana | warananirèng dunya | kang pasthi datira suwung | sapisan pan nora nana ||

7. lan aja angaku yêkti | narimaa dene nora | iku pakone kang gawe | wong tinitah anèng dunya | mung siji pakewuhnya | tan wênang

--- 175 ---

darbe karsèku | mung narah[10] lilah ing Allah ||

8. dèn eling-eling sayêkti | sakathahe kang tumitah | mangka yèn anaa dhewe | wujude kalawan suksma | badan kalawan nyawa | puniku warana agung | sipat cahya roh lan jasad ||

9. kang tan wruh tata kêkalih | puniku sangêt cidranya | amung sawiji kawruhe | kaliwating sang utusan | kawruhe misih bakal | mokal dèn arani èstu | uripe dèn aku Allah ||

10. sampun ta urip puniki | tan kêna ingaku Allah | suksmaning urip ta mangke | kupur yèn ingaran Allah | kupur yèn ngembakêna | suksma lawan uripipun | tan antara lawan Allah ||

11. Sultan Dêmak duk miyarsi | paturane kang mangkana | pakèwêd angraosake | wasana alon ngandika | yèn makatên kisanak | kula ngudi babaripun | salat kang mungguh ing badan ||

12. dununge sawiji-wiji | cundhuke lawan ngèlmu khak | têka kathah ricikane | Pangran Panggung aris mojar | nênggih wantuning salat | cundhuking ngèlmu linuhung | mangke tuwan pyarsakêna ||

13. salat luhur kang rumiyin | marmane patang rêkangat | duk sira dinadèkake | tangan suku kapat pisan | dene ta salat asar | sakawan rêkangatipun | inggih kadadiyanira ||

14. tangkêpaning dhadha kalih | pan talaga Kalkaosar | lawan gigirira kabèh | gigir kering lawan kanan | salat mahgrib punika | ulun jarwa dunungipun | marmane tigang rêkangat ||

15. êlènging grana kêkalih | miwah ta êlènging lesan | jangkêp têtiga dununge | ana dene salat isya | mila rêkangat papat | ulun jarwa dunungipun | inggih dumunung ing karna ||

16. kalih pisan dunungnèki | kalawan paningalira | jangkêp papat rêkangate | dene salat subuh ika | mila kalih rêkangat | dadine badanirèki | kalawan nyawa roh hayat ||

17. anane sunat talwitri | puniku sunat muakat |

--- 176 ---

tan kêna tininggal rêke | kêkalih rêkangatira | dadi kang winicara | thukuling alis puniku | alis kanan alis kiwa ||

18. sunat rêkangat talwitri | jayetun lan labunira | mangkyamba amojarake | dene kang naptu lêlima | puniku dèn waspada | kang ndarbèni salat wêktu | andarbèni beda-beda ||

19. pan salat subuh kang wajib | kang ndarbèni Nabi Adam | duk kala tinurunake | saking suwarga di mulya | apisah lawan garwa | langkung susah kalihipun | dene tan ana rowangnya ||

20. wontên parmaning Hyang Widhi | Jabarail ngêmban prentah | dhawuh mring jêng nabi rêke | paduka tampi sihing Hyang | ing mangke asalata | rong rêkangat salat subuh | jêng nabi matur sandika ||

21. pukul lima pajar sidik | Nabi Adam nulya salat | kalih rêkangat salate | uluk salam ngering nganan | kang garwa anèng wuntat | nauri salam ngalekum | kalih parêng rêrangkulan ||

22. karantan karuna sami | jêng nabi alon ngandika | nora kaya ingsun kiye | kapanggih kalawan sira | Dèwi Kawa tur sêmbah | inggih karsane Hyang Agung | ulun panggih lan paduka ||

23. salat luhur kang ginupit | Jêng Nabi Ibrahim kina | duk kataman coba gêdhe | linêbokkên nèng tumangan | pan pinindha kunarpa | tampi dhawuhing Hyang Agung | jêng nabi kinèn asalat ||

24. luhur arba barakatin[11] | jêng nabi anulya salat | dahana sirêp kemawon | ana dene salat asar | Nabi Yunus lang karya | kala jêng nabi marau | baita inguntal mina ||

25. jêng nabi susah tan sipi | anèng jroning wêtêng mina | wontên parmaning Hyang Manon | jêng nabi kinèn asalat | asar patang rêkangat | jêng nabi asalat gupuh | kang mina tan kêlar nangga ||

--- 177 ---

26. bubrah awake ngêmasi | jêng nabi anulya luwar | saking jro wêtêng minane | salat mahrib winicara | kang ngadani ing kina | panjênêngan Nabi Ênuh | patopan kêlêming jagad ||

27. jêng nabi tobat tan sipi | rumasa yèn kaluputan | gya tinarima tobate | anulya kinèn asalat | mahgrib tigang rêkangat | wus salat jêng nabi wau | ernawa wus sirna gêmpang ||

28. salat isya kang sayêkti | Nabi Musa ingkang karya | duk kala asor yudane | amungsuh Raja Harkiya | para kaum sadaya | bingung tan wruh ing lor kidul | kulon wetan ngarsa têngah ||

29. jêng nabi susah tan sipi | anulya asalat kajat | datan antara praptane | Jabrail ngêmban parentah | uluk salam angucap | jêng nabi paduka gupuh | dhinawuhan salat isya ||

30. matur sandika jêng nabi | tumulya asalat isya | pra kaum amulya kabèh | Jabarail aturira | ulun kang malêsêna | marang Sang Pandhita Balhum | têlas prakawising salat ||

31. Sultan Dêmak matur malih | inggih sampun katanggêlan | kawula nyuwun artose | mênggah anasir punika | pintên kang pitêdahan | umatur Pangeran Panggung | saking sêsêrêpan kula ||

32. pituduhing guru nguni | inggih pan amung sakawan | ananing anasir batos | yèn anasir lair papat | matur Jêng Sultan Dêmak | suwawi mangke dèn gupuh | wijiling pajar sajarwa ||

45. Mijil

1. Pangran Panggung angandika aris | pukulun sang katong | bangsa anasir catur cacahe | ingkang dhihin anasiring Gusti | wêkasan winilis | kasampurnanipun ||

2. êdat sipat asma af'al yêkti | dununge rinaos | bangsa êdat wujudira anggèr | apa dene wujude kumêlip | tan ana ndarbèni | mung Pangran [Pa...]

--- 178 ---

[...ngran] Kang Luhur ||

3. ingkang gêdhe miwah ingkang cilik | pasanging pasêmon | iku kagungane Allah kabèh | ananira nora darbe urip | mung Allah kang urip | kang tunggal pandulu ||

4. dene bangsa sipat kang sayêkti | rupane kang katon | barang rupa gêdhe myang cilike | saisine bumi lawan langit | tan ana ndarbèni | mung Pangran Kang Agung ||

5. bangsa asma puniku sayêkti | araning dumados | sining bumi pan beda jênênge | inggih sadaya tan andarbèni | mung Pangran Kang Luwih | kang darbe jêjuluk ||

6. têgêsipun afê'al puniki | panggawe kang katon | sining bumi seje pakaryane | seje jênêng seje kang pakarti | kabèh tanpa osik | mung Allah Kang Luhur ||

7. sampun têlas anasiring Gusti | gantya anasir roh | inggih sakawan rêricikane | wujud ngèlmu nur suhut ranèki | yèn dèrèng mangarti | wiji-wijinipun ||

8. liring wujud sajatining urip | urip kang sayêktos | ingkang aran manusa jatine | yèn wadona sajatining èstri | pan ingkang alinggih | bandaru'llah tuhu ||

9. kaping kalih pan ingaran ngèlmi | pangawruhing batos | bangsa ênur punika têgêse | ingkang ingaran êroh ilapi | cahya kang nêlahi | kadya lintang wuluh ||

10. dene kang bangsa suhut puniki | panêdyaning batos | dèn kaèsthi cêngêng paningale | dipun awas ing sajroning takbir | anasir roh ênting | dèn pracayèng kayun ||

11. anasiring kawula pinardi | dipun amangrêtos | bumi gêni angin lan banyune | bumi punika dadine jisim | dahana pan dadi | cahya kang umancur ||

12. angin dadya napas manjing mijil | banyu gêtihing wong | kapat samya molah ngosikake | tarik-tinarik kalawan gaib | têlas bab anasir |

--- 179 - --

dipun awas êmut ||

13. Sultan Dêmak dahat sukèng galih | pinardyèng wêwados | awasana alon andikane | yèn makatên kularsa ngyaktèni | tekad kang prêmati | maring Sangha-ulun ||

14. Pangran Panggung aturira aris | dhuh dhuh sang akatong | inggih lamun makatên karsane | adhawuha arêrakit gêni | amba arsa basmi | munggwing gêni murub ||

15. Sultan Dêmak kalêgan ing galih | parentah ponang wong | tan adangu wus miranti kabèh | gunung kayu êduk lênga agni | wus rinakit munggwing | anèng alun-alun ||

16. lawan anyuruhi para wali | kang waspadèng wados | pra ulama mukmin sabangsane | wus apêpak andhèr praptèng ngarsi | Sang Prabu Ngawanti | miyos ngalun-alun ||

17. Pangran Panggung kinanthi ing kering | wuri kirik karo | Iman Tokid datanpa sah nggone | Sultan ing Bintara abêbisik | kinèn anglêkasi | umanjing ing latu ||

18. Pangran Panggung lajêng ngandikani | ngatag kirik karo | cinêthètan ana ing ngarsane | nênggih pun Iman lawan pun Tokid | pan kinèn umanjing | sajrone ing latu ||

19. dyan umêsat kang canela kalih | manjing agni karo | sarêng lawan kirik kêkalihe | manjing dahana arda mawrêdi | anèng jroning agni | kirik lawan cripu ||

20. awêntala malah kirik kalih | samya abêburon | ngalor ngidul kang asu solahe | wulunira salamba tan gigrig | kalis anèng agni | wus antara dangu ||

21. siningsotan kang kirik kêkalih | pan kadi inguwoh | gurawalan mêdal sakarone | sarta agêm tarumpah ginigit | lir darbe pangarti | tundhuk munggèng ngayun ||

22. ngaturakên tarumpah kêkalih | ingandikan alon | patrapêna ing ngêndi ênggone | sona kalih amatrapkên aglis | ing palangkan adi |

--- 180 ---

kang ponang caripu ||

23. kang umiyat lêgêg tan kêna ngling | lênglêng ngungun ndongong | pratingkahe pan ngêngeramake | mangunahe têka mratandhani | Sang Prabu Ngawanti | angandika arum ||

24. dhuh ta paman sampun nyumêrêpi | ing rèh lampah elok | nanging maksih kirang utamine | lamun botên andika pribadi | kang umanjing agni | kirang antêpipun ||

25. dene amung asulih kêkirik | lan tarumpah karo | Pangran Panggung alon ing ature | dhuh jêng sultan pan sampun kuwatir | manira pribadi | kang umanjing latu ||

26. Pangran Panggung saksana anyangking | kamot ing asta ro | ingkang têngên mangsi lawan êpèn | ingkang kiwa dalancang sajilid | dyan umanjing agni | Jêng Pangeran Panggung ||

27. mantêp ing tekad tan was kuwatir | sapraptanirèng jro | lajêng lênggah lawan angasta pèn | ponang papan dalancang tinulis | sasmita inganggit | pan dhinapur suluk ||

28. purwakanya sêkar dhandhanggêndhis | tanduking pasêmon | sariranya kang mangka talêre | sayêktinya mring Prabu Ngawanti | palimping pêpeling | lamating tyas limut ||

29. Suluk Malang Sumirang wus dadi | mung sasêkar pangkon | pitulikur pada saricike | amralambang sarasaning ngèlmi | pêpuntoning budi | tekad kang tuwajuh ||

30. têteladan caritaning nguni | uwosing cariyos | Prabu Panji kang dadya têtondhèn | duk maksihe pangeran dipati | murca kesah anis | namar momor sambu ||

31. anèng Gêgêlang lumampah ngringgit | pan asandi wados | Dhalang Jaruman ing pêparabe | kang umiyat kasamaran sami | ing mangkya rinicik | sarkaraning kidung ||

--- 181 ---

46. Dhandhanggula

1. Malang Sumirang amurang niti | anrang baya dènira mong gita | raryyanom tan wruh dudone | anggêlar ujar luput | anrang baya tan wrin ing wèsthi | angucap tan wruh ing trap | kaduk andalurung | pangucape layaluya | ambalasar dahat amalangsêngiti | tan kêna pinikalpa ||

2. andaluya kadêdawan angling | datan patut lan ujaring sastra | amurang dêdalan gêdhe | ambawur tatar tutur | anut marga kang dèn simpangi | anasar ambalasar | amêgat kêkunthung | tan ana lampah dèn rewa | Darma Aji kawingking tan dèn rasani | liwung kaya wong edan ||

3. idhêp adhêpe kadya rarywalit | tan angrasa dosa yèn dinosan | tan angricik tan angronce | wus datan etang-etung | batal karam dèn ithi-ithi | wus manjing abiwara | liwung tanpa tutur | anganggo kawênang-wênang | wus kalêbu alame wong kupur kapir | tan kêna sinantaha ||

4. amurang sarak ujar sarèhing | acawêngah lan sabda pandhita | asuwala lan wong akèh | winangsit andalurung | kêdah anut marga tan yukti | mulane ambalasar | sawab sampun antuk | jatining apuruhita | karantêne tan ana winalangati | tan kênèng pringgabaya ||

5. pangucape wus datan pakering | tan ana bahyaning wong wikana | ing kajatène awake | tan ana bahyaning wruh | yêkti aja tinari-tari | pan jatining sarira | tan roro têtêlu | kadyangganing rêringgitan | duk lungane Sang Panji ngumbara singgih | kesah saking nagara ||

6. anèng Gêgêlang lumampah ngringgit | silih aran Ki Dhalang Jaruman | amêndhêm kula bangsane | datan ana ingkang wruh | lamun Panji ingkang angringgit | balolokên ing rupa | pan jatine tan wruh | padha ngarani dhadhalang | dahat tan wruh yèn iku putra ing Kêling | kang

--- 182 ---

amimba dhadhalang ||

7. adoh kadohan tingale pangling | aparêk ing mangke kaparêkan | tan wikan panji rupane | dèn sidhêp iku dudu | lamun rêke panji angringgit | balolokên ing warna | sakèh kang andulu | lir Wisnu kalawan Krêsna | nora Wisnu anging Krêsna Dwarawati | kang mumpuni nagara ||

8. wisesa Krêsna jatining siwi | kang pinudyèng jagad pramudhita | tan ana wruh ing polahe | mung Krêsnajati Wisnu | kang amanggih datan kapanggih | pan iya iku tunggal | ing kajatènipun | prakarane ana jagad | amêtokkên kawignyan Sang Wisnu Murti | nyata kang aran Krêsna ||

9. kathah wong karêm dening kajatin | ciptaning wong durung puruhita | dèn pisah- pisah jatine | dèn sêngguh sanès wujud | lan jatine kang angulati | umbange wong kapiran | tambuh kang dèn têmu | iki ora ika ilang | midêr-midêr jatine kang dèn ulati | tan wruh kang ingulatan ||

10. brahalane dèn gendhong dèn indhit | malah kabotan maring dandanan | tur durung wruh sajatine | ciptane tanpa guru | ngamungakên jatining tulis | awimbuh jatining Hyang | dèn tutur anggalur | tinurut kadi dêdalan | sajatine dhèwèke nora kalingling | katungkul amêmilang ||

11. dosa gung alit kang dèn kawruhi | ujar kupur kapir kang dèn tulak | iku wong mêntah kawruhe | sêmbahyange tan surut | puwasane dèn aji-aji | tan kêna kasêlanan | kalimput ing kukum | kang wus têka ing wisesa | sêmbah puji puwasa kang dèn ingganti | muhung sangkan lan paran ||

12. dosa gung alit kang dèn rasani | ujar kupur kapir kang dèn ulah | wus liwung pasikêpane | tan na dulu-dinulu | tan angrasa tan angrasani | tan paran-pinaranan | wutane wong iku |

--- 183 ---

pasthine dèn sidhêp nora | nora idhêp dèn sêngguh ana kêkalih | Kang Amurba Misesa ||

13. yèn ingsun nyiptaa kang kadyèki | angur matia duk maksih jabang | tan angetang tan angame | kathah kawongan prêlu | tata lapal kang dèn rasani | sêmbahyang dèn gêgulang | puwasa tan surut | dèn sidhêp anêlamêna | sumbalinga awuwuh andurbalani | akèh dadi brahala ||

14. pangrêngêningsun duk rare alit | nora Islam dening wong sêmbahyang | tan Islam dening pangangge | tan Islam dening wêktu | datan Islam dening kulambi | tan Islam dening tapa | ing pangrêngêningsun | ewuh têgêse wong Islam | datan sêlam dening anampik amilih | ing kalal lawan karam ||

15. kang wruh têgêse wong Islam iki | mulya wisesa jati kamulyan | sampurna têkyan omahe | wulune sagalêpung | brasta gêsêng tan ana kari | anggane anèng dunya | kadya adêdunung | lir sang pandhita ngumbara | sajatine wus mantuk Koripan malih | mulya putrèng Jênggala ||

16. têmbe manira mangging wêwarti | warta anyar ambabar wicara | kawilêt ujare mangke | tutur datan kawêngku | baya kuna iku kinunci | dadya ingsun tan wikan | kagyat pun angrungu | mrih ilang angaji basa | salawase durung wruh têgêse alip | dadya abukakrakan ||

17. apan padhang kadi tampaning sih | ing sihe mangke panunggalira | awor wowor pan ing sihe | anggêlarêna tuwuh | sastra kabèh sampun kalingling | nukat gaib pinangka | sastra kabèh iku | kang alim iku panutan | sastra kabèh kang alip sastra kariyin | nukat pinangkanira ||

18. Alip iku pan badan ilapi | nugrahane mangke jênêngira | dudu Allah sakarone | alip tibaning nêptu | dene datan ana momori | jênênge alip lapat | sadurunge iku | jagad [ja...]

--- 184 ---

[...gad] dumadi wus ana | ing alipnya dene kinarya gêgênti | ananing wujud tunggal ||

19. tunggal rasa tunggal wujud iki | tunggale mangke dinama-dama | tan ana ngakên polahe | alip wujud kang agung | wujud mutlak kang alip iki | iku jatining rasa | kadêdêre iku | kadêdêr iku lêlima | ingkang alip mata wajah niyat jati | iman lawan sarengat ||

20. jabare Allah mangke puniki | êjèrira iku Maha Mulya | pèse iku sucèhane | nora na Allah iku | pan wus sira Allah puniki | noraa dudu Allah | Allah kabèh iku | lair batin iku sira | sastra kabèh gêntine aksara alip | Allah iku lah sira ||

21. kariyin kadêdêre kang alip | wiwitane mangke ing paningal | tingal kang nyata tingale | paningale dat iku | paèsaning tunggaling jati | tumurun jatinira | cahya kang tumurun | mungguh ing utêk punika | ananira gumêlar ing jagad iki | cahya gumilang-gilang ||

22. satus pitulikur dadinèki | dadi tingal lawan pamiyarsa | napas pan tunggal dununge | napas kajatènipun | ingaranan panji punika | panji wayanganing dat | ing wuwus punika | dhatêng sakathahing imam | pan sakèhe nêbuta kaanan jati | la ilaha illa'llah ||

23. ana pêksi mangku bumi langit | manuk iku endah ingaranan | sadêrah uripe mangke | uripe manuk iku | amimbuhi ing jagad iki | netranipun sakawan | warnane wêwolu | akulit sarengat ika | gêtihipun tarekat punika singgih | ototipun hakekat ||

24. dagingipun makrifat puniki | sungsumipun sajatining sadat | êlêdan tokid wastane | atinipun luk ênun | pêpusuhe supiyah nênggih | ampêrune katijah | jantung budinipun | acucuk êmas punika | sungsumipun sakawan warnanirèki | anyawa papat ika ||

25. uninipun ijrail puniki | socanipun yaiku [ya...]

--- 185 ---

[...iku] sakawan | anetra wulan srêngenge | napas nurani iku | grananipun tursina nênggih | angahub soring arasy | kuping karo iku | wasta ing gunung jabalkab | socanipun ra-ara tarwiyah nênggih | ing gunung manikmaya ||

26. dhadha gigir lambung têngên iki | ingaranan macapat punika | angombe rabbani mangke | awak nabi puniku | asuwiwi malaekati | mencok ing Nabi Adam | kêpala puniku | Bagendha Ibrahim ika | utêkipun betalmakmur iku singgih | pujine nêm prakara ||

27. iya iku dèn kawikan kaki | manuk iku têtungganganira | minggah ing swarganta rêke | pilih kang wruh puniku | pan kinunci ing para wali | manuk iku pan suksma | tanpa warna iku | têtunggangane kang awas | manuk iku ya urip tan kênèng pati | têkèng dunya akhirat ||

28. titi tamat panganggiting nguni | nênggih kang Suluk Malang Sumirang | kawruh ananing kajatèn | ya ta Pangeran Panggung | nulya mêdal saking ing agni | sarya mundhi nawala | pan sampun pinêthuk | mring Sultan Syah Alam Akbar | lawan sagung para wali myang ulami | gumuruh uluk salam ||

29. sinauran salame pra sami | lan pra wali ajawaban asta | atur pudyèng kaharjane | dènnya manjing ing latu | têka tabik Nabi Ibrahim | suka sukur ing Allah | Jêng Pangeran Panggung | ya ta Jêng Sultan Bintara | gurawalan nêdya marêk mangênjali | supe lamun sri nata ||

47. Sinom

1. Pangeran Panggung samana | dahat dènira mambêngi | maring Jêng Sultan Bintara | dènnya kêdah mêngênjali | jawaban asta kalih | samya arsayèng tyasipun | sadaya kang

--- 186 ---

umulat | lênglêng ngungun tan kêna ngling | dene katon tingkah ing rèh kaelokan ||

2. ri sampunira mangkana | pustaka katur sang aji | kang Suluk Malang Sumirang | tinanggapan asta kalih | lawan dahat pinundhi | wau ta Pangeran Panggung | datan antara kesah | saking ing Dêmak nagari | alêlana masisir sakarsa-karsa ||

3. kirik kêkalih tut wuntat | saparanira lêlari | pun Tokid lawan pun Iman | warnanên wau kang kari | jêng sultan ing Ngawanti | kesahe Pangeran Panggung | dahat pangunguning tyas | lan anggyaning para wali | tan uninga kesahe saking panggènan ||

4. samya gêgêtun kalintang | dene minglar tanpa warti | tan anganti tata lênggah | lawan jêng sultan Ngawanti | amung atur kintèki | anggitan sajroning latu | ingkang kinartèng basa | rinakêt sêkar artati | asasmita titining rèh kasunyatan ||

5. lan lare kang kalunyatan | rinèntès tutur angênting | yèn atam antuk utama | kanindhitan anartani | katartamtoning jati | laksitèng sawarti putus | puntoning tyas ambuntas | bontosing lair myang batin | jangji mantêp nêtêpi sarta prayitna ||

6. mangkana ponang pustaka | binuka sarahsanèki | mring jêng sultan ing Bintara | sangsaya ngungun tan sipi | tingkahira ing nguni | kados rumaos kaduwung | ing mangke kataliwang | sinawung rahsaning kawis | kawadaka wada wadaning wacana ||

7. kang awêca têmah murca | paran dènnya murcitani | ecane datan cancala | acêla cawêngah kapti | cêcalanging abêcik | oncate pan wus kabacut | catuning cêcathokan | cakêp kacakup ing budi | pêncarane gancare kang binicara ||

8. sanalika katarbuka | pangawikaning kintèki | tinakèkkên kang mardi khak | kukama[12] ingkang

--- 187 ---

makiki | pustaka gya winingkis | winikankên para markum | kinèn mupakatana | pustaka kang sinung kawis | amrih karya langkas laksitaning kata ||

9. tata kang para oliya | nanggapi ponang kintèki | kang Suluk Malang Sumirang | ganti-ganti nupiksani | sarahsane ginigit | pralampitane ing ngèlmu | rajaputrèng Jênggala | amurca saking nagari | nèng Gêgêlang laju nênamur dhadhalang ||

10. aran Ki Dhalang Jaruman | tan ana wruh lamun panji | ingkang lagya angumbara | sinêngguh dhalang sajati | têkaning don ing nguni | mantuk maring purwanipun | nênggih purèng Koripan | purna waluya sajati | pan wus nyata yèn rajaputrèng Jênggala ||

11. duk samana tinarbuka | kêplasing rasa ginaib | maring Jêng Suhunan Benang | hèh kanca pralambang iki | mênggah gagapan mami | tangsube kalawan ngèlmu | pêpuntoning makrifat | nênggih putra radèn panji | ing Jênggala pralambang jaman kaanan ||

12. awit adarbe pêparab | Panji Inu Kartaparti | Jênggala darbe umpakan | ing praja Jênggalamanik | manik rahsaning ngèlmi | lire prêmana puniku | ngumbara pindha dhalang | dènnya nggêlarakên osik | ajêjuluk sira Ki Dhalang Jaruman ||

13. punika pralambanging dat | iya anane kang pasthi | nanging tansah mawa wrana | manggène Gêgêlang nguni | pralambange ing urip | sayêkti wajibu'lwujud | langgêng tan kêna owah | tan ana kang ngudanèni | lire janma arang kang rasa kanggonan ||

14. antuke marang Jênggala | mring dalêm Koripan malih | pralambange ing manusa | urip tan kêna ing pati | urip nêtêpi urip | nanging aja sêlang surup | têgêse têtêpira | maring wiji kang sajati | lair batin sajatine iku tunggal ||

--- 188 ---

15. iya Wisnu iya Krêsna | jatining kawula Gusti | kawulane pama wayang | sucine dhalang sajati | ngibarate puniki | lir nyawa lan raganipun | pasthi tan kêna pisah | gumêlare lair batin | nadyan panggulunge golong nora ilang ||

16. kèndêl wau Sunan Benang | dènira amardikani | Jêng Suhunan Giripura | sumambung dyan anglogati | Islam ingkang sayêkti | têgêse ingkang dumunung | tan saking samubarang | lungguh ing jatining eling | kalal iku kalêbu ing têgêsira ||

17. tan kang kalêbèku karam | sanadyan ahli ngabêkti | tan nganggo cara ulama | masa wêktu rina wêngi | mawa jubah kulambi | tapane dahat anggêntur | yèn sêpên kaelingan | kênèng pambangusing[13] eblis | têmah weda tan widada dadinira ||

18. sanadyan ahliya sarak | nganggo wêwalêring nabi | acêgah panggawe karam | mung kandhêg ing aling-aling | nora têrus ing batin | tan dumunung Islamipun | marma arang andungkap | ing têgêse Islam iki | wose uwus kawawas wong kang waspada ||

19. ya ta anambungi sabda | Jêng Sunan ing Gunungjati | kang kocap Malang Sumirang | paksi endah ingkang warni | amangku bumi langit | sadêrah ing uripipun | uripe kang kukila | amimbuhi jagad iki | netra catur wêwolu ing warnanira ||

20. akulit sarengat ika | gêtihe tarekat singgih | dene otote hakekat | makrifat dagingirèki | cukup sadat sajati | tokid êlêd-êlêdipun | luk-ênun atinira | pêpusuh supiyah nênggih | ampêrune katijah jantung budinya ||

21. acucuk êmas punika | sakawan sungsumirèki | anyawa papat kathahnya | uninipun jabarail | soca sakawan isi | netra srêngenge sitangsu | napas nurrani ika | kang grana tursina

--- 189 ---

nênggih | pan angahub anèng sangisoring arasy ||

22. kuping karo ing jabalkab | socanya tarwiyah nênggih | ing gunung ran manikmaya | dhadha gigir kanan iki | macapat aranèki | rabbani pangombènipun | awak nabi punika | suwiwi malekat iki | pencokane anèng badan Nabi Adam ||

23. kapala Ibrahim ika | utêk Betalmakmur singgih | pujine ênêm prakara | mungguh pralambanging paksi | iya pramana jati | sajati jatine ngèlmu | dene panggonanira | anèng jagad sunyaruri | ngadam makdum alanggêng tanpa karana ||

24. anane urip punika | sayêktine nukat gaib | wardine basa mangkana | kaoling para musanip | nênggih karaton batin | sawênèhing para markum | anêgêsi sêsotya | sotyaning wiji sajati | kang sawênèh njarwani wiji kang samar ||

25. mungguh basa tri prakara | pan wus padha anggêpoki | poking papan kang prayoga | masa borong ing pamikir | kêkêran iku ugi | dèn arapêt dèn asêrung | rêrasan kang karana | rasakna rasikaning sih | aywa tansah wor suh mungsêng ngadhuh ngêsah ||

26. kèndêl wau sabdanira | Jêng Sunan ing Gunungjati | sadaya mangayubagya | ya ta sang prabu Ngawanti | wusnya dèn pradikane | êrose rahsaning suluk | sulêking tyas nirmala | ngumala dumilah wêning | manggung unang uninga kaananing khak ||

27. ri sampunira mangkana | Sultan ing Bintara mangkin | anêbar kang wadyabala | nênggih kinèn amondhongi | saênggène kapanggih | sang guru Pangeran Panggung | aturana mring praja | enggaling carita nguni | wus kapanggih praptaning praja Bintara ||

28. tinunggilkên pra oliya | angimamana agami | mangka têtuwaning praja | pinardika ulah

--- 190 ---

ngèlmi | sinungan pancèn sabin | nênggih siti uyun-uyun | pan sampun kalaksanan | sih nugrahaning narpati | Pangran Panggung têtêp kawaliyanira ||

29. samana angalih aran | Jêng Sunan Gêsêng wêwangi | mangka pêpengêtanira | ing kamulyan saking agni | ya ta kang para wali | tan lami marsudi kawruh | pan saking karsa nata | ambawa kidung kakawin | angêngimpu caturing caritèng kina ||

30. amrih dumadi darsana | rumêsêp dènnya ngêngudi | dêdalaning kawidadan | apan sampun dèn ayati | ingkang ambuka anggit | lêlaguning têmbang kidung | Jêng Sunan Giripura | minangka rêngganing kawin | sinung nama têtêmbang asmaradana ||

48. Asmaradana

1. sadaya samya nahidi | laju kabyawarèng kathah | kinarya têmbang lêlagon | nulya amurwa ruwiya | para wali sadaya | dèn urut pinatut têmbung | tinêngran srat Walisana ||

2. lan pawukon wuryèng nguni | lêpiyaning jaman Budha | maksih linastarèkake | yèn pawukon pananggalan | dina lawan pasaran | wuku sarta dewanipun | padangon lan paringkêlan ||

3. apadene widadari | sêngkan turunan lêlima | pancasuda panunggale | lawan petung paarasan | akarsa winêwahan | sêngkala nabi pêpitu | sinung aran pana'asan ||

4. nênggih kinarya ngêmbari | lawan etang pasangaran | lawan wontên panganggite | pasangatan kang lêlima | anut jam-jaman dina | minangka kêmbaranipun | nênggih dewa ari panca ||

5. cinundhukakên ing nguni | lawan kitab nujum ramal | nadyan dede suraose | nanging sami darbe tandha | awon saening dina | samya kinarya bêbaku | ngèlmu pirasat piyofat ||

6. dening pawukoning bayi | wuku lawan dewanira |

--- 191 ---

apa dene kêkayone | lawan manukane pisan | candra pralambangira | miwah pangapêsanipun | tuwin tulak paliyasan ||

7. mêmulya asaput pranti | mawi winêwahan donga | mrih mupangat karahayon | lan sarana mangka tulak | condhonging pujinira | sawusira jêng sinuhun | anganggit namaning warsa ||

8. saking sastra bukaning wit | amiturut basa Arab | Alip Ehe Jimawale | Je Dal Be Wawu Jimkhirnya | nganggit windu sakawan | angrisak windu sapuluh | ing kina windu sangkala ||

9. umurnya sadasa warsi | riningkês catur kewala | pan wolung warsa umure | kiniyas sawatêkira | wahyaning masakala | bumi gêni angin banyu | ingkang samya winahanan ||

10. kang rumiyin windu Adi | watêke akèh dahana | akarya bilahi gêdhe | anulya windu Kuntara | watêk akèh maruta | pancawarna angin banyu | ingkang akarya sangsaya ||

11. windu Sangara kaping tri | watêke amirah toya | ping pat windu Sancayane | watêke karya sangsaya | orêg rug ing bantala | têmah anuwuhkên lindhu | pan windu catur punika ||

12. kinarya pathokan mangkin | pamuryaning pananggalan | kinanthèn rolas sasine | kinarya kêmbaran masa | kang rumiyin Muharram | Shafarin ping kalihipun | ping tiga Rabi'u'lawal ||

13. kaping pat Rabi'u'lakhir | kalima Jumadi'lawal | Jumadi'lakhir ping nême | kaping kapitunya Rajab | kaping kawolu Sya'ban | Ramadlan ping sanganipun | kaping sadasanya Syawal ||

14. kaping sawêlas kang sasi | winastanan Zu'lkaedah | Zu'lhijjah kaping rolase | cundhuke kalawan dina | wuku miwah pasaran | pan samya sinungan kuruf | parênganing windu warsa ||

15. ing satus rongpuluh warsi | umuring kuruf satunggal | nguni saking Sunan Ngampèl | asal saking tanah Arab | awit kuruf Hadiyah |

--- 192 ---

nênggih Ahad têgêsipun | petang pathokaning dina ||

16. gantining ing kuruf malih | anulya kuruf Sabliyah | dina Sabtu pathokane | gantinya malih Jam'iyah | lire kuruf Jumungah | pêpathokaning pangetung | anulya kuruf Kamsiyah ||

17. ing têgêse kuruf Kêmis | pêpathokane ing dina | aganti Arba'iyahe | awit Rêbo ing pangetang | malihnya Salasiyah | Salasa ing têgêsipun | awite angetang dina ||

18. saline ing kuruf malih | nulya kuruf Isnainiyah |[14] saking Sênèn pangetange | jangkêp kang kuruf kasapta | ri sampuning mangkana | malih ing panganggitipun | Jêng Suhunan Giripura ||

19. pamijèn sandhang rêjêki | lan panjang cêlaking yuswa | srat Paal nabi pamirite |[15] lawan petang Sri Sadana | ginêlêng patang warsa | aju undure ing petung | kèh kêdhike sandhang pangan ||

20. kalawan anganggit malih | etang têbiraning teja | lindhu banjir panunggale | lan têbiraning grahana | candra kalawan surya | sampuning panganggitipun | lajêng kajimrah ing kathah ||

21. sumêbar dumadya anggit | purwakan asmaradana | tinêrusakên logate | asmaradana punika | lire karêm dêdana | labêt tarbukaning kalbu | saking Hyang kang sipat murah ||

22. kêplase asmara kingkin | lambanging asmaradana | asma aran ing têgêse | aran namaning Pangeran | andana awèh lirnya | dadya tan pêgat tur-atur | sêmbah puji mring Pangeran ||

23. jêng sunan enjinge malih | manganam-anam ing driya | nulya nganggit têmbang sinom | têgêse sinom punika | pradapa roning kamal | têruse ing têgêsipun | sinom pan enur punika ||

--- 193 ---

24. sayêkti cahyaning urip | anom tan kênaning tuwa | kang pinudyèng salawase | alanggêng tanpa karana | amimbuhi ing jagad | nulya Jêng Sunan Majagung | nganggit têmbang maskumambang ||

25. lire pralambanging ngèlmi | kaantêpaning manusa | tekad kang maring pêpunton | lir gabus sinilêm toya | yêkti tansah kumambang | kang utama ambêkipun | mas kinum tansah kumambang ||

26. pêtêng dadya padhang bangkit | cêkak bisa amêmanjang | kang awrat kinarya ènthèng | ènthèng sangsaya tan kewran | angêndhêm myang andhudhah | sadaya sampun kawêngku | wêwêngkone kang ginêlar ||

27. Sunan Kalijaga nuli | nganggit têmbang dhandhanggula | angajap manis têgêse | pralambanging dhandhanggula | sayêkti pancadriya | pan ati lêlima iku | sajati jatining sipat ||

28. pramana ingkang rumiyin | nganakkên kabijaksanan | pakarti ingkang kinaot | kaping kalih munggèng karna | nganakkên kalêpasan | kaping tigane ing irung | nganakakên kasantosan ||

29. kaping cature ing lathi | nganakakên kalêksanan | kalaksananing lêlakon | kaping limane ing buja | paliwaraning karsa | anganakakên puniku | ing wisesaning panunggal ||

30. sawusnya nulya anganggit | suluk kidungan pujian | pralambanging ngèlmu jatos | lawan anganggit carita | jamaning Majalêngka | Ki Sutakara kasêbut | Suta Micik dhusun Jombang ||

31. lan Jaka Sumantri Pêngging | timure Andayaningrat | ginancarkên lêlakone | kalawan anganggit petang | kêkiyamaning dina | dadya pambatang yèn nuju | janma akelang-kelangan ||

32. lamun nuju Dite ari | kalawan ing ari Tumpak | yèn kelangan tulus anglès | bali maning [ma...]

- -- 194 ---

[...ning] lamun Soma | Anggara padha rowang | Budha pênêtan puniku | yèn Rêspati datan ilang ||

33. Sukra ngadhang dalan yêkti | jangkêp ingkang saptawara | warah awon lawan sae | anulya Jêng Sunan Benang | anganggit sêkar durma | nênggih macan têgêsipun | pralambanging sêkar durma ||

34. pan nêpsu kawan prakawis | kang dingin nêpsu amarah | anênggih abang cahyane | ping kalih nêpsu luamah | irêng ing cahyanira | nêpsu supiyah ping têlu | andarbèni cahya jênar ||

35. mutmainah cahya putih | sasampunira mangkana | nulya anganggit cariyos | janma prajèng Majalêngka | lampahan Damarwulan | praptaning antuk bagya yu | dumadi gambuh kamuksan ||

49. Gambuh

1. pêparênganing catur | Sunan Muryapada nganggit pangkur | lire buntut kêplase pralambang ngèlmi | nênggih punika pangukud | pambirating manah awon ||

2. kanêpson dunungipun | munggwèng anèng wisesaning kayun | Sunan Giri Parapèn tumut anganggit | pan punika kadangipun | Jêng Sunan Giri Kadhaton ||

3. nganggit sêkar mêgatruh | têgêsipun pan anêrang jawuh | kêplasipun ing jarwa têrusing ngèlmi | amêgat êroh puniku | pangracuting alam katon ||

4. mrih êning dunungipun | anèng kaananing ênêngipun | parêngannya Jêng Suhunan Gunungjati | pan anganggit sêkar pucung | wit kluwak artine raos ||

5. lawan pangraos iku | yêkti mangka pêpucuking kayun | panunggale kawula kalawan Gusti | asipat kalawan wujud | winawasa kang waspaos ||

6. ing kaprasidanipun | sidining driya kang amrih [a...]

--- 195 ---

[...mrih] sadu | awidada panduk pandoning dumadi | kawaspadan tan kadaut | dyatmika têkaning maot ||

7. sawusnya Jêng Sinuhun | ing Gunungjati nggupitèng kidung | jamanira prajèng Pajajaran nguni | ing purug lêlurinipun | salasilahing karaton ||

8. awit jumênêngipun | Sri Maèsatandrêman ing dangu | praptanira adêge ing Majapait | Jêng Sunan Gêsêng winuwus | anganggit sêkar pamiyos ||

9. wiyose yêkti wêktu | wêktu kaananing urip iku | urip iku jatining wiji sajati | dèn awas wasananipun | tarman puntuning pêpunton ||

10. sawusnya jêng sinuhun | nulya nganggit cariyos winangun | pêparênging jaman prajèng Majapait | Jaka Sujanma ing dangu | sutèng Brawijaya Katong ||

11. Dhadhapan dhukuhipun | wusing mangkana têmbang sadarum | pan kinarya rêrêngganing kidung kawin | sinungan aran puniku | têmbang macapat lêlagon ||

12. parênca têgêsipun | warna-warna seje têgêsipun | têmah lajêng sumêbar dumadya anggit | sawênèhing para markum | nênggih andarbèni kaol ||

13. macapat têgêsipun | nguni pêthikan pan etung catur | ingkang dhingin ngraras saking sêkar kawi | sêkar agêng têgêsipun | saking slisir kang kapindho ||

14. têngahan kaping têlu | kaping pate macapat puniku | yêkti kêna ingaranan têmbang cilik | nênggih wontên kaolipun | saking pandhita kinaot ||

15. têmbang macapat wau | apan kaliru ing sastranipun | ing bênêre mancarpat artinirèki | manca lêlima puniku | arpat têgêse sumaos ||

16. lawan sewaka iku | dadi sewakaning limang têmbung | kang dèn adu ingêdhongkên pindha

--- 196 ---

gêndhing | dhingin laknyana puniku | ulu ingkang kaping pindho ||

17. suku kang kaping têlu | dene kaping pate iku tarung | kaping lima talingan samya ndarbèni | dirga entaraning têmbung | panêngêraning lêlagon ||

18. nulya wali sadarum | anganggit pananggalaning ngèlmu | beda-beda dadining dêlahan nunggil | kinumpulakên ing kawruh | sêsurupan kang kinaot ||

19. Sunan Giri rumuhun | ananing dat gêgêlaranipun | Suhunan ing Tandhês anggêlarkên ngèlmi | wahananing dat winuwus | gaibe rèh wèh waspaos ||

20. Suhunan ing Majagung | kaananing dat wêjanganipun | Sunan Benang anggêlarkên ingkang ngèlmi | nênggih ing pambukanipun | tata malige rinaos ||

21. ing dalêm Bait-al-ma'mur |[16] Sunan Muryapada wêjangipun | pambukane tata malige ing nguni | dalêm Bait-al-muharramu |[17] kunêng malih winiraos ||

22. anênggih Jêng Sinuhun | Kalinyamat wêwêjanganipun | pambukane tata malige sajati | Bait-al-mukaddas jronipun |[18] Jêng Suhunan ing Carêbon ||

23. wêjanganipun ngèlmu | ing panêtêp kasantosanipun | Iman Kangjêng Suhunan Kajênar nguni | nênggih gêgêlaranipun | sasahidaning dumados ||

24. kalih pangkat winuwus | wontên gêlaran wêjanging ngèlmu | pan wêwolu panjênêngan para wali | ingkang ginita rumuhun | nênggih tarbukaning sinom ||

50. Sinom

1. babaran pangikêtira | nênggih Jêng Suhunan Giri | Parapèn wêjanganira | jatining raos winisik | ananing dat tajali | ingkang langgêng wujudipun | sinasmitèng pralambang |

--- 197 ---

Jêng Suhunan Atasangin | pan amêjang gêlaran kaananing dat ||

2. Jêng Sunan ing Kalijaga | wêwêjanganirèng ngèlmi | tata malige punika | ing dalêm Bait-al-ma'muri |[19] lan ambabar rêricik | parabotira sadarum | patrap jênêngirèng dat | nanging dèrèng dèn rêrakit | patrap pratikêle satunggal-satunggal ||

3. dene Jêng Sunan Têmbayat | kalilan Jêng Sunan Kali | amiridakên wêjangan | pambuka malige jati | ing Bait-al-muharrami |[20] Sunan Padusan ngglar kawruh | tata maligenira | dalêm Bait-al-mukaddasi |[21] Jêng Suhunan Kudus wêwêjanganira ||

4. têtêp santosaning iman | Jêng Sunan Gêsêng ing nguni | nggêlarakên sasahidan | panganggite para wali | êros rahsaning ngèlmi | anunggil suraosipun | karana ngèlmunira | wêwiridannya anunggil | sami saking Jêng Suhunan Ngampèldênta ||

5. kumpule kang sêsurupan | ginêlêng dadya sawirid | wiji wêjanging wêjangan | jinêjêr sajroning tulis | dene kang dèn calangi | cacalane anak putu | yèn tan dadya mukmin khas | bok tibèng kawula langip | pan minangka pikukuh kakating tekad ||

6. ri sampuning kalampahan | panganggiting para wali | karsaning Sultan Bintara | kang samya ulah agami | sinung wêwaton sami | saking Kur'an mukilipun | mamrih angèstokêna | kamulyaning para nabi | dadi sidik sidaning ngudi ngibadah ||

7. kang kocap layang Ambiya | pan ayating kangjêng nabi | kang wus sinungan hidayat | ilham rinilan ing kardi | kitab watoning tulis | panjênêngan nabi wolu | rumuhun Nabi Adam | katarbuka saking gaib | pan akarya kitab kathahe sadasa ||

8. Nabi Êsis pan akarya | waton kitab sèkêt iji | Nabi Idris pan akarya | kitab kèhe tigang [ti...]

--- 198 ---

[...gang] dèsi | dene Nabi Ibrahim | akarya kitab sapuluh | pan Kangjêng Nabi Musa | mung karya kitab sawiji | kitab Torèt panêtêking kasantosan ||

9. Nabi Dawud pan akarya | kitab Jabur mung sawiji | dene ta Jêng Nabi Isa | pan akarya kitab Injil | gêgêlêngan sawiji | dene Kangjêng Nabi Rasul | Mukhammad karya Kur'an | myang kitab gunggungirèki | pan ingetang cacah satus kawan dasa ||

10. dene nabi kang sinungan | wahyu nurbuwating Widhi | kang samya mêngku sarengat | katrahan malekat nabi | pan amung nêm winarni | Nabi Adam kang rumuhun | nênggih kaping sawêlas | Nabi Musa kaping kalih | katurunan malekat ping kawan dasa ||

11. Nabi Nuh kang kaping tiga | katurunan limang dèsi | dene ping pat Nabi Isa | kaping ro wêlas nuruni | Kangjêng Nabi Ibrahim | kaping sawidak anurun | ping nêm Nabi Mukhammad | kaping rong lêksa nuruni | pan kinarya beda budi kang utama ||

12. dene ta sarengatira | ing nabi sawiji-wiji | sarengate Nabi Adam | ngalalakên laki rabi | lan sadulur pribadi | sarengate Jêng Nabi Nuh | angalalakên mangan | ing kirik gumêlo yêkti | Nabi Brahim ngalalakên nginum arak ||

13. sarengate Nabi Musa | dosa pati dèn patèni | sarengate Nabi Isa | hukum pati nora mati | Jêng Nabi Mukhammadin | Mustafa ingkang rinasul | winênang rabi papat | dene panjênêngan nabi | ingkang sinung mêngku kang cahya nurbuwat ||

14. lan mêngku wahyu kukumah | katiga kocap ing tafsir | ingkang dhingin Nabi Adam | Nabi Musa kaping kalih | nabi rasul kaping tri | nabi kang umadêg ratu | pan nênêm kathahira | kang tampi hidayat jati | lan amêngku wahyu kukumah têtiga ||

--- 199 ---

15. Nabi Yusuf purwanira | Jêng Nabi Dawud ping kalih | ping tiga Nabi Suleman | nabi kang madêg narpati | Nabi Adam rumiyin | Malebari prajanipun | kalêbêt tanah Arab | Nabi Yusuf tanah Mêsir | pan Jêng Nabi Mukhammad nagri Madinah ||

16. nabi kang mêngku agama | pan nênêm kathahirèki | ingkang dhingin Nabi Adam | Nabi Nuh kang kaping kalih | ping tiga Nabi Brahim | Nabi Musa kaping catur | ping lima Nabi Isa | ping nênêm pan kangjêng nabi | kita ingkang rinasul nayakaningrat ||

17. kang binuka karya Kur'an | mangka pemuting dumadi | pan pinara tigang dasa | êjus surate rininci | Kur'an kathahirèki | satus pat bêlas babipun | dene sirahing surat | ing Kur'an tanjul arasi | apan kèhe pan iya satus nêm bêlas ||

18. titine surating Kur'an | satus ro wêlas kèhnèki | dene ta ayating Kur'an | rong èwu rong atus nênggih | punjul pitulas iji | kalimahing Kuranipun | kathahe têlung lêksa | nêm èwu rong atus nênggih | pan sadasa lan pitu sirahing Kur'an ||

19. arane surat Fatikhah | sirahing Fatikhah nênggih | dumunung anèng bismi'llah | sirahing bismi'llah alip | alip nukat kang dadi | sakèhing aksara iku | kang anèng jroning Kur'an | kasêbut nur Mukhammadin | wêwijange sawiji-wiji dèn ajad ||

20. Alip tansur jênêngira | anèng kitab Torèt dadi | erabe[22] ing Kur'an jabar | tuduh Mukhammadiyati | loro aksara alip | istilah jêjulukipun | jênênge anèng kitab | Injil êrabe pan dadi | Kur'an dadi jèr tuduh johar Mukhammad ||

21. ping tri alip aranira | pan mutakalimun wakit | kitab Jabur jênêngira | êrabe Kur'an Kuran pan dadi | [23] êpès tuduhirèki | anênggih jumênêngipun | Kangjêng Nabi Mukhammad |

--- 200 ---

kapat arane kang alip | pan khurufu'lluwakit ing jênêngira ||

22. anèng ing kitab Anbiya | erabe ing Kur'an dadi | tanwin sayêkti atêdah | Mukhammadan adam sarpin | sirahing sastra alip | adêge ing iman iku | naptu gaib siru'llah | ya Allah Rasulu'llahi | kawuwusa pan tatakramaning Kur'an ||

23. kang rumuhun iku kir'at | kaping pindho aran jais | matlajim kang kaping tiga | êmat kaping patirèki | jakafi limanèki | atartil ping ênêmipun | matmufasil ping sapta | kaping wolu matmutasil | ingkang kaping sanga aran bilagonah ||

24. mangalgonah ping sadasa | ilham sawêlasirèki | kaping ro wêlase ilhar | ping tri wêlas ikhar nênggih | patbêlas ikhlas malih | kaping gangsal wêlasipun | ihfa kaping nêmbêlas | ilfa ping pitulas mangkin | pan istika dene kang kaping wolulas ||

25. pan ingaranan kalkalah | kabèh iku dèn arani | bangsane ing tataswara | gantya aksara winilis | ingkang anèng ing dhiri | pinardika wardinipun | dunungnya sowang-sowang | kang rumuhun aksara lip | pan punika murwani jênênging iman ||

26. lungguhe ngisoring grana | munggwèng saluhuring lathi | kabèh kang anandhang iman | sayêkti mangkono sami | kewan sabangsanèki | miwah bêburon sawêgung | tan ana kasinungan | marma micara tan bangkit | sayêktine muhung anèng ing manusa ||

27. mungguh têgêse manusa | kaole para utami | murade awarna-warna | yèn Sunan Ngampèl ing nguni | dènira anjarwani | dene manusa puniku | pinilah kalih pangkat | man têgêsipun linuwih | dene têmbung nusa jinarwanan jagad ||

28. kêplase ing kumpulira | kaluwihane ing bumi | apadene tapêl Adam | manusa asaling bumi |

--- 201 ---

yèn Sunan Atasangin | basa manusa puniku | sanadyan kalih kalpa | sanès larikane nguni | manu iku mani esa pan satunggal ||

29. kêplase rasane pisan | pan toya ingkang piniji | pinuji mêjèni jagad | tan pae lan Mukhammadin | murade iku sami | manusa panutanipun | yêkti Nabi Mukhammad | têrus lan duk maksih gaib | purwaning roh pan saking ênur Mukhammad ||

30. isbate alip punika | mênang lair lawan batin | aksara êbe punika | lambe wiwitan winarni | lambe ngisor lirnèki | marmane ingaran iku | iya lambe wiwitan | dene mosikakên uni | miwah lawan wêdhare ing pangandika ||

31. aksara ête punika | mungguh talêsihing wardi | pan iya ilat wêkasan | kolure marang ing sêntil | marma acêcêk kalih | marga rong prakara iku | sawiji mring têtêdhan | samubarang kang binukti | kaping pindho inuman bangsane toya ||

32. aksara êce punika | mupakating para mukmin | têgêse rasa ganjaran | dumunung tigang prakawis | asalira ing dhiri | yêkti saking Bait-al-ma'mur |[24] lawan Bait-al-muharram |[25] têlu Bait-al-mukaddasi |[26] iya iku pasamohaning Triloka ||

33. aksara êjim punika | jajantung têgêsirèki | ênggon kêmbênganing karsa | kang nggêlarakên ing budi | dene ahe winarni | ing ngurip ta têgêsipun | jatine iku cahya | pangarêp urubing budi | iku uga ingaran kanthining atma ||

51. Kinanthi

1. akhe gêdhe kang winuwus | ujare para musanip | têgêse urip pamolah | ya iku raga sayêkti | kang kanggonan pancadriya | antuk karêntêking osik ||

2. êdal cilik malihipun | lire ing dhadha kang

--- 202 ---

kering | êjal gêdhe dhadha kanan | rê gigir kiwa ningali | zai[27] gigir têngên punika | artine malih ngawruhi ||

3. sin cilik ing têgêsipun | ambêkan maha sucining | ya iku jatining napas | êsyin gêdhe rasa jati | tsad pan lêlamating netra | ya iku pramana êning ||

4. dlad paningal ati sukur | êthe ati angulati | tle angên -angên têgêsnya | sajati-jatining eling | ain lire lambung kiwa | ing lambung têngêne grain (ogin) ||

5. efe ati putih iku | Mutmainah kang sajati | êkaf dhadha kof apadhang | lam sawêlah rèhing kapti | mim iku sikiling suksma | nun têgêse nora sêrik ||

6. dene ta aksara wawu | logate awèh rêjêki | aksara êhe punika | murade mungkuling urip | lam-alip pan tunggal badan | ambyah roh ya jasad jati ||

7. tamat pêpathokanipun | mungguh wong laku agami | pan samya angugêmana | dadya agêmaning ngèlmi | awèh makdum amanpangat | têmên kataman utami ||

8. dadi parabot satuhu | kêna minangka sêsaring | sarana saking sarengat | pêpèngêtaning wong langip | nadyan ngêlangut kaliwat | lawas-lawas angawruhi ||

9. nihan mangkya kang winuwus | Sèkh Sitijênar ing nguni | sangsaya karya sandeya | maring sagung para wali | Jêng Sunan ing Giripura | matur Sang Prabu Ngawanti ||[28]

10. sapratingkahnya sadarum | dènira angorak-arik | saruning sarak sarengat | jumênêng guru gêgurit | rosing sarasèng rêrasan | akarya suwunging masjid ||

11. lamun awèta tumuwuh | ical batuwahing nguni | ta[29] wontên purun sêmbahyang | ical caraning nagari | anggêre guru dèn arah | sumurah anut kang murid ||

12. lawan cariyosing dangu | nalimpêt panglimpêt

--- 203 ---

ngèlmi | tan saking wiji wêjangan | arda marsadu anilip | nêlêm saluman ing lampah | milalah amalik warni ||

13. mangka adat kukumipun | punika dipun pêjahi | ngandika Sultan Bintara | inggih rinêmbaga sami | manira sampun pracaya | ing pratingkah gampang rumpil ||

14. Jêng Sunan Giri agupuh | anyuruhi para wali | pan sampun prapta sadaya | Sunan Giri anulya glis | mêdharkên karsaning nata | wali sadaya ngamini ||

15. Pangran Sitijênar sampun | tinimbalan saking Giri | sapraptanira samana | lan sabat kapitu ngiring | ginêdhêg gadhuging tekad | tan owah kadya ing nguni ||

16. Sunan Kalijaga gupuh | sinasmitan Sunan Giri | saksana anarik pêdhang | pan sarywa ngandika aris | hèh kisanak iki paran | Pangran Sitijênar angling ||

17. gaib arane puniku | yêkti dumunung ing pasthi | parênging sih rahmatu'llah | yèn tumama karya lalis | pan dadya suwarga mulya | wasanane alam akhir ||

18. kang sru kinêkêr sinêrung | rosing sarahsa sajati | mangkya arsa babar pisan | sampurna ing ênêng êning | kaonang-onang kanang rat | paran ta dipun upadi ||

19. pêdhang tinibakkên sampun | mring Pangeran Sitikuning | pêdhot jangga kapisanan | kang rah sumamburat mijil | dinulu abang mbaranang | Sunan Kali mèsêm angling ||

20. lah ta iki warnanipun | kang wantêr amuntu pati | pan maksih lumrah kewala | gêtihe pan nora putih | jisime pan maksih wantah | wujude pan maksih kèksi ||

21. ponang ludira tan dangu | pan amalih warni putih | kang jisim kinukud nulya | kinêbat saking sakêdhik | tan kumêdhap idhêpira | panoning rat kang umèksi ||

22. dupi wus mèh pasang surup | kantun katon sakêmiri |

--- 204 ---

kacaryan mancala cahya | gumilang-gilang nêlahi | awarna catur prakara | abang irêng kuning putih ||

23. tan antara gya rinacut | byar cahya manca kawarti | cahya wungu kang kapisan | cahya biru kaping kalih | cahya ijêm kaping tiga | dadu kaping patirèki ||

24. cahya jingga limanipun | tan dangu kinukud malih | pan dadya cahya gumilang | prabanira anêlahi | pan kadya pêputran dhênta | tan antara nulya gaib ||

25. sampurna kaananipun | punang ingkang warna putih | sakala istha sêratan | winaca kang para wali | ungêle ponang aksara | la ilaha ila'llahi ||

26. sawusnya rah asumêbut | rinacut datan kaèksi | Jêng Sunan ing Kalijaga | pangandikanira wêngis | pan kaya patining setan | jisim ilang tanpa lari ||

27. wau kang murwèng don luhung | atilar wasita jati | he manusa sesa-sesa | mungguh ing jamaning pati | ing rèh pêpuntoning tekad | santa santosaning kapti ||

28. nora saking anom rungu | rêringa rêngat siningit | labêt asalin salaga | salugune dèn ugêmi | ing pangagêmaning raga | suminggah ing sanggarunggi ||

29. marmane sarak siningkur | karana angrêribêdi | manggung karya was sumêlang | êmbuh-êmbuh dèn andhêmi | iku panganggoning dunya | yèn ing pati nguciwani ||

30. sajati-jatining ngèlmu | lungguhe cipta pribadi | pusthining pangèsthinira | ginêlêng dadya sawiji | wijanging ngèlmu dyatmika | nèng kaanan ênêng êning ||

31. kèndêl swara kang karungu | wau ta Jêng Sunan Giri | alon dènira umojar | hèh kanca wasitèng wangsit | yèn rinasa sarasanya | puntoning pati patitis ||

32. tan kewran waranèng kawruh | nanging tanduking [tan...]

--- 205 ---

[...duking] awadi | pandoning murwèng dêlahan | sidi sidaning don adi | dumadi ywa kawadaka | linintu wanda samangkin ||

33. wali sadaya jumurung | saksana Jêng Sunan Giri | anyipta kang dêbog lusah | wus antuk sinabdan aglis | mangka lintuning kuwandha | Pangeran ing Sitiabrit ||

34. wus awarni jisimipun | para murid dèn timbali | kapitu wus praptèng ngarsa | tinodhi rèh paran kapti | murid kapitu aturnya | kêdah mèlu bela lalis ||

35. labuh labêtaning guru | angugêri lair batin | abantu bêbantên atma | para wali tan nêdyapti | rèh datan kadrêsan dosa | sangsora[30] yèn misèsani ||

36. adrêng andarung tyasipun | sabat kapitu rumanti | tumuntur sang puruhita | mantêp nêdya bela pati | dyan musthi ponang curiga | sadaya wus angêmasi ||

37. para wali langkung ngungun | wontên malih ingkang prapti | sabat satunggal kumêdah | ngudi ambelani pati | ing guru kang wus sampurna | Sunan Giri lingnya manis ||

52. Dhandhanggula

1. aywa sira adrêng rèhing kapti | gurunira aliwat druhaka | muhung sinanggaa dhewe | ya apa pedahipun | anglabuhi wong dosèng Widhi | marmane kawisesa | trang karsaning ratu | lupute ambubrah sarak | kang wus padha ingimanakên narpati | lakuning kuna-kuna ||

2. angugêmi agême ing ngèlmi | ngorakakên ing sarak sarengat | wus ana anggêr-anggêre | ingkang muni ing kukum | anêmahi ingukum pati | ing Arab Sèkh Mubarak | têpane ing dangu | iya kukum ing nagara | dene wani angimanakên agami | ugêr agême nata ||

3. sabat kang liningan matur aris | dhuh jêng sunan dhawuh kang mangkana | sanadyan nistha patine | yèn sampun jangjinipun | botên kenging dèn sêngguh nênggih | punika pati

--- 206 ---

siya | marmamba umatur | cumanthaka tar wrin angga | awit sêsêrêpan yèn sampun dèn èsthi | ngèlmune botên ical ||

4. pêpuntoning tekad wus dèn rakit | têkaning tokid pan wus pinasang | sumarah sarasaning rèh | lair batin kawêngku | pangawikan kang dèn wekani[31] | sumambung jêng suhunan | ing Carêbon gupuh | bênêr wuwusmu mangkana | nanging ana ing dunya kudu angudi | dadining kanyataan ||

5. katrimane wong ngimankên ngèlmi | mara payo jisime dèn enggal | paripurnanên bêcike | pinêtak kang pakantuk | antarane ing têlung bêngi | enjange dèn dhudhuka | yèn gandane arum | mratandhani yèn katrima | antuk swarga yèn gandane arus bacin | yêkti tan katarima ||

6. sabat siji manut rèhing kapti | layon dêbog pan sampun pinêtak | sampun ingantawisake | jangkêpe tigang dalu | layon pindhan dhinudhuk malih | mring sabat kang anandha | gandanipun arus | badhêg pêngus[32] bêlarongan | atur tobat wêkasan tumut anyantri | pra wali langkung suka ||

7. ponang jisim wus ngurugan malih | ya ta praptaning antara dina | kapiyarsa ing garwane | yèn lakinira lampus | anèng Giri Pangran Sitibrit | patine tanpa dosa | langkung mêsgulipun | sanalika lajêng dandan | lan ambêkta kulawangsa sawatawis | praptaning Giripura ||

8. njujug ngarsane Jêng Sunan Giri | têmbung gugat datan anarima | sapatine ing lakine | tan wontên dosanipun | anêmahi pati tan yukti | kalamun makatêna | punapa sinuhun | ical dènira kinarya | wali mulya nglampahi siya ing dasih | ngarenah nganiaya ||

9. dados kasêbut yèn kirang sidik | mangka pantêse ambêk sagara | Sunan Giri andikane | nimbok [nim...]

--- 207 ---

[...bok] mung darma ingsun | anglakoni karsaning aji | marmane kawisesa | somahira iku | labête anandhang dosa | ngrusak sarak nggorohi rèhing nagari | Ni Lêmahbang aturnya ||

10. kadipundi karsane sang aji | têka damêl karênah ing wadya | amisesa sakarsane | pan ratu sipat luhur | sipat maklum lan sipat asih | apan laki kawula | mung mêmêjang ngèlmu | kasampurnaning ngagêsang | yèn cidraa dados lêpat ing nagari | alah inggih punapa ||

11. para wali sami dèn lilani | mêjangakên amêjang ngèlmu khak | mawi beda pêpandume | yèn lakyamba kang lampus | nêrak sarak tan[33] nggêgorohi | ngèlmunipun abatal | jidik wêkasipun | sayêkti para oliya | botên sanès inggih makatên pinanggih | kados laki kawula ||

12. Sunan Giri kewran ing panggalih | kèndêl manganam-anam ing driya | katarbuka wangsulane | manuhara ngêngimur | yayi aywa sandeyèng galih | patine lakinira | manggih swarga luhung | wit wus dadya patêmbaya | nora nistha malah utama ing pati | putus ing kasunyatan ||

13. yêkti ingsun mung minangka margi | anjalari ngatêrkên dêlahan | cangcut pancating kapatèn | lair batin kawêngku | Ni Lêmahbang duk amiyarsi | tanduking pamindaka | ragi darbe lipur | wasana alon ngandika | yèn makatên nyuwun pratandha ing mangkin | tandhaning katarima ||

14. Sunan Giri kèndêl mêsu budi | budidaya dadining mangunah | angênêngakên êninge | gya mudhar ing sabda rum | lah ta yayi mara dèn aglis | tumêngaa ing wiyat | paran kang kadulu | angèstokkên Ni Lêmahbang | sanalika lajêng tumênga manginggil | katon kang langit bêdhah ||

15. sarta katon sawarga sarwa di | tanpa timbang yèn ing alam dunya | lakine lungguh ing bale | kang rinêngga raras rum | nunggil lawan kang para nabi | sawusnya Ni Lêmahbang | pan katuju mungkul | langkung suka anarima |

--- 208 ---

lamun benjang yèn amba nusul ing laki | mantuk ing rahmatu'llah ||

16. kadongakna sagêda anunggil | wontên kaanan ingkang minulya | Sunan Giri ngèstokake | pangèsthining tyas sampun | Ni Lêmahbang anulya mulih | lawan sakulawangsa | wuwusên kang kantun | Jêng Suhunan Giripura | duk samana wus angaturi udani | lunase Ki Lêmahbang ||

17. sakalangkung sukurirèng Widhi | kang mungkasi Sunan Kalijaga | mangkana wau karsane | Sultan Bintara gupuh | aparentah kinèn mondhongi | mring Sunan Kalijaga | pundi kang sinarju | pasitèn prajèng Bintara | wadyabala kang dinuta mangkat aglis | praptaning Kalijaga ||

18. duta matur yèn kinèn mondhongi | adalêma wontên ing Bintara | mêmiliha sakarsane | pasitèn kang pakantuk | Sunan Kali ingkang pinilih | Kadilangu kewala | kang duta jumurung | sanalika gya boyongan | Kadilangu pan sampun pinasang rakit | pantêse padhepokan ||

19. kaature Prabu ing Ngawanti | sakalangkung suka sukuring tyas | pinapudyèng kaharjane | para wali jumurung | têtêp mangka pusakèng nagri | ambaurêksèng praja | ing salaminipun | tan ana sangsayanira | ênêngêna ing mangkya wontên winarni | parênganing lampahan ||

20. nênggih Buyut Paningrat ing nguni | mantunira Prabu Brawijaya | Majapait sabêdhahe | asasaran lumayu | kanthi lawan putra pawèstri | nama Dyah Namarwulan | karana kang ibu | putrine Sri Brawijaya | kang panêngran Kusuma Rêtna Marsandi | mêntas anêmbe seda ||

21. dene Buyut Paningrat ing nguni | yoganira Sang Ajar Parida | trah Parijaka mulane | katarima sang prabu | duk anggêrit marang wanadri | cinidrèng duratmaka | kang

--- 209 ---

amangsah kiwul | sira Ki Buyut Tandrêman | awasana kinarya panongsong aji | yèn nuju acangkrama ||

22. aran Buyut Tandrêman dèn êlih | pinaring aran Buyut Paningrat | basa Paningrat têgêse | panêbar sorotipun | dènnya karyanira nongsongi | lami-lami samana | putrinira prabu | nandhang gêrah kalanglangan | tanpa mêndha madal sagunging usadi | têmah dadya pratignya ||

23. sing ajanma bisa ngusadani | nora ketang cebol pêpêlikan | apapa longaning bale | ginanjarakên iku | mangka garwanira sayêkti | ya ta Buyut Paningrat | matur sang aprabu | yèn sagah amulyakêna | gêrahipun Sang Putri Rêtna Marsandi | dènira kalanglangan ||

24. wus kalilan lajêng ngusadani | gêrahira purna sanalika | sang dyah tinarimakake | makatên purwanipun | amangsuli lolose nguni | sira Buyut Paningrat | lawan putrinipun | kalunta-lunta ing lampah | prapta ardi Êduk kèndêl amartapi | karênan tèki brangta ||

53. Asmaradana

1. kawuryaning pasang rakit | pantês nggèning mati raga | dadya wau adhêdhepok | sira Ki Buyut Paningrat | kalawan putranira | pinindha wangunanipun | kadi duk nèng Majalêngka ||

2. rinaras sarwa rêspati | estha panggènan pandhita | dènnya ngarêm-arêm tyase | akathah kang tumut wisma | arja kang pakarangan | karan dhukuh Kadilangu | têpis iring Bogawanta ||

3. lèpèn agung langkung wingit | sarêng ing alama-lama | nêdhêng diwasa putrane | samana sawiji dina | sang rara arsa siram | mring kali cêlak ing ngriku | lawan sawangan samudra ||

4. pan kanggenan baya putih | nguni asale manusa | parab Radèn Butaijo | ing Pêngging ingkang pêputra | Sang Prabu Tunjungseta | witing salah warna bajul | anêmahi duka- cipta ||

--- 210 ---

5. angrurah asmarèng bibi | sêlir sêngkêraning rama | siningidakên ing lèpèn | kawênangan rama nata | mung sinung pangandika | bêcik têmên pratingkahmu | têka kadi baya seta ||

6. sanalika anêmahi | ila- ilaning sudarma | salin warna baya putèh | Sang Aprabu Tunjungseta | tyas giyuh aruhara | garwa pangrêmbe linampus | sarta linarung ing toya ||

7. wau ta putra kang sisip | dupi wrin yèn salin warna | sadhepok marêk Sang Katong | matur amêmêlas-arsa | nalangsa rèhing dosa | borong dènnya wèh rahayu | mêmêla minta aksama ||

8. kang rama ngandika aris | iku wus karsaning dewa | tan bisa ngaksama ingong | ananggung ing wong adosa | mundhak awèh druhaka | kang putra lingsêm kalangkung | merang anggêbyur ing toya ||

9. anjog sawangan jaladri | têtruka amakayangan | ngratoni baya sakèhe | jêjuluk Jalasangara | samana ngenggar-enggar | anungsung kali kalantur | dadya kèndêl asênêtan ||

10. waspada dènnya ningali | lamun wontên rare kênya | siram tanpa rowang ijèn | anglela ing warnanira | ngasorkên langêning rat | bajul karantan kaladuk | ngewat pangrêmbening rama ||

11. dèrèng marêm ing panggalih | anêmahi durwandawa | salah rupa bajul putèh | têmah kapugutan trêsna | akarya larasmara | mangkya ndulu warnanipun | kusuma yu Namarwulan ||

12. dahat dènnya nahên brangti | sang rara nulya sinarap | sang dyah salin paningale | tan ngrasa sinaut baya | pan wus karsaning Suksma | lir ingêmban kakung bagus | katon binakta ring wisma ||

13. sang rêtna lumuntur ing sih | pan sampun apulang raras | sang rara lan baya putèh | sawusnya asmaragama | maring têpining tirta | byar pulih paningalipun | kadi nalikarsa siram ||

14. sang rêtna ngungun tan sipi | ciptaning tyas

--- 211 ---

lir supêna | mêntas kalap panyanane | pinupus wus pasthinira | kêna ing pangrancana | sang dyah rara nulya mantuk | sapraptanira ing wisma ||

15. sarira karaos atis | matrênyuh lêsu alupa | anglong lir nandhang wirangrong | pratandha ngidham kaworan | dungkap ing tigang wulan | rompyoh amêpêk kang bayu | pasang wangune katara ||

16. lamun sang rêtna garbini | kang rama Juru Paningrat | uninga maring putrane | sanalika langkung kagyat | kang putra tinakenan | hèh nini sapa rowangmu | karênan asmaragama ||

17. de sira katon garbini | matura satuhunira | yèn wus padha saarjune | nora luwih wong atuwa | mung mikir kalaksanan | kang putra tyas kèndêl mangu | pakewêd dènnyarsa wêca ||

18. dadya sinandi ing warti | atur wangsulan ing rama | dhuh rama ing saèstune | kawula lagya kinarya | lampahan dening Dewa | tan wontên rowang rêramuh | mangke anêmahi wawrat ||

19. kang rama jibêg ing galih | tiniti-titi tan wêca | dungkap praptèng sêmayane | sang rêtna ambabar putra | miyos jalu apelag | kang rama nalika ndulu | mring putrèstri langkung merang ||

20. dyan anglampus lêbu gêni | sang dyah kari kawlas-arsa | tinilar rama ibune | anggana datanpa rowang | mung karo ingkang putra | nanging tyasnya wus pinuntu | yèn sampun karsaning Dewa ||

21. kapyarsa ing lambung kering | para wangsa tangga desa | sami amirêng pawartos | yèn sang dyah adarbe putra | langkung kawêlas-arsa | tinilar ing rama ibu | dadya sanak tangga desa ||

22. sadaya sami martuwi | ketang saking kawêlasan | warna-warna pisungsunge | kang amrih dadya ing karya | mungguh ing darbe putra | popok wêdhak wêjah jamu | myang buja saananira ||

--- 212 ---

23. sabên dalu samya kêmit | jalwèstri jagi rumêksa | amurih rèh karahayon | kawarnaa baya seta | prapta mêmindha janma | pasang patute dinulu | lir patinggi kamituwa ||

24. pan sarya amawa kanthi | wong pawong batur sakawan | sabên dalu ing praptane | kalamun wus wanci enjang | wong kang njagi rumêksa | kêmit lajêng sami mantuk | mring wismane sowang-sowang ||

25. kari wong lima kang maksih | atêngga sang rêtnaning dyah | sasolahe ngêmu wados | nanging Sang Dyah Namarwulan | miyat patinggi desa | tan supe ing warnanipun | nguni kang nyidrèng asmara ||

26. dadya rumaos ing galih | yèn punika lakinira | ginumatèn sasukane | sang kakung kalangkung rêna | sampun ingakên garwa | kanthi kapat pawong batur | rumanti karyaning wisma ||

27. kang amindha gya mêmêling | hèh yayi wêwêling ingwang | sagung dangdananing wadon | ywa kongsi ngungkuli priya | kisi lawan likasan | bêbêthuk sêsaminipun | watêke ngapêskên jaya ||

28. sang dyah mituhu ing wêling | sarêng ing alama-lama | sang rêtna têka kasupèn | kacarita sang amindha | lawan rowang sakawan | anuju kalaning dalu | pan samya sakeca nendra ||

29. pan wus karsaning dewa ji | angracut kadibyanira | kasêktène baya putih | dumadakan ulonira | ana kisi sumêlap | ya ta sarêng enjingipun | sang amindha kamanusan ||

30. dadya baya putih malih | sabature kapat pisan | samya dadya baya kabèh | anglênggorong maksih nendra | kang kêmit samya kagyat | alok samya tandang tulung | bayarsa rinampog kathah ||

31. gugup Rêtna Namarsasi | èngêt wêwêlinging raka | lan sampun anyipta batos | yèn baya kadadiannya | lakine sarowangnya | tan taha angêmban sunu | marani ênggoning baya ||

32. sang dyah waspadèng pangèksi | yèn ana kisi sumêlap | saluhuring ngulon-ulon | kisi dyan

--- 213 ---

ingambil nulya | baya putih gya musna | tan karuwan paranipun | sabature kapat pisan ||

33. mantuk mring kayangan malih | murcane tilar wasita | hèh yayi aywa prihatos | sirèki pisah lan ingwang | pan wus karsaning Dewa | amung anak ingsun iku | arana Jaka Sêngara ||

34. sang dyan mituhu ing wangsit | dahat pangunguning driya | marang eloking lêlakon | dene wau lakinira | têka malih buaya | lajêng sirna tan kadulu | mung mangsit ananing putra ||

35. mupus narima ing takdir | wau sagung kulawangsa | kang tandang sêdyarsa ngrampog | samya angungun kalintang | kadya wong anyupêna | laju bubaran umantuk | sang rêtna kari sungkawa ||

36. ya ta ing alami-lami | kang putra Jaka Sêngara | sampun sapangon wayahe | mêmothah tannya kang rama | ing pundi dunungira | jinatenan mring kang ibu | yèn kang rama ilang musna ||

37. ana ing bangawan kaki | kang putra langkung sungkawa | dahat dènira ngrêdatos | dadya tansah amartapa | têpining Bogawanta | angudi kaananipun | kang amurwèng roning kamal ||

54. Sinom

1. sira Dyan Jaka Sêngara | dahat dènira marsudi | amêsu mêmasuh raga | ing dalu pan antuk wangsit | hèh yoganingsun kaki | ingsun sudarmanta tuhu | pan angsung palimarma | margane manggih wirya di | suwitaa maring nagara ing Dêmak ||

2. kèndêl pajaring wasita | Jaka Sêngara nulya glis | wêwarti mring ibunira | dahat dènira mambêngi | sarèhning dèrèng wanci | rèhing basa tanggap tanduk | sira wêton ing desa | kurang umur kurang budi | yèn angabdi dumadi kurang prayoga ||

3. sira Dyan Jaka Sêngara | tan kêna dèn pêpalangi | nulya nênilib ing lampah | mangkat tanpa pamit kanthi | kang ibu anututi | saliringan

--- 214 ---

lampahipun | ing tyas wayang-wuyungan | samarga-marga nrang wingit | amung ketang katongton warnaning putra ||

4. wasana gêrah kasrakat | kataman ing bun-bun atis | têmah milalu sang rêtna | jumrunuh laju ngêmasi | warnanên kang lumaris | Jaka Sêngara anglangut | praptane nagri Dêmak | anjujug wisma wadya lit | nêdya mamèt titine sacara basa ||

5. samana ingkang kanggenan | lajêng nêmahi pagêring | akarya boros malarat | sanggon-nggon ciniri-ciri | dènnya tan mupangati | Jaka Sêngara milalu | tansah katimplak-timplak | dadya nêmpuh byat tan sipi | pepe anèng sasoring waringin kêmbar ||

6. pan anuju dintên Soma | jêng sultan miyos tinangkil | waspada dènnya tumingal | yèn soring waringin rakit | wontên rare kaswasih | kadi pepe sêmunipun | saksana dyan utusan | kinèn nimbali mangarsi | paran ingkang dadya darunaning driya ||

7. punang duta nulya mêsat | sawangsulira angirid | rare Ki Jaka Sêngara | marêk byantaraning aji | dinangu paran kapti | pepe anèng ngalun-alun | dene tigas kawuryan | sirèku rare ing ngêndi | sêmunira kaya angêmu sungkawa ||

8. Jaka Sêngara turira | ulun rare kawlasasih | saking Kadilangu desa | sutanipun tiyang alit | kalêbêt anak yatim | sampun tanpa bapa babu | dèntên sêdya kawula | pan inggih sêdya angabdi | akêkipu labêting lêbu paduka ||

9. duk myarsa Sultan Bintara | wêlas dènira ningali | marang Ki Jaka Sêngara | katampèn dènira ngabdi | pan kinèn jajar linggih | punakawan kang supênuh | lajêng kondur mring pura | bubar wadya kang anangkil | kawarnaa wau Ki Jaka Sêngara ||

10. kanggêp dènira suwita | anulya kinarya mantri | sinung nama pun Hèrmaya | sarêng ing alami-lami |

--- 215 ---

dinuta animbali | mring Ki Tumênggung Mataun | dene nêdya mbalela | yèn mopo kinèn ngrampungi | kinanthènan wadya prajurit sanambang ||

11. Risang Hèrmaya umangkat | praptane kikis nagari | sagunging prajurit samya | kinèn akèndêla baris | Sang Hèrmaya nulya glis | umanjing mring prajanipun | sampun panggih samana | nandukkên dinutèng aji | Ki Tumênggung Mataun atata lênggah ||

12. yèn praptanira dinuta | nênggih kinèn animbali | sarênga salampah kula | ki tumênggung amangsuli | sandika anglampahi | nanging mangkya atur ulun | dèrèng sagêd asowan | yèn sampun pinudyèng kapti | yêkti sowan datan susah tinimbalan ||

13. Hèrmaya duk amiyarsa | alon dènira mangsuli | amalumah aturira | kawula dinutèng aji | pan sampun dèn dhawuhi | yèn mopoa botên purun | kalilan ngrampungana | ki tumênggung duk miyarsi | sanalika rêngu ing sabda drawala ||

14. yèn makatên karsa nata | inggih sumangga ing galih | sami tandhing kaprawiran | ngadu kadibyaning jurit | Hèrmaya anauri | punapa mantêp saèstu | dènnya nêdya mbalela | Tumênggung Mataun angling | wus sinêdya rêringa asil punapa ||

15. Hèrmaya nulya tumêdhak | sêsumbar ngajak prang tandhing | swawi aywa katanggêlan | rukêt ukêl silih ungkih | nuli nataa baris | amêpaka gêgamanmu | lah dipun aprayitna | ingsun wus kanthi prajurit | nora suwe prajanira ingsun rusak ||

16. Hèrmaya ngintar ing lampah | Tumênggung Mataun nuli | parentah amukul kêndhang | gugup asamêkta sami | gya kinèn anututi | Hèrmaya ing lampahipun | dènnya kaduk pangucap | sandika kang sinung angling | sarêng bidhal gumuruh pindha prahara ||

17. wau ta Risang Hèrmaya | praptane panggenan

--- 216 ---

baris | sanalika kinèn budhal | anglarag mungsuhirèki | tanggap kang sinung angling | pra wadya budhal gumuruh | samya nguswa gêgaman | cundhuk lan mungsuh tan kongsi | atêtannya nulya prang ukêl-ukêlan ||

18. caruk corok liru papan | tandangira nggêgirisi | para prawira ing Dêmak | lir raksasa mangsa daging | tan wontên ngucap ajrih | sayuk iyêg sabayantu | wadya ing Mataunan | pindha banthèng tawan kanin | atêmahan samya akarya pêpêjah ||

19. gantya êlong-ingêlongan | swara lir manêngkêr langit | suraking wadya kang sura | myang sambating among kanin | tabah-tabahan atri | gêtêr patêr rug gumuntur | lumintu aputêran | gêtêr kang samya prihatin | angrêrantam têntrêming kontrang-kantringan ||

20. dangu-dangu tan kuwawa | wadyèng Mataunan kontit | kasor kasêsêr ing aprang | tan ana kang mangga pulih | labêt karoban tandhing | sira Tumênggung Mataun | mangsah pêpulih ing prang | pinêthukakên tumuli | lan Hèrmaya rame dènnya bandayuda ||

21. samya angagêm kadibyan | rèh kasantikan angênting | tan ana ingkang kuciwa | caruk rok asilih ungkih | dangu-dangu katitih | sira Tumênggung Mataun | tinigas murdanira | kapisanan angêmasi | sakarine wadya anungkul arisan ||

22. lajêng angêngimpu wadya | kang samya anandhang kanin | sadaya pinrih waluya | wus mulya kadi ing nguni | kumpul sagunging baris | anulya budhal gumuruh | samarga suka-suka | pradangga anggung ginêndhing | apratandha yèn mêntas abandayuda ||

23. sirah munggèng ing gandhaga | ing wuri para kênya di | lawan para rajabrana | sarwa di maneka warni | tuhu Hèrmaya mantri | pan senapati pinunjul | agul-aguling aprang | duta tama angentasi | asêmbada taruna prawirèng yuda ||

--- 217 ---

24. praptane prajèng Bintara | njujug Jêng Sultan Ngawanti | nuju miyos siniwaka | tinangkil ing pancaniti | matur dènnya tinuding | nimbali Kyai Tumênggung | Mataun ambalela | dadya pinukul ing jurit | awasana punika ngaturkên sirah ||

25. tuwin sagung bêboyongan | rajabrana myang pawèstri | jêng sultan langkung sukanya | dene katuju ing galih | sirnane kang kalilip | sira Tumênggung Mataun | ing mangkya karsa nata | Hèrmaya kang anggêntèni | nèng Mataun pan dadya senapati prang ||

26. lênggahe tri èwu karya | sarta sinungan wêwangi | Tumênggung Jayasêngara | dene bêboyongan sami | rajabrana pawèstri | sadaya kinèn amandum | ing waradining kanca | prawira kang mêntas jurit | sirah kinèn tinanjir anèng ing kana ||

27. dhawuhe sabda narendra | sampun kalaksanan sami | praptane antara dina | karsanya sri narapati | pan tinariman putri | santana saking ing Kudus | pan sarêng budhalira | wus kanthi garwa sang putri | angêbrêgi catune tumênggung lama ||

28. pan wêwah karta raharja | sajênêngira ing nguni | Tumênggung Jayasêngara | tan ana wong laku juti | sumuyud andêdasih | para prawirèng Mataun | maring kamudhi anyar | ajrih kadibyaning jurit | duk samana Tumênggung Jayasêngara ||

29. sanadyan sampun pinatah | nèng Mataun mandhegani | mangka senapatining prang | maksih andarbèni wajib | sabên miyos tinangkil | sang nata lajêng supênuh | liyane masa kala | angaturkên ulubêkti | bangsa rajabranane ing Mataunan ||

30. saya kanggêp aturira | maring Sang Prabu Ngawanti | Tumênggung Jayasêngara | tansah kinathik sang aji | tumut ngrêmbag nagari | kunêng gantya kang winuwus | Kyagêng Kêbokênanga |

--- 218 ---

sasedanira ing nguni | ingkang rama Sang Aprabu Dayaningrat ||

31. datan gumantya narendra | kasêmbuh kang ibu lalis | adarbe kadang sajuga | sêpuh ingkang awêwangi | Kêbokanigarèki | tan saarju karsanipun | Kyagêng Kêbokênanga | marsudi agama suci | nguni anggêguru Pangran Sitijênar ||

32. Kyagêng Kêbokanigara | tan arsa milu agami | ngugêmi kabudhanira | sabêdhahe Majapait | amerang ing panggalih | nèng ardi Marapi nglampus | ari kari anggana | sira Ki Agêng ing Pêngging | tansah dènnya amêmêsu puja brata ||

33. katarima dening Suksma | karamatira andadi | gya jumênêng wali nukba | têgêse wali nututi | para wadya ing Pêngging | sih trêsnanira kalangkung | nadyan tan dadya nata | anggêpe maksih anggusti | labêt saking ambêk santa paramarta ||

34. ki agêng angèsthi wadat | nalika ari sawiji | kadhatêngan wong bumija | karan anak Pakne Kadim | ing padhusunanèki | kalêbêt ing tanah Kêdhu | dene ing praptanira | lan sutanira pun Kadim | parlunira nuwun kasawaban donga ||

35. waluyane sutanira | ingkang anama pun Kadim | dene anak mung satunggal | abisu sangkaning alit | wau Ki Agêng Pêngging | andêdonga ing Hyang Agung | katarima ing puja | saking kodrating Hyang Widhi | lawan sapangate Kangjêng Rasulu'llah ||

36. amari dènnya camêda | tètèh pangucapirèki | langkung sukur anarima | dadya wau Pakne Kadim | lawan sutanirèki | anyakabat manjing batur | mring Ki Gêdhe Kênanga | warnanên ing dintên malih | Kyai Agêng ing Pêngging tuwi kang raka ||

37. kadang tunggil puruhita | awasta Ki Agêng Tingkir | dhepoke ing ardi Purwa | wus kadi kadang sajati | labête Kyagêng Pêngging |

--- 219 ---

lola tan darbe sadulur | anèng ing ardi Purwa | lan raka samya marsudi | sakalihan nêdya anangêtkên kayal ||

38. nuju sare layap-layap | amarêngi tanggal kaping | malêm salikur Ramêlan | wontên wasita kapyarsi | hèh kulup Gêdhe Pêngging | karsane Hyang Maha Agung | sira nora kalilan | kapati-pati marsudi | nutugake nggonira nglakoni wadat ||

39. sabab karsaning Hyang Suksma | pan ing têmbe sira kaki | arsa nêdhakake nata | linuhur sudibya sêkti | mêngku sanusa Jawi | [...] |[34] [...] |[35] [...] |[36] [...] ||[37]

40. ing gugur panggonanira | pawèstri kaya sirèki | iya ngèsthi laku wadat | awit tan apayu laki | anama Rara Alit | marga ala warnanipun | kèndêl ujaring swara | ki gêdhe jênggirat tangi | ngungun antuk cipta-sasmita sawantah ||

41. ingkang raka maksih nendra | sira Ki Agêng ing Tingkir | gya winungu sanalika | pan sampun atata linggih | wau Ki Agêng Pêngging | pratela wêwangsitipun | Ki Agêng Tingkir mojar | hèh yayi sukuring Widhi | sira antuk nugraha jroning supêna ||

42. ora luwih bokmanawa | iya bisa anartani | kadi kang kocap ing Kur'an | panjênêngan para nabi | antuk kamulyan jati | tètèh wahananing tutur | tan ana kang nalimpang | sawartane anêtêpi | Nabi Yusuf lan Nabi Brahim ing kuna ||

43. payo padha linaksanan | Ki Agêng Pêngging nuruti | ing karsanira kang raka | dhasar kang dipun labuhi | kang sarira sayêkti | laju tindak kalihipun | ing wanci bêdhug tiga | mituhu ujaring wangsit | ing samarga-marga anggung pêpucungan ||

--- 220 ---

55. Pocung[38]

1. lampahipun kang sinêdya maring Gugur | ki agêng kalihnya | sinêrang dènnya lumaris | ngidul ngetan anjog dhukuh ran ing Sêkar ||

2. kalihipun mampir ngrêrêmakên laku | sampun pinanggihan | lan Ki Agêng Butuh nguni | amarêngi tinjo Ki Agêng ing Ngêrang ||

3. dadya gupuh sinambrama ing sabda rum | dènnya abipraya | praptane gita agati | kadingarèn karongron marene padha ||

4. sêmunipun kaya ana karya prêlu | Kyagêng Ardi Purwa | miwah Ki Agêng ing Pêngging | ngaturakên nalika antuk wasita ||

5. Kya Gêng Butuh langkung suka sukuripun | myang Ki Agêng Ngêrang | samya angrangkul kang rayi | yèn mangkono sun jurungi lakunira ||

6. Iya tuduh dêdalan ingkang pakantuk | kang rayi kalihnya | dahat kapinudyèng kapti | tan antara kacatur anulya mangkat ||

7. gupuh-gupuh gêgancangan lampahipun | tan adangu prapta | anèng wana Jatisari | pan kapapag janma lêlana sakawan ||

8. èstrinipun sawiji katiga jalu | Ki Agêng ing Bêtah | tan samar dènnya ningali | yèn punika kang pinajar ing wasita ||

9. Kyagêng Gugur gya kèndêl dènnya lêlaku | Ki Agêng ing Bêtah | lan sakadangira katri | lajêng nèrang ing karsaning panêmbahan ||

10. sêmunipun kados-kados mawa prêlu | têka rêreyongan | amawi kadang pawèstri | Panêmbahan Gugur sajarwa ing warta ||

11. dhaup antuk Kyagêng Pêngging wêcanipun | ing têmbe punika | nurunkên ratu linuwih | asudibya sumbaga amandraguna ||

12. Kyagêng Butuh duk myarsa suka kalangkung | dene kang wasita | kalihe kadoradarsi | awasana nanduki sabda la-êla ||

13. dadosipun sami katuju ing ênu | kula lan paduka | pan sampun karsaning Widhi | kêdah

--- 221 ---

kumpul rêngganging balung apisah ||

14. tan adangu wau Ki Agêng ing Butuh | lajêng apêpajar | Ki Pêngging sampun sumandhing | sarta Kyai Gêdhe ing Tingkir lan Ngêrang ||

15. sami tumut inggih badhe dhatêng Gugur | mituhu wasita | dene surasane wangsit | datan pae lir sabdane Panêmbahan ||

16. Kyagêng Gugur duk miyarsa langkung sukur | wasana sumangga | saharjune ing panggusti | Kyai Gêdhe ing Butuh alon turira ||

17. kang saèstu pangajape wus panuju | inggih botên ketang | kêcing-kêcing[39] dèn raupi | pamudyane mung angudi kalampahan ||

18. bujêng prêlu puwungan atunggal banyu | yêkti pasang yogya | tan ana winalangati | atut runtut lan têturutaning kuna ||

19. yèn kapetung kumpule salsilahipun | paduka punika | lawan Ki Gêdhe ing Pêngging | apan sawêg apan tumindak nak-sanak ||

20. ibunipun kang nama Ratu Pambayun | garwèng Dayaningrat | narendra adi ing Pêngging | punika pan putrining Sri Brawijaya ||

21. Majalangu dene ramanta ing dangu | Sang Prabu Taruna | Atmawijaya wêwangi | sami putranira Prabu Brawijaya ||

22. nanging sêpuh Pêngging Gêdhe ibunipun | dados kalêrêsan | arinta Dyah Rara Alit | antuk kadang priyangga atêmbung ngakang ||

23. Kyagêng Gugur duk miyarsa mèsêm muwus | e botên kadosa | ki raka karsane Widhi | langkung elok dènnya karya lêlampahan ||

24. têka sunduk sidi adon- adonipun | yèn sampun ginadhang | jêjodhoanira gampil | cêlak têbih pasthi badhe kalampahan ||

25. Kyagêng Butuh gumujêng ngandika arum | yayi pindho karya | saèstu salaki-rabi | wus kapasthi anèng lohkhil-makfulira ||

26. wusnya rêmbug wau Panêmbahan Gugur | binakta mring Bêtah | lan sakadangira sami | duk samana nênggih enggaling carita ||

--- 222 ---

27. praptanipun kêkaitan dintênipun | anikahkên nulya | sira wau Rara Alit | antuk lawan Ki Gêdhe Kêbokênanga ||

28. Kyagêng Butuh tan kuciwa sêgahipun | maring tamunira | praptaning kawan dasa ri | Ki Agêng ing Pêngging lan ing Ardi Purwa ||

29. pamit mantuk lawan Ki Agêng ing Gugur | pan sampun linilan | jinurungan pudyastuti | dening raka ing Butuh lawan ing Ngêrang ||

30. lampahipun asewang-sewangan laku | Ki Kêbokênanga | pan sampun prapta ing Pêngging | ingkang raka Ki Agêng ing Ardi Purwa ||

31. dèrèng kondur pan angrêrêmakên laku | antuk tigang dina | gya kondur marang ing Tingkir | kawarnaa Ki Agêng Kêbokênanga ||

32. saya mangsud pratama prastawèng kawruh | nujwari sajuga | malêming Anggara Kasih | sabat Pakne Kadim angisêp sarkara ||

56. Dhandhanggula

1. dhuh bandara kang asih ing dasih | kamipurun matur sarasèhan | nuwun uninga dununge | pralampitaning kawruh | isbat napi amba tan ngrêti | paran ing wêjangira | ulun nuwun makmum | Ki Agêng Pêngging ngandika | he rêngênta nalikanira Jêng Nabi | Rasul Nayakaningrat ||

2. wêktu subuh niyat satêngahing | takbir ikram myang têkabulira | pinarêng lan nugrahane | rinilan mêdhar ngèlmu | bangsa tekad têkabul ngèlmi | ing napi lawan isbat | binabar ing kalbu | ywa kongsi tan mor ing karsa | rèhning tunggal karya tunggil warni tuwin | amung beda asmanya ||

3. kabèh kalêbu obahing budi | beda-beda lan panunggalira | rêrasan rasa rungone | pamawasaning kawruh | wruh ing dudu dêduga dadi | widagdane kasidan | sidik ing pandulu | pandulu dêlênge ilang | langlangana mêlêng dènira angliling | wêninge ing panunggal ||

--- 223 ---

4. ing nalika Jumungah jêng nabi | lawan para sakabat sakawan | nèng Baitu'llah sabakdane |[40] salat Jumungah laju | arsa mêdhar kawruh kang gaib | wiwite bangsa tekad | catur antêpipun | jêng nabi aris ngandika | hèh ta Umar Abu Bakar Usman Ali | payo padha rêrasan ||

5. kang sun rasa sarahsane ngèlmi | ing Hyang Maha Suci kang anitah | napi isbat prabedane | myang pisah kumpulipun | jroning rasa kawan prakawis | sawiji adhêpira | eklas kalihipun | tri antêp têtêping tekad | kaping pate sampurnanira ing pasthi | wruha bedaning tunggal ||

6. ngawruhana bedane kang napi | ngawruhana bedane kang isbat | paranta mungguh dununge | hèh sakabat-ngong catur | sapakolèh pikirên sami | salah siji kang tampa | ilhaming Hyang Agung | sukur bage kabèh tampa | bêgjanira ywa kongsi anggendhong pikir | pra sakabat tur sêmbah ||

7. raosing tyas pan dèrèng amanggih | pan sumangga ing Gusti Panutan | abdinta nuwun jarwane | jêng nabi ngandika rum | bangsa tekad samya pinikir | yèn bênêr pirangbara | ing panêmunipun | ing mêngko pan ingsun jarwa | apan nênggih napi isbating Hyang Widhi | antêpe jroning rasa ||

8. waspadakna ananirèng Widhi | panunggale ing rasa punika | saobahe saosike | kalawan wêningipun | yèn wus wêning ananing yêkti | yêktine datan liya | mungguh ing Hyang Agung | pamomore karsanira | ambawani solah-bawanira iki | anglimputi tyasira ||

9. dumununge ana kang ngarani | turu lungguh atangi lumakya | iku ta nugraha lire | upama damar murub | urubira padha madhangi | kang padhang iku nyawa | iya kang anglimput | ing sajroning rupa panas | yèku mangka ibarat ingkang wus yêkti | isbate ana sira ||

10. mamanging tyas têtêp isbat yêkti | napèkêna napi kang kisinan | ing awas pamoring gawe | kuwat tumibèng kewuh | jroning amrih antarèng [anta...]

--- 224 ---

[...rèng] pati | pati patitisêna | kang wêning dumunung | isbatina kaananing dat | rasanira napi tingaling Hyang Widhi | pangêning cipta maya ||

11. pancadriya driyane kang wêning | nirna mala mêmalaning driya | idêkên ing bumi sarèh | ririh satiti ruruh | pêtêng rêntên ruktinên kapti | tratap kêsaring nala | yèku mangka siku | pamurungirèng kasidan | yèn tan eling awas lawan sipat napi | sipate awasêna ||

12. prabedane lan sawiji-wiji | dat wajibu'lwujud bokmanawa | ing kene pinarêngake | cipta ingkang tuwajuh | jinatènan jatining jati | jatine antêpira | dèra Kang Maha Gung | yèku marganing kasidan | widagdane kandêl-kumandêl ing Widhi | pinandêng kang waspada ||

13. kaanane sêdyanên ing budi | ilapate ing dat kang sanyata | pinta-pinta panggonane | bangsane isbat iku | napinira pan napi jinis | yèku mangka panunggal | ing ananirèku | napinira isbatêna | ing têgêse murca têtunggale dadi | pratandha nèng sihira ||

14. netyanta kang warna kaananing | dat sampurna nur mor ing kang warna | awênês wêning bedane | dat salikin rumuhun | cahya saking ing driya adi | lintang panjêr rahina | eram arum-arum | dat mutlak kadi purnama | dat alimun ing sapanunggale dadi | sawarna lawan sipat ||

15. ilanging êdat asma wahyaning | dat subêkti lir surya warnanya | muksaning dat subêktine | ing cahyaning dat suhut | angêbêki buwana kaki | cahya tan ana madha | ing salaminipun | beda lan padhanging surya | myang padhanging rêmbulan datan amirib | iku padhanging padhang ||

16. kang munggèng jroning padhang kang mêsthi | ananing dat pasthi ananira | ananira sajatine |

--- 225 ---

ya ananing Hyang Agung | solah tingkah wus datan kalih | iku isbating nyata | napi wus kapungkur | iku antêpe tyasira | antêp iku pêpadhang paworing gaib | wong anom dèn waspada ||

57. Sinom

1. paranta ing sabatingwang | Abu Bakar Usman Ali | Umar mara kabèh samya | rasakêna rasa iki | thukule ingkang ngokil | pinarêng lawan panuju | nugrahaning Hyang Suksma | yèn mungguh panêmu mami | sun sumêndhe ingaran rèh ing kawula ||

2. ing kono manawa ana | panêmu salah sawiji | rujuk lan panêdyaningwang | sukur bisa anuwuhi | waspadakêna malih | lêlakon wèntèhanipun | sira padha uruna | kawruh wajib lawan napi | dadi bisa sampurna kaananira ||

3. wuwuh kandêl-kumandêlnya | sakabat sujud ing siti | satangine sujud nulya | ndonga sukur ing Hyang Widhi | samya umatur aris | dhuh Gusti dutèng Hyang Agung | kang mangka nayakaningrat |[41] kang sèstu panutan mami | dunya khirat kang paring swarga minulya ||

4. langkung gêng ingkang nugraha | mupangat tuan nrambahi | marma umate sadaya | tangèh sagêde mangsuli | malah miluta saking | dutaning Hyang sabdanipun | jêng nabi angandika | sukur yèn padha nyadhangi | yèn wus nyata sinêksi padha kadriya ||

5. ing kuna pan durung ana | sêksi masalahing tafsir | sirik sikune jubriya | rèhning bêborongan budi | wit datan pinarsudi | kawaspadan tuna luput | cacad marang wêweka | sambikala anasabi | kabêgjane agawe salah panarka ||

6. dangdanane cipta maya | sangsaya adiyon angling | nglimputi lêbêting arja | jumênêng manah kang wêning | mênèk manawa dadi | dalan arjaning tumuwuh | ewuhe wong aulah | kawaspadan maring gaib | bedanira asring kakênan

--- 226 ---

nugraha ||

7. rarasên ing samadyanya | kewala lair lan batin | antêpira kang santosa | barang parentah Hyang Widhi | kang dadi lawan tafsir | aja gumingsir ing kalbu | saobah osikira | pasraha karsaning Widhi | dadi sidik kasidanira widada ||

8. racutên ing panarima | yèku têtalining eling | lire kabekaning driya | wus tan ana anglabêti | ing mêngko sun jarwani | lakune ekhlasing kalbu | napi patang prakara | lawan isbating kang tafsir | wujud ngèlmu nur suhut napi isbatnya ||

9. dene wujud têgêsira | ya ana ananing Widhi | ngèlmu kawruh têgêsira | ingkang kawruh ing Hyang Widhi | [...] |[42] [...] |[43] [...] |[44] [...] | [45] yèku isbat babade kaanan tunggal ||

10. tunggale kaananing Hyang | iya ananira iki | ngawruhi Hyang kawruhira | cahyaning Hyang Kang Ma Suci | iya cahyanirèki | muklising Hyang Kang Aluhur | tan ana prabedanya | wruha bedaning atunggil | dadi têtêp anane Gusti kawula ||

11. pan ing kono patrapira | sejene kawruhirèki | sinandhang iradating Hyang | sinêrung aralirèki | têgêse angadhangi | ing driyanira kang wanuh | lan pancadriyanira | wèh pantog pêtênging ati | anênulak marang kawaspadanira ||

12. sarèhna tyas kang santosa | rèhning aral kang ngawruhi | aja ngêmêng panarima | trimanên ganjaran Widhi | dhaupa myang kêdhèping | iradatira Hyang Agung | ing kono yèn wus nyata | têtêpe atunggal kapti | yèku mangka loro-loroning atunggal ||

13. lorone aral kawula | wiji ing ujar sawiji | obah-osiking kawula | mênêng muni kang awêning | yèn nêmbah lan amuji | tan ana jujug-jinujug |

--- 227 ---

pujine mung raharja | raharjane wong sabumi | barang tingkah polah iku krana Allah ||

14. solah-bawa mêlasarsa | yèn ta ikhlas lair batin | dene têgêse kang cahya | cahyaning Hyang Kang Ma Suci | kawawa amadhangi | jagad cilik jagad agung | myang Kang Murba Misesa | warna lintang lawan sasi | kabèh ingkang sumorot cahya Kang Murba ||

15. padha cahya nora kêna | pinapadhan anglimputi | ing alam sahir kabirnya | kang sèstu cahyaning Widhi | sumandhing amadhangi | jagad gung akèh kalimput | momoring cahyanira | prabane sajroning kapti | anrambahi prabaning kang diwangkara ||

16. pira-pira prabawanta | tangi turu mlaku linggih | ya cipta kuwasanira | pribadi ingkang mastuti | têmtu nur-ing Hyang Luwih | dèn waspada ing pangangkuh | kukuhên utamanya | tuman tumêmêning Widhi | satuhune sirèku sarasaning dat ||

17. polah-tingkah saking Allah | ngawruhi bedaning tunggil | rèhning apês duwèkira | ngrasaa lamun antuk sih | sêngsêmana kang yêkti | iradat ingkang saèstu | têka ing ikhlasira | iku bokmanawa kêni | padhang iku pratandha antuk sihira ||

18. ing lohkhil-makful manawa | agung pamoring kalèki | iya têgêse anuksma | sinuksma mungguh Hyang Widhi | dene kang ngati-ati | mring badan têmênnya êmut | laire kawruhana | kawisayaning ngaurip | uripira anane ing sangkanparan ||

19. mangkono bangsaning cahya | dene cahya bangsa napi | sayêktine isbat uga | napine pan napi jinis | pamore bangsa gaib | warnane cahya wêwolu | dene kang catur warna | pratandhanira Hyang Widhi | amobahkên amosikkên ing kawula ||

20. kumalebating kang cahya | pratandha sira antuk [an...]

--- 228 ---

[...tuk] sih | ing Hyang Ingkang Murbèng Alam | tanapi antuk prihatin | tuna kalawan bathi | ing kono pan wus tinêmu | tan kêna tinampika | miwah tan kêna pinilih | tampanana ing nikmat lawan manpangat ||

21. rupa kang catur warnanya | abang irêng kuning putih | iku kodrating kanyatan | mawèh sênênging ngaurip | obahing bumi langit | siru'llah ing wastanipun | marma sira dèn awas | marwasi ilapat jati | ana manèh kang cahya dadi pratandha ||

22. gêgolongan dèning cahya | tri warna wênês awêning | sajuga jênar pratandha | lara kapenaking dhiri | miwah raharjèng dhiri | dene putih ing warnèku | mèh tinggal ingkang dunya | dene ingkang warna abrit | pratandhane elingan sabarang karya ||

23. prananing cahya kang nyata | iku isbat napi jinis | puniku rêncananing tyas | sring napi jamaning pati | sapisan anèmpèli | ingkang awas ikhlas emut | wawasên kang waspada | angudi sampurnèng pati | sêdyanira dadi kanthining Hyang Suksma ||

58. Kinanthi

1. dene lakune ing suhut | suhut têgêse amukhlis | mukhlis wus tan karêm dunya | tan ana rêrasan malih | nora lara nora êsak | tan suka datan prihatin ||

2. kaananing Kang Maha Gung | purba wasesaning mukhlis | Hyang Suksma ndadèkkên alam | myang akarya bumi langit | isèn-isène bawana | manusa tinitah luwih ||

3. tanpa uni tanpa wujud | ingkang wujud tanpa uni | tan arupa tan aganda | ana ganda tanpa nami | kang wujud datanpa bawa | ana wuwus tanpa warni ||

4. kang lungan tan nêdya mantuk | kang mulih tan lunga nguni | warna-warna titahing Hyang | sinandhang titahing Widhi | sami sinung kanikmatan |

--- 229 ---

mupangat murahing Widhi ||

5. kabèh rusak yêktinipun | tan ana langgêng sawiji | mung manusa kang kinarya | tinitah luhur pribadi | ana rusak ana ora | uripe tan owah gingsir ||

6. sajati-jatine iku | Kang Murba Misesèng dasih | tunggal lawan mukhlisira | tan ana sipat kêkalih | wruha bedaning panunggal | tunggalêna nala êning ||

7. jatine prabedanipun | mukhlis tinarimaning sih | sihing Hyang marang ing sira | têgêse panrimanèki | adhêpira ing Hyang Suksma | iku sajatining mukhlis ||

8. ing kono prabedanipun | barang rèhira atunggil | ywa sira darbe panyipta | kuwasa wasis pribadi | dèn sukur lawan narima | yèn pinarêng sihing Widhi ||

9. dadine datan kalawun | kayunira kang lêstari | lêstari pamoring Suksma | sinuksmanan kang patitis | murwaka purbaning karsa | karyanta tansah dèn sihi ||

10. sampêt rampunging panurun | Budha Wage nuju ari | ping dwi astha lèk candrama | Jumadi'lawal kang sasi | Kulawu ing wukunira | masa Sadha kang lumaris ||

11. sangkalanira pinetung | kêmbar warna ngèsthi janmi |[46] windu Adi lumaksana | ing Surakarta wêdharing | kang pustaka Walisana | wus titi tinêdhaksungging ||

--- I ---

ISINIPUN BUKU WALISANA

1. Sinom. Purwaka. Sèch Maulana Ibrahim saking tanah 'Arab lêlana dumugi nagari Cêmpa, lajêng kamantu dhatêng Raja Kiyan, dhaup kalihan Rêtna Dyah Siti Asmara, pêputra jalêr kalih, nama Radèn Santri 'Ali kalihan Radèn Rahmat, lajêng kinadangakên kalihan wayah nata nama Radèn 'Alim Abu Hurerah, sarta sami winulang agami Islam dhatêng Sèch Maulana Ibrahim. Kacariyos radèn têtiga sumêdya angajawi.

2. Asmaradana. Radèn têtiga lajêng bidhal nunut baita dagang, wontên ing sagantên baitanipun kasangsaran, radèn têtiga wilujêng andharat ing tanah Kamboja.

3. Dhandhanggula. Radèn têtiga anglajêngakên lampah alayar, kampir ing Palembang, kapanggih kalihan Arya Damar ingkang dados pangagêng ing Palembang, ing ngriku garwanipun Arya Damar ingkang nama Rêtna Subanci inggih Sang Raja Putri Cina, tilas pangrêmbenipun Sri Brawijaya ing Majapait ingkang katarimakakên dhatêng Arya Damar sampun ambêkta wawratan, pinuju ambabar putra jalêr winastan Radèn Praba, sarta lajêng pinaringan nama dening radèn têtiga, pinaraban Radèn Patah, Radèn Kasan inggih Radèn Yusuf. Kacariyos Arya Damar saha garwa sawadya-balanipun lajêng sami ngrasuk agami Islam, radèn têtiga anglajêngakên lampah alayar dhatêng tanah Jawi, sampun dumugi ing tanah Majapait, kapanggih kalihan Patih Gajahmada, lajêng kaunjukakên ing ngarsaning nata.

4. Sinom. Radèn têtiga angunjukakên atur panuwun mugi sang prabu karsa ngrasuk agami Islam, ananging sri narendra botên pinarêng ing karsa, awit taksih puguh anglêluri agamining para lêluhur, amung Sang Pramèswari Dwarawati ingkang karsa ngrasuk agami Islam, radèn têtiga lajêng pinalakramakakên sami antuk putra [pu...]

--- II ---

[...tra] èstrinipun Arya Teja ing Tuban, wusana radèn têtiga lajêng kapasrahakên dhatêng Arya Lêmbusura ing Surabaya sampun katampèn, botên antawis lami Radèn Santri 'Ali kajumênêngakên imam ing Grêsik, nama Raja Pandhita 'Ali Murtala, Radèn Rahmat kajumênêngakên imam ing Surabaya, dêdalêm ing Ngampèldênta, anama Pangeran Katib, karan Susuhunan Ngampèldênta, miwiti jumênêng wali, dene Radèn 'Alim Abu Hurerah kajumênêngakên imam ing Majagung, nama Susuhunan 'Alim ugi karan Susuhunan Majagung.

5. Pucung. Sèch Maulana Iskak, kalêrês ipenipun Sèch Maulana Ibrahim, sampun pêputra kalih sami jalêr, nama Sayid 'Es kalihan Sayid Yakub, Sayid kêkalih wau lajêng angajawi, Sayid 'Es dhatêng Majapait, dene Sayid Yakub dhatêng Balambangan, Sayid 'Es suwita ing Prabu Brawijaya, kapundhut putra kanamakakên Radèn Suta Maharaja, lajêng pamit mundur dhatêng Ngampèldênta, kapanggih kalihan Susuhunan Ngampèldênta, lajêng kajumênêngakên imam ing Dêmak, wontên ing ngriku karan nama Sang Sèch Suta Maharaja. Sayid Yakub sampun dumugi ing Balambangan, lajêng kapundhut mantu dhatêng Prabu Sadmuddha, dhaup kalihan Sang Rêtna Sabodhi, nuntên kaparingan nama Pangeran Radèn Walilanang. Botên lami lajêng tinundhung saking Balambangan, kesah dhatêng Ngampèldênta, tinanggapan dening Susuhunan Ngampèldênta, lajêng kajumênêngakên imam ing Patukangan. Sang Rêtna Sabodhi ing Balambangan ambabar putra jalêr, ingkang ibu seda konduran, jabang bayi linabuh ing sagantên, lajêng pinupu dening Ki Juragan Samboja ing Grêsik, kabêkta mantuk dhatêng ing Tandhês, sarta kanamakakên Radèn Satmata.

6. Asmaradana. Sèch Waliu'lislam, ugi putranipun Sèch Maulana Iskak, saking tanah 'Arab

--- III ---

angajawi, anjujug ing Ngampèldênta, angsal sihipun Susuhunan Ngampèldênta, lajêng kajumênêngakên imam ing Pasuruhan, nuntên kamantu dening Adipati Pasuruhan, lajêng ngalih padalêman ing Pandhanarang, kapiyarsa Sang Prabu Brawijaya, kalulusakên lênggahipun sarta sinung nama adipati, mêngkoni ing Pandhanarang saha pinardikakakên ngimami ingkang sami kêsdu agami. Sèch Maulana Iskak kanthi putra nama Chalifah Kusèn sami angajawi anjujug ing Ngampèldênta, lajêng tinuduh ing Susuhunan Ngampèldênta, kaaturan angimamana ing Madura saurutipun, sarta amuriha Islamipun Sri Lêmbupêtêng ing Madura, Sayid kêkalih lajêng dhatêng Madura, sakalangkung rinêsêpakên dening Sri Lêmbupêtêng, ngantos sami kapundhut ipe, ananging botên lami lajêng sami katundhung saking Madura, Sèch Maulana Iskak lajêng trimah rêrêm wontên tanah ing Malaka, dene Chalifah Kusèn wangsul dhatêng Ngampèldênta. Sri Lêmbupêtêng lampah namur dhatêng Ngampèldênta, sumêdya nyidra Susuhunan Ngampèldênta, nanging kasoran prabawa, wasana Sri Lêmbupêtêng lajêng karsa ngrasuk agami Islam.

7. Sinom. Sri Lêmbupêtêng lajêng kondur dhatêng Madura kadhèrèkakên Chalifah Kusèn, nanging Chalifah Kusèn lajêng lampahipun dhatêng Sumênêp kapanggih kalihan Sri Jaranpanolih, sang prabu sampun kabuka ing galih karsa ngrasuk agami Islam, Chalifah Kusèn lajêng dhatêng Balega, pangagengipun ing Balega ugi lajêng karsa ngrasuk agami Islam, Chalifah Kusèn lajêng têtêp dêdunung ing Madura. Wontên malih putranipun Sèch Maulana Iskak, nama Sèch Maulana Mahribi kalihan Sèch Maulana Garibi, Sèch kêkalih wau saking tanah 'Arab angajawi anjujug ing Ngampèldênta, lajêng sami sinungan dunung, dening Susuhunan Ngampèldênta, Sèch kêkalih sami kinèn

--- IV ---

ngimami ing Bantên, Sèch Maulana Garibi lajêng têtêp wontên ing Bantên, dene Sèch Maulana Mahribi botên kraos wontên ing Bantên nuntên pindhah dhatêng nagari Cêmpa. Sayid Zain saking tanah 'Arab angajawi anjujug ing Ngampèldênta, lajêng tinêdah angimamana ing Cirêbon, Barêbês lan Pajajaran, nuntên adhêdhêkah ing Gunung Jati, lajêng karan Susuhunan Gunung Jati. Sèch Waliu'lislam ingkang ngimami ing Samarang saurutipun (Pandhanarang) sampun pêputra jalêr tiga, nama Sèch Kalkum kinèn ngimami ing Pakalongan, Sèch 'Abdu'llah kinèn ngimami ing Kêndhal, Sèch 'Abdu'rrahman kinèn ngimami ing Kaliwungu. Wontên malih Sèch saking tanah 'Arab angajawi, nama Sèch Jamhur 'Alim anjujug ing Ngampèldênta, lajêng tinuduh dening Susuhunan Ngampèldênta, angimamana ing Pajarakan, Radèn Satmata ing Garêsik sampun lola, lajêng pinupu nangkoda ing Benang, nanging botên dangu lajêng dados tiyang lola malih, nuntên cobi-cobi alampah dagang, nanging pambekanipun rila lêgawa têmên tarima.

8. Dhandhanggula. Radèn Satmata sampun sagêd ngatingalakên mangunahipun, samangke nêdya alêlana, sadaya barang darbèkipun kadarmakakên dhatêng para rencangipun. Sèch Subabangip saking tanah 'Arab angajawi anjujug ing Ngampèldênta, lajêng kinèn angimami ing tanah Pranaraga saurutipun tanah têngahan.

9. Pangkur. Prabu Andayaningrat ing Pêngging anglurugi Sèch Waliu'lislam ingkang angimami ing Sêmarang, dados prang agêng, wêkasan Sèch Waliu'lislam seda ing paprangan, Sang Sèch Suta Maharaja mangsah pêpulih, ananging karoban lawan lajêng angoncati, dumugi ing Dêmak kasayahan têmahan seda, putrinipun Sèch Waliu'lislam nama Siti Umi Kamsum, sarta putrinipun Sèch Suta Maharaja nama Siti Jenap, sami kapalajêng ngungsi dhatêng ingkang

--- V ---

raka Susuhunan Gunung Jati.

10. Kinanthi. Radèn Patah ing Palembang sampun diwasa, saking karsanipun Arya Damar, Radèn Patah kinèn gumantos kapraboning rama wotên ing Palembang, nanging sang radèn sangêt pamoponipun, lajêng lolos ing dalu piyambakan tanpa kanthi.

11. Dudukwuluh. Radèn Kusèn, rayinipun Radèn Patah tunggil ibu sanès rama, lajêng nututi lolos, wontên ing paran sagêd pinanggih, Radèn Patah kalihan Radèn Kusèn lajêng nunut lampahipun Sèch Sabil saking Malaka, sumêdya angajawi badhe suwita Sang Prabu Brawijaya ing Majapait.

12. Sinom. Tiyang agêng têtiga lajêng sami lumampah, angsal parmaning Pangeran sagêd pikantuk nunutan baita nuntên pangkat alayar, sampun dumugi pasisiripun Surabaya lajêng sami tumêdhak dhatêng Ngampèlgadhing, Radèn Patah sumêdya puruhita dhatêng Susuhunan Katib ing Ngampèldênta, dene Radèn Kusèn kalihan Sèch Sabil anglajêngakên lampah dhatêng Majapait, Radèn Patah sampun katampèn puruhitanipun dhatêng Susuhunan Katib ing Ngampèldênta. Radèn Kusèn kalihan Sèch Sabil sampun dumugi nagari Majapait, sampun kauningan ing sri narendra.

13. Dhandhanggula. Sri narendra sampun karsa nampèni pasuwitanipun Radèn Kusèn kalihan Sèch Sabil, Radèn Kusèn ginanjar mêngku praja ing Têrung nama Adipati Pêcattandha, dene Sèch Sabil tinuduh kinèn minta prênah dhatêng Ngampèldênta, nuntên mangkat, dumugi ing Ngampèldênta sampun kapanggih kalihan Susuhunan Katib, lajêng kajumênêngakên imam ing Ngudung, achiripun karan Susuhunan Ngudung. Radèn Patah kamantu ing Kangjêng Susuhunan Ngampèldênta, dhaup kalihan Ratu Panggung. Putranipun Susuhunan Ngampèldênta ingkang pêparab Makdum Ibrahim tinanêm

--- VI ---

ing Benang, lajêng karan Susuhunan Benang. Radèn Satmata saking Benang sumêdya dhatêng 'Arab, kandhêg wontên ing tanah Malaka, kapanggih kalihan Sèch Maulana Iskak ing dhukuh Pase, jêbul punika ingkang eyang piyambak, ingkang wayah lajêng winêjang ing ngèlmi.

14. Gambuh. Wêjanganipun Sèch Maulana Iskak dhatêng ingkang wayah Radèn Satmata, Radèn Satmata lajêng kapurih wangsul dhatêng tanah Jawi, nuntên mangkat, sadhatêngipun ing tanah Jawi anjujug ing Tandhês, lajêng kamantu kalihan Pangeran Pinatih, sarta kajumênêngakên imam ing Tandhês, jêjuluk Pangeran Chalifah, saha lajêng abêbadra padhepokan wontên ing Giri Gajah Kadhaton.

15. Asmaradana. Pangeran Chalifah apuruhita dhatêng Susuhunan Ngampèldênta, lajêng winêjang ing ngèlmi.

16. Durma. Wêjangangnipun Susuhunan Ngampèldênta dhatêng Pangeran Chalifah.

17. Pangkur. Taksih lajêngipun wêjanganipun Susuhunan Ngampèldênta dhatêng Pangeran Chalifah.

18. Sinom. Taksih lajênging wêjanganipun Susuhunan Ngampèldênta dhatêng Pangeran Chalifah lajêng kapundhut mantu dhatêng Jêng Susuhunan, nuntên kalilan mantuk dhatêng Tandhês, sampun kapanggih kalihan Pangeran Pinatih, lajêng kajumênêngakên ulu-uluning imam laladan Tandhês Garêsik, botên dangu lajêng kondur dhatêng Giri Gajah Kadhaton.

19. Asmaradana. Pangeran Chalifah lajêng karan Susuhunan Giri Pura. Radèn Sahit, putranipun Tumênggung Wilatikta ing Jêpara, sakalangkung mursalipun, anuju satunggiling dintên ambegal lampahipun Susuhunan Benang, nanging kasoran prabawa, lajêng martobat sarta nyuwun sumêdya puruhita, Radèn Sahit

--- VII ---

kadhawuhan nêngga cisipun Jêng Susuhunan ingkang katancêbakên, botên kalilan kesah manawi Jêng Susuhunan dèrèng rawuh malih. Radèn Patah tinuduh ing Jêng Susuhunan Ngampèldênta, kinèn angênggènana patanahan ing wana Bintara, talatah Dêmak, yèn manggih galagah ingkang angganda arum kadhawuhan andhêkahi, ing têmbe bumi Bintara dados nagari, Radèn Patah sabrayat lajêng mangkat, enggalipun sampun adhêdhêkah wontên ing tanah Galagahwangi, karajanipun sampun karta harja kados praja.

20. Dhandhanggula. Putranipun Susuhunan Ngampèldênta ingkang nama Masakèh Mahmud tinuduh ing rama kinèn angimami ing talatahing wukir Muryapada, wontên ing ngriku lajêng nama Susuhunan Darajat. Susuhunan Giri Gajah sampun katingal karamatipun. Susuhunan Benang nuwèni Radèn Sahit, pinanggih sampun prasasat pêjah, lajêng winisik jatining ngèlmi rasa-sasmita, sarta rinilan kesah saking wana Jatisari, Radèn Sahit lajêng kesah angidêri bumi sarta anglajêngakên lampah amartapa. Sri Brawijaya ing Majapait anduta Adipati Pêcattandha, kinèn animbali tiyang ingkang misuwur winastan Kusuma Sudibya Sakti ingkang dhêdhêkah ing tanah Bintara. Adipati Pêcattandha sawadya-bala bidhal, dumugi laladan Bintara kèndêl masanggrahan.

21. Sinom. Adipati Pêcattandha kintun sêrat dhatêng Radèn Patah, kalampahakên ing duta, Radèn Patah lajêng mangsuli sêrat suraos sagah sowan dhatêng Majapait, Adipati Pêcattandha sawadya-bala lajêng bidhal wangsul dhatêng Majapait.

22. Gambuh. Adipati Pêcattandha sampun unjuk atur uninga ing sri narendra, botên antawis dangu, Radèn Patah sowan dhatêng Majapait, lajêng kajumênêngakên Adipati

--- VIII ---

ing Bintara, saha kalilan bidhal wangsul dhatêng Bintara.

23. Pucung. Radèn Sahit tansah pangudinipun dhatêng kanyataan, lajêng anyakabat dhatêng Susuhunan Gunung Jati, saha kapundhut ipe, dhaup kalihan Rêtna Siti Jenab, sarta sinung nama Sèch Malaya, lajêng abêbadra wontên ing dhukuh Kali Jaga.

24. Kinanthi. Susuhunan Gunung Jati amêjang ngèlmi dhatêng Sèch Malaya.

25. Mêgatruh. Lajênging wêjanganipun Susuhunan Gunung Jati dhatêng Sèch Malaya.

26. Sinom. Taksih lajênging wêjanganipun Susuhunan Gunung Jati dhatêng Sèch Malaya. Wusana Sèch Malaya lajêng nyuwun pamit badhe ngupadosi Nabi Kilir, sampun rinilan lajêng lumampah dumugi pasisir Samarang, ing ngriku Nabi Kilir tumêdhak apindha lare bajang, lajêng paring wêjangan dhatêng Sèch Malaya.

27. Pucung. Lajênging wêjanganipun Nabi Kilir dhatêng Sèch Malaya.

28. Gambuh. Taksih lajênging wêjanganipun Nabi Kilir dhatêng Sèch Malaya, sarampunging amêjang, Nabi Kilir musna, Sèch Malaya kondur dhatêng Kali Jaga, lajêng karan Susuhunan Kali Jaga, dados imam agung anrus kadibyaning ngèlmi.

29. Asmaradana. Pratelanipun para wali ing tanah Jawi. Susuhunan Giri Gajah amêjang ngèlmi dhatêng para sakabat, Sèch Sitijênar mancala warni dados cacing kalung tumut amirêngkên wêjangan.

30. Sinom. Wêjanganipun Susuhunan Giri Gajah. Sèch Sitijênar mantuk dhatêng padununganipun, lajêng angubalakên ngèlmi, dados paguroning kathah, misuwur ngantos kamirêngan saking Giri Gajah, Susuhunan Giri Gajah lajêng utusan animbali Sèch Sitijênar badhe kaajak musawaratan ngèlmi, wangsuling

--- IX ---

duta ambêkta wangsulan: Ing kene Sèch Sitijênar ora ana, sing ana mung Pangeran Sajati.

31. Kinanthi. Susuhunan Giri Gajah utusan malih animbali Pangeran Sèch Sitijênar anglêgani, lajêng sami musawaratan wontên ing Giri Gajah.

32. Asmaradana. Wêdharing musawaratanipun para wali, wêkasan Susuhunan Giri Gajah ingkang kawogan anglunas tiyang ingkang murang saraking ngèlmi, nanging taksih kasarantosakên manawi sampun dumugi masa-kalanipun, para wali lajêng pakêmpalan angrêmbag badhe ambêdhah nagari Majapait. Susuhunan Ngampèldênta seda. Susuhunan Giri Gajah kadhaton jumênêng Ratu têtungguling agama, jêjuluk Susuhunan Ratu Tunggul Chalifatu'llah.

33. Sinom. Susuhunan Benang lajêng manggihi Susuhunan Giri Gajah, pitakèn sababipun têka lajêng ngakên Ratu, winangsulan yèn saking pakèning Allah, Susuhunan Benang nyuwun tandha kanyataan, Susuhunan Ratu Tunggul lajêng ngajak mangkat dhatêng Mêkah, lajêng sami mangkat numpak kèci, kandhêg wontên tanah Malaka, kapanggih kalihan Sèch Maulana Iskak, Sèch Maulana Iskak kadugi dados saksining Allah.

34. Gambuh. Sèch Maulana Iskak angidèni, Susuhunan Ratu Tunggul ing Giri kabêbahan angratoni sakathahing para mukmin, dene Susuhunan Benang kabêbahan ngratoni agami sarta ngèlmu, sakalihan lajêng kondur dhatêng tanah Jawi, Susuhunan Ratu Tunggul kondur dhatêng Giri Gajah Kadhaton, Susuhunan Benang kondur dhatêng Ngampèldênta, sadumugining Surabaya lajêng nama ratu, jêjuluk Prabu Nyakrakusuma, pêparab Ratu Wadat, Sri Narendra Majapait utusan duta lumampah dhatêng Giri, mundhut tumbal murih sirnaning

--- X ---

dahuru, Susuhunan Ratu Tunggul ing Giri kabaranang duka, wangsulanipun: Yèn Prabu Majapait prapta pribadi, ingsun ya gêlêm angsung.

35. Pangkur. Sri Narendra Majapait utusan anglurugi ing Giri, Susuhunan Ratu Tunggul anyipta kalam panyêratan dados dhuwung ngamuk piyambak, wadya-bala Majapait mundur dhatêng praja. Prabu Anom Palembang, ingkang dados pêpatihipun Susuhunan Ratu Tunggul ing Giri, sumêdya ambalela ing Kangjêng Susuhunan.

36. Sinom. Pambalelanipun Prabu Anom Palembang, kasor prabawa dening Kangjêng Susuhunan Ratu Tunggul ing Giri, lajêng asrah patobat, achiripun Prabu Anom Palembang kondur dhatêng nagarinipun piyambak ing Palembang. Susuhunan Ratu Giri utusan ambêdhah praja Pathi, dados prang rame, wadya-bala Giri karepotan lajêng mundur. Susuhunan Ratu Giri lajêng utusan ambêdhah praja Tuban.

37. Dhandhanggula. Adipati Tuban botên lumawan pêrang, malah lajêng nungkul aris dhatêng Giri. Susuhunan Ratu Tunggul ing Giri seda, saking karsanipun Susuhunan Benang kalihan Susuhunan Gunung Jati, putra sêpuh nama Pangeran Dalêm kagêntosakên ingkang rama, Sinêbut Susuhunan Giri II. Sri Narendra Majapait utusan malih anggêpuk ing Giri, Susuhunan Giri lolos ngungsi gisiking sagantên, prawira Majapait lajêng angrisak sakathahing griya ing Giri binasmi, pasareyan kuburipun Susuhunan Ratu Giri dhinudhuk, mêdal tawonipun.

38. Durma. Tawon yutan sami ngêntupi wadya-bala Majapait têmahan kagegeran lajêng mundur dhatêng praja, tawon tansah ambujêng ngantos dumugi nagari Majapait, sri narendra sagarwa putra jêngkar mangetan dumugi tanah

--- XI ---

Wirasaba. Susuhunan Giri wangsul kondur dhatêng Giri malih, Sri Brawijaya sampun angadhaton malih. Para wali apêpakan wontên ing Bintara, angênthêlakên rêmbag ambêdhah Majapait, Susuhunan Benang pinatah dados senapatining pêrang, Adipati Bintara minangka narendra, saha lajêng angêdêgakên masjid ing Dêmak.

39. Pangkur. Sèch Malaya anjêjêgakên keblating masjid Dêmak. Susuhunan Ngudung tinêdah nglurug dhatêng Majapait, sawadya-bala sampun bidhal. Ing Majapait sampun siyaga nadhahi dhatênging mêngsah, lajêng prang rame, Susuhunan Ngudung sampun kasambut ing prang mêngsah Adipati Têrung. Sang Adipati Bintara sawadya-bala ingkang sampun kalampahan wontên ing Surabaya, lajêng bidhal dhatêng Majapait. Susuhunan Kudus minangka banjêling senapati, lajêng angêpang nagari Majapait.

40. Durma. Para prawira Majapait mapagakên pêrang, lajêng campuh kalihan para prawira Dêmak, mujijatipun para wali kabèbèrakên, têmahan para prawira Majapait kathah ingkang kasambut ing pêrang, wadya-bala Majapait larut, Sri Brawijaya sagarwa putra jêngkar saking pura lolos dhatêng Pranaraga, nagari Majapait sampun bêdhah, Adipati Dêmak ambidhalakên wadya-bala kinèn ambujêng mêngsah dhatêng Pranaraga, dados pêrang malih, ananging wadya-bala Majapait kasêsêr, Sri Brawijaya lolos mangilèn pisah kalihan para garwa putra.

41. Asmaradana. Tindakipun Sri Brawijaya dumugi ardi Sawar laladanipun ardi Sèwu, wontên ing ngriku sang prabu angukud jaganipun têmahan seda, Adipati Bintara kalihan Susuhunan Benang manggih layoning sang prabu, lajêng kabêkta dhatêng Dêmak. Para wali pêpakan lan para narendra, nuntên Susuhunan

--- XII ---

Giri Pura kajumênêngakên nata, ing Dêmak dipun lih nama Nagari Ngawantipura, sarêng sampun kalampahan 40 dintên, Sang Adipati Bintara ingkang gumantos kaprabonipun, jêjuluk Sultan Syah 'Alam Akbar. Ing Majapait, Prabu Anom Atmawijaya taksih sumêdya ngêkahi karaton, kabiyantu Adipati Têrung, kapiyarsa saking Dêmak, lajêng linurugan dening Senapati Susuhunan Kudus, dados prang rame, wadya-bala Majapait karoban lawan, Adipati Pêcattandha lumèrèg pacak baris wontên ing Têrung, dene Prabu Anom Atmawijaya lolos mangilèn, lajêng adhêdhêkah ing ardi Lawu, kasêbut Ki Agêng Gugur.

42. Mijil. Susuhunan Kudus anglurugi ing Têrung, Adipati Pêcattandha lajêng nungkul aris, nuntên sami bidhal dhatêng Dêmak, sadumuginipun Dêmak sampun sami marêk ing ngarsanipun Kangjêng Sultan, Adipati Pêcattandha kalêstarèkakên têtêpipun dados Adipati ing Têrung, putrinipun Adipati Têrung kapundhut ing nata, lajêng kaganjarakên Susuhunan Kudus.

43. Sinom. Cariyosipun Ki Agêng Sela. Cariyosipun Pangeran Panggung, misuwur dados paguroning kathah, kapiyarsa saking Dêmak, lajêng katimbalan ing ngarsanipun Jêng Sultan, nuntên sami sarasehan ngèlmi.

44. Asmaradana. Pangeran Panggung amêdharakên sorahing ngèlmi wontên ngarsanipun Jêng Sultan Dêmak.

45. Mijil. Taksih lajênging sêsorahipun Pangeran Panggung, Sultan Dêmak karsa angyêktosakên tekad ingkang prêmati, Pangeran Panggung lajêng lumêbêt ing latu murub, wontên salêbêting latu murub wau lajêng lênggah kalihan nyêrat anggitanipun sêrat suluk Malangsumirang.

46. Dhandhanggula. Sêrat suluk Malangsumirang

--- XIII ---

sêkar Dhandhanggula 27 pada, ngêwrat kawruh ananing kajatên. Pangeran Panggung mêdal saking latu murub kalihan mundhi sêrat anggitanipun, pinapagakên dening Jêng Sultan sarta para Wali.

47. Sinom. Sêrat suluk sampun katur Jêng Sultan, Pangeran Panggung lajêng kesah saking nagari Dêmak, Jêng Sultan sarta para Wali sami anyuraos maksudipun sêrat suluk Malangsumirang. Pangeran Panggung lajêng dipun upadosi sampun kapanggih, nuntên kagolongakên para Wali, santun nama Susuhunan Gêsêng.

48. Asmaradana. Para Wali sami anganggit lagunipun têmbang Macapat, sarta sêrat-sêrat Jawi, kados ta: Walisana, Pawukon, Kidungan, Cariyosipun Ki Sutakara, Jaka Sumantri, punapadene nganggit namaning taun, wulan, windu, churuf, tuwin sawarnining petang-petang.

49. Gambuh. Taksih lajêngipun para Wali sami nganggit laguning têmbang Macapat, sarta sêrat-sêrat Jawi: salasilahing Karaton Pajajaran, Cariyosipun Jaka Sujanma, Himpunan Wêjanganipun Para Wali ginêlêng dados sawirid.

50. Sinom. Taksih lajêngipun Himpunan Wirid. Sultan Binatara mêwahi wêwaton nukilan saking Kuran.

51. Kinanthi. Taksih lajêngipun wêwaton nukilan saking Kuran. Gêntos anyariyosakên lêlampahanipun Sèch Sitijênar, Sèch Sitijênar katimbalan dhatêng dhatêng ing Giri, dening para Wali, tinodhi mênggah ingkang dados kantêpaning tekadipun, botên ewah kados tekadipun ing ngajêng, Sèch Sitijênar lajêng kinisas sampun dumugi ing sedanipun, atilar wasita jati, para sakabatipun Sèch Sitijênar tiyang pitu sami bela pêjah.

52. Dhandhanggula. Rabinipun Sèch Sitijênar

--- XIV ---

botên narimahakên pêjahing lakinipun, lajêng dipun imur dening Susuhunan Giri dados ing panarimahipun. Susuhunan Kalijaga pindhah padalêman dhatêng ing Kadilangu. Lêlampahanipun Buyut Paningrat sarta putranipun pawèstri nama Dyah Namarwulan, sabêdhahing nagari Majapait kalunta-lunta lolosipun dumugi ing ardi Êduk.

53. Asmaradana. Buyut Paningrat kalihan putranipun pawèstri Dyah Namarwulan adhêdhukuh wontên ing Kadilangu, Sang Dyah pinulangraras dening Jalasangara, apêputra Jaka Sangara.

54. Sinom. Jaka Sangara suwita dhatêng Dêmak, pinangkat mantri nama Hèrmaya, lajêng linurugakên dhatêng Matahun angsal damêl, Hèrmaya kagêntosakên wontên ing Matahun dados Senapati, nama Tumênggung Jaya Sangara. Cariyosipun Ki Agêng Kêbokênanga ing Pêngging, kacariyos, Ki Agêng Pêngging pinuju tuwi ingkang raka tunggil paguron, nama Ki Agêng Tingkir ingkang adhêdhepok ing ardi Purwa, wontên ing Ardi Purwa Ki Agêng Pêngging nuju sare layap-layap wontên wasita kapiyarsa, ujaring wasita Ki Agêng Pêngging winêca badhe anurunakên Ratu, mêngku sapulo Jawi, sarananipun kêdah palakrama angsal Rara Alit ing Gugur, Ki Agêng kêkalih lajêng tindak sumêdya dhatêng ing Gugur.

55. Pucung. Lampahipun Ki Agêng Pêngging kalihan Ki Agêng Tingkir dumugi ing dhukuh Sêkar, kapanggih kalihan Ki Agêng Butuh lan Ki Agêng Ngêrang. Ki Agêng sakawan sêsarêngan anglajêngakên lampah, dumugi wana Jatisari kapapag kalihan Ki Agêng Gugur lan sadhèrèkipun nèm pawèstri Rara Alit sarta kadang jalêr kalih, sasampunipun sarêmbag, Ki Agêng Gugur sakadang lajêng kabêkta dhatêng Butuh, wontên ing ngriku panikahipun [panikah...]

--- XV ---

[...ipun] Rara Alit angsal Ki Agêng Kêbokênanga ing Pengging, sarampunging prêlu lajêng sami sowang-sowang kondur.

56. Dhandhanggula. Ki Agêng Pêngging awêwarah dhatêng sakabatipun nama Pak Kadim, bab kawruh napi lan isbat, mêndhêt pêpiridan saking pangandikanipun Kangjêng Nabi Muchammad dhatêng para sakabat.

57. Sinom. Taksih lajêngipun wêwarah pêpiridan saking Kadis.

58. Kinanthi. Taksih lajênging wêwarah pêpiridan saking Kadis. Titi-masa rampunging panurun ing taun Jawi angka 1842.

Perc: DJAJA: Sraten - Solo

--------------------------

    marsudi. (kembali)
    ingugung. (kembali)
    karang. (kembali)
    kinamandaka. (kembali)
    Kurang satu suku kata: ngangge wasitatama. (kembali)
    dupi. (kembali)
    awirya.  (kembali)
    ananggapi. (kembali)
    badhaya. (kembali)
    Teks asli: Pucung. (kembali)
    bagya. (kembali)
    kabêgjanira. (kembali)
    kathah. (kembali)
    dhatêngan. (kembali)
    ngêndhèh. (kembali)
    Tidak terbaca: samya. (kembali)
    ahlul. (kembali)
    winarni (dan di tempat lain). (kembali)
    jumênêng. (kembali)
    kaparênga. (kembali)
    Teks asli: Dudukwuluh. (kembali)
    Lebih satu suku kata: Radèn Patah lajêng nutugakên laku.  (kembali)
    Kurang satu suku kata: praptane sêdya angabdi. (kembali)
    sinau. (kembali)
    kêdhampalan. (kembali)
    lu-ulu. (kembali)
    trapsila. (kembali)
    Lebih satu suku kata: nora owah tingalipun. (kembali)
    lan.  (kembali)
    Tidak terbaca: paraning. (kembali)
    sarimbit. (kembali)
    atrangginas. (kembali)
    durjanèng. (kembali)
    nulya. (kembali)
    ingawatkên. (kembali)
    suraosnya. (kembali)
    ngêplêki. (kembali)
    nggaliha. (kembali)
    sumaos. (kembali)
    Teks asli: Pucung. (kembali)
    Muyidina.  (kembali)
    Baris ke-4 tidak ada: 8u. (kembali)
    Baris ke-5 tidak ada: 8a. (kembali)
    rêke. (kembali)
    wallahu. (kembali)
    mangkin. (kembali)
    Teks asli: Pucung. (kembali)
    Toyarêkta.  (kembali)
    Bait ini sampai dengan pupuh 32 bait 39 sama dengan Seh Siitijenar Pupuh I bait 13 sampai dengan Pupuh IV, tetapi Seh Sitijenar belum habis.  (kembali)
    angumpulakên. (kembali)
    artine. (kembali)
    sangsaya. (kembali)
    sinuyudan. (kembali)
    Guru lagu seharusnya: 8u, sarta pasrah prajanipun. (kembali)
    ngayoni. (kembali)
    samêktèng. (kembali)
    mêlas ayun. (kembali)
    Kurang satu suku kata: maratani kampuh rasukan calana. (kembali)
    cundhuking. (kembali)
    Lebih satu suku kata: praptane pakuwonnèki. (kembali)
    mèsêm. (kembali)
    sarsaran (dan di tempat lain). (kembali)
    Kurang satu suku kata: wong ing Giri mêksa kasoran gundhili. (kembali)
    nêdya. (kembali)
    Kurang dua suku kata: wong loro mundur minggah. (kembali)
    Kurang satu suku kata: pasarean dyan tinata ingurugan. (kembali)
    rinusak. (kembali)
    lambunge. (kembali)
    Kurang satu suku kata: wadya Dêmak sarêng miyat. (kembali)
    prawira. (kembali)
    pramudhita. (kembali)
    pupoh. (kembali)
    Kurang satu suku kata: wadyanira kasor ing ajurit. (kembali)
    bêndhe. (kembali)
    Lebih satu suku kata: mring dhukuh Pakèringan. (kembali)
    jalu. (kembali)
    nyarah. (kembali)
    rakangatin. (kembali)
    kukuma. (kembali)
    pambrangusing. (kembali)
    Lebih satu suku kata: nulya kuruf Isniniyah. (kembali)
    Lebih satu suku kata: srat Pal nabi pamirite. (kembali)
    Lebih satu suku kata: ing dalêm Betal ma'mur.  (kembali)
    Lebih satu suku kata: dalêm Baital muharram. (kembali)
    Lebih satu suku kata: Betal mukaddas jronipun. (kembali)
    Lebih satu suku kata: ing dalêm Betal makmuri.  (kembali)
    Lebih satu suku kata: ing Betal muharrami. (kembali)
    Lebih satu suku kata: dalêm Betal mukaddasi. (kembali)
    êrabe (dan di tempat lain). (kembali)
    Lebih dua suku kata: êrabe Kur'an pan dadi. (kembali)
    Lebih satu suku kata: yêkti saking Betal ma'mur. (kembali)
    Lebih satu suku kata: lawan Betal muharram. (kembali)
    Lebih satu suku kata: têlu Betal mukaddasi.  (kembali)
    Baca: za'. (kembali)
    Bait ini dan seterusnya sampai dengan Pupuh Dhandhanggula bait 1-16 sama dengan Seh Sitijenar Pupuh Kinanthi (pupuh V) bait 1-37 dan Dhandhanggula bait 1-16. (kembali)
    tan. (kembali)
    sangsara. (kembali)
    wikani. (kembali)
    pênguk. (kembali)
    lan. (kembali)
    Baris ke-6 tidak ada: 8u. (kembali)
    Baris ke-7 tidak ada: 7a. (kembali)
    Baris ke-8 tidak ada: 8i. (kembali)
    Baris ke-9 tidak ada: 12a. (kembali)
    Teks asli: Pucung. (kembali)
    kucing-kucing. (kembali)
    Lebih satu suku kata: nèng Betulah sabakdane. (kembali)
    Lebih satu suku kata: mangka nayakaningrat. (kembali)
    Baris ke-5 tidak ada: 7i.  (kembali)
    Baris ke-6 tidak ada: 8u. (kembali)
    Baris ke-7 tidak ada: 7a. (kembali)
    Baris ke-8 tidak ada: 8i. (kembali)
    § (Taun Jawi Jimakhir 1842, Masèhi 15 Mèi 1912). [Sengkalan: kêmbar warna ngèsthi janmi (Rêbo Wage, 28 Jumadilawal 1842 A.J., Rabu, 15 Mei 1912 A.D.)].

referensi sumber : http://www.sastra.org